Anda di halaman 1dari 8

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

Satuan Pendidikan : SMP Negeri 2 Jambu


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : VIII/ 2
Materi : Garudha Jathayu
Alokasi Waktu : 6 jp

A. Tujuan Pembelajaran
Setelah mempelajari materi ini, peserta didik mampu :
1. Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit dalam bacaan cerita Ramayana lakon Resi
Jatayu
2. Menjawab pertanyaan bacaan cerita Ramayana lakon Resi Jatayu dalam ragam krama
3. Menulis isi cerita Ramayana lakon Resi Jatayu dalam krama
4. Mengungkapkan isi cerita Ramayana lakon Resi Jatayu
5. Menulis pokok-pokok isi cerita Ramayana lakon Resi Jatayu
6. Menyampaikan secara lisan pokok-pokok isi cerita Ramayana lakon Resi Jatayu
“menggunakan kardus bekas”

B. Kegiatan Pembelajaran

Kegiatan Deskripsi

Awal Pembelajaran 1. Menyapa atau memberi salam kepada peserta


didik.
2. Mengawali kegiatan pembelajaran dengan berdoa.
3. Mengecek kehadiran peserta didik
4. Memastikan kesiapan pembelajaran, baik sarana
maupun kondisi peserta didik
5. Setelah itu guru memberikan apersepsi, motivasi,
dan menyampaikan tujuan pembelajaran

Inti Pembelajaran Mengamati :


 Peserta didik mendengarkan teks cerita wayang
Ramayana lakon Resi Jatayu
 Peserta didik membaca cerita wayang Ramayana
lakon Resi Jatayu
Menanyakan :
 Peserta didik bertanya tentang kata-kata sulit yang
terdapat dalam teks cerita wayang Ramayana lakon
Resi Jatayu
 Peserta didik mengajukan dan menjawab
pertanyaan tentang cerita wayang Ramayana lakon
Resi Jatayu
 Bertanya tentang tokoh-tokoh yang ada dalam
cerita Garuda Jathayu yang akan dibuat “dengan
kardus bekas”
Mengumpulkan Informasi :
 Peserta didik menuliskan isi teks cerita wayang
Ramayana lakon Resi Jatayu yang didengarkan
 Peserta didik berkelompok dan berdiskusi tentang
pokok-pokok isi teks cerita wayang Ramayana
lakon Resi Jatayu
Mengasosiasi :
 Peserta didik berdiskusi tentang pokok-pokok isi
teks cerita wayang Ramayana lakon Resi Jatayu
 Peserta didik berlatih menulis pokok-pokok isi
cerita wayang Ramayana lakon Resi Jatayu
 Peserta didik berlatih mengungkapkan pokok-
pokok isi teks cerita wayang Ramayana lakon Resi
Jatayu dengan menggunakan kardus bekas
Mengkomunikasikan :
 Peserta didik maju kedepan untuk menjawab/
menanggapi pertanyaan
 Peserta didik berlatih menuliskan pokok-pokok isi
teks cerita wayang Ramayana lakon Resi Jatayu di
depan kelas
 Peserta didik mengungkapkan secara lisan pokok-
pokok isi teks cerita wayang Ramayana lakon Resi
Jatayu di depan kelas “dengan menggunakan
kardus yang telah dibentuk menjadi wayang.

Akhir Pembelajaran
1. Guru melakukan tanya jawab dengan peserta didik,
evaluasi, dan penguatan pemahaman terhadap
proses pembelajaran yang telah dilakukan dengan
media kardus bekas di bentuk wayang
2. Guru membimbing peserta didik untuk melakukan
refleksi.
3. Kegiatan pembelajaran ditutup dengan doa,
kemudian memberi salam kepada peserta didik

C. Penilaian Hasil Belajar


1. Penilaian sikap, mengamati perilaku siswa (kerja sama, santun dalam menyampaikan
pendapat, disiplin, bertanggung jawab)
2. Penilaian pengetahuan, siswa mengerjakan tes tertulis (terlampir)
3. Penugasan menuliskan ringkasan cerita wayang Ramayana lakon Resi Jatayu

Mengetahui Jambu, 2 Januari 2023


Kepala Sekolah, Guru Mata Pelajaran
Agus Setiawan, S.Pd.Fis Fitri Astuti, S.Pd
NIP 19680831 199103 1 007 NIP 19830730 201101 2 006
LAMPIRAN
Cerita Wayang Ramayana (Resi Jathayu)

PEKSI JATHAYU

Resi Jathayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jathayu iku manuk
awujud garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang
Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jathayu yaiku anak saka Resi Briswawa lan
Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena
disimpulake yen Resi Jathayu yaiku wayahe Dewa Brahma.

