MATERI KLS VIII Semester II
MATERI KLS VIII Semester II
VIII
KANGGE SISWA SMP KELAS VIII
SEMESTER 2
Abdul Kohar Muzakir, S.Pd, M.Pd. Puji syukur ing Ngarsa Dalem Gusti Ingkang
Mahaagung, ingkang sampun kepareng ngluberaken
Koordinator MGMP Bahasa Jawa kanugrahan linangkung satemah lembar gladhen
siswa Nguri- uri Basa Jawi semester gamjil saged
SMP Kabupaten Jepara lumados.
Januari 2024
Pandhapuk
TONTONAN LAN TUNTUNAN
Ancasing Pasinaon
Menyimak Berbicara
Peserta didik menganalisis dan mengevaluasi
Peserta didik mampu menyampaikan
informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan,
gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau
pandangan, arahan atau pesan yang akurat pesan cerita wayang Ramayana dengan
dari cerita wayang Ramayana yang disimak bahasa Jawa sesuai dengan kaidah unggah-
ungguh basa dan tata bahasa untuk
menyampaikan pendapat, pemecahan
masalah, dan pemberian solusi secara lisan
dalam bentuk monolog dan dialog logis, kritis,
dan kreatif.
Membaca Menulis
Peserta didik memahami informasi berupa Peserta didik mampu menyalin teks atau
gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau karangan narasi berhuruf Jawa ke dalam
pesan dari berbagai jenis cerita wayang tulisan latin
Ramayana yang dibaca
PURWAKA
Sawise sinau wulangan iki, siswa bisa:
1. medharake isi pagelaran wayang Resi Jathayu
2. Nyebutake unsur intinsik kang ana crita wayang resi Jathayu
3. Nyebutake isine tuntunan kang ana ing crita wayang Resi Jathayu
4. Nyritakake nganggo basane dhewe crita wayang resi Jathayu
5. Nulis Crita Wayang Resi Jathayu nganggo basane dhewe
6. Nulis aksara Jawa
7. Gawe ukara crita
Kanggo luwih mangerteni babagan crita wayang, mligine saka crita Ramayana, para siswa ayo padha
sinau crita wayang resi Jathayu!
Kang dadi babone crita wayang ana loro yaiku Mahabharata lan Ramayana. Crita wayang
Mahabharata anggitane Empu Wiyasa, ing crita Mahabharata ana 18 kitab sing diarani
Astadasaparwa (asta = 8, dasa = 10, parwa = kitab). Isine Mahabarata iki nyritakake lalakone
Pandhawa lan Kurawa. Crita wayang Ramayana anggitane Empu Walmiki, Ramayana saka basa
Saskerta kang asale saka Rama lan Ayana sing tegese lelakone Prabu Rama. Ing crita Ramayana isine
ana 7 (pitu) kitab utawa kandha, yaiku Balakanda, Ayodhyakanda, Aranyakanda, Kiskendhakanda,
Sundarakanda, Yuddhakanda lan Uttarakandha.
Epos Ramayana minangka karya agung Walmiki abasa Sansekerta wis diterjemahake ing
maneka basa ing Donya. Ramayana kakawin basa jawa kuna wis ditepungi wiwit abad X. Nalika abad
XVI lakon Rama ing Nuswantara ditemokake ing maneka warna basa, kayata basa Melayu Hikayat
Sri Rama, ing basa Jawa Serat Rama, lan Rama Keling ing lakon-lakon wayang. Salah siji lakon kang
ana ing Ramayana yaiku paraga Jatayu, kang njupuk saka kitab Aranyakanda, nyaritakake ilange
Dewi Sinta ing satengahe alas Dandaka. Ayo padha digatekake wulangan ing ngisor iki!
A. NYIMAK
Rungakna crita wayang Ramayana (Resi Jathayu) kang diwaca guru utawa kancamu ing ngisor iki!
Resi Jathayu
Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku peksi awujud
garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula
banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jathayu yaiku anak saka Resi Briswara lan Dewi Brahmanistri. Dewi
Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulake yen Resi Jatayu yaiku
wayahe Dewa Brahma.
Resi Jathayu duwe sedulur telu yaiku Garudha Harna, Garudha Brihawan, lan Garudha
Sempati. Resi Jatayu nalika isih timur, kekancan rumaket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata.
Prabu Dasarata iku ramane Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana,
Resi Jathayu aweh pitulungan. Resi Jathayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jathayu ora tega
krungu tangise Dewi Sinta.
Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangane Rahwana nyekeli
kuat tangane Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi
Jathayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar
dening Prabu Rahwana. Resi Jathayu akhire swiwine sengkleh. Dheweke pungkasane tiba ana ing
lemah.
Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung nggoleki Dewi Sinta sing ilang. Rama lan Lesmana luru
ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu Resi Jathayu sing lagi sekarat. Rama age-age
nulungi. Ananging, kahanane Jathayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jathayu sadurunge nemahi seda
crita marang Rama. Jathayu nyritakake menawa garwane Prabu Rama yaiku Dewi Sinta didhusta
dening Raja Alengka kang asmane Dasamuka. Banjur Resi Jathayu nemahi pralaya.
Pitutur kang bisa kajupuk saka Resi Jatayu yaiku awake dhewe kudu tansah gelem aweh
pitulungan marang sapa wae kang mbutuhake.
(Kapethik kanthi besutan saka sinau jawa)
Kagyatan 1
A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki jumbuh karo wacan ing dhuwur mawa basa
krama!
1. Sapa kang ngarang crita wayang Mahabharata lan Ramayana?
2. Resi Jathayu iku putrane sapa?
3. Sapa garwane Dewi Sinta?
4. Sapa kang pranyata tegel ndhusta Dewi Sinta?
5. Apa sebabe Resi Jathayu nemahi pralaya?
Kagyatan 2
B. Critakna maneh isine wacan Resi Jathayu ing dhuwur mau mawa basa krama!
.........................................................................................................................................................
....................................................................................................................................
..............................................................................................................................................
.........................................................................................................................................................
....................................................................................................................................
Kagyatan 3
C. Menehi tanggapan isine paragraf
Jingglengana maneh pethikan wacan Resi Jathayu ing ngisor iki! Sawuse dijinglengi banjur
dirembug karo kanca saklompokmu lan diwenenhi tanggapan marang isine paragrap mau
mawa basa ngoko!
Paragraf 1
Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku peksi awujud
garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula
banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jathayu yaiku anak saka Resi Briswara lan Dewi Brahmanistri. Dewi
Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulake yen Resi Jatayu yaiku
wayahe Dewa Brahma.
Tanggapan marang isine crita/wacan:
...............................................................................................................................................................
.........................................................................................................................................
Paragrap 2
Resi Jathayu duwe sedulur telu yaiku Garudha Harna, Garudha Brihawan, lan Garudha
Sempati. Resi Jatayu nalika isih timur, kekancan rumaket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata.
Prabu Dasarata iku ramane Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana,
Resi Jathayu aweh pitulungan. Resi Jathayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jathayu ora tega
krungu tangise Dewi Sinta.
Tanggapan marang isine crita/wacan:
...............................................................................................................................................................
.........................................................................................................................................
Paragrap 3
Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangane Rahwana nyekeli
kuat tangane Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi
Jathayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar
dening Prabu Rahwana. Resi Jathayu akhire swiwine sengkleh. Dheweke pungkasane tiba ana ing
lemah.
Tanggapan marang isine crita/wacan:
...............................................................................................................................................................
........................................................................................................................................
Paragrap 4
Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung nggoleki Dewi Sinta sing ilang. Rama lan Lesmana luru
ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu Resi Jathayu sing lagi sekarat. Rama age-age
nulungi. Ananging, kahanane Jathayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jathayu sadurunge nemahi seda
crita marang Rama. Jathayu nyritakake menawa garwane Prabu Rama yaiku Dewi Sinta didhusta
dening Raja Alengka kang asmane Dasamuka. Banjur Resi Jathayu nemahi pralaya.
Tanggapan marang isine crita/wacan:
...............................................................................................................................................................
.........................................................................................................................................
5. Tulisna pitutur-pitutur becik kang ana ing crita Resi Jatayu ing ndhuwur!
B. MACA
Isih akeh maneh lakon kang ana ing Ramayana. Saliyane crita Resi Jatayu ing ndhuwur, uga ana
prastawa apadene paraga-paraga liyane kang dadi lakone, kayata: Gunawan Wibisana, Lesmana,
Anoman, Sinta Obong, Rama Tambak lan liya-liyane.
Wacan 1
RADEN LESMANA PRASETYA
Rama Sinta
Ingkang nembe anandhang kingkin, wonten ing madyaning wana Dhandaka, sinatriya
ingkang nembe tinundhung ingkang rama, inggih kekasih raden Rama kadherekaken ingkang
garwa Rekyan wara Sinta miwah ingkang rayi Raden Lesmana ugi sinebat Raden Murdaka.
Boten kanyana-nyana salebetipun nembe jejagongan wonten ing
sangandhaping mandira wonten dhatengipun Kidang Kencana tracak waja
ngleledha Dewi Sinta Dewi Sinta temahan kasengsem. Dewi Sinta nyuwun
dipuncepengaken Kidang Kencana kalawau. Pramila awit saking tresnanipun
kaliyan garwa Raden Rama dhawuh dhumateng ingkang rayi Raden Lesmana
supados ngreksa keng mbakyu rekyan Sinta, dene Raden Rama mbujung
Kidang Kencana.
Pambujungipun Raden Rama sampun kelampahan cecaketan kaliyan
Kidang Kencana, tanggap Raden Rama amenthang langkap nedya manah
Kidang Kencana, sasampunipun Kidang Kencana kenging panahipun Raden
Rama jebul badar dados Kala Marica abdinipun Prabu Dasamuka, sakala Kala
Mrica njerit sora nyuwun pitulungan.
