Anda di halaman 1dari 26

AJISAKA

Naskah dning Masbekel Sepuh Dwijasetyaprasaja.S.S.

Cariyos kapendhet saking serat Ajisaka koleksi perpustakaan Museum Sanabudaya ing Ngayogyakarta Hadiningrat, ananging sampun kawahan saperlunipun, sarta kajumbuhaken kaliyan cariyos Ajisaka saking tlatah Tengger ingkang sinerat dning W. Robert Hefner salebeting buku Hindu Javanese. Tengger Tradition and Islam -- Culture Challenge and Culture Hero : The Tale of Ajisaka and Mohammad. Princeton University Press.

Paraga : 1. Ajisaka 2. Ki Kurs 3. Antaboga 4. Randa Kasihan 5. Ratna Dwi Rarasati 6. Dora 7. Sembada 8. Prabu Dwatacengkar 9. Sornglaya 10. Sorngpati 11. Ki Patih Trenggana 12. Abdin nyi randa kang temen 13. Abdin nyi randa kang saranta 14. Abdin nyi randa mbok karya 15. Cantrik padhepokan kabuyutan (gunggungipun saperlunipun) 16. Abdi / prajurit Medangkamulan (gunggungipun saperlunipun)

Gancaring cariyos : Nalika semanten ing salah satunggaling pertapan, ki Kurs nganthi wayahipun kakung ingkang drng pinaraban sowan wonten ngarsanipun begawan Antaboga, sasampunipun wonten ngarsanipun sang tapa, jabang bayi lajeng kacawisaken, dning sang tapa jabang bayi lajeng kaparingan pusaka nama Ajisaka, Ajisaka kapundhut putra siswa lajeng kawuruk Kaliwira Tanaya| 1

sakathahing nglmu kasantikan lan jaya kawijayan. Sasampunipun ndungkap ing diwasanipun Ajisaka katundhung amrih lumarab ngangsu kawruh ing nagri Ngarab kinanthn abdi kekalih Dora lawan Sembada. (ing nagari Ngarab boten kacariyosaken). Kawontenan ing nagari Medhangkamulan wonten ggr ageng, kathah bramacorah, kcu, maling, damel kapitunan, lan sangsaraning para kawula, nayaka praja ingkang sami jujur, lan temen makarya sami dnsingkiri, dnmengsahi, kepara kathah ingkang malah kajeblosaken salebeting pakunjaran, dn tukang main, ahli mendhem, malah disuba suba kaya dn Dwa, bibar satataning jalma sapranatanipun. Sabibaripun cekap nggnnya ngangsu kawruh, Ajisaka lajeng arsa tedhak angejawa, prapta ing pulo Majethi kang abdi Dora kalilan tengga pusaka ing pulo Majethi, Sembada kadhawuhan ndhrkaken lampah tedhak ing tanah Jawa, lajeng minggah redi Sumbing adedepok wonten ngriku muruk sakathahing nglmunira. Ing sawijining dina karawuhan kang rama salebeting panepn, kadhawuhaken tedhak manjing ing nagari Medhangkamulan, awit kapireng pawarta bilih sang prabu ingkang ngasta pusering praja nagari Medhangkamulan, ngasta pusering praja kanthi pranatan ingkang nyingkur ing pranataning praja, suka damel sungkawaning para kawula dasih, kasukanipun sang prabu sawadyabala nayaka praja namung damel godrah, malah kepara tansah nyuwun upeti ingkang boten limrah inggih punika jalma manungsa saben tahunipun ingkang badh kadhahar pribadi. Ajisaka lan abdinira Sembada lajeng tedhak saking redi Sumbing manjing wewengkon nagari Medhangkamulan, kampir ing salah satunggaling padusunan. Ing ngriku katemben ginelar merti dsa kinanthi lnggran, ingkang mbeksa putranipun stri nyi randa Kasihan ingkang peparab Ratna Dwi Rarasati, Ajisaka kasmaran ningali solah bawaning sang Dwi. Sabibaripun lajeng nglajengaken lampah tumuju ing salah satunggaling pendapa ageng, namung mangu mangu sajabaning regol. Kadunungan dning nyi randa, lajeng dhawuh abdinipun kapurih mapag. Sasampunipun kepareng mlebet pendapa lajeng pinanggih nyi randa Kasihan lan putranipun stri Ratna Dwi Rarasati. Ing ngriku lajeng kababar kawontenan salebeting nagri. Katungka rawuhipun ki Patih Trenggana gupuh gupuh sowanira sajak kataman sungkawa. Lajeng binabar dn kautus sang prabu kinn ngupadi jalma manungsa ingkang badh dados dhaharipun sang prabu. Ajisaka sagah dados dhaharipun lan nyuwun supados linarabaken, nanging kapenggah dning nyi randa. Ananging Ajisaka sampun sumadya nglampahi. Ing kedaton Ajisaka linarabaken sowan, lajeng matur piyambak dn sagah kadhahar, ananging gadhah panyuwunan bhumi Medhang sawiyaripun surban. Surban lajeng kaudhar Kaliwira Tanaya| 2

