Anda di halaman 1dari 5

Pasinaon 3 Makarya

Mandhiri: Ngrakit Ukara

Ing pasinaon iki para siswa kaajak gawe


utawa ngrakit ukara ringkes, kang ngandut
unen-unen Jawa. Diajab siswa kabeh bisa
nulis kanthi kabisane dhewe-dhewe.
Gladhen 1: Ngrakit Ukara Kanthi
Unen-Unen Jawa

Ing pasinaon iki bocah-bocah


kabeh bakal diajak sinau ngrakit ukara
kanthi nganggo unen-unen basa Jawa.
Ana kene, pangetrapane paribasan,
bebasan, lan saloka ana ing ukara.
Kanggo ngrakit ukara mawa unen-
unen Jawa, ana bab sing kudu
digatekake, yaiku kudu mangerteni
tegese unen-unen (ungkapan)
kasebut luwih dhisik. Pangrakite
ukara nganggo unen-unen Jawa,
ditindakake miturut golongane sing
wis ditata.
Ukara Paribasan
ukara nganggo unen
unen sarupa paribasan

1. Kegedhen empyak kurang cagak


Tuladha ukara : Dadi wong iku mbok aja kegedhen empyak
kurang cagak. luwih becik apa anane wae.

2. golek uceng kelangan dheleg


tuladha ukara : Sumadi katon gela banget,ibarate golek uceng
kelangan dheleg.

3. gong lumaku tinabuh


Tuladha ukara : Aja kesusu nglakoni,kaya gong lumaku tinabuh.

Anda mungkin juga menyukai