Nanging sinareng Kala Marica njerit, Rekyan Wara Sinta anduga bilih Lesmana
ingkang sambat kalawau Raden Rama, ateges Raden Rama nandhang katiwasan. Lajeng Wara
Sinta dhawuh dhumateng Raden Lesmana kinen amitulungi ingkang raka, nanging raden
Lesmana boten purun awit nguwatosaken kawilujengan ingkang mbakyu rekyan Wara Sinta.
B. Wacan ing ndhuwur critakna ing ngarep kelas nganggo basamu dhewe!
WACAN 2
BRUBUH NGALENGKA
Prabu Dasamuka utawa Rahwana ratu buta ing Ngalengka, minangka raja kang sugih raja
brana tur ambeg angkara. Amarga ora kersa ndhahar ature ingkang rayi Raden Kumbakarna,
sing uga awujud raseksa gedhe, lan Raden Gunawan Wibisana kang awujud satriya bagus,
supaya Prabu Dasamuka ngaturake baline Dewi Sinta putri Mantili marang garwane, Prabu
Ramawijaya. Prabu Rama iku titisane Bathara Wisnu, sing kautus dening para dewa supaya
mbrantas dur angkarane Prabu Dasamuka.
Kehing pepati ora kena diwilang, nalika wadyabala Ngalengka perang campuh karo
wadyabalane Prabu Rama kang dibantu dening para wanara/rewanda kang dipandhegani
dening Prabu Sugriwa. Malah agul-agule praja Ngelengka tapis gugur siji mbaka siji ana ing
madyaning perang mau, kayata: Indrajid, Kumbakarna, Sarpakenaka, Prahastha, lsp.
Prabu Dasamuka sungkawa lan banjur nimbali para ahli nujum kepriye mungguh apike
ngadhepi kahanan kaya mangkono. Ngalengka bakal unggul perange manawa sang prabu karsa
ngadhepi Prabu Rama, mangkono pamature para ahli nujum. Esuke Prabu Dasamuka dhawuh
marang para bupati raseksa Wilwitaksa, Maodara lan Gathodara supaya mbudhalake prajurit
raseksa simpenan supaya ndherekake sang prabu piyambak mengsah yuda. Sang prabu ngagem
makutha emas, kang ditretes barleyan lan inten. Kabeh para pandhita raseksa padha ndedonga
lan sesaji ing ngarep mburi, kiwa tengane kreta kencana, kanggo kaslametane ratune.
Sugriwa nampa laporane telik sandi, yen Prabu Dasamuka dhewe sing maju ing palagan,
banjur ngumpulake para bupatining rewanda supaya tansah ngapengi Prabu Rama, sajrone
mengsah yuda ing mengkone.
Bala raseksa lan rewanda wis padha adhep-adhepan ana ing palagan. Kabeh padha ora
mikir mundur saka paprangan, kajaba mung mateni utawa mati. Kurban wis tampa wilangan
sakaro-karone. Bupati Wilwitaksa, Gathodara lan Maodara tiwas mengsah rewanda Anggada.
Sing pungkasan Prabu Dasamuka uga tiwas ing tangane Prabu Rama
Kagyatan 1
A. Coba wangsulana pitakon ing cerita mau!
1. Apa irah-irahan wacan kasebut ing dhuwur?
.................................................................................................................................................
2. Sapa adhine Prabu Dasamuka?
.................................................................................................................................................
3. Kepriye panemune para ahli nujum Ngalengka?
.................................................................................................................................................
4. Sapa sing mateni para bupatine raseksa?
.................................................................................................................................................
C. WICARA
Coba goleka crita wayang Ramayana liyane saka internet, buku-buku wacan, majalah utawa
sumber liyane banjur tulisen kanthi ringkes lan critakna ing ngarep kelas! Kanca liyane menehi
tanggapan marang crita kang kokandharake.
Imbuh Kawruh
UKARA PACELATHON LAN UKARA CARITA
1. Ukara pacelathon utawa ing basa Indonesia diarani kalimat langsung yaiku ukara kang nirokake
gunemane wong liya, bisa kanthi lisan utawa tulisan.
Tuladha:
a. Naila kandha marang Widi: “Aku arep mangkat jam pitu.”
2. Ukara Carita utawa ing basa Indonesia diarani kalimat tak langsung yaiku ukara kang nyritakake
gunemane wong liya.
Tuladha:
a. Naila kandha marang Widi, yen dhewekke arep mangkat jam pitu.
Kagyatan 1
3) “Minggu ngarep kowe sida melu outbond apa ora?” Ali takon marang aku.
Wangsulan:
1) ...................................................................................................................
2) ...................................................................................................................
3) ...................................................................................................................
Kagyatan 2
b. Ukara carita iki owahana dadi ukara pacelathon!
1) Anisa takon marang ibu apa dhewekke kepareng ajar numpak montor.
2) Ketua osis kandha marang penguruse yen minggu ngarep ana lomba karawitan.
4) Susi ngomong marang aku yen bapak kondur dhewekke arep nyuwun ditumbaske sepatu.
5) Yen aku kepengin hadiah laptop kudu rangking siji, ngendikane Ibu.
Wangsulan:
1) ...................................................................................................................
2) ...................................................................................................................
3) ...................................................................................................................
D. NULIS
Imbuh Kawruh
Seselan
Ing wacan/crita Resi Jathayu ing paragraf 2 ana tembung rumaket.Tembung kasebut
kadadeyan saka tembung raket + √um r +√um+aket = rumaket. Tembung kang kaya
mangkono miturut proses pembentukan kata/tembung oleh seselan um utawa ditulis √um. Seselan
mapane ing tengah tembung. Dadi panulise kaya tuladha ing dhuwur: huruf sepisanan + seselan+
tembung kang durung ditulis. Seselan liyane yaiku √in, √er, √el lan sapanunggalane.
Tuladha liyane:
ton + √in = tinon
pandhita + √in = pinandhita
kaki + √um = kumaki
gantung + √um = gumantung
gereng +√el = gelereng
geges +√el = geleges
kembyah +√er = kerembyah, lan sapanunggalane
Kagyatan 1
Tembung ing njero kurung wenehana seselan kang trep karo ukarane!
1. Andi (kaki) amarga rumangsa anake wong sugih, mulane ora disenengi dening kanca-
kancane.
Wangsulan: ..................................................................
2. Esuk kuwi ing pasar wis (tata) jajanan pasar kang komplit.
Wangsulan: ......................................................................
3. Ing pojok desa katon (kelip) lampu-lampu madangi dalan – dalan desa.
Wangsulan :..........................................................................
4. Pelem tali jiwa pating (gandul) saben pang ana uwohe.
Wangsulan : ..............................................................................
5. Yen nganggo klambi mbok miturut ukurane dhewe, aja (kembyah) disawang ora kepenak.
Wangsulan: .....................................................................................
6. Sida mangkat apa ora (gantung) sliramu.
Wangsulan: .........................................................................................
7. Jambune wis (rujak) marai kepengin sing nyawang.
Wangsulan: ..................................................................................
8. Aja (guyu) yen nyawang adhiku lagi njoget.
Wangsulan: ....................................................................................
9. Ibu ngaturi bancakan (tampa) budhe kanthi manah kalegan.
Wangsulan: .....................................................................................
10. Barang-barang dagangan wis (tumpang) ing dhuwur jok mobil kari mangkate.
Wangsulan: ..........................................................................................
Tembung Rangkep
Manawa para siswa gatekake wacan ing dhuwur mau, mligine ing paragrap 2, ana tembung:
kekancan. Tembung kekancan kedadean saka tembung kanca dirangkep wanda sing ngarep dadi
kakanca banjur diwenehi panambang –an. Utawa manawa digambarake kaya mangkene:
Ka +kanca + -an kakancaan kekancan
Tembung kang dibaleni utawa dirangkep wanda/suku kata sing ngarep diarani tembung dwipurwa.
Tuladhane tembung dwipurwa ing wacan Resi Jathayu ana ing paragraf 1 yaiku tembung jejuluk.
Dene isih ana maneh tembung rangkep liyane yaiku dwilingga lan dwiwasana.
Dwilingga iku kabeh tembunge dibaleni utawa diucapke ping loro, manawa dwiwasana,
wanda utawa suku kata kang pungkasan/terakhir sing dibaleni/diwaca ping loro. Para siswa supaya
luwih cetha, bisa dijingglengi tuladha ing ngisor iki.
Tuladha tembung dwilingga:
Meja-meja, kursi-kursi, siswa-siswa lan sapanunggalane (dwilingga wantah)
Andeng-andeng, untir-untir, ali-ali lan sapanunggalane (dwilingga semu)
Mloka-mlaku, wira-wiri, bola-bali lan sapanunggalane (dwilingga salin swara)
Tuladha tembung dwipurwa: lelayu, kekancan, lelaku lan sapanunggalane.
Tuladhane tembung dwiwasana: cekikik, bedudug, jedodot lan sapanunggalane.
Kagyatan 2
Gawea tuladha tembung rangkep dwilingga padha swara/ dwilingga wantah, dwilingga salin swara
lan dwilingga semu, dwipurwa lan dwiwasana, saben sak tembung rangkep cukup 5 tembung wae!
Wangsulan:................................................................................................................................
................................................................................................................................
..................................................................................................................................
E. Soal Hots
Nalika Jathayu mireng manawa Shinta Dewi muwun nyebut asma Ramawijaya yaiku garwane,
Jathayu kagungan niyat nulung marang Shinta, yaiku mantune Prabu Dasarata kang pranyata
didhusta dening raja Ngalengka kang asma Dasamuka. Mangerteni kahanan kang kaya mangkono,
Resi Jathayu kagungan niyat paring pitulungan lan ngrebut Dewi Shinta saka astane Prabu
Dasamuka. Prabu Dasamuka kagungan sanjata utawa aji Rawarontek lan Pancasona, saengga angel
dikalahke dening Jathayu.
1. Kang dipirengake dening Resi Jatayu, manut wacan ing ndhuwur, yaiku ….
A. Tangise Dewi Sinta C. Mantune Dasarata
B. Garwane Dewi Shinta D. Raja Ngalengka
2. Pranyatan kang jumbuh karo wacan yaiku …. (luwih saka siji)
o Jathayu mireng dewi Sinta nyebut asma ramawijaya
o dewi sinta setya melu Rahwana menyang negara Alengka
o Jathayu kagungan niyat nulung marang Shinta
o Dasamuka duwe aji Rawarontek
3. Gathukna!
No Pranyatan No Gathukan
1 Shinta Dewi muwun a ajine Dasamuka
2 mantune Prabu Dasarata b Dasamuka
3 raja Ngalengka c Dewi Sinta
4 Rawarontek lan Pancasona d Nangis
I. Wenehana tandha silang (X) ing wangsulan A,B,C, lan D kang bener!
Teks wacan kanggo mangsuli soal no. 1-4
Peksi Jathayu kalebu ing serat Ramayana anggitane Walmiki. Jathayu utawa Resi
Jathayu iku manuk kang bisa ngomong kaya dene manungsa. Garudha Jathayu iku putra kang
kaping telu saka Resi Briswara, yaiku isih keturunan Dewi Brahmanisti, yaiku putri Bathara
Brahma. Jathayu duweni sadulur kandhung yaiku Garuda Harna, Garuda Brihawan lan
Garuda Sempati. Jathayu kekancan kang rumaket karo Prabu Dasarata, raja Negara Ayodya.
Kekarone kekancan wiwit cilik amarga simbahe Prabu Dasarata kang asma Bathara
Kandikota kekancan rumaket karo Resi Briswara.
1. Crita wayang Peksi Jathayu kalebu ing Serat Ramayana sing nganggit yaiku...
A. Tantular C. Walmiki
B. Sotasoma D. Wyasa
2. Garudha Jathayu iku putra kang kaping telu saka Resi ….
A. Buriskita C. Buriswara
B. Buriswata D. Briswara
5. Bathara Kandikota kekancan rumaket karo Resi Briswara. Tembung kekancan tuladhane
tembung...
A. dwipurwa C. dwilingga
B. dwiwasana D. dwilingga semu
Teks wacan kanggo mangsuli pitakonan no. 6 - 8
Nalika Jathayu mireng manawa Shinta Dewi muwun/nangis nyebut asma Ramawijaya
yaiku garwane, Jathayu kagungan niyat nulung marang Shinta, yaiku mantune Prabu
Dasarata kang pranyata didhusta/dicolong dening raja Ngalengka kang asma Dasamuka.
Mangerteni kahanan kang kaya mangkono, Resi Jathayu kagungan niyat paring pitulungan
lan ngrebut Dewi Shinta saka astane Prabu Dasamuka. Prabu Dasamuka kagungan sanjata
utawa aji Rawarontek lan Pancasona, saengga angel dikalahke dening Jathayu.
10. Resi Jathayu nemahi pralaya kadi dene kusuma bangsa. Dasanamane tembung pralaya iki
bener kabeh kajaba ….
A. seda C. pejah
B. surud D. gesang
Berbhinekaan global: mengenal dan menghargai budaya tentang cerita wayang Ramayana
Goleka gambar tokoh-tokoh wayang saka internet utawa liyane saben bocah golek 10 tokoh wayang
kang beda saben bocah siji lan sijine lan wenehana deskripsi babagan tokoh kasebut. Gambar-
gambar lan deskripsi wayang kasebut dijilid dikumpulake sakelas banjur dijilid kanggo wacan ing
perpustakaan. Para siswa bisa nggunakake sambungan: https://jagad.id/tokoh-wayang-kulit-sifat-
dan-gambarnya/
KINANTHI
Tembang Macapat
Tembang macapat mujudake salah sijine tembang Jawa kang kawentar lan wis dimangerteni
ing bebrayan Jawa. Tembang macapat ngemot teges lan makna kang luhur. Tembang macapat uga
didadekake sarana dening pangripta kanggo medharake pitutur marang bebrayan agung. Jinising
tembang iki aweh gegambaran ngenani babagan urip, pitutur luhur kang migunani banget kanggo
manungsa kanggo nglakoni urip ing bebrayan agung.
Salah sijine tembang macapat yaiku tembang Kinanthi kang bakal kawedharake ana ing
wulangan iki. Kinanthi asale saka tembung lingga kanthi kang ateges nggandheng utawa nuntun.
Nggandeng tegese nggambarake manungsa nalika manungsa wis mangun bale wisma (rumah
tangga), urip rukun, ayem tentrem karo keluargane. Nuntun tegese minangka kewajibane wong
tuwa kudu bisa nuntun utawa nganthi para putrane supaya kabeh tumindake ora nalisir saka
bebener.
Ana ing urutan tembang macapat, Kinanthi ana ing urutan kaping papat, kalebu tembang
cilik. Kinanthi yaiku jinise tembang kang nggambarake bocah sing isih perlu dituntun supaya bisa
mlaku kang becik ing donya. Tuntunan iku ora mung kanggo sinau supaya bisa mlaku, ananging uga
tuntunan kanggo mangerteni norma lan adat kang ana ing masyarakat. Babagan iku supaya
dheweke bisa nyinaoni lan ngamalake nalika ing masyarakat.
Tembang Kinanthi nduweni watak lan sipat mulya, tresna, lan asih. Amarga jumbuh karo
watake tembang, mula akehe tembang Kinanthi isine babagan wejangan, medharake rasa tresna,
lan ngemot pitutur luhur kanggo urip ing bebrayan.
Tembang Kinanthi kang kapacak ing Serat Wulangreh iki isi piwulang bab tata carane
sesrawungan utawa milih kanca ing bebrayan agung utawa masyarakat. Ing pangangkah, supaya
para mudha saiki utamane para siswa bisa milih lan duwe kanca sing becik ing tembe mburine bisa
dadi manungsa kang ngerti ala lan becik, bener lan luput. Bisaa kabeh tumindake mujudake
kabecikan lan bisaa ninggalake sakehing panggawe ala. (S. Harno)
Samekta Sinau
Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi patitis!
1. Tembang macapat biyasane digunakake dening pangripta kanggo apa?
2. Apa tegese nggandheng iku?
3. Apa tegese nuntun iku?
4. Kepriye watake tembang Kinanthi iku?
5. Aranana pathokane tembang Kinanthi!
Supaya luwih pinter babagan tembang Kinanthi, ayo para siswa sinau babagan tembang Kinanthi!
Purwaka
Sawise sinau wulangan iku, kaangkah bisa:
1. medharake isi tembang Kinanthi
2. nyebutake pathokan tembang Kinanthi
3. gawe gancaran tembang Kinanthi
4. nyebutake pitutur luhur ing tembang Kinanthi
5. nulis tembang Kinanthi
6. nulis aksara Jawa
7. nyebutake tuladha rura basa
A. NYEMAK
Rungokna tembang kinanthi ing Serat Wulangreh kang diwaca guru utawa siswa iki!
Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu, sanadyan ta nora milu
ing sasmita amrih lantip pasthi wruh solahing maling
aja pijer mangan nendra, kaya mangkono sabarang
kaprawiran kang den esthi panggawe ala puniki
pesunen sariranira sok weruh anuli bisa
cegahen dhahar lan guling. yeku panuntune iblis.
Kagyatan 1
Sawise para siswa njingglengi lan nlesih teks Serat Wulangreh kasebut, coba saiki diwangsuli
pitakon-pitakon ing ngisor iki !
1. Tembang Kinanthi kalebu tembang apa?
2. Tembang Kinanthi saben sapada/bait kadadean saka pirang gatra/larik?
3. Tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang Kinanthi pada 1?
4. Sapa kang nganggit Serat Wulangreh ?
5. Ana pira cacahe pada tembang Kinanthi ing dhuwur?
Kagyatan 2
Nlesih isine tembang Kinanthi
• Makarya kelompok
1. Tembang Kinanthi sapada ing ngisor golekana tegese kanthi makarya kelompok!
2. Asile diskusi diwacakake ing ngarep klas!
Kagyatan 3
• Makarya pribadi
Sawise mangerteni paugerane, isine, lan wewatekane tembang Kinanthi, supaya luwih
mangerteni lan luwih gamblang babagan tembang Kinanthi, ayo para siswa padha gladhen
nggawe tembang Kinanthi, kanthi migunakake underan/tema katresnan marang
pawiyatanku/sekolahanku.
Imbuh Kawruh
Cangkriman
Coba pada 3 iki gancarna kaya pada 1 lan pada 2 ing dhuwur!
Kagyatan 2
Sebutna Nilai Karakter/pesen moral/pitutur/piwulang sajroning tembang ing dhuwur!
Tuladha :
Pada 1 :
Wong anom iku lumrahe manut/melu/katut marangapa sing ana ing kiwa
tengene/lingkungane. Yen lingkungane apik bakal melu apik, nanging yen lingkungane ala,
mula bakal melu-melu ala.
Pada 2
..............................................................................................................................................
Pada 3
..............................................................................................................................................
C. WICARA
Sastra Jawa iku ana kang awujud tembang kang kaiket ing paugeran lan ana kang awujud
gancaran (prosa) kang luwih mardika. Asiling sastra kang awujud gancaran luwih gampang dipahami,
mula ayo padha nyoba nggancarake tembang serat wulangreh pupuh kinanthi iki. Dene pisanan
kang kudu dilakoni yaiku ngerteni tegese tembung-tembung kang ana ing tembang mau. Sabanjure
saben bocah kanthi urut siji-siji nyritakake sapada, isine tembang Kinanthi kasebut nganggo basane
dhewe-dhewe!
Kanggo nggampangake anggone nggancarake tembang kanthi lesan bisa digawe peprincen kaya ing
ngisor iki.
