Anda di halaman 1dari 6

contoh naskah ketoprak bahasa jawa Ing jaman biyen, wonten satunggal kerajaan ingkang kasebut kerajaan Ngastinapura.

Raja punika nggadahi sifat serakah lan sageleme dewe. Ananging raja kagungan putra ingkang bagus ati lan rupane. Baguse raono tandingane. Salah sawijining dino hulubalang kerajaan nariki pajak dateng para rakyate. Arepo kepeksa kabeh bisa bayar, kajaba Kunti. Rakyat miskin ingkang sampun boten anggadahi bapa biyung, amargi sampun seda. Kunti iku yo ra maido ayune, mlinir kaya eseme wulan yen lagi terang wulan. Amargi boten saget bayar pajak kunti digowo menyang kerajaan didadosaken pembantu. Wonten ing kamar, Raja Aiswara lan Raden Airlangga lagi padha rerembugan. Raja : Putraku, kapan kowe golekke ramamu iki mantu?

Raden : nyuwun ngapunten Rama, kula dereng nemokaken ingkang mathuk kalian atikula. Raja : Ramamu iki wes tua ngger, kepengenku, kowe ngganti aku kui wes duwe bojo

Raden : Sendika dawuh Rama Raja : ananging, aku kepengen sik padha-padha saka kerajaan

Banjur ngunu kui Kunti teko gawa baki isi Poci. Kunti Raja : Mangga Raden, mangga gusti. Nuwun sewu. : yayaya, gek balio kono. Putraku, pikirno opo sik tak omongke marang kowe mau.(lungo)

Raden Airlangga wis ra gatekake menapa titahipun rama. Raden sampun kepencut kalian bocah ayu lan mlinir mau, kunti. Sak jroning ati, Raden pengen ngerti sapa ta bocah wadon kae mau. Banjur Raden nekani adikke wonten ing taman kerajaan Raden Inten Raden Inten : duh adikku ingkang ayu dewe! : wonten menapa ta kangmas? : reneo dik, aku meh takok marang sliramu : bab menapa kang?

Raden : kowe ngerti ora bocah wadon ingkang dadi babu anyar kerajaan kae, sek ayu tur mlinir. Inten : o. . .Kunti maksutipun kakang?lha nggeh dereng dangu kok kangmas. Jalaranipun Kunti menika boten saget bayar pajak bar menika Kunti sampun boten gadah Bapa biyung. Raden : o . . .dadi bocah kae jenenge Kunti.

Rino wengi Raden Airlangga ora bisa turu amargi kepikiran Kunti.bocah wado ingkang saget gawe kasmaran si Raden. (raden nyanyi) yen ing tawang ana lintang cah ayu

Rungokno tangising ati Lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas Tresnaku sundul wiyati

Esuk-esuk, Raden goleki Kunti, lan ketemu Kunti. Raden : He, cah ayu, dik Kunti.! Kunti : (ninguk isin-isin)dalem Raden, wonten menapa? Raden : ora nimas, sliramu ki sapa ta?sajake kok aku ra tau ngerti. Kunti : nuwun sewu gusti pangeran, kula menika naming babu anyar wonten ing mriki, boten pantes rerembugan kaliyan panjenengan. Raden : ora nimas, aku sajake kepikiran sliramu terus, kelingan sliramu, nimas aku tresno marang sliramu. Kunti : ampun gusti, kula menika naming babu.ampun gusti kula nuwun sewu badhe wonten wingking. Raden : (nyekel tangane Kunti) dik Kunti, sliramu iku tresno ora karo aku?jawaben Nimas. Kunti : (meneng. Banjur manggut-manggut campur isin) Raden : nek ngunu ayo melu aku nemoni Rama. Kunti : ampun Gusti Kula ajrih sanget. Raden : wes ta, masalah kui tanggunganku. Raden Airlangga ngajak Kunti nemoni Raja supaya bisa nglamarke Kunti. Raden : nuwun sewu rama(sungkem karo kunti) Raja : ana apa iki, kok ana babu barang.?

Raden : nuwun sewu rama, menika bakal mantunipun panjenengan. Raja : (kaget campur nesu)opo?!ora sudi aku!!!lancang tenan kowe. Sopo bocah wadon iki?babu lhe!!!!

Raden : ananging rama, kula sampun tresno. Raja : menenga kowe!!!!ora gumun aku!!!kowe wes wani marang ramamu iki,yowes kowe bakal tak jodokke karo dewi Wedari, putri kerajaan Kartapura. Kanggo kowe babu!!!balio kono!!kowe ki sopo?bali!!!! Kunti : nuwun sewu gusti(nangis banjur lunga). Raden : nimas, nimas! Raja : meneng!!sesok kowe tak kirim menyang kartapura.

Wengi-wengi Kunti nangis. Ujug-ujug ana wong ndodog jendelane. Kunti bukak. Raden : iki kangmas nimas, cup yo. . . .ojo nangis, kangmas janji disekseni wengi lan rembulan aku bakal tresno karo kowe.aku sesok dikirim menyang kartapura, kowe sehat-sehat enek kene yo. Kunti : inggih mas.

Esuke raden dikirim menyang kartapura dipetukake dewi Wedari. Ayune jan yo ra kalah. Nanging sifate ala. Wedari :mugi-mugi jenengan betah, raden pangeran. Raden :aku ora bakal betah yen ninggalake dik nimas Kunti. Wedari :sinten tam as menika.? Raden :bocah wadon ingkang tak tresnani. Wedari :alah sek kabare pembantu menika ta?raden menika sampun dijodokaken kaliyan kula. Kula menika cocog. Boten babu kaya sinten wau. Raden :nuwun sewu nimas, aku tresnane gor karo Kunti, ngertio nimas. Wedari :boten saget!raden kaliyan kula.(lunga) Raden :hmm(gelengke sirah).aku kangen sliramu dik Kunti.

Ana kamare Kunti, dewi Inten ingkang sampun ngerti melu ngeneng-nengi Kunti. Kunti :Rara ayu, menapa jenengan boten risih? Inten :ngomong apa ta weki Kun,?aku kudu jaga kowe, kui pesene kangmas, tenang wae Kunti tak ewangi. Kunti :matur nuwun Rara ayu. Kula nulis layang kagem kangmas pangeran, ananging kepripun supados serat menika tekan? Ujug-ujug ana angin, lan metu uwong setengah manuk wong wadon 2 mau. hahaha. . .hahaha. . .ana apa cah ayu, ora pantes kowe ki nangis. Kunti :njenengan sinten?

Sri

:aku? . . hahaha. . . .iki Sri Kendil. Dewi ingkang njaga jagad lan isine, aku iku sakjane dewi

asmara.aku wes ngerti babaganmu nduk, ngenes aku ngerti kowe kaya mangkene iki. Kenapa?apa ingkang bisa ta ewangi? Inten :menika dewi sri, kunti nulis layang kangen kagem kang airlangga, menapa panjenengan saget ngeteraken? Sri :haha. . . haha. . .gampang iki!tenang wae cah ayu, takdirmu karo pangeran, yowes, aku tak ngeterke layang iki. ..

Ing nagara Kartapura, sri kendil goleki papane raden Pangeran. Sawise ketemu, dirui pangeran, nanging dewi wedari ngerti lan melu ngrungokne sri kendil lan pangeran. Sri :he. . . .raden! aku gawa kabar saka Kunti.

Raden :jenengan sinten? Sri :aku, Sri Kendil.ingkang jaga donya lan saisine, aku jane dewi asmara,lagi ngapa kowe pangeran?

Raden :(sungkem)nuwun sewu, lha kabar menapa ta Gusti? Sri :iki layang saka Kunti, wacanen, tugasku kui dina iki

Raden:kula saget tumut jenengan boten gusti? Sri : maaf pangeran, urung wektune, aku lunga.

(raden nyanyi layang kangen) Ujug-ujug pintune raden dibuka dewi wedari. Wedari :napa menika kangmas?(ngrebut surate) Raden :lancing kowe dik! Wedari :kangmas, napa menika kang?sampeyan taksih hubungan ta kaliyan babu menika!awas mas kula badhe matur rama Aiswara.(lunga campur nesu). iki kesempatanku lunga, arep tak boyong dik kuntiku, niatku wes gede, ora gumun gunung ing ngarepkubatine pangeran.

