Anda di halaman 1dari 20

MODUL BAHASA JAWA KELAS XII

PIWULANGAN 1
Seni Pertunjukan
Tradisonal
KATA PENGANTAR

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung,
awit sih lan kanugrahanipun modul ajar punika saged karampitaken kanthi prayoga.
Modul punika ngemot materi piwulangan Basa Jawa kagem kelas XII semester
ganjil kanthi materi piwulangan 1 : Seni pertunjukan Tradisional. Kanthi modul
punika saged dipunsinau babagan Seni Pertunjukan Tradisional Jawa mliginipun
ingkang dipunrembag Ringgit (Wayang).
Modul punika dipundamel minangga sarana piwulangan daring
(pembelajaran jarak jauh) kagem siswa kelas XII SMKN 1 Nglipar. Kaangkah modul
punika saged gampilaken piwulangan saha mindhakaken seserepan para siswa
babagan Seni Pertunjukan Tradisional. Para siswa saged sinau mendiri lumantar
modul punika, satemah saged nggayuh Kompetensi Dasar ingkang sampun
dipuntetepaken.
Kawula ngrumaosi anggenipun nyerat modul punika kathah kakirangan, sae punika
wosipun, basanipun, menapa dene caranipun ngaturaken. Pramila, kawula tansah
ngantu-antu panyaruwe menapa dene pamanggih saking para pamaos kangge
nyampurnakaken modul punika. Mugi-mugi modul punika saged mupangati tumrap
sedaya pamaos mliginipun para siswa kelas XII SMKN 1 Nglipar.

Nglipar, 11 Juli 2022

Panyerat.

2
DAFTAR ISI

PENDAHULUAN .............................................................................................................. 4
MATERI POKOK .............................................................................................................. 6
GLADHEN ...................................................................................................................... 15
DAFTAR PUSTAKA ....................................................................................................... 20

3
PENDAHULUAN

A. Pandom Kagem Siswa


Supaya pikantuk asil pasinaon ingkang sae, anggenipun migunakaken modul
punika saged gatosaken paugeran ing ngandhap :
1. Kawaosa saha gatosaken kanthi permati andharan materi ingkang wonten
ing saben bab. Menawi wonten materi ingkang kirang cetha, siswa saged
nyuwun pirsa dhateng guru lumantar Whats app.
2. Garap saben gladhen saha ayahan (soal dan latihan) kangge ngukur
ketrampilan saha pangertosan siswa babagan materi ingkang sampun
dipunsinau.
3. Menawi dereng saged anggenipun garap gladhen utawi ayahan,
kasumanggakaken dhiskusi kaliyan kanca sejawat, utawi nyuwun pirsa
dhateng guru.

B. Kompetensi Dasar lan Tujuan Pembelajaran


1. Kompetensi Dasar
3.1. Memahami seni pertunjukan tradisional Jawa dari berbagai media
Indikator pencapaian :
3.1.1 Menjelaskan hakikat Karateristik, fungsi dan manfaat seni
pertunjukan
3.1.2 Mengidentifikasi kata-kata sukar wacana yang membahas
Karateristik, fungsi dan manfaat seni pertunjukan
3.1.3 Mendeskripsikan karateristik, fungsi dan manfaat seni pertunjukan
3.1.4 Mendeskripsikan ajaran moral seni pertunjukan
4.1. Menceritakan dan menanggapi seni pertunjukan tradisional Jawa dari
berbagai media.
Indikator pencapaian :
4.1.1 Menjelaskan hakikat menginterpretasi Karateristik, fungsi dan
manfaat seni pertunjukan
4.1.2 Menginterpretasi Karateristik, fungsi dan manfaat seni pertunjukan
4.1.3 Memprentasikan laporan tentang Karateristik, fungsi dan manfaat
seni pertunjukan
4.1.4 Menanggapi presentasi teman/ kelompok lain
2. Tujuan Pembelajaran
1) Selama dan setelah proses pembelajaran siswa mensyukuri anugerah
Tuhan keberadaan bahasa Jawa dan menggunakannya sesuai kaidah dan
konteks mempersatukan bangsa.
2) Selama dan setelah proses pembelajaran, siswa dapat menunjukkan rasa
syukur atas anugerah Tuhan akan keberadaan bahasa Jawa dan
menggunakannya sebagai sarana komunikasi dalam memahami dan
menginterpretasi Karateristik, fungsi dan manfaat seni pertunjukan.
3) Selama dan setelah proses pembelajaran, siswa menunjukkan prilaku jujur,
disiplin, tanggung jawab, dan proaktif dalam menggunakan bahasa Jawa
untuk memahami dan menginterpretasi Karateristik, fungsi dan manfaat
seni pertunjukan.

4
4) Setelah membaca contoh Karateristik, fungsi dan manfaat seni pertunjukan
dan mendiskusikan, siswa dapat menentukan Karateristik, fungsi dan
manfaat seni pertunjukan hasil observasi baik melalui lisan maupun tulisan.
5) Setelah memahami Karateristik, fungsi dan manfaat seni pertunjukan dan
mendiskusikan, siswa dapat Mempresentasikan Karateristik, fungsi dan
manfaat seni pertunjukan.

C. Materi Pokok lan Sub Materi


1. Sejarah Ringgit/Wayang
2. Jenis-Jenis Wayang
3. Kawruh Bab Wayang Purwa
3.1. Babon Cariyos Wayang Purwa
3.2. Ubarampe/ Piranti Pagelaran Wayang
3.3. Ciren Wujuding Wanda Gagrag Sala-Yogya

5
MATERI POKOK

1. Sejarah Ringgit/ Wayang


Wayang punika salah satunggaling kabudayan ingkang dumadi saking
wewayangan ingkang sinungging, wayang wiwit wonten ing samadyaning bebrayan
ageng tiyang Jawa udakara abad kaping-1, rikala jaman Prabu Airlangga.
Wayang punika gadhah teges ingkang manéka warna. Wonten ingkang
mastani bilih wayang punika saking tembung “Ayang-ayang” minangka
gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang punika cekakan
saking tembung “WAyahé sembahYANG” ingkang tegesipun wayahipun Sholat.
Sanèsipun nyebataken bilih wayang punika cekakan saking tembung
“WAHANANÉHYANG” Tembung Wahana tegesipun panggènan, déné tembung
Hyang tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad.
Wayang punika wiwit saking dipunwontenaken ngantos dumugi dinten
punika sampun kathah ingkang dipunowahi. Wondéné cak-cakanipun wayang
kados ing ngandhap punika;
a. Jaman Mataram kina (Medhang), Kadiri, wandanipun wayang taksih
arupi gambar ingkang sinungging ing lulang, wondéné cariyosipun
mendhet cariyos saking lampahan-lampahan para pepundhèn lan
leluhur tiyang Jawa.
b. Jaman Majapahit, wandanipun wayang taksih sami kaliyan jaman
Mataram Kina punapadéné Kadiri namung sampun langkung pepak
gegambaranipun, cariyosipun kathah mendhet saking lampahan Panji
Inu Kertapati lan Galuh Candra Kirana.
c. Jaman Demak, wandanipun wayang sampun dipunukir kadosdéné
wayangwayang jaman sapunika. Ingkang dipunwiwiti déning para wali.
d. Jaman Mataram Islam, Kartasura, Surakarta lan Ngayogyakarta,
wandanipun wayang sampun pepak kados ingkang saged dipunpirsani
ngantos dumugi sapunika.

2. Jinising Wayang
Salajengipun jinising wayang lan lampahan ingkang ginelar wonten pagelaran
wayang ;
a. Wayang Bèbèr, wujudipun lulang ingkang sinungging tanpa tinatah,
mendhet lampahan cariyos Panji.
b. Wayang Purwa, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran,
mendhet lampahan cariyos Mahābhārata lan Rāmāyaṇa.
c. Wayang Madya, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran,
mendhet lampahan cariyos Jaman Jayabaya, Gendrayana, Yudhayana.
d. Wayang Golèk, wujudipun saking kajeng ingkang inukiran, mendhet
lampahan cariyos ménak menawi ing Jawa lan Mahābhārata menawi ing
tanah Pasundan.

6
e. Wayang Klithik, wayang ingkang nyariosaken babad tanah Jawa lan
Pasundan, wujudipun kadamel saking kajeng nanging saèmper wayang
kulit.
f. Wayang Gedhog, wandanipun saèmper wayang kulit purwa namung
bèntenipun boten mawi gelung supit urang, cariyosipun mendhet
lampahan saking cariyos Panji.
g. Wayang Kancil, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran mawi
gegambaran sato kewan. Mendhet lampahan cariyos para kewan.
h. Wayang Wong, wayang ingkang paraganipun tiyang lan mendhet lampahan
Mahābhārata lan Rāmāyaṇa.

Saking jinising wayang ingkang sinebat ing nginggil kalawau, wayang purwa
saha wayang wong ingkang kathah dipungandrungi dening tiyang Jawa, wayang
punika mendhet lampahan saking babon Mahābhārata lan Rāmāyana ingkang
sampun rinonce dening para Pujangga Jawa satemah wonten bentenipun kaliyan
babon aslinipun ingkang saking India.

3. Kawruh Bab Wayang Purwa


3.1. Babon Cariyos Wayang Purwa
Wayang purwa punika asring dipunwastani wayang kulit. Wayang
purwa punika saben dipunpentasaken cariyosipun benten-benten. Cariyos
ingkang dipunpentasaken ing wayang kulit punika dipunwastani lampahan.
wayang punika mendhet lampahan saking babon Mahābhārata lan
Rāmāyana ingkang sampun rinonce dening para Pujangga Jawa satemah
wonten bentenipun kaliyan babon aslinipun ingkang saking India. Awit
wayang punika rumiyin minangka salah satunggaling sarana dakwah para
wali, pramila sarining cariyos India ingkang taksih mambet kaliyan Hindu
dipunkirangi sakedhik mbaka sakedhik ngantos boten katingal Hindunipun.
Babon aslinipun ingkang saking India punika winastan kitab Mahābhārata
lan Rāmāyaṇa.
3.1.1. Mahabharata
Mahābhārata punika salah satunggaling kitab suci tumrap tiyang
Hindu India ingkang isinipun nyariosaken gumelaring jagad wangsa
Bhārata ingkang dipunwastani pandava lan kaurava ugi nyariosaken
gumelaring perang ageng Bhārata Yuddha (utawi perangipun darah
Bhārata) wonten ing cariyos punika kawontenanipun perang boten
namung dipunjalari rebatan negari namung ugi minangka
pralambang tedhakipun avatar Wisnu minangka Krishna ingkang
nedya nggulung kamurkan saha kliliping jagad lumantar Arjuna lan
para Pandawa.
Mahābhārata punika ugi sinebut Asthadaça parva awit wujudipun
wonten wolulas bab, saking wolulas bab punika namung wolung
parwa ingkang ngantos wekdal punika pinanggih sinungging mawi
sastra Jawa kina antawisipun wolung parwa punika;
1) Ādiparwa, nyariosaken yajna sarpa (ngurbanaken sekabehing
naga salumahing jagad) déning Raja Janamejaya putranipun

7
Prabu Parikesit, wayahipun radèn Abimanyu, utawi buyutipun
Arjuna. lan asal usulipun Pandhawa – Kurawa ngantos dumugi
dhaupipun Arjuna kaliyan Sembadra.
2) Wirātaparwa, nyariosaken lelampahanipun para Pandhawa ing
nagri Wirata
3) Udyogaparwa, nyariosaken lampahan kresna duta.
4) Bhiçmaparwa, nyariosaken jumenengipun resi Bhisma
minangka senapati perang Kurawa lan Bhagawad Gita sarta
perang ageng Bhārata Yuddha.
5) Āśramawāsaparwa, nyariosaken lampahan sasampunipun
perang Bhārata Yuddha.
6) Mosalaparwa, nyariosaken lampahan sirnaning bangsa Yadu
kawulanipun prabu Kresna.
7) Prasthanikāparwa, nyariosaken jumenenganipun Parikesit
minangka ratu ing nagri Astina.
8) Swargarohanaparwa, nyariosaken sédanipun para Pandhawa
lan kawontenanipun ing Jaman kelanggengan