1. a. Tembang
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran kang den esthi
pesunen sariranira
cegahen dhahar lan guling
b.Tembung Anyar
kalbu : ati
gulangen : sinaunen
amrih : supaya
lantip : pinter
nendra : turu
kaprawiran : kakendelan
kesthi(kaesthi) : diener (dituju) sarana nyawijikake pikiran
pesunen : diudi (dietog) kalawan temen-temen.
Sarira : badan
a. Gancaran
Padha kulinakna nyinau ati, supaya bisa nampa isyarat aja mung bisa mangan lan
turu, tumujua ing kekendelan, ngupayaa awakmu kalawan ngurangi mangan lan
ngombe.
2. a. Tembang
dadia lakunireku
cegah dhahar lawan guling
lan aja kasukan sukan
anganggowa sawatawis,
ala wateke wong suka,
nyuda prayitna ing batin.
b. Tembung Anyar
lakunireku : lakumu
prayitna : awas sarta ngati-ati
c. Gancaran
Dadekna lakumu, cegahen mangan lan ngombe, aja seneng pesta pora (seneng-
seneng) nganggoa saperlune wae, amarga watake wong sing senengane mung seneng-
seneng kuwi kurang ing pangati-ati.
3. a. Tembang
Yen wus tinitah wong agung,
aja sira gunggung dhiri,
aja leket lan wong ala
kang ala lakunireki,
nora wurung ngajak-ajak
satemah anenulari.
b. Tembung anyar
gunggung dhiri : ngalem awake dhewe
leket : raket banget enggone memitran(seduluran)
satemah : wusanane
c. Gancaran
Yen wis tinakdir dadi wong gedhe(panggedhe), aja ngumukake awake dhewe
(ngalem awake dhewe), aja kekancan marang wong kang nduweni tabiat (watak) ala, lan
tumindak kang ora becik, amarga wusanane bisa nulari.
4. a. Tembang
Nadyan asor wijilipun,
yen kelakuwane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
yen pantes raketana,
darapon mundhak kang budi
b. Tembung Anyar
asor : ...............................
misil : …………………………….
darapon : ...............................
budi : ...............................
c. Gancaran
...............................................................................................................................................
...............................................................................................................................................
5. a. Tembang
Yen wong anom-pan wis tamtu
Manut marang kang ngadhepi,
Yen kang ngadhep akeh bangsat,
Datan wurung bisa juti,
Yen kang ngadhep keh durjana
Nora wurung bisa maling
b. Tembung anyar
pan : ………………………………..
bangsat : ....................................
datan : ……………………………….
juti : ....................................
c. Gancaran
..........................................................................................................................................................
..........................................................................................................................................................
6. a. Tembang
Sanadyan ta nora milu
pasthi wruh solahing maling
kaya mangkono sabarang
panggawe ala puniki
sok weruh anuli bisa
Yeku panuntune iblis.
b. Tembung anyar
nora : ……………………….
Pasthi : ……………………….
anuli : ...........................
yeku : ...........................
c. Gancaran
..................................................................................................................................................
..................................................................................................................................................
7. a. Tembang
Panggawe becik puniku
gampang yen wus denlakoni
angel yen durung kalakyan
aras-arasen nglakoni
tur iku den lakonana
Mupangati badaneki
b. Tembung anyar
kalakyan : ...........................
aras-arasen : ………………………..
mupangati : ...........................
c. Gancaran
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
8. a Tembang
Lan wong anom-anom iku
kang kanggo ing mangsa iki
andhap asor dipunsimpar,
umbag gumunggunging dhiri
obrol umuk kang den gulang
Kumenthus lawan kumaki
b.Tembung anyar
dipun simpar : .............................................
umbag : .............................................
umuk : .............................................
kumaki : ............................................
c. Gancaran
.........................................................................................................................................................
.........................................................................................................................................................
9. a. Tembang
Sapa sira sapa ingsun
angalunyat sarta edir
iku wewatone uga
nom-noman adoh wong becik
emoh angrungu carita
carita ala lan becik
b. Tembung anyar
angalunyat : ...............................
edir : ..............................
c. Gancaran
.......................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................
10.a Tembang
Carita pan wus kalaku
Panggawe ala lan becik
Tindak bener lan kang ora
Kalebu jro cariteki
Mulane aran carita
Kabeh-kabeh den kawruhi.
b.Tembung anyar
kalaku : ..............................
cariteki: ..............................
d. Gancaran
…....................................................................................................................................................
......................................................................................................................................................
D. NULIS
Aksara Jawa
Serat Wulangreh kang kadhapuk ing tembang Kinanthi kaya kapacak ing dhuwur mau pancen
duweni basa kang endah, pangrakiting tembung kang linuwih, lan piwulang kang adiluhung. Serat
Wulangreh iku mau diripta dening panjenengane Paku Buwana IV saka Kraton Surakarta
Hadiningrat. Tembung pancen manawa katulis mawa aksara Jawa wujude: p[vCn\ Ing latin n,
manawa ditulis Jawa owah dadi ny, amarga tulisan Jawa iku jumbuh karo pangucapane (Jumbuh
karo wewaton Sriwedari). Samono uga manawa nulis panjenengane wujude: pvJenez[nN panulise
Jawa mateni nya (Jumbuh karo wewaton Sri Wedari).
Tembung lingga manawi wanda kapisan katutup konsonan nasal (na), wanda salajengipun
kawiwitan konsonan ca, ja, konsonan nasal panutup suku kata (aksara sesigeg na) kedah katulis
ngangge aksara nya. Dados aksara pasangan ca, ja boten saged dipunserat ing sangandhapipun
sesigeg/aksara na.
Tuladha :
a. b. c.
panca : pancing : kanji :
AKSARA SWARA
:1: =Amerika
:2: = Ibrahim
:3: = Emansipasi
:4: = Organisasi
:5: = Urbanisasi
c. Aksara swara ora bisa didadekake minangka pasangan, mulane aksara sigeg kang ana
ing ngarepe kudu disigegake (dipateni) kanthi pangkon pitulungan.
Tuladha:
d. Aksara swara bias diwenehi sandhagan kayata wignyan, layar, cecak lan liya-liyane.
Tuladha:
:1: = Irlandia
:2: = argumentasi
:3: = ihram
… … … … …
Tuladha panulise:
1. Serat Wulangreh iku anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV pujangga saka kraton....
a. Surakarta Hadiningrat c. Mangkunegaran
b. Demak Bintoro d. Ngayogyakarta Hadiningrat
2. Serat Wulangreh dumadi saka ... pupuh
a. 10 c. 12
b. 11 d. 13
3. “Mulane wong anom iku”
Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur yaiku....
a. 7u c. 9u
b. 8u d. 10u
4. Tembang Kinanthi kalebu tuladhane tembang Macapat kang uga diarani....
a. tembang cilik c. tembang gedhe
b. tembang dolanan d. tembang tengahan
5. Guru lagu lan guru wilangane tembang kinanthi, yaiku….
a. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i. c. 8a, 8u, 8a, 8i, 8u, 8a
c. 8u, 8a, 8a, 8u, 8i, 8u d. 8a, 8i, 8a, 8a, 8i, 8u
1. Seneng, asih lan tresna, kuwi watake tembang….
a. Sinom c. asmaradana
b. Pocung d. kinanthi
2. . Tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang kekarepane amerga tetembungan mau
ndhuweni teges ora sabenere.=, diarani….
a. Parikan c, Wangsalan
b. Cangkriman d. Sengkalan
3. Bapak pucung rupane saengga gunung
Tan ana kang tresna
Kabeh uwong mesthi sengit
Yen kanggonan dilus-elus tinangisan
Isi cakepan tembang Pocung ing dhuwur, batangane yaiku….
a. gunung c. wudun
b. irung d. mules
4. Basa kang rusak utawa luput nanging umum dianggo lan mulane dadi bener, yen dibenerake
malah dadine ora umum utawa luput, diarani….
a.rura basa c. jarwa dhosok
b. Saroja d. mardi basa
3. Pranyatan ing ngisor iki kang luput, yaiku .... (pilihan luwih saka siji)
Aksara swara lan aksara rekan cacahe ana 5.
Aksara swara lan aksara rekan kanggo nulis tembung utawa istilah saka manca.
Aksara rekan ora duwe pasangan nanging aksara swara ana pasangane.
Manut Wewaton Sriwedari yen nulis kunci yaiku
Ancasing Pasinaon
Menyimak Berbicara
Peserta didik mampu menganalisis dan Peserta didik mampu menyampaikan
mengevaluasi informasi berupa gagasan, gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau
pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dengan bahasa Jawa sesuai dengan
pesan yang akurat dari teks sastra cerita rakyat kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa
(legenda) dalam bentuk audiovisual dan aural. secara lisan dengan kreatif.
Membaca Menulis
Peserta didik mampu membaca teks sastra Peserta didik mampu menulis teks paragraf
cerita rakyat dari teks visual dan audio visual. aksara Jawa sesuai kaidah penulisan aksara
Jawa
Tembung Kunci :
Teks cerita rakyat (dongeng Legenda), unggah-ungguh lan tata basa
Purwaka
Sawise sinau wulangan iki, kaangkah siswa bisa:
1. ngerti babagan cerita legenda
2. nlesih isine crita legenda
3. nganalisis unsur intrsinsik legenda
4. nyritakake sarana lesan crita legenda kang dakngerteni
5. nulis crita legenda kang dakngerteni
6. gawe tuladha ukara tanduk
7. gawe tuladha ukara tanggap
8. nyebutake tuladha paribasan
9. nyebutake tuladha bebasan
10. nyebutake tuladha saloka
A. NYEMAK
Coba rungokna crita kang diwaca ing ngisor iki!
CANDHI SEWU
Kacarita ing Kraton Pengging kawentar kraton kang gemah ripah loh jinawi. Kang
jumeneng nata Prabu Damarmaya kang kagungan garwa Dewi Candrawati kang wektu iku lagi
nggarbini sepuh . Prabu Damarmaya Ratu gung binathara, berbudi bawa leksana, mula ora mokal
para kawula padha sumuyut ing ngarsa nata.
