Anda di halaman 1dari 19

PANATACARA

MURTIASIH, M.Pd
Kompetensi Dasar
• 3.2 Memahami tentang pranatacara (MC)
• 4.2 Menyusun teks pranatacara (MC) kegiatan
sederhana
Indikator
• 1. menjelaskan pengertian pranatacara
• 2. menjelaskan hal-hal yang dilakukan oleh pranatacara
• 3. menjelaskan struktur teks acara
• 4. menjelaskan teknik membawakan sebuah acara
• 5. mengartikan kata-kata penting dalam teks
pranatacara
• 6. membetulkan kalimat pranatacara
• 7. mengisi teks rumpang pranatacara
• 8. menyusun teks wicara pranatacara kegiatan
sederhana
• Dasanamane pranatacara
• Master of ceremony
• Pambiwara
• Pranata adicara
• Pranata titi laksana
• Panata adicara
• Paniti laksana
• Pranata laksitaning adicara
Ayahane pranatacara
 nglantarake lakune cak-cakaning acara utawa
adicara ana ing rapat-rapat, pasamuan, utawa
upacara kang wis dirancang sadurunge

Lugune atur palapuran (protokol) tumrap cak-


cakaning utawa lakuning acara/adicara
Mligi ana ing upacara lelayu utawa sripah
tetembungan adicara utawa acara diarani
adilaya
Bedane pranatacara lan pamedhar sabda
• Pranatacara : sawijining paraga (wong) sing
duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune)
sawijining upacara adat temanten, resmi,
pepanggihan, pajamuan, pangaosan lsp
• Pamedhar sabda: paraga sing kajibah mbabar
sawijining perkara tuladha : ngaturake
pambagyaharja, pasrah temanten lsp
Dasanamane urutan acara
Urutaning adicara
Ricikaning adicara
Ricikaning titicara
Reroncening adicara
Rantamaning adicara
Runtuting titilaksana
Sanguning pranatacara (sangu wajib)
• 1. swara
• 2. busana
• 3. tata krama, subasita, sikap, solah bawa
• 4. basa
Swara
• Wicara kudu digladhi utawa dilatih supaya bisa cetha wetune swara,
pangucap kudu cetha artikulasine (pelafalan) intonasi lan ora kesusu.
• Anggone ngucap, supaya apa kang diaturake bisa tinampa kanthi cetha
dening audien
Tujuan gladhen swara
Kung
Ora ngelik, cilik merit, cumengkling
Membat mentul (ora monoton)
Dudu swara lugas, ning ora digawe-gawe
Ora kakehan pedhotan
Ora swara bindheng
Ora grothal-grathul
Busana
• Anggone nganggo busana kudu dijumbuhake karo
keperluwan ana ing acara kang bakal ditindaki
• Busana kejawen gagrag Mataram- Surakarta, busana
jas lsp
• Milih kelir ingkang pas karo pakulitane
• Ora kakeyan wangi-wanginan
• Pupur salarapan wae, aja merok-merok lan bengesan
kandel banget
• Perlu ngadisarira lan ngadi busana
• Busana kang cocog nambahi wibawa
Tatakrama, subasita, solah bawa

• Kudu digladi, sebab yen kurang opas bakal


nyuda kawibawan
• Solah bawa aja nganti digawe-gawe, prasaja ora
kaku
• Pasuryan uga kudu grapyak semanak, lan esem
tansah sinungging ing lathi
Patrap nalika madeg pranatacara
• Napas landhung ora megap-megap
• Aja nyebul mokropon
• Mikropon dicekel tangan tengen, tangan kiwa pas ngisor dhadha
• Yen mikropon dipasang ing cagak, tangane ngapurancang
• Ngadeg jejeg kanthi kapitayan dhiri
• Janggut katarik sathithik, ora kakehan obah, nyekeli klambi, mbenak-
mbenake jarik
• Ora gugup, kagetan nanging sing luwes
• Ora wigah-wigih, ora rongeh, ora gumeter, atine disemelehke ngadeg
ning pojok ora cedhak-cedhak banget karo tamu
• Ulat sumeh, renyah, miluta
• Tangan ngapurancang
• Kudu tangguh, saguh, mrabawa, mrantasi karya
Sikep pranatacara kang kurang mranani

• Ngadeg lambran mung sikil siji


• Ngadeg sikil kiwa lan tengen kekamban utawa rapet
• Ngadeg kanthi loyo/ora semangat
• Ngadeg ora imbang
• Ngadeg lendhetan ing papan wicara
• Ngadeg ora jenjem
• Ngadeg kaku
• Ngadeg ora nggatekake papan panggonane audien
• Ngguyu digawe-gawe
• Ndhingkluk wae ora wae nyawang audien
• Bola bali ngobahake salah siji perangan badan
• Ngobahake perangan badan kanthi rangu-rangu
• Ngobahake badan nanging ora jumbuh karo sing diomongake
• Bola-bali ngukur kuping, garuk-garuk sirah
• Nglebokake tangan ing sak clana
• gugup
Basa

• Basa sing digunakake kudu manut marang


tuntunaning basa sing bener
• Pamilihing tembung kang dironce dadi ukara kudu
bener lan pener
• Dadi bisa luwes anggone ngucap lan kepenak yen ta
dirungokakr audien
• Ora nggunakake basa padinan, nyingkiri basa
dialek
• Nyukupi ing basa rinengga
• Wasis olah sastra
Sangu panyengkuyung
• Pangrengga swara (sound system)
• Pawiyatan
• Mental
• Katewajuhan (temen-temen nindakake
pakaryan)
• Gladhen
• Kasamaptaan (tansah siyap)
Sapta-ma

• 1. magatra : bleger utawa wewujudan rupa


kasembuh adining sarira
• 2. malaksana : tindak sapecak, sajangkah di tata
runtut
• 3. mawastha : ngadeg jejeg ora kendho
• 4. maraga : ora rongeh, anteb anteng
• 5. malaghawa: trampil trengginas, ora ngleler
• 6. matanggap : tanggap ing swasana
• 7. mawwat : tanggap, tangguh, mrantasi lan ngatasi
gawe
Cengkorongan pranatacara
• 1. pambuka (atur puja-puji, atur pakurmatan.
Atur panuwun)
• 2. rantaman adicara
• 3. Panutup
nyuwun gunging supaya tamu kersa njenengi
adicara saka purwa, madya tumekane wasana
ngaturake lan mandhegani adicara siji mbaka siji
kanthi wijang
Salah kaprah
• Luput bener
• Sepindhah sepisan
• Pembikaan pambuka
• Manjataken munjukaken
• Makempal kempal, pepanggihan, nyawiji
• Karawuhan rawuhipun, rawuh pnjngn
• Istirahat sumene, sigeg
• Sambutan bapak ... Pangandikan bapak ...
• Acara lain-lain acara mancawarni, adiwarni
•Matur
▫Sembah
◦Nuwun

Anda mungkin juga menyukai