8
3.1.2. Ramayana
Ramayana nyariyosaken lelakoné Sri Rama kang ngrebut manèh
Sita. Rahwana nyulik Sita supaya kersa dipekgarwa. Rama banjur
ditulungi déning para wanara lan kasil ngrebut Sita malih. Menawi
salebeting Mahābhārata Wisnu tedhak ing ngalam donya minangka
Krishṇa salebeting Rāmāyana Wisnu tedhak ing donya minangka
Rāmā ingkang kagungan jejibahan nggulung angkara murkanipun
Rahwana ratu ing Alengka.
Kitab Rāmāyana wonten pitung kanda (bab) antawisipun;
1) Balakānda, nyariosaken lelampahanipun prabu Dasarata.
2) Ayodhyakānda, nyariosaken lelampahan alitipun Rāmā
ngantos sayembara Sinta lan dhaupipun Rāmā kaliyan Sinta.
3) Aranyakānda, nyariosaken lelampahan Rāmā, Sita, lan
Lakshmana ing madyaning wana, lan cariyos Rahwana ndusta
Sita.
4) Kiskhindhyakānda, nyariosaken lelampahanipun Subali lan
Sugriwa.
5) Sundarakānda, nyariosaken lampahan Rāmā tambak lan
cariyos Anoman obong.
6) Yuddhakānda, nyariosaken lampahan perang antawisipun
Rāmā lan Rahwana (Dasamuka).
7) Uttarakānda, nyariosaken lampahan sasampunipun perang lan
cariyos Sita obong.

3.2. Perangan/Babak ing Lampahan Pagelaran Wayang Kulit


Pagelaran wayang kulit utawi ringgit wacucal ringgit purwa sedalu natas
kapantha dados tigang perangan, inggih punika
• Perangan sepisan pathet enem (pathet lasem) inggih punika wiwit jam
21.00 dumugi jam 24.00.
• Perangan kalih pathet sanga, saking jam 24.00 dumugi jam 03.00
• Perangan pungkasan pathet manyura, saking jam 03.00 dumugi watawis
jam 05.00. Tembung 'manyura' saking tembung Kawi (Jawa kuna)
ingkang tegesipun merak' (peksi merak) Kasebat pathet manyura
(merak) awit pathet punika ing wanci "perak ésuk"

Ing lampahan punapa kemawon, urut-urutaning lampahing cariyos sadaya


sami inggih punika

Babak 1 : Pasewakan Ing jejer pasewakan punika Sang Prabu


Pathet kaadhep déning patih, saha para
Enem paramparaning kraton ngrembag
satunggalipun prakawis. Jejer punika
nggambaraken punapa ingkang
dipunpenggalih (getering cipta) Ing
jejeran sepisanan punika minangka bibit

9
kawitipun sadaya ingkang badhe
kagelar
Kadhatonan adegan ing salebeting keraton (Gupit
utawi mandragini papanipun prameswari),
Gupitmandragini pepanggihan antawisipun Sang Prabu
kaliyan Prameswari (pria lan wanita),
ingkang nggambaraken pikir lan raos
dumados karsa (niat), inggih punika
niyat kanggé gadhah turun (anak).
Paseban jaba Patih ngandharaken punapa ingkang
dados wosing pirembagan ing
pasewakan agung dhateng para mantri
lan putraning narendra. Salajengipun
paring dahwuh kanggé nyamektakaken
wadyabala (prajurit). Adegan punika
nggambaraken lahiripun si jabang bayi.
Bodholan bidhaling wadya bala kanthi pratandha
(budhaling suluk "Ada-ada Hastakuswala" lan "Ada-
wadyabala) ada Budhalan Mataraman. Adegan
punika nggambaraken polahipun sang
jabang bayi ingkang wimbuh umuripun
Jejer sabrangan adegan ing keraton sabrang. Sang
Prabu ingkang ngrembag satunggaling
prekawis kaliyan patih saha sentana
sanesipun Adegan punika
nggambaraken si jabang bayi sampun
dados lare (bocah), lan wiwit gadhah
pipinginan.
Perang gagal Wonten 2 adegan perang ing pathet
enem, inggih punika
1) Perang ampyak, dipungambaraken
kanthi para prajurit (rampogan) ingkang
nembe ndandosi margi, Adegan punika
dipungelar sasampunipun prajurit
dipunbidhalaken.