Nuju sawijining pasewakan agung ketekan tamu saka manca praja. Katitik saka sandhang
panganggone nuduhake manawa tamu iku sawijining narendra, nanging polatane sajak nuduhake
narendra kang duweni wewatekan kang ora becik, semangkeyan lan adigang adigung adiguna.
Bareng wis satata lungguhe banjur didangu sapa arane, saka ngendi dhangkane lan mengku karep
apa dene keraya-raya tekan Pengging.
Didangu mangkono banjur aweh katrangan manawa dheweke Prabu Gupala saka Kraton
Wanasegara, sumedya ngembun-embun enjang ajejawah sonten, nglamar Dewi Candrawati bakal
dipundhut garwa. Sanajan wus mangerti manawa Dewi Candrawati iku wus kagungan garwa lan wus
nggarbini.
Kaget Prabu Damarmaya keprungu tembunge Gupala. Ringkesing crita Candrawati
dikukuhi, bebasan sadumuk bathuk sanyari bumi. Wekasan dadi perang gedhe, kaya-kaya ora ana
rampunge. Nalika lagi nengah-nengahi perang Dewi Candrawati nglairake jabang bayi kakung.
Anehe jabang bayi mau ora ana kang kuwat nggendhong. Dewi Candrawati sumedya nusulake
jabang bayi mau marang Ramane ing paprangan. Jabang bayi dibopong dening ramane lan diwenehi
tetenger Bandung. Kocap nalika dibopong bayi mau disaut dening Gupala sumedya bakal dipateni.
Jabang bayi dipilara dibanting, disabetake ing watu, diidak-idak. Nanging jabang bayi mau tetep
seger, ora nangis malah ngguyu kaya dililing. Ngreti kaanan kaya manggkono iku Prabu Gupala
malah sansaya muntab, ing batin bayi mau arep diuntal malang. Kocap nalika bayi mau arep diuntal
kasaut dening Dewa digawa munggah menyang kayangan. Ing kana didusi banyu Gege lan diparingi
kasekten, lan diparingi tambahan jeneng Bandawasa. Sawise iku didhawuhi mudhun sabiyantu
marang ramane.
Bareng ngadhep Prabu Damarmaya, Sang Prabu gelem ngakoni putra yen bisa mikut
Prabu Gupala. Bandung saguh banjur semparet nantang Prabu Gupala. Ringkesing crita Bandung
Bandawasa lan Prabu Gupala wis adhep-adhepan perang tandhing. Jotos jinotos, tendhang
tinendhang, nalika rumangsa antuk kalodhangan Prabu Gupala ndugang Bandung sarosane, amarga
kurang prayitna Gupala kepleset tiba krengkangan. Ing wektu saiki papan iku karan desa Watu
lunyu. Pungkasane Prabu Gupala kelakon dipateni dening Bandung Bandawasa. Kurang marem
atine, Bandung nglurug menyang Wanasegara sumedya bakal gawe rusaking Kraton.
Satekane ing Wanasegara niyate ngrusak kraton wurung amarga Bandung kayungyun
karo wanita sulistya ing warna aran Rara Jonggrang adhine Prabu Gupala. Rara Jonggrang arep
dipundhut garwa nanging ora gelem amarga Bandung wis mateni kangmase. Amarga Rara
Jonggrang mangerti yen Bandung iku sekti mula ora wani suwala utawa selak. Rara Jonggrang duwe
panjaluk supaya digawekake candhi cacah sewu sawengi.
Kanthi kasektene lan direwangi jim setan priprayangan Bandung wiwit semedi gawe
candhi. Swarane gumuruh ambata rubuh nanging ora ketok ana wang nyambut gawe. Atine Rara
Jonggrang kuwatir amarga candhi wis meh ganep sewu, kamangka anggone njaluk candhi sewu
sewengi iku mung kanggo sarana anggone nolak alus. Kanggo njugarake anggone semedi Rara
Jonggrang mrentahake wong-wong wadon padha nuthuki lesung minangka pratandha wis parak
esuk, jago-jago padha kluruk amarga kebrebegen swara lesung mau.
Kacarita semedine Bandung jugar, kamangka candhi wis dadi 999 mung kurang siji. Mula
sawise Rara Jonggrang nyedhaki lan ethok-ethok takon, Bandung banjur kawetu sabdane. Kanggo
ngganepi candhi mau ya kowe dhewe! Kena sabdane Bandung sanalika Rara Jonggrang dadi candhi
sing kasewu.
(Kasalin saking Dongeng Nusantara, 2017)
Kagyatan 1
Kagyatan 2
Negesi tetembungan
Tulisen tembung kang ditulis miring ing wacan ing tabel kang wus sumadya ing tabel ngisor iki.
Golekana tegese kanthi diskusi karo kancamu sabangku. Asile diwacakake ing ngarep kelas!
PEPELING
Supaya bisa mangerteni isi crita legenda, kudu nlesih bebakalaning crita kang arupa: (1)
underan (tema karangan), (2) purusan lan watak-wantune (tokoh dan perwatakannya), (3)
padunung lan swasana (latar), (4) aluring crita (plot), (5) ancas (amanat), lan (6) pamawas (sudut
pandang pengarang). Mula, yen arep nyaruwe sawijining crita kudu nyetiteni bebakalaning crita iku.
Bebakalaning crita iku asring sinebut unsur intrinsik crita.
Unsur intrinsik ing crita bisa kajlentrehake kaya ing ngisor iki.
Kagyatan 3
Makarya kanthi kelompok (saben kelompok 4 nganti 6 siswa)
B. MACA
DUMADINE BANYUMANIK
“Heh, mandheg!” panggetake rampok marang Ki Ageng Pandhanaran.
“Ya, ana apa Ki Sanak ?” pitakone Ki Ageng Pandhanaran kanthi sabar lan ngendhegake lakune.
“Aja, aja,”Nyi Ageng Pandhanaran gemeter keweden. Para perampok ora mreduli marang Nyi
Ageng, kabeh barang-barange sing diasta Ki Ageng dirampas. Bubar ngrampas para rampok lunga
nggeblas kanthi ngguyu lakak-lakak.
Nyi Ageng Pandhanaran banget sedhihe, nanging Ki Ageng tetep sabar. Nganti bola-bali Ki Ageng
nuturi Nyi Ageng, “Wis ta Nyi, ora perlu digelani, aja sedhih, ora perlu digelani, percaya marang gusti
Allah liya wektu bakal entuk gantine.”
Panjenengane banjur nerusake laku nganti tekan sawijining gumuk, kekarone padha leren
maneh. Nyi Ageng isih tansah muwun ora wis-wis yen ngelingi lelakon sing mentas dilakoni. Nyi
Ageng pancen garwane piyayi sekti, ana kedadeyan maneh tetesan luhe Nyi Ageng nganti wujud
sendhang sakwali ambane. Banyune sing bening kinclong-kincling kaya dene manik (berlian)
Karo isih muwun Nyi Ageng banjur ngucap, “Besuk yen ana rejane jaman papan iki dakjenengake
Banyumanik. Nyi Ageng banjur nerusake laku karo mirsani gunung sing ana sacedhake papan mau,
“Dene gunung sing ana kana kae dakwenehi aran Gunung Manik Maya!”
(https://kumpulanceritaberbahasajawa.blogspot.com)
Kagyatan 1
Kagyatan 2
Makarya kanthi kelompok (saben kelompok 4 nganti 6 siswa)
C. WICARA
Kagyatan 1
Wangsulana kanthi patitis!
1. Wonogiri iku kalebu provinsi ngendi?
Wangsulan:......................................................................................................................
2. Critakna kanthi ringkes isine Legendha “Dumadine Kutha Wonogiri”!
Wangsulan:......................................................................................................................
3. Pesen moral apa kang ana ing crita kasebut!
Wangsulan: ......................................................................................................................
4. Kepriye watake paraga Ki Kesdik Wacana?
Wangsulan:.....................................................................................................................
5. Ana desa kang kinaran “Wana Kethu”, kepriye mula bukane!
Wangsulan:.....................................................................................................................
Kagyatan 2
Sawise kokwaca crita kasebut, critakna maneh nganggo basamu dhewe ing ngarep kelas. Siswa
liyane nggatekake lan nyathet asile pengamatan kanthi nggatekake paugeran anggone mbiji
anggonmu crita kaya ing ngisor iki.
Imbuh Kawruh
Kagyatan 3
Ukara ing ngisor iki kalebu ukara ukara tanduk apa ukara tanggap!
Ukara Tanduk Ukara Tanggap
No Tuladha
( Kalimat Aktif ) ( Kalimat Pasif )
Wingi sore Ibu tindak Semarang nitih
1
mobil.
2 Mejane ki aja kotulisi to, Dhik!
3 Bapak nandur pelem ing mburi omah.
4 Sate samono akehe dakpangan dhewe.
Aku wingi diparingi budhe jambu
5
sakresek.
D. NULIS
Gatekna tuladha-tuladha crita legenda kang sumebar ing tlatah Jawa!
Crita legenda ing tlatah Demak
Kagyatan 1
Wangsulana kanthi patitis!
1. Apa irah-irahan crita legenda kasebut?
2. Kepriye isine crita legenda iku?
3. Ing tlatah kabupaten ngendi crita legenda kasebut?
4. Geneya crita Desa Mijen kalebu legenda?
5. Coba critakna maneh nganggo basamu dhewe crita legenda kasebut
Kagyatan 2
Ringkesan
1. Nguri-uri bisa ditegesake kagyatan kang diayahi dening kadang tani nalika nyawurake winih
nalika wiwit mangsa tandur. Kahti teges liya nguri-uri mudujake nandur utawa budidaya
sawijining bab.
2. Memetri tegese njaga, nglestarekake. Menawa wong tembung iku ddidadekake sawiji,
nguri-uri lan memetri, mula tegese mujudake sawijining rekadaya njaga ngrembakaning
budhaya Jawa kanggo tetep njaga murih lestari.