ngantos dugi ing pesisir kidul, lan sang prabu sirna margalayu cumemplung segara kidul salah kedadn dados bajul sta. Ajisaka lestari anggentosi ngasta pusaraning praja Medhangkamulan, lajeng nget abdi lan pusakanipun ingkang tinilar ing pulo Majethi. Lajeng ndhawahaken dhawuh supados nimbali Dora lan mundhut kagunganipun pusaka. Sembada lan Dora pinanggih sedaya dhawuh sampun kaaturaken, satemah dados pasulayan lan dados sirnaning abdi kekalih. Dangu boten wonten pawarta, Ajisaka arsa tedhak pribadi tumujng pulo Majethi, iba kagyating manah nyumerepi abdi kekalih sampun dados layon. Lajeng medharaken sabda ingkang dados cikal bakalipun aksara Jawa.

Kaliwira Tanaya| 3

BABAK I
Gendhing pambuka nyumanggakaken Pertapan Gua Siluman Nalika semanten ing salah satunggaling pertapan, ki Kurs nganthi wayahipun kakung ingkang drng pinaraban sowan wonten ngarsanipun begawan Antaboga, sasampunipun wonten ngarsanipun sang tapa, jabang bayi lajeng kacawisaken, dning sang tapa jabang bayi lajeng kaparingan pusaka nama Ajisaka, Ajisaka kapundhut putra siswa lajeng kawuruk sakathahing nglmu kasantikan lan jaya kawijayan. Sasampunipun ndungkap ing diwasanipun Ajisaka katundhung amrih lumarab ngangsu kawruh ing nagri Ngarab kinanthn abdi kekalih Dora lawan Sembada. (ing nagari Ngarab boten kacariyosaken).

Antaboga

: Hmmm.... yn dakgagas lumakun windu Kuntara wis tumeka ing taun Jimakir, iki ateges, sasi Sura taun ngarep wis ngancik taun Alip windun tiba windu Sangara, tiban tanggal ing Anggara Palguna, Anggara Slasa, Palguna pasaran Pon........ (katungka rawuhipun ki Kurs).

Ki Kurs Antaboga

:Kula nuwun, kula ingkang sowan sang tapa. :W .... njanur gunung praptanira ing pertapan kn Kurs, kn kn majua mrn. Kadiparan pawartanira rak ya padha slamet ta ?.

Ki Kurs

:Kasinggihan, pangstu paduka sang tapa, kula tansah manggih rahayu, pangabekti kula mugi tinampi.

Antaboga

:Sokur... sokur binag swu,... ya... ya.... pangabektinira wus daktampa, balik pangstuku tampanana.

Ki Kurs Antaboga

:Kasinggihan. :Ora... banjur ana wigati apa dn jenengsira rawuh ana ing kn, malah karo nggndong bayi,... kuwi sapa ki Kurs ?.

Ki Kurs

:Dhuh nyadhong deduka sang tapa, dn kula lumarab sowan tanpa taliwara langkung rumiyin.

Antaboga Ki Kurs

:Ya... ya... ora dadi ngapa. :Punika putu kula jaler, nyumanggakaken kersaha panjenengan paringi peparab, lan kagladhia minangka putra siswa paduka.

Antaboga

:Kn maju kn, dakgendhong.... hmm.... nitik saka tejaning putunira iki, bakal dakwnhi peparab Ajisaka, lan wiwit dina iki Kaliwira Tanaya| 4

dakjaluk iklasing penggalihmu, jabang bayi bakal dakpundhut ora mung siswa, malah bakal daksengguh kadi dn putraku pribadi. Ki Kurs :Matursembah nuwun sang tapa, sumangga kadospundi prayoginipun, kula lan smah kula sampun iklas, jer lar punika sampun lola, tanpa bapa kalawan biyungipun. Antaboga Ki Kurs :Mangkono ki Kurs. :Kasinggihan, makaten kawontenanipun, nunswu rhning sampun cekap sowan kula, kepareng kula nyuwun pamit sang tapa. Antaboga Ki Kurs :Ya.... ya... sing prayitna ngati ati, muga rahayu laku jantranira. :Kasinggihan.