2) Perang simpangan,
dipungambaraken prajurit kraton ing
jejer sapisanan kapanggih kaliyan
prajurit nagari sabrang lajeng dados
gesehing rembag ngantos paprangan
Ananging kakalihipun lajeng meper
paprangan awit taksih wonten kewajiban
ingkang langkung wigati Perang punika
kagelar sasampunipun jejer kraton
sabrang. Perang wonten ing pathet
enem punika boten wonten paraga
ingkang pejah. Adegan punika
nggambaraken laré (bocah) ingkang
dereng diwasa, satemah dereng saget
ngendhaleni pipinginan, dereng saget
ngendhaleni hawa nepsu

10
Babak 2 : Kawontenaning wonten lindhu, gunung njeblug,
Pathet jagad horeg samudra luber, angin lesus, lan géger
Sanga sanesipun. Manungsa sami keplajar
datan wonten ingkang katuju kangge
Gara-gara
pados pangreksa. Para pandhita datan
kwawi ngucap mantra, datan kwawi
semedi. Sang Nata tanpa daya. amung
saget nyuwun pitulunganing Dewa
Nanging para Dewa ugi sami nandhang
duhkita, awit gara-gara ugi kadadosan
ing Suralaya Ing satengahing gara-gara
dumadakan wonten bocah bajang 2,
ingkang satunggal mbekta bathok bolu
(bolu bolong telu) badhe nguras toya
samudra ngantos asat Dené
satunggalipun mbekta sada lanang
badhe nggiring angin nyaponi jagad.
Kakalihipun sami rebat leres, bab punika
sangsaya mimbuhi horeging dunya.
Ananging karsaning Sang Akary Jagad,
gara-gara mendah kanthi mijilipun
cahya kados dene wulan ndadari
Sinarengan cahya kala wau wonten
Dewa awujud manungsa jumeneng
kados dene tugu sela. lenggah kados
déne gumuk Des punika Sang Hyang
Ismaya utawi Ki Lurah Semar
Badranaya.
Jejer pandhita Bambangan (satriya mudha) sowan
dhateng pandhita lan namp piwulang
Adigan ingkang nggambaraken lare
(bocah) sampun wiwit diwasa
(kaneman), pikiran tan manahipun wiwit
tinarbuka, lan sampun kepingin ngangsu
kawruh kangge sangu nindakaken
gesang.
Jejer madyaning Adegan ing satengahing wana.
alas Bambangan (satriya mudha) kanthi
kairing Panakawan (Semar, Gareng
Petruk, lan Bagong), kapanggih kaliyan
danawa cacah 3. Salajengipun
pancakara dene ingkang jaya inggih
punika sang Bambangan. Denawa
cacah 3 punika sayektosipun
gegambaran watak angkara murka
(hawa nepsu) ingkang kasi
dipunkendhaleni dening sang
Bambangan sasampunipun ngangsu
kawruh.
Babak 3 : Adegan warna- Ingkang nggambaraken bilih nglampahi
Pathet warni gesang punika manungsa badhe
Manyura ngalami kedadosan ingkang maneka
warni, raos ingkang maneka warni
Adegan
11
warna- seneng, sedhih, getur marem, lan
warni sapiturutipun.
Perang bubruh Manawi dipunteges perang brubuh
punika perang ingkang katindakaken
kanthi ngetokaken kekiyatan jiwa lan
raga. Ing perang brubuh punika Raja
Sabrang nggecak perang dhateng
nagari ingkang jejer kapisan, ananging
asiting paprangan Raja Sabrang kawon,
Manawi Raja Sabrang kala wau salin
wjud/ malih ing ngriku badhe badhar
wangsul dhateng wigud ingkang
sayektosipun ing perang brubuh punika
ingkang saget ngrampungi perang
inggih punika paraga ingkang kalebet
Beyu Suta (putranipun Sang Hyang
Bayu) kados ta Bima lan Anoman.
Punika ngemu teges bilin bayu suta
punika angin alit kangge nggambaraken
napas (ambegan) Adegan perang
bubruh punika pralambang bilih
pupuntonipun, napas ingkang badhe
ngrampung gesanging manungsa.
Ngempalipun Adegan punika gagambaran manungsa
para ratu saha ingkang seda kanthi tentrem, awit
kulawarganpun sampun nindakaken kuwajibanipun
minangka titah kanthi leres lan sae.
wonten ing
Sasampunipun cariyos paripurna,
wasana ingkang saderengipun tancep kayon dhalang
ngremenaken ngedalaken wayang golek lajeng
dipunjogedaken. Bab punika minangka
sasmita saking dhalang supados
ingkang sami ningali "nggoleki
surasane" Madosi suraos lan piwulang
saking cariyos ingkang kagelar.