Resi Jathayu duwe sedulur telu yaiku Garudha harna, Garudha Brihawan, lan Garudha
Sempati. Resi Jathayu nalika isi enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya Prabu
Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur
dening Rahwana, Resi Jathayu aweh pitulungan. Resi Jathayu nyamber tangane Rahwana.
Resi Jathayu ora tega krungu tangise Dewi Sinta.

Dewi Sinta kudu-kuduwa uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tanganipun Rahwana
nggegengi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana
ing lemah. Resi Jathayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa.
Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Resi Jathayu akhire swiwine sengkleh.
Dheweke akhire tiba ana ing lemah.

Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan
Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jathayu sing lagi
sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging, kahanane Jathayu wis ora bisa ditulungi. Resi
Jathayu sadurunge nemahe seda, wadul marang Rama. Jathayu nyritakake menawa garwane
yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jathayu mati.

DAFTAR TEMBUNG-TEMBUNG ANGEL


Uwal : wucul
Gogrok : tiba
Sengkleh : poklek
Luru : goleki

A. Materi
 Paraga Cerita Wayang Ramayana lakon Resi/peksi Jatayu.
Prabu Ramawijaya yaiku ratu ing Pancawati/Mangliawan. Prabu Ramawijaya
putrané Prabu Dasarata ing Ayodya saka garwa Dèwi Reghu utawa Sukasalya. Prabu
Ramawijaya duwe sedulur telu yaiku : Radèn Barata, lan Radèn Laksmana lan Radèn
Satrugna (Tugena).
Laksmana iki rayiné Prabu Rama kang setya ndhèrèkaké kangmasé rikala Prabu Rama
kasébrataké menyang wana Dandaka. Laksmana putrane Prabu Dasarata kalih Dèwi Sumitra

Anoman iku putra Dèwi Anjani saka Hyang Pawana utawa Bathara Bayu. Sawisé lair,
Anoman digawa menyang kahyangan Panglawungan déning Bathara Bayu. Sawisé cukup
umur banjur dipasrahaké marang Sugriwa ing Guwa Kiskendha. Ing kéné, dhèwèké
dikanthèni déning wanara kang nduwé swara éndah, ya iku Kapi Saraba.

Sugriwa iku putraning Resi Gotama lan Dewi Indradi sing wuragil. Sasedhulur cacahé
ana telu, yaiku Dewi Anjani, Guwarsa iya Subali, lan Guwarsi iya Sugriwa. Sugriwa iku
maune wujud satriya bagus. Amarga péngin ndarbeni Cupu Manik Asthagina, banjur
nggebyur ing telenge tlaga Madhirda (ing padhalangan karan tlaga Sumala) saperlu ngupadhi
cupu mau, temahan wujudé malih dadi kethèk.

Shinta ora putrine Janaka. Sawijining dina Karajan Wideha lagi kena musibah, para
wargane akèh kang kaluwen. Janaka minangka raja nganakake upacara utawa yadnya ing
sawahkanthi cara ngluku. Banjur mata lukune nerak pethi kang isiné bayi wédok. Bayi iku
dijupuk lan didadèkaké anak angkat titipan Pertiwi, dewi bumi lan kasuburan. Shinta dirumati
ing Mithila, sawisé gedhé, Janaka nganakake sayembara kanggo ngentuke jodhone Shinta.
Sayembarane iku awujud menthangake gendewa kang abot warisane Déwa Siwa. Sayembara
iki dimenangke déning Rama Wijaya

Trijatha putrine raden Gunawan Wibisana saka negri Alengka karo Dewi Triwati. Dewi
Trijatha akeh paweweh pitulungan marang Dewi Sinta, yaiku ngancani, ngayomi, sarta
ngladeni Dewi Shinta nalika diculik déning Rahwana ing Taman Soka.

