Anda di halaman 1dari 2

Panyandra Sungkeman, adalah deskripsi puitis yang dilakukan pranatacara

dalam menghantarkan prosesi sungkeman pengantin Jawa kepada orang tuanya.


Untaian kata didalamnya menggambarkan suasana acara dan psikologis
pengantin saat melakukan sembah bakti pada orang tuanya. Berikut contohnya :
Sanggya para lenggah ingkang tansah hanampi berkah.
Ibu tuwin Rama, sumrambah besan sekalian Wus samapta ing gati, siaga ing
dhiri, hanganthi sungkem pinanganten sarimbit. Kairing puja pamuji, mugi-mugi
tansah manggih rahayu.....
( backsound : Ldr. MUGI RAHAYU sl.man )
Rawat-rawat kepireng ungeling ladrang Mugi rahayu, asung panjurung lampahing
pangabekten risang temanten kekalih wonten ngarsanipun rama tuwin ibu.
Kekalihipun sampun ngrucat cenela lampah dhodhok......
Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang
garwa gya humarak ngarsa mring Ibu miwah rama.
Jroning ndriya muhung arsa sungkem lan ngabekti dhumateng ingkeng ibu saha
ingkeng bapa sinartan paminta idi pangestu anggenira palakrama pinaringana
yuwana, kinalisna ing rubeda, bagya mulya salaminya...
Sungkem dhateng ingkeng ibu lan rama mengku werdi ngaturaken agenging
panuwun mring Rama-Ibu ingkang sampun sembada ngukir jiwa raga miwah
hanggulawenthah wiwit alit ngantya akir diwasa.
Lampah dhodhok sesedhokan, temanten kekalih repepeh-repepeh angeka
pada. Tumuli hanjengku mring padaning ingkeng rama lan ingkeng ibu.
Reeeepppp.............tidhem premanem.
Tan ana sabawane walang salisik, labet kaperbawan suasana ing sasana
rinengga, ing ngriku sri atmaja temanten sekalian ndaweg karerantan ing ndriya.
Brooollll................wijining kanang waspa, tumibeng ing pangkone ingkeng rama
lan ibu.
Ceeesss......anyes pepadanipun ibu rama, keladuking atur bebasan banjir luh
sarah waspa sajroning sasana rinengga.
Tumuli tumetes waspanipun rama ibu kadya reroncening mutiyara, dupi hanampi
sungkemipun putra kekalih. Den arasi palarapanipun miwah pangarasan kanan
kerin, kang ana sayekti hamung rasa tresna asih...
muhung sawiji kang kaesthi, paring pangastuti mring dwisiwi.
( bisa diselingi dengan tembang yang sesuai / jumbuh )

Satunggal mbaka satunggal ibu rama sampun purna paring puja astawa.
Pengantin kekalih nuli amberat raosing galih. Lumengser saking ngarsanipun
rama ibu lenggah malih ing sasana rinengga.....

Anda mungkin juga menyukai