3.3. Ubarampe/ Piranti Pagelaran Wayang


Ubarampé salebeting pagelaran wayang purwa punika wigatos sanget awit
lumantar punika wayang utawi ringgit saged dipunbabar lan tingali, wondéné
ubarampènipun antawisipun;
1) Dhalang : paraga/tiyang ingkang nglakokaken wayang.
2) Layar/Geber : Kelir kadamel saking bahan tekstil warni pethak pinalipit
warni abrit utawi cemeng. panjangipun 12 mèter. wiyaripun 1.5 – 2 mèter.
3) Blèncong : Suluh (cara kinanipun) deles kapuk lenga patra. Nanging
sapunika blèncong dipungantos mawi lampu bolam ( 200 W ).
4) Wayang / ringgit wacucal : Piranti baken ingkang kadamel saking lulang
titatah lan sinungging utawi ginambar manut lakonipun.
5) Cempurit piranti ingkang kanggé nggapit wayang kadamel saking
sunguning kebo / penjalin / pring.
6) Simpingan kiwa lan tengen : Wayang ingkang tinancepaken ing
gedebog jèjèr jinèjèr minangka paès. Ingkang siring tengen Brataséna
12
(wayang ageng ) ngantos dumugi satriyan ( wayang ingkang alit ).
Ingkang siring kiwa Buta Raton ngantos dumugi wayang alitan.
7) Kothak wadhah wayang : Kothak kadamel saking kajeng.
8) Cempala asta ( saka kayu ) : Kajeng binubut endah panjang udakawis
1,25 jengkal ( kilan ), ginanipun kanggé ndhodhog kothak paring
sasmitha tumrapipun para niyaga.
9) Cempala suku : Wesi gligèn binubut éndah panjang 1/2 kilan ( jengkal )
jinepit ing jempol suku kanggé nuthuk keprak.
10) Keprak ( saking wesi )
11) Niyaga lan Pesindhèn : Tukang nabuh gamelan cacahipun wonten 12 –
15 tiyang utawi langkung ndhèrèk kabetahanipun. Pesindhèn /
waranggana ingkang nglaras tetembangan.
12) Gamelan : Gamelan ugi dipunwastani gangsa, punika piranti ingkang
kangge ngiring lampahanipun ringgit. Wondéné gamelan punika wonten
kalih warnanipun, Gamelan Slendro lan Gamelan Pelog

3.4. Ciren Wujuding Wanda Gagrag Sala-Yogya


Wanda inggih punika maringi ekspresi tartamtu wonten ing wayang ingkang
kapacak ing adegan tertantu. Ingkang badhé karembag sapérangan
namung wanda wayang gagrag Ngayogya lan Surakarta.
Jinising Ngayogya Surakarta
wanda
1. Wujuding adatipun wanda adatipun wanda
wanda wayangipun cendhak lan wayangipun inggil lan
badan. lema. langsing.
Gambar :
Prabu
Baladewa

2. Wujuding adatipun wanda adatipun wanda


wanda wayang wayangipun tanpa sepatu wayangipun mawi
déwan sepatu
Gambar :
Bathara Brama

13
Jinising Ngayogya Surakarta
wanda
3. Wujuding adatipun wanda datipun wanda
wanda wanaran wayangipun mripatipun wayangipun mripatipun
ketingal kalih. namung setunggal.
Gambar :
Raden Anoman

4. Wujuding adatipun wanda adatipun wanda


wanda wayang wayangipun jaritipun wayangipun jaritipun
putrèn klangsrah ngajeng. klangsrah wingking.