Gunawan Wibisana iya iku putrané Dèwi Sukesi lan Begawan Wisrawa kang wuragil.
Déné rutané: Rahwana (Dasamuka), Kumbakarna, Dèwi Sarpakenaka, lan Wibisana.

Rahwana uga kasebut Prabu Dasamuka. Rahwana iku putrané mbarep Resi
Wisrawa lan Dèwi Sukesi, putriné Prabu Sumali, nata ing Alengka. Lairé Dasamuka saka
guwa garba ora kaya salumrahé bayi. Sepisanan Sang Dèwi Sukesi nglairaké sirah bayi
cacahé sepuluh kang rupané medéni banget. Pakulitané biru, netrané abang angatirah, siyungé
mingis-mingis. Sabanjuré Dèwi Sukesi nglairaké lengen bayi cacahé rong puluh, nuli disusul
pérangan awak liyané. Déning Resi Wisrawa, jabang bayi kang mustakané (sirahé) cacah
sepuluh, bahu lan tangané cacah rong puluh iku banjur kaparingan asma kang salaras karo
kahanané, yaiku Dasamuka.

Indrajit putra kapisan Rahwana karo Mandodari putrinipun Asura Maya lan putra
makutha Karajan Alengka. Nalika laire dibarengi karo swara bledhèg kang dadi pratandha
menawa besuke Indrajit arep dadi kasatriya gedhe.
Langkah Pasinaon
Ayo diwaca crita wayang Ramayana lakon Peksi Jathayu ing ngisor!
Peksi Jathayu
Rajaning peksi punika namanipun Jathayu. Piyambakipun dados mitra raketin Prabu
Dasarata. Nalika sumerep putranipun mitranipun dipuncidra Rahwana, Jathavu enggal
tumandang damel mitulungi. Kreta kencana dipuntrajang kemawon, Sinta dipunrebat.
Rahwana nggegegi, boten nguwalaken saengga dados udreg-udregan rebatan Sinta ing
gegana. Eman, Jathayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana Salah
satunggaling swiwi sengkleh tugel. Jathayu taksih megap-megap dipuntendhang kumleyang
ing awang-awang, dangu-dangu dhawah ing siti, klebekan. Laju lampahing kretanipun
Rahwana nggondhol Sinta. Sinta ngraosaken sakit. Badanipun lungkrah boten kanten-
kantenan amargi dipunceneng-ceneng kangge rebatan. Sekedhap-sekedhap polah nedya uwal,
nanging tetep kasikep dening Rahwana ingkang linambaran raos nepsu lan kasmaran dhateng
Sinta ingkang satuhu merak ati. Sinta sagedipun namung nangis, nyuwun welas asih, saha
ngrerintih sedhih. Sekar cundhuk, gelang, tuwin kalungipun sami dhawah pating kececer.
Sinten kemawon ingkang sumerep kawontenan saha polahipun menapa dene mireng tangis
tuwin pasambatipun Sinta temtu tumut trenyuh lan sedhih. Kewan-kewan wana, wit-witan,
tetuwuhan, lan rerumputan kemawon tumut welas asih. Redi-redi mendel mbisu sisah. Angin
boten lumampah. Angkasa timbreng nglemeng nggameng kesaput mega mendhung.
Srengenge surem, sorotipun kucem. Sedaya isinipun jagad, tumut nandang sungkawa.
Nanging wonten tiyang setunggal ingkang boten gadhah raos welas, inggih
punika Rahwana. Dumugi ing negari Alengka, Sinta dipunpameri kaendahaning kraton,
barang-barang, saha prabot ingkang sakalangung edi peni, mawarni-warni mas, inten, Ilan
barleyan. Sinta boten gumun malah kepara boten ngrewes. Rahwana nyobi ngarih-arih
dhateng Sinta, nanging Sinta malah cariyos bilih piyambakipun tansah enget lan tansah setya
dhateng Rama. Midhanget aturipun Sinta makaten kalawau, Dasamuka muntab lan pratela
menawi Sinta boten teluk badhe dipuntelasi. Sinta tetep teguh santosa ing budi. Rahwana
sansaya jengkel, lajeng dhawuh supados Sinta dipunjagi dening para raseksi ingkang galak-
galak lan ndrawasi.
Ing tengah wana, Rama anggenipun mbujeng kidang boten angsal damel. Rama lan
lesmana wangsul tumuju papanipun Sinta, nanging Sinta boten wonten. Rama lan Lesmana
lajeng madosi Dewi Sinta. Ing tengahing margi, Rama manggihaken sekar cundhuk sarta
saperangan panganggenipun Sinta pating kececer. Rama lajeng nginten menawi Sinta
kadhusta dening tiyang. Rama duka sanget mila jagad saisinipun badhe kajungkir walik,
nanging Lesmana enggal atur pangarih-arih saengga Rama lilih panggalihipun. Kekalihpun
lajeng nglajengaken lampah madosi Dewi Sinta. Ing satunggaling panggenan, Rama lan
Lesmana kepanggih kaliyan Jathayu ingkang taksih menggeh-menggeh kados badhe
koncatan nyawa. Sanajan makaten kawontenanipun, Jathayu taksih saged cariyos lan atur
pitedah bilih Sinta kadhusta dening pandung lan kabekta tumuju dhateng nagari Alengka.
Purna anggenipun matur, Jathayu dumugining pejah. Nalika raganipun dipunbesmi dening
Rama, keluking latu kados asung pitedah ing pundi peneripun negari Alengka lan wonten
swanten gaib ingkang suka pitedah
caranipun saged kepanggih kaliyan Sinta.
(kapethik kanthi besutan saka Cariyos Ayu Sita Bagus Rama)
B. LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD)
Kompetensi Dasar

3.1 Memahami isi teks Cerita Wayang Ramayana lakon Resi/peksi Jatayu.

Sabubare nyimak Cerita Wayang Ramayana lakon Resi/peksi Jatayu, Ayo mangsuli
pitakon-pitakon kang kang gegayutan karo Cerita Wayang Ramayana lakon Resi/peksi Jatayu
kasebut!

No Soal Jawaban
Apa sesambungane Jathayu karo Prabu
1. Dasarata?

2. Apa maksude Rahwana nyolong Dewi Sinta?

Kepriye usahane Jathayu nulungi Sinta? Kasil


3. apa ora?

Watak sing kepriye sing dituduhake Jathayu


4. ing crita kasebut?

Apa kang diaturake Jathayu nalika ketemu


5. Rama?

Sinta dicolong Rahwana digawa menyang


6. negara ...

7. Ing negarane Rahwana, Sinta dipameri ….

Nalika digawa mabur Rahwana, awake Sinta


8. ….

Rama ora nemokake Sinta ing papan nalika


9. Sinta ditinggal mula Rama banjur ….

Jathayu iku kewan kang bisa mabur nanging


nalika kena gamane Rahwana dheweke ora
10. bisa mabur malah kumleyang ing angkasa lan
wusanane tiba amarga ….

Sawise rampung anggomu nggarap tugas, periksanen maneh wangsulanmu


mbokmenawa isih ana sing perlu diowahi. kumpulke tugas ing google form (daring) /mring
ketua kelompok sinaumu ing omah, dina …. tanggal ….....

4.1 Menanggapi isi teks cerita Ramayana Resi/peksi Jatayu. dengan ragam krama.
1. Gawea ringkesan cerita wayang Ramayana Resi/peksi Jatayu.nganggo basa krama !
Kriteria
Aspek yang dinilai
1 2 3 4

1 Pilihan kata
2 Kesesuaian cerita
3 Keruntutan cerita
4 Isi Cerita
Keterangan:
4 = Sangat Baik 2 = Cukup
3 = Baik 1 = Kurang

2. Jupuken lan tulisen piwulang luhur ing sajeroning cerita wayang Ramayana Resi/peksi
Jatayu saka paraga-paragane !

Anda mungkin juga menyukai