Dewi wedari ngerti niate raden makane, saderenge menyang ngastinapura wedari ngakon prajurite. Sri kendil metu ngewangi pangeran perang. Sri :lunga kabeh koe(kekuatan pol), mangga raden kula derekaken.

Raden :maturnuwun dewi.

Sri kendil lan raden mabur menyang nagara ngastinapura.

Wonten ing Ngastinapura, knit diolok-olok kaliyan raja,lan wedari. Dewi inten mung bisa nangis ngerti kunti. Raja :he babu, duwemu ki opo?ngelmumu ki opo? Inten :sampun rama, sampun. Raja :rungokno iki babu, aku ora bakal ngrestoni koe nresnani putraku,ora pantes! Wedari :owalah, menika ta rama ingkang seneng grudani kangmas?diusir kemawon rama. Inten :rama . . . Raja :inten, mlebu!!!!kowe tenang wae nduk wedari aku ra bakal nyia-nyiani kowe.para prajurit, guwangen babu iki!!!! Kunti :ampun gusti, ampun. . . . Ujug-ujug raden teka. Raden :rama!!nuwun sewu, yen kula nglawan rama, nanging rama sampun kalewatan. Wedari :lha kangmas kok belani Kunti ta?lho rama, kangmas sampun kepelet. Raden :meneng kowe wedari! Raja :kurang ajar kowe!awakmu wani karo rama,njalukmu apa(jorokke raden).

Kunti :kangmas!!! Raden :dik, aku ra bakal blenjani janjiku. Raja :ngomong apa kowe, rene!!!!

Raden :nuwun sewu Rama, jenengan sampun klentu. Raja nesu, banjur ngetokne kuda-kuda . ing pas ngunu kui, angin gedhe sumilir, gludug nyamber-nyamber, sri kendil metu. Raja :demit saka ngendi kowe!! Sri :aku, Sri kendil, ingkang nyekel jagad raya lan saisine, aku uga bisa disebut dewi asmara, penebas angkara murka. He kowe raja bakil, uwesno lehmu serik karo Kunti, kurang kepiye ta bocah iki? Raja :sapa kowe ngatur-ngatur aku?rungokno iki, marang sapa wae sing wani-wani nglawan aku, kudu mati!!!! Sri :he. . .wong kang bakil, aku ora wedi, , , ,hahahaha!

Wedari :rama, lha inggih menika demit ingkang nemoni kangmas, alias pelete Kunti!!

Sri

:kurang ajar kowe he wong wadon iblis wujud uwong!tak kutuk kowe dadi watu (ngetokne tenaga

dalam)kui ganjaranmu. Raden :dewi sri . . . Sri :tenang kemawon gusti, menika urusanku.

Kunti :kangmas. Raja Sri Sri :wani-wanine kowe he demit tur buta!!!!!awas kowe(nyerang sri kendil, nanging ra mempan) :he raja bakil, kowe ra bakalan isa mateni aku yen atimu ra resik, tak jupuke roh halus jahat :ora usah kuatir, ramamu mung semaput, wes tak jupuk demite sek eneg awake!

ingkang nempel awakmu(ngetokne tenaga dalam nglawan raja, kenek raja, banjur langsung semaput)

Raden :maturnuwun dewi. Sri :inggih.kunti, cup, meneng wae, kowe lan pangeran bakal bahagia, aku melu bungah yen kowe yo bungah Raja sadar.. Raja : eneg apa tadi mau?(meneng wae)dewi sri kula nyuwun pa daftar ngapunten (sungkem)

Sri :ngapurao marang bocah 2 kui, aku rep bablas sek,sadurun ge bablas aku meh bebaske wedari (tenaga njero) Wedari :maturnuwun dewi, kula nggeh nyuwun pamit, kunti, kangmas, rama, dewi sri. . .kula badhe wonten kartapura. Sri :urip sek tenterem yo. . .aku lunga.

Raden :rama, menika calon mantunipun rama. Raja : ya . . .ya. . . .ya aku njaluk ngapura yo . . .

Wedari :inggih rama Kunti :kangmas maturnuwun, gusti, lan rara ayu wedari Raden :aku ra mblenjani janji ta dik

Anda mungkin juga menyukai