3. Kacarita semedine Bandung jugar, kamangka candhi wis dadi 999 mung kurang siji. Mula sawise
Rara Jonggrang nyedhaki lan ethok-ethok takon, Bandung banjur kawetu sabdane. Kanggo
ngganepi candhi mau ya kowe dhewe! Kena sabdane bandung sanalika Rara Jonggrang dadi
candhi sing kasewu.
4. Bebakalaning crita iku asring sinebut unsur intrinsik crita.
5. Wana tegese alas, Giri jenenge gunung. Nganti saiki papan mau dadi KUTHA WONOGIRI.
6. Kacarita, biyen ana nom-noman putra ratu kang bagus rupane, sugih kawruhe sarta seneng
mulang kawruh rupa-rupa. Jenenge Ajisaka.
7. Ukara Tanduk utawa kalimat aktif yaiku ukara sing wasesane awujud tembung kriya tanduk.
Tembung kriya kang dadi wasesa ing ukara tanduk padatan nggunakake anuswara ( (a)m, (a)n,
(a)ng lan (a)ny ).
8. Ukara Tanggap yaiku ukara sing wasesane ( sebutan ) oleh ater – ater tripurasa ( dak, ko, di )
utawa oleh seselan in.
9. Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg pangganggone , mawa teges entar ora ngemu surasa
pepindhan (ora nganggo gegambaran), tetembungane wantah utawa lumrah. Bebasan yaiku
unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) mawa gegambaran barang,
kahanan, sing digambarake iku sipate wong. Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone,
mawa teges entar (kiasan) mawa gegambaran kewan sing digambarake iku sipate wong.
Refleksi
Bab 4 wis rampung, ateges wis mungkasi pamulangan ing semester 1 iki. Sawise aku nyinau babagan
karangan persuasi, iklan, slogan, layang ulem lan babagan atur-atur liyane dadi nambahi seserepan
kang mumpangati kanggo bebrayan.
No Pranyatan Sarujuk Ora sarujuk
1 Aku wis ngreti crita legenda
2 Aku bisa nlesih isine crita legenda
3 Aku bisa nyebutake unsur intrinsik crita legenda
4 Aku bisa nyritakake sarana lesan crita legenda kang
dakngerteni
5 Aku bisa nulis crita legenda kang dakngerteni
6 Aku bisa gawe tuladha ukara tanduk
7 Aku bisa gawe tuladja ukara tanggap
8 Aku bisa nyebutake tuladha paribasan
9 Aku bisa nyebutake tuladha bebasan
10 Aku bisa gawe nyebutake tulada saloka
Bausastra
ngreksa : njaga
karemenane : senengane
giris : miris
penggalih : ati
sepi mamring : sepi banget
sarujuk : setuju
puguh : tetep, kukuh
sowan : seba, mara menyang omahe priyayi gedhe
nuli : banjur
diwanti-wanti : diweling
regejegan : padudon
Jurnal Maca
Bocah-bocah kanggo nambah seserepan lan ketrampilan babagan crita legenda coba goleka tuladha
saka buku, kalawarti, ariwarti, pamflet, baliho utawa internet lan liya-liyane kang ngemot babagan
kasebut. Uga bisa golek conto-conto layang ulem kang migunakake basa jawa. Yen wis banjur
ditlesih digatekake disaine, gambare lan basa kang digunakake. Para siswa, coba bukaken
sambungan : https://www.youtube.com/watch?v=yw8IJwLykyo&t=6s
Jenenge siswa : …………………………………………………………………………….
Isine crita legenda : ………………………………………………………………………………
Panyaruwe / tanggapan : ………………………………………………………………………………
No Pranyatan Gathukane
Reza maca buku cerita dongeng Rawa
1 a. lunga adoh
Pening
2 Bale daktendhang b. ukara tanduk
3 wewengkon c. dadi akeh
4 ngrembaka d. tlatah
5 ngumbara e. ukara tanggap
7. Pilihen bener/luput pranyatan ing ngisor iki kanthi menehi tandha centrang (v)!
No Ukara Bener Luput
1 Candi sewu padha karo Candi Prambanan
2 Bandung Bandawasa putrane Raja Gupala
3 Legenda nyirtakake babagan kepahlawanan
Ukara tanduk, wasesane karaketan ater-ater
4
tripurusa
unen-unen kang ajeg pangganggone , mawa
teges entar ora ngemu surasa pepindhan
5
(ora nganggo gegambaran), tetembungane
wantah utawa lumrah diarani bebasan
Kreatif : menghasilkan karya dan tindakan yang orisinal tentang pemahaman crita legenda.
Ancasing Pasinaon
Menyimak Berbicara
Peserta didik mampu menganalisis dan Peserta didik mampu menyampaikan gagasan,
mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dengan
pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau bahasa Jawa sesuai dengan kaidah unggah-
pesan yang akurat dari teks pacelathon ungguh basa dan tata bahasa secara lisan
dalam bentuk audiovisual atau aural. dengan kreatif.
Membaca Menulis
Peserta didik mampu membaca teks Peserta didik mampu menulis teks pacelathon
pacelathon dari teks visual dan audio visual. sesuai dengan kaidah unggah-ungguh basa dan
tata bahasa secara lisan dengan kreatif.
Tembung Kunci :
Teks dialog/pacelathon, Unggah-ungguh, jinising tembung, aksara jawa.
Pancadan Pasinaon
Kulak Warta Adol Prungon. Kulak tegese tuku samubarang kanggo didol maneh, ewodene
prungon tegese asiling ngrungokake. Pangertene “Kulak Warta Adol Prungon” yaiku golek warta
banjur dicritakake maneh. Anggone golek warta iku kanrhi maneka warna, ana sing saka rerasan,
ngrasani, ngrungokake omongane liyan, jejagongan, lan sapanunggalane. Lha nggone oleh kabar
mau banjur ditularake marang liyan, utawa marang wong liya.
Wong sing duwe kasenengan “kulak warta” saka biyen nganti saiki akeh banget. Kulak warta
iku bisa saka sapa wae, ngendi wae, lan saka media kang maneka warna. Saka sapa wae tegese
saben ketemu pawongan mesthi padha crita, padha ngrasani, padha pirembugan kang ora dirasa
jebul sulih warta siji lan sijine. Saka ngedi wae tegese warta iku bisa saka papan kang adoh, cedhak,
saka panggonan pagaweyan, panggonan kang kerep ditekani, lan panggonan panggonan kanggo
srawung liyane. Saka media kang maneka warna, biyen wong yen pengin entuk warta mesthi kudu
nglegagake nyetel radhio utawa televisi. Saiki warta akeh lan gampang banget dingerteni, saka
whatsap, facebook, twitter, lan liya-liyane awujud aplikasi kang nyawiji ana ing sajroning
handphone.
Dadi mung nggawa sagegeman handphone wae bisa entuk pawarta kang akeh lan cepet saka
salumahing donya iki. Pawarta iku ana sing sipate bener lan becik, ana uga sing ora bener lan ora
becik. Kanthi anane medhia sosial, saben dina kaya-kaya wong urip iku tansah “karoban pawarta”.
Kadangkala pawarta iku padha kang diomongake, nanging critane beda. Menawa ngelingi maneh
marang Serat Kalatidha R. Ngabehi Ranggawarsita, pupuh kaping papat ing tembang Sinom: “Dasar
karoban pawarta; Bebaratun ujar lamis; Pinudya dadya pangarsa; Wekasan malah kawuri .........
“ (amarga karoban pawarta, sing ora bener, arep didadekake pangarep, walesane ora dienggo .... ).
R Ngabehi Ranggawarsita uga tau dadi korbaning wong sing seneng “kulak berita adol prungon”.
Pancen warta iku dadi wigati menawa warta iku migunani lan bener, nanging bisa gawe tuna lan
nyilakani menawa warta iku ora bener.
Iki kabeh bisa dumadi amarga wong sing ngrungokake warta iku ditambah-tambahi sakarepe
dhewe kanggo maremake atine dhewe. Ana unen unen “Undhaking Pawarta Sudaning Kiriman
tegese pawarta lumrahe mundhak saka nyatane, nanging kiriman lumrahe suda. Wong yen menehi
kabar iku biasane ditambah-tambahi, nanging menawa ngirimake barang arupa raja brana biasane
dikurangi.
Pirembugan iki kabeh ana gegayutane karo pacelathon. Pacelathon mujudake wawan
rembug antarane wong loro utawa luwih ngenani sawijining bab. Mesthi wae kang dadi celathu
utawa omongan wujude warta. Mula yen nindakake pacelathon sabisa-bisa ngomongake warta
kang bener, becik, supaya ora gawe kapitunan marang wong liya. Saliyane iku, yen nindakake
pacelathon kudu ngugemu undha-usuking basa Jawa. Omongan antarane bocah karo bocah beda
karo omongan antarane bocah marang wong tuwa utawa wong kang luwih tuwa. Omongan
antarane bocah lan bocah, sakarone cukup nggunakake basa ngoko lugu. Omongan antarane bocah
kalawan wong tuwa utawa wong kang luwih tuwa, sing luwih enom (bocah) becike migunakake basa
krama, wondene wong tua utawa wong kang luwih tuwa biasane migunakake basa ngoko. Iku
tegese wong sing luwih enom ngajeni marang wong kang luwih tuwa.
(Dening: S,Harno)
Samekta Sinau
Wangsulana kang patitis!
1. Apa tegese kulak warta adol prungon?
2. Apa tegese undhaking pawarta sudaning kiriman?
3. Warta iku bisa digoleki saka apa wae?
4. Apa gegayurane kulak warta adol prungon, undhaking pawarta sudaning kiriman, lan
pacelathon?
5. Pacelathon sing kepriye sing tau ditindakake para siswa?
PURWAKA
Sawise sinau ing piwulangan iki, kaangkah siswa bisa:
1. ngreti babagan pacelathon, nulis aksara Jawa
2. nyebutake jinise parikan, cangkriman, purwakanti
A. NYEMAK
Rudi : “Bud, Bud ..., liburan semester ganep sesuk kowe duwe angen- angen dolan apa ora
?”
Budi : “Wah ya jelas to Rud, lha piye saben dina nguprek- uprek tugas wae ya perlu
refresing barang to.”
Rudi : “Bener kandhamu Bud. Awake dhewe perlu sawetara nglalekake wulangan-
wulangan ing sekolahan, saperlu ngedhemke pikir. Banjur rencanamu arep menyang
ngendi?”
Budi : “Karepku ya ora prelu menyang adoh-adoh, cedhak wae. Aku kepengin menyang
pantai Morosari, jarene masku sesawangane endah tur nengsemake.”
Rudi : “Pantai Morosari kuwi dununge ing ngendi Bud, aku kok lagi wae krungu jeneng
kuwi.”
Budi : “Wah ... kowe ki jan ketinggalan tenan, wong Demak tulen kok ora ngerti pantai
Morosari. Pantai Morosari kuwi ana desa Bedono kecamatan Sayung. Penere arah
Semarang, yen wis tekan kreteg Sayung ana gapura “Selamat Datang di Pantai
Morosari Sayung Demak“, mlebu udakara 3 km.”
Rudi : “O... jebule ing Demak to. Ngertiku pantai mung Bandengan karo pantai Kartini ing
Jepara.”Jaremu sesawangane apik, ana apa wae?”
Budi : “Ora kalah karo pantai Bandengan lan pantai Kartini. Manawa arep plesiran nganggo
perahu wis sumadya, arep numpak speed ya ana, arep jajan ing restoran ya cumepak,
bocah-bocah cilik yen kepengin numpak bebek-bebekan ya ana. Yen mung kepengin
lungguh-lungguh karo nyawang banyu segara kang biru ya ora kalah eloke. Lan sing
ndadekake nambahi regenge pantai Morosari yaiku anane makam ulama Syekh
Abdullah Mudzakir kang mapan ing tengahe segara. Dalan tumuju makam kuwi kudu
ngliwati kreteg kayu kang dawa banget.”
Rudi : “Wah ... aku krungu critamu dadi kepengin ndang weruh. Sesuk yen kowe arep mrana
aku dikabari ya, aku tak melu.”
Budi : “Beres, ... sing penting traktirane aja lali.”
Rudi : “Aja sumelang, prakara kuwi gampang. Wis ya Bud, ayo padha mlebu kelas sajake bel
mlebu kelas wis muni.”
Budi : “Iya , ayo.”
Kagyatan 1
Wangsulana pitakon- pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Basa apa kang digunakake Budi lan Rudi ing pacelathon dhuwur?
Wangsulan : .......................................................................................................
2. Liburan semester ganep Budi arep liburan menyang ngendi?
Wangsulan : .......................................................................................................
3. Geneya Rudi uga nyarujuki rencanane Budi ?
Wangsulan : .......................................................................................................
4. Pantai ngendi sing wis tau koktekani?
Wangsalan : .......................................................................................................
5. Jelasna arahe dalan tumuju pantai Morosari !
Wangsulan : .......................................................................................................
Imbuh Kawruh
• Bab Panambang
Panambang utawa “akhiran” yaiku wuwuhan sing dumunung ing samburine tembung lingga.
Panulise kudu sumambung karo tembung linggane ( serangkai ).
Panambang ing basa Jawa iku cacahe akeh banget, kayata : -i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -ane
lan -ake.
Ing ngisor iki bakal kababar panambang -e, -an, lan -ane.
1. Panambang -e (-ipun)
Panambang -e manawa diraketake tembung lingga kang pungkasane aksara swara malih dadi -
ne, yen pungkasane konsonan ajeg. Semono uga panambang -ipun.
kanca + -e - kancae = kancane
kanca + -ipun - kancaipun = kancanipun
dalem + -e - daleme = daleme
dalem + -ipun - dalemipun = dalemipun
2. Panambang -an
Panambang -an kang rumaket ing tembung kang pungkasane aksara swara ngalami
owah-owahan.
Tuladha :
... u + -an on , tuladha: turu + -an = turon
guyu + -an = guyon
sepatu + -an = sepaton
... i + -an en , tuladha:tari + -an = taren
kunci + -an = kuncen
klambi + -an = klamben
... e + -an en , tuladha: duwe + -an = duwen
gawe + -an = gawen
gedhe + -an = gedhen
... a + -an an , tuladha: blanja + -an = blanjan
sanja + -an = sanjan
gawa + -an = gawan
Panambang -an kang rumaket ing tembung kang pungkasane aksara sastra (konsonan)
ora ngalami owah-owahan/ajeg, mung diraketake wae.
Tuladha :
sarung + -an = sarungan tulis + -an = tulisan
kudhung + -an = kudhungan gambar + -an = gambaran
gunung + -an = gunungan thukul + -an = thukulan
3. Panambang ane
Panambang -ane manawa diraketake ing tembung lingga kang pungkasane aksara swara malih
dadi -nane, yen rumaket ing tembung kang pungkasane konsonan ora ana owah-owahan.
bali + -ane -baliane = balenane
tuku + -ane -tukuane = tukonane
tali + -ane - taliane = talenane
gambar + -ane = gambarane
pakan + -ane = pakanane
sundhul + -ane = sundhulane
Tegese panambang -ane
gambarane = asile nggambar
pakanane = tembung aran ( kata benda )
Kagyatan 4
Tembung-tembung ing sajroning kurung ngisor iki wenehana panambang (-e, -an, -ana utawa
-ane ) supaya dadi ukara kang becik !
1. ( tulis ) mbakyuku rajin lan rapi.
Wangsulan :...............................................................................................................................
2. Iki ( gambar ) sapa ya kok apik banget!
Wangsulan :...............................................................................................................................
3. Jogane (sapu), kareben resik.
Wangsulan : ..............................................................................................................................
4. Adhimu kenapa, kok (tangis) nganti kaya ngono.
Wangsulan : ..............................................................................................................................
5. Yen kowe arep lunga ya lungaa, mengko bengi omahmu tak (turu).
Wangsulan : ..................................................................................................................
Imbuh Kawruh
PARIKAN
Parikan iku unen-unen utawa tetembungan rong gatra kang kedadean saka ada ada lan isi
utawa wosing ukara.
Kang kaprah ing bebrayan Jawa, parikan iku ana pirang-pirang werna, ing antarane:
1. Parikan rong gatra kanthi pedhotan 4 – 4, lan 4 – 8
Tuladha :
Pedhotan 4 – 4 Pedotan 4 – 8
a.Ngasah arit nganti landhep a. Kembang menur, tinandur ing pinggir sumur
Dadi murid kudu sregep Yen wis makmur, aja lali mring sedulur
b.Nyangking ember kiwa tengen b. Rujak nanas, pantes den wadhahi gelas
Lungguh jejer tamba kangen Tiwas-tiwas, nglabuhi wong ora waras
3. Parikan padinan,
Parikan iki ora nganggo paugeran cacahing pakecapan utawa wanda, nanging tibaning
swara kang dipentingake
Tuladha :
a. Purwadadi rak kuthane, sing dadi rak nyatane
b. Semarang kaline banjir, ja sumelang yen ra dipikir
c. Luwak mangan tales, awak yen lagi apes
d. Tembok pating cloneh, jare kapok kok njaluk maneh
e. Timun diiris-iris, ngalamun rauwis-uwis
Kagyatan 5
Tugas pribadi
Goleka banjur tulisen parikan kang isih keprungu digunakake ing sakiwa tengenmu!
Wangsulan .
1. .................................................................................................................
2. .................................................................................................................
3. .................................................................................................................
4. .................................................................................................................
B. MACA
Pacelathon ing ngisor iki wacanen!!
Wacanen pacelathon ing ngisor iki banjur tindakna ing ngarep kelas !
Kagyatan 3
Gawea pacelathon antarane Pak Rohmad guru Basa Jawa karo Budi, bocah kelas 8 kang isine
nyuwun pirsa tugas sing diparingne wingi, amarga wingi Budi lara, ora mlebu sekolah.
(Gawenen limang larik saben paragane, sawise iku banjur paragakna karo kancamu !)
Imbuh Kawruh
PURWAKANTHI
a. GURU SWARA
Mujudake runtuting aksara swara ana ing tetembungan sajroning ukara
Tuladha :
1. Ana awan, ana pangan
2. Ana bungah, ana susah iku wis lumrah
3. Adigang, adigung, adiguna
4. Desa mawa cara, Negara mawa tata
5. Gelem obah mesthi mamah
6. Yen menang, aja njur sewenang – Wenang
7. Yen krase enak, aja njur lali anak, lali bojo, lali tangga, lali kanca
b. GURU SASTRA
Mujudake runtuting aksara sigeg (konsonan) ana ing tetembungan sajroning ukara
Tuladha :
1. Aja dhemen memada, dhateng sapadhaning dumadi
2. Tata titi tutug tatag, tanggung tertib
3. Tata tertib, tartamtu tentrem
4. Tabari nastiti lan ngati-ati, mesthi bakal dadi
5. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tutwuri handayani
6. Tatag, teteg bakal tutug
c. LUMAKSITA
Mujudake runtute tetembungan ing samburine ukara lan tetembungan ing sangarepe
ukara
Tuladha :
1. Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
2. Bayem arda, ardane nerasuk busana
3. Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik – cilik
4. Mangan ati, atine sing kelara – lara
5. Nandhang lara, larane wong lara lapa
6. Pandha suta, suta madyaning pandhawa
Kagyatan 4
Nlesih jinise purwakanthi
No Tuladha Purwakanthi Titikane Tegese
1 Bobot, bibit, bebet
2 Rujuk degan, degane krambil ijo
3 Inggih-inggih, ora kepanggih
4 Katula-tula, kataali
5 Remuk rempu, rempu dadi awu
6 Laras, lurus, leres, laris
Sing gelem ngalah, bakal luhur
7
wekasane
8 Makuta, makuti, makuten
9 Witing tresna, jalaran saka kulina
Saking tresna, tresnane mung
10
samudana
C. WICARA
Kagyatan 1
Maragakake pacelathon
Karesikan lan Kasarasan
Vita : “Zal, ana unen-unen karesikan iku undering kasarasan, iku tegese piye ?”
Rizal : “Wah, lha sing menehi pitakonan iku sapa, ta ?”
Vita : “Ya sajane ora ana sing takon, ngepasi aku ngrungokake ceramah saka
petugas Dinas Kesehatan ing antarane ukara kasebut ana ukara kang
kawedharake yaiku kabersihan pangkal kesehatan. Lha ukara mau bajur
dakowahi dadi ukara basa Jawa kaya iku.”
Bu Dhe Rini : “Wah lha kok kreatif tenan kowe Vit.”
Rizal : “Lha inggih Bu Dhe, kula kinten wonten garapan saking dwija basa Jawi.
E, kok malah damel ukara piyambak. Lha tegesipun kinten-kinten pripun
Bu Dhe ?”
Vita : “Lho kok malah Mas Rizal takon Bu Dhe, iki piye ta ?”
Rizal : “Iya Vit. Yen koktakoni kaya ngono ya padha karo raseksa mlebu leng
yuyu.”
Vita : “Lho kok malah tekan leng yuyu barang.”
Bu Dhe Rini : “Iya Vit, iku rak batangane ora bisa ta. Mosok raseksa bisa mlebu leng
yuyu. Rak ya ora bakal klakon ta.”
Vita : “Walah, kula sansaya tambah mumet Bu Dhe. Lha pitakenan kula kala
wau wangsulanipun pripun, Bu Dhe ?”
Bu Dhe Rini : “Karesikan iku underaning kasarasan tegese samubarang kang resik mesthi
tansah nuwuhake bab kang sehat. Tuladhane, yen njaga karesikan
lingkungan, seneng reresik saluran banyu saumpamane. Yen saluran
banyu kerep diresiki, ing tembe ora bakal kanggo ngrembaka lemut.
Mula, saora-orane ora bakal kena lelara Demam Berdarah. Nanging
suwalike, yen got reged banget, dienggo susuh lemut utawa bakteri
liyane, bisa nuwuhake maneka warnaning lelara kayata DB, diare,
muntaber, lan sapanunggalane.”
Rizal : “Karepku ya kaya Bu Dhe Rini iku Vit, ning aku ora bisa njlentrehake.”
Bu Dhe Rini : “Wis kana ndang mangkat, daksangoni slamet ya.”
Rizal lan Vita : “Inggih Bu Dhe, matur nuwun.”
Kagyatan 2
Tugas Pribadhi
Sawise kosemak pacelathon A lan B mau, wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi patitis !
1. Apa kang dadi underaning gagasan ing pacelathon ?
2. Pacelathon migunakake tataran basa apa ?
3. Apa kang dadi underaning gagasan ing pacelathon ?
4. Pacelathon migunakake tataran basa apa ?
5. Adhedhasar pacelathon , kepriye mungguh panemumu ing bab olehe
migunakake basa ing atarane para paraga ? Jlentrehna !
Imbuh Kawruh
Ing pacelathon kasebut ana tetembungan padha karo raseksa mlebu ing leng yuyu, wangsulane ya
ora bisa, wong raseksa wujude gedhe, kamangka leng yuyu bolongane mung cilik banget.
Tetembungan kasebut awujud bedhekan. Unen-unen kang kudu dibedhek utawa dibatang
kekarepane kaya tuladha kasebut adate diarani Cangkriman. Cangkriman iku bisa kaperang dadi :
cangkriman wancahan, cangkriman pepindhan (irib-iriban), cangkriman blenderan, lan cangkriman
ing tembang.
a. Cangkriman wancahan
Yaiku cangkriman kang wujude unen-unen kang dicekak (diwancah).
Tuladha :
- Pakboletus : Tapak kebo ana lelene satus
- Burnas kopen : Bubur panas kokopen
- Dhahbong lengyu : Dhadhah kobong celenge mlayu
b. Cangkriman pepindhan (irib-iriban) barang
Tuladha :
- Sega sakepel dirubung tinggi : salak
- Pitik walik saba kebon : nanas
- Pitik walik saba meja : sulak
- Embokne wuda anake tapihan : pring
c. Cangkriman blenderan
Tuladha :
- Yen mangan ana sirah, yen turu ana sirah, yen bebuwang ana sirah : tinggi
- Wong wis gedhe kok senenge ngguyu tuwa : nangsis
d. Cangkriman ing tembang
Tuladha :
Bapak pocung rupane saengga gunung
Tan ana kang tresna
Kabeh uwong mesthi sengit
Yen kanggonan dilus elus tinangisan
(bedhekane wudun)
Bapak pocung renteng renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokane wesi miring
Saben dina ditumpaki pra manungsa
(bedhekane : sepur)
Kagyatan 4
Golekana tegese cangkriman ing ngisor iki !
1. Wiwawitelesmbadhonge : ...........................................................................
2. Embokne dilus elus, anake diidak-idak : ...............................................................
3. Gajah nguntal sangkrah : .......................................................................................
4. Bapak pocung yen ditata kaya gunung
Kanggo tutup omah
Gawene srana kabesmi
Ana sing pres lan mantili jinis ira
Bedhekane : ...............................................................................................................
5. Bapak pocung saben papan ira ana warung
Golek bandha donya
Leladi kang tuku ugi
Yen wis kukut etung etung asil ira
Bedhekane : ................................................................................................................
D. NULIS
Nulis Pacelathon
Para siswa kabeh, mesthine saben dina tau nindakake pacelathon utawa tau weruh wong
liya sing nindakake pacelathon. Mbuh kuwi nalika ing omah, ing sekolah, ing pasar, kepara malah
ing TV, youtube utawa ing media liyane. Kejaba kuwi, para siswa uga mesthi ana sing wis tau maca
pacelathon sajrone kalawarti, internet, lan buku pelajaran.
Supaya para siswa mangerteni isine pacelathon kuwi temtune rak ya kudu paham unsur-
unsure. Kudu ngerti sapa wae paragane, bab apa kang diomongake, luwih-luwih basa apa kang
digunakake. Mula, ing pasinaon iki para siswa kabeh arep dijak sinau babagan pacelathon, piye
supaya paham isine pacelathon apa wae kang disiyapake nalika arep nulis lan nindakake pacelathon.
Tumrape wong Jawa pacethon ora bisa dipisahake karo unggah-unggguh basa. Wong Jawa
kudu reti trap trapane unggah-ungguh basa kang bener, awit wong Jawa iku nengenake banget tata
krama, rasa ngajeni lan ngurmati tumrape wong liya.
CARANE NULIS PACELATHON
1. Nemtokake topik pacelathon kang arep ditulis
2. Nemtokake latar/setting
3. Nemtokake paraga kang ana ing pacelathon
4. Nemtokake diksi/ ragam basa kang arep digunakake ing pacelathon
5. Anggone nulis pacelathon kudu nggunakake ukara langsung
6. Panulisane pacelathon kudune nganggo tanda petik loro (“)
7. Anggone nulis pacelathon kudu runtut miturut urutan crita kang logis
8. Ejaan kang digunakake miturut tata basa baku basa Jawa.
Kagyatan 4
Imbuh Kawruh
a. = pancen e. = panjang
b. = kuncung f. = kranjang
d. = pancing h. = banjir
Penget :
Tumrap ing panulisan nganggo aksara jawa Manawa ing sajroning tembung sigeg utawa
Ringkesan
10. Panambang utawa “akhiran” yaiku wuwuhan sing dumunung ing samburine tembung lingga.
Panulise kudu sumambung karo tembung linggane ( serangkai ).
11. Parikan iku unen-unen utawa tetembungan rong gatra kang kedadean saka ada ada lan isi utawa
wosing parikan.
12. Purwakanti guru swara : mujudake runtuting aksara swara ana ing tetembungan sajroning ukara.
Purwakanthi guru sastra : mujudake runtuting aksara sigeg (konsonan) ana ing tetembungan
sajroning ukara. Purwakanthi lumaksita : mujudake runtute tetembungan ing samburine ukara
lan tetembungan ing sangarepe ukara.
13. Unen-unen kang kudu dibedhek utawa dibatang kekarepane kaya tuladha kasebut adate diarani
Cangkriman. Cangkriman iku bisa kaperang dadi : cangkriman wancahan, cangkriman
pepindhan (irib-iriban), cangkriman blenderan, lan cangkriman ing tembang.
14. Supaya para siswa mangerteni isine pacelathon kuwi temtune rak ya kudu paham unsur-unsure.
Kudu ngerti sapa wae paragane, bab apa kang diomongake, luwih-luwih basa apa kang
digunakake. Mula, ing pasinaon iki para siswa kabeh arep dijak sinau babagan pacelathon, piye
supaya paham isine pacelathon apa wae kang disiyapake nalika arep nulis lan nindakake
pacelathon.
15. Tumrap ing panulisan nganggo aksara jawa Manawa ing sajroning tembung sigeg utawa paten
na ( ) ketemu ja ( ) atawa ca ( ), sigeg na ( ) mau owah dadi nya
Refleksi
Bab 8 wis rampung, ateges wis mungkasi pamulangan ing semester 1 iki. Sawise aku nyinau babagan
pacelathon dadi nambahi seserepan kang mumpangati kanggo bebrayan.
5. Pilihen bener/luput pranyatan ing ngisor iki kanthi menehi tandha centrang (v)!
No Ukara Bener Luput
1 Burnas kopen: subur panas kokopen
2 Pitik walik saba meja arane sulak
Panulisane pacelathon ora kudu nganggo
3
tanda petik loro (“)
4 = panjang
5 = kuncung