Kaliwira Tanaya| 5

BABAK II
Pertapan Gua Siluman Abdining sang tapa Dora lan Sembada lagya sami gegojegan, sinambi nengga bendaranipun nggnnya gladhn olah kanuragan, lajeng katungka rawuhipun sang tapa begawan Antaboga.

(Mligi tumrap paraga Dora lan Sembada angginakaken basa mawi cara Banyumasan) Dora :Kang Sembada aring ngendi jan ya.... kayan mau nangkn koh... dn si ora nana.... kang..... rika nangndi kang..... Sembada :Ngapa ya..... wong ka bengak bengok.... kiy nyong agi ngoyak manuk.... man nemen jah. Dora :Manuk apa si kang.... kayan siki wis langka tuli ora nana manuk maning mbok..... Sembada Dora Sembada :Lha ya kuw, mulan agi takoyak... swaran nangndi lah.... :Priw ketemu pora....?. :Ketemu priw, jebulan swaran bendaran rika sing sing sat singsot koh, cpt h.. kapusan nyong. Dora :Mulan nyong b gumun, wong siki ka langka nemen manuk ya... ora kaya gemiyn. Sembada :Lha ya priw maning, gemiyn li wit witan gedh nang alas egun akh, lha siki.... alas alas wis padha gundhul mbok, dipangan buta trong. Dora Sembada Antaboga Dora :Lha apa buta trong doyan wit witan ?. :Lha ya mbuh ya... hahaha..... :ehm...ehm.... iki ki lagi padha ngapa ta kok l gayeng temen...?. :Jr sing doyan kayu lan wit witan garng kang....., oh nyuwunswu sang tapa, mangga mangga . Antaboga :Iya,.... ora,.... Dora lan jenengsira Sembada, bendaramu si Ajisaka ana ngendi jar kok banjur ora karo jenengsira sakloron...?. Sembada :Nunswu sang tapa, bendaran kula niki wau teng wtan ngrika, sakedhap kula padosan nggih.... Dora Antaboga :Kula nggih takmlu ngoyak...... :Iya.... Sembada lan sira Dora.... prayogan pancn kaya mangkono. Kaliwira Tanaya| 6

Ajisaka

:Kulanuwun, panjenengan madosi kula wonten wigatos punapa bapa...?.

Antaboga

:Nggr, anakku bocah bagus, kaya dakrasa wus kabh nglmuku dakwulang wurukk marang si anggr, nanging iki isih ana sing kurang mungguh panemuku,......

Ajisaka Antaboga

:Ingkang kirang bab punapa bapa.... lajeng..... :Wigatkna kang premati apa kang dadi aturku iki, wiwit dina iki sira daklilani mudhun saka pertapan kn, njujuga ana ing nagara Ngarab, merga ing kono kuwi mengko bisa dadi lantaran sampurnaning nglmunira iki.

Ajisaka

:Menawi panci makaten ingkang dados dhawuhipun bapa, mila keparenga dinten punika ugi kula nyuwun pamit....

Antaboga

:Iya.... iya nggr cah bagus,.... mung pamujiku ba, muga anggonmu tedhak ing tanah Ngarab manggiha rahayu, Dora lan Sembada, jenengsira sakloron daklilani ndhrk bendaramu si Ajisaka...

Ajisaka Dora & Sembada

:Inggih ngstoaken dhawuh bapa. :Kasinggihan sang tapa.

Kaliwira Tanaya| 7

BABAK III
Nagari Medhangkamulan Ing prangan babak 3 punika datanpa pacelathon, namung nggambaraken kawontenan salebeting nagari ingkang semrawut, kathah kawula sanayaprajanipun ingkang remen nindakaken kasukan main, mendhem, madon, madat, lan maling. Kathah kawula alit ingkang karisak wisma lan panggnan sesadyanipun salebeting peken.

Kaliwira Tanaya| 8

BABAK IV
Pulo Majethi Sabibaripun cekap nggnnya ngangsu kawruh, Ajisaka lajeng arsa tedhak angejawa, prapta ing pulo Majethi kang abdi Dora kalilan tengga pusaka ing pulo Majethi, Sembada kadhawuhan ndhrkaken lampah tedhak ing tanah Jawa, lajeng minggah redi Sumbing adedepok wonten ngriku muruk sakathahing nglmunira. Ajisaka :Paman Dora lan Paman Sembada...... punika kados kados sampun ngancik ing gisiking nusa Majethi.... prayogan sumn sawetawis ing ngriki rumiyin. Sembada :Leres dn,... lha mangga kmawon, Ra Dora rika aring kn ba ngancani bendaran, kiy nyong taknguyak unjar nang tasik nggo ngisi weteng sing kencot. Dora Ajisaka :Beres kang, santai ba.... sing akh ya golh nguyak unjar. :Paman Dora, punika mangk panjenengan paman kula suwun tengga wonten ing nusa Majethi ngriki, lan punika pusaka kula kanthinen, sampun pati pati paman paringk sintena kmawon kejawi kula pribadi ingkang nyuwun. Dora :Nggih, lha lajeng panjenengan badh nglajengaken lampah bnjang punapa dn ?. Ajisaka :Punika mangk madyaning ratri kula kelawan paman Sembada bakal nglajengak lampah kula tedhak ing tanah Jawa. Sembada Dora :Ra Dora, kiy nyong wis ntuk unjar akh mayo dibakar. :Beres kang, oh ya kang, kiy mau bendaran ngendika nk mengko bengi arep mbacutna laku aring tanah Jawa, lha rika sing kudu mlu, nyong taknunggu nang kn. Sembada Ajisaka :Walah..... napa leres ngaten dn ?. :Leres paman, panci makaten, mila paman Sembada kula aturi dados kanca lampah kula.

Kaliwira Tanaya| 9

BABAK V
Padhpokan Redi Sumbing Cantrik padhpokan nedya sami gladhn olah kanuragan kapandgani dning Sembada, lajeng katungka rawuhipun begawan Mudhik Bathara (Ajisaka). Sang begawan medhar nglmu sawatawis. Ajisaka karawuhan begawan Antaboga nanging lampah panglimunan, sedaya cantrik boten wonten ingkang nyumerepi. (para cantrik sedaya ngginakaken basa mawi logat Banyumasan).

Ajisaka

:Paman Sembada lan sakabhing cantrik, ing wektu iki bakal daktepungak kalawan sira kabh, bab solah bawaning nayaka praja dimn andarbni watak kang utama .

Sembada Ajisaka

:Inggih, sumangga kawedhara. :Sipating nayaka praja mono kudu bisa anulad marang lakuning alam, bab iki wus kaandharak sajroning piwulang kang dnarani Hasthabrata, teges ambeg wolu lakuning alam, yakuwi watak wantun alam kang gunggung wolu, kayata : wataking surya, chandra, kartika, maruta, tirta, bantala, dahana, lan baruna..

Cantrik 1 Ajisaka

:Lajeng kados pundi larah larahipun saben watak punika sang tapa. :Ya... mangkana ta watakira saben saben watak, iki mung sapala dakjlntrhk bab wataking baruna, baruna mono njarwani marang segara, dn maksud mirid tembung segara, wataking nayaka praja bisaa anulad kaya dn segara, segara kuwi dadi papan ngumpul wujud banyu kali, mbuh kuwi kali banyun resik apadn buthak, nanging yn wis nyawiji nyemplung segara, banyu segara mesti ba wening. Mula banjur bisa nukulak banyu udan kang uga wujud banyun wening..

Cantrik 2

:Oh.... menawi ngaten watak nayaka praja punika sageda dados papan panggnan nampi solah bawaning panyaruw saking para kawula dasih, lan sedaya panyaruw punika sageda tinampi lajeng

wusananipun saged kaweningaken, murih ndayani tentreming kawula. Ajisaka Antaboga :Ya.... bener apa kang dadi aturmu, pancn kaya mangkana iku. :Assalamualaikum.... nggr anakku Ajisaka. Kaliwira Tanaya| 10

Ajisaka

:Wa alaikum salam,..... ooh.... mangga.... mangga rama....ngaturaken wilujeng rawuhipun.

Antaboga

:Iya .... iya nggr.....

(Lumebeting Antaboga damel ggripun para cantrik awit nyumerepi Ajisaka wawan pangandikan tanpa wonten