Dewi Banowati
Dewi Srikandhi

14
GLADHEN
A. Pitakenan ing ngandhap menika wangsulana kanthi milih wangsulan A/B/C/D/E
ingkang leres!
1. Wonten ingkang nyebataken bilih wayang punika cekakan saking tembung
“WAHANANÉHYANG”. Tembung Wahana tegesipun...
a. Wewayangan
b. Panggenan
c. Gusti kang Akarya Jagad
d. Wayah
e. Sholat

2. Wayang ingkang wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet lampahan
cariyos Jaman Jayabaya, Gendrayana, Yudhayana, dipunwastani wayang...
a. Lulang
b. Madya
c. Purwa
d. Golek
e. Menak

3. Wayang ingkang wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran mawi gegambaran
sato kewan. Mendhet lampahan cariyos para kewan, dipunwastani wayang...
a. Klithik
b. Kancil
c. Gedhog
d. Golek
e. Beber

4. Wayang Purwa punika lakonipun kapendhet saking babon kitab….


a. Sutasoma saha Mahabharata
b. Ramayana saha Sutasoma
c. Mahabharata saha Arjuna Wiwaha
d. Ramayana saha Arjuna Wiwaha
e. Ramayana saha Mahabharata

5. Perangan/bab saking cariyos Mahabharata inggih punika…


a. Aranyakānda
b. Uttarakānda
c. Sundarakānda
d. Udyogaparwa
e. Kiskhindhyaparwa
6. Perangan/bab saking cariyos Ramayana inggih punika…
a. Āśramawāsakānda
b. Ayodhyakānda
c. Mosalaparwa
d. Balaparwa
e. Aranyaparwa
7. Paraga ingkang wonten ing cariyos wayang Baratayuda, kadosta….
a. Kumbakarna, Arjuna
b. Rama, Lesmana, Yudhistira
c. Dasamuka, Gathotkaca
d. Puntadewa, Drupadi, Anoman
e. Yudhistira, Janaka, Durna

8. Wonten cariyos Mahabharata Prabu Pandhu kagungan garwa 2, inggih punika…


a. Dewi Kunthi saha Dewi Madrim
b. Dewi Ambika saha Dewi Ambalika
c. Dewi Sembadra saha Dewi Kunthi
d. Dewi Setyawati saha Dewi Madrim
e. Dewi Gendari saha Dewi Kunthi

9. Paraga wayang wonten gambar menika asmanipun….


a. Prabu Baladewa
b. Prabu Pandu Dewanata
c. Prabu Rahwana
d. Prabu Kresna
e. Prabu Yudhistira

10. Paraga ingkang wonten ing cariyos wayang Ramayana, kadosta….


a. Rama, Sinta, Arjuna
b. Rahwana, Karna, Gathotkaca
c. Anoman, Karna, Kumbakarna
d. Rahwana, Anoman, Lesmana
e. Sinta, Rahwana, Arjuna

11. Wonten ing cariyos Ramayana, Resi Wisrawa kaliyan Dewi Sukesi punika kangungan
putra 4, inggih punika…
a. Anoman, Subali, Sugriwa, Anjani
b. Rahwana, Kumbakarna, Sarpakenaka, Wibisana
c. Rahwana, Anoman, Subali, Wibisana
d. Laksmana, Rama Wijaya, Barata, Satrugna
e. Rahwana, Kumbakarna, Wibisana, Indrajit

12. Paraga wayang wonten gambar menika asmanipun….


a. Prabu Rama
b. Prabu Rahwana
c. Anoman
d. Duryudana
e. Raden Kumbakarna

16
13. Pagelaran wayang kulit utawi ringgit wacucal ringgit purwa sedalu natas kapantha
dados tigang perangan, ingkang wiwitan perangan pathet enem (pathet lasem) ingkang
wekdalipun...
a. Wiwit 21.00 dumugi 22.00
b. Wiwit 21.00 dumugi 23.00
c. Wiwit 21.00 dumugi 24.00
d. Wiwit 22.00 dumugi 01.00
e. Wiwit 22.00 dumugi 22.00

14. Mlebet ing Babak 2 : Pathet Sanga Gara-gara punika bakale medal paraga Punakawan
: Semar, Gareng, Petruk, Bagong. Punakawan punika medal nalika adegan...
a. Kawontenaning jagad horeg
b. Jejer pandhita
c. Jejer madyaning alas
d. Adegan warna-warni
e. Perang bubruh

15. Piranti ingkang kanggé nggapit wayang kadamel saking sunguning kebo / penjalin /
pring, dipunwastani...
a. Geber
b. Cempurit
c. Teplok
d. Blencong
e. Cempala

16. Lampu utawi diyan ingkang dipunginakaken wonten ing pagelaran wayang purwa
aranipun…
a. Geber
b. Cempurit
c. Teplok
d. Blencong
e. Cempala

17. Tiyang ingkang nabuh gamelan dipunwastani...


a. Pesindhen
b. Wiraswara
c. Niyaga
d. Dhalang
e. Simpingan

18. Ciren wayang gagrag ngayogyakarta inggih punika...


a. Adatipun wanda wayangipun inggil lan langsing.
b. Wayang dewanipun adatipun wanda wayangipun mawi sepatu
c. Wayang wanara adatipun wanda wayangipun mripatipun ketingal kalih.
d. Wayang wanara adatipun wanda wayangipun mripatipun ketingal setunggal.
e. Wayang putren adatipun wanda wayangipun jaritipun klangsrah wingking.

17
19. Gatosaken gambar paraga wayang ing ngandhap!
Ingkang mujudaken wayang gagrag Surakarta/Sala inggin punika...

a. b. c.

d. e.

20. Gatosaken gambar paraga wayang ing ngandhap!


Ingkang mujudaken wayang gagrag Ngayogyakarta inggin punika...

a. b. c.
18
d. e.

B. Cariyos wayang ing ngandhap punika waosen lajeng wangsulana pitakenan ing
ngandhapipun kanthi leres!

RAMAWIJAYA
Ramawijaya punika putranipun Prabu Dasarata, nata Ayodya, saking garwa
prameswari Dèwi Sukasalya. Ramawijaya gadhah sedulur tiga, Laksmana, Bharata, lan
Satrughna. Garwanipun Rama asesilih Dewi Sinta, putri kedhaton Manthili ingkang kaloka
kasulistyanipun.
Sasampunipun krama kaliyan Dèwi Sinta, Rama badhé winisuda dados ratu ing
Ayodya, nanging meksa boten kaleksanan awit saking pokalipun Dèwi Kekayi. Dewi Kekayi
ngandharaken menawi ingkang kedah dados ratu wonten ing Ayodya inggih punika
putranipun ingkang nama Bharata, lan Rama kedah nglampahi ukum buwang dhateng
wana.
Bab punika ingkang ndadosaken panggalihipun sang Nata nandhang sungkawa lan
wusananipun dados jalaran sédanipun. Pungkasanipun, Rama lan Sinta kadhèrèkaken
Laksmana lajeng nglampahi ukum buwang wonten ing Wana Dhandhaka. Ing papan punika
Sinta kadhusta dening ratu buta ingkang nama Rahwana. Sinta cinidra lajeng dipunbekta
dhateng Kraton Alengka. Rama lan Laksmana, kanthi pambiyantunipun para wanara
kawulanipun Sugriwa ingkang dipunpandhégani déning sang satriya wanara séta peparab
Anoman, pungkasanipun saged ngawonaken Alengka. Rama lan Sinta saged nyawiji malih
lan peputra Kusa lan Lawa.

Pitakenan :

1. Sinten Ramawijaya punika?


2. Sinten kemawon sedherekipun Ramawijaya?
3. Kenging menapa Rama boten saged dados ratu ing Ayodya?
4. Saking waosan ing inggil, menapa ingkang njalari sédanipun Prabu Dasarata?
5. Saking waosan ing inggil, kados pundi watakipun Ramawijaya punika?
6. Kasebutna 5 paraga wayang saking cariyos ing inggil
7. Kenging menapa Ramawijaya perang kaliyan Prabu Rahwana?
8. Kados pundi watakipun Rahwana?
9. Sinten paraga ingkang saged dipuntuladhani watakipun?
10. Punapa piwulang moral ingkang saged dipuntuladhani saking lelampahipun Rama?
19
DAFTAR PUSTAKA

Prasaja, Setya Amrih, dkk. 2020. WIBAWA KELAS XII. Yogyakarta: Dinas Pendidikan
Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta.
Galeri Wayang Pitoyo.com. http://pitoyo.com/duniawayang/galery/index.php?l=english
diakses pada Senin, 4 Juli 2022.

20

Anda mungkin juga menyukai