Anda di halaman 1dari 2

Leo Sutrisno

Ana kidung rumeksa ing wengi

.
2 5 6 6 6 1 2 2 2 2
A-na ki-dung ru-mek-sa ing we-ngi,
2 2 1 6 5 6 6 6 6 6
Te-guh a-yu lu-put ing le-la-ra,
6 1 1 1 6 6 5 5
Lu-put ing bi-la-hi ka-bèh,
5 6 6 6 6 61 6
jim sé-tan da-tan pu-run,
5 5 2 2 5 6 16 6 216
Pe-ne-luh-an tan a-na wa-ni,
2 2 2 2 2 2 2
mi-wah pang-ga-wé a-la,
1 6 1 2 61 65
Gu-na-ning wong lu-put,
1 2 2 2 2 2 2 2
Ge-ni a-te-mah-an tir-ta,
5 3 2 16 6 6 6 6 6 1 2 2
Ma-ling a-doh tan wa-ni ce-dhak ing ma-mi,
5 6 1 6 3 2 1
Tu-ju gu-na pan sir-na.
(Kidung Montrawedha)
Cathetan: not menika kawaos ing basa Jawi. Kadosta: ro ma nem nem nem ji ro ro lsp.

Para kadang kinasih, Tembang Dhandhang-gedhis kados ingkang kaserat ing nginggil
menika asring sanget dipun kidungaken swargi bapak ing wanci dalu. Biasanipun ngantos
lingsir dalu. Tentu, kula sampun wungsal-wangsul nglilir bapak dèrèng kèndel.

Saèstunipun swargi bapak mboten nembang, namung rengeng-rengeng kémawon.


Nanging, jalaran dedalem ing padusunan, mila swasana ndalu panci sepi. Rengeng-
rengengipun bapak kepireng cetha. Saking kamar, kula kula ugi mireng enthiring gangsir ing
kang manggen ing pekawisan wingking. Kala wanci enthiring gangsir menika sesarengan
kaliyan enthiring sawer ingkang ngerong ing pèrènging sumber wingking griya.

Sumber wau ketelah sumber Nggolèng. Ngendikanipun para sepuh, ketelah ‘nggolèng’
amargi ing èrèng sisih elèr sumber tuwuh wit gayam ingkang sakelangkung ageng. Dongklak
wit gayam ageng mekaten kawastanan ‘golèng’.

Sasireping enthiring gangsir, kirang langkung pukul sewelas dalu, kagantos


gegeritaning deling ori ingkang moyag-mayig gésékan deling sami deling amargi katiup angin
ingkang midid saking kilèn. Ing wanci kados ngaten menika rengeng-rengengipun swargi
bapak kepireng cethaaa sanget. Duka pukul pinten bapak kèndel. Swargi ibu naté ngendika
bilih wancinipun bapak kendel kirang langkung nyelaki klurukipun sawung kaping tiga. Mbok
bilih kirang langkung wanci pukul tiga énjing.
Melèkan kados mekaten menika mila asring sanget dipun lampahi swargi bapak,
langkung-langkung ing wanci kula saksedhèrèk nembe nempuh ujian utawi ulangan umum.
Senadyanta, kula saksedhèrèk sampun nempuh pasinaon wonten ing kitha Ngayogya,
ngendikanipun swargi ibu, bapak tetep nindaken melèkan kados menika wau. Mila, raos kula
saksedhèrèk mbombong sanget. Anjalari sengkut sinau ngantos lepas saking pamulangan
inggil. Berkahipun Gusti, lancaring pasinaon kalajengaken ugi rikala pados pedamelan.

Ndalu menika, malem Minggu Legi, tanggal 11 Juli 2009, kula ngidungaken sekar
Dhandang-gendhis ingkang kados kaserat nginggil ing sisihing anak kula ingkang nembé sakit
bentèr. Ing pangajab, mugi-mugi Gusti paring saras dhumateng anak kula wau.

Samangké sampun pukul setengah sewelas dalu, sampung marambah-rambah


kakidungaken. Saya dangu saya alon, namung rengeng-rengeng. Saya dalu saya sepi, saya
alon rengeng-rengeng kula. Alon saya alon. Lirih saya lirih, ngantos talingan kula piyambak
kemawon mboten saged mireng swanten kula malih. Éwa samanten, destun saya cetha ing
mbatos.

Ana kidung rumeksa ing wengi,teguh ayu luput ing lelara,luput ing bilahi
kabèh,jim sétan datan purun,peneluhan tan ana wani,miwah panggawé
ala, gunaning wong luput,geni atemahan tirta,maling adoh tan wani
cedhak ing mami,tuju guna pan sirna.
Manah kula sowan ing Ngarsa Dalem Gusti. Atur panuwun ing Pangéran Ingkang
Paring Gesang anak lan sémah kula pinaringan ganjaran sakit asrep bentèr. Kula pitados bilih
ing tembé wingking ganjaran wau badhé kagantos kasarasaning badan saéngga saged kanggé
tetulung dhateng sesami sawancinipun kabetahaken. Atur uninga bilih sémah kula menika
dokter. Kula pitados, ing wanci ngajeng badhé kathah sanak sedhèrèk ingkang badhé
ngersakaken bantuanipun. Semanten ugi anak kula, kula pitados Gusti badhe paring lelintu
kasarasan prima ing amrih saged ngeteraken ibunipun sawanci-wanci dipun timbali para
sedhèrèk ingkang sami nandhang gerah.

Wanci sampun mèh pukul kalih welas dalu. Orong-orong sampun dangu kèndel. Peksi
puter nembé kewawon manggung kasautan swantenipun peksi derkuku. Kula kinten sampun
wancipun kita pepisahan. Ndherekaken sugeng saré, mugi-mugi berkahing Gusti kita sged
pinanggih malih kathi ngrembag babagan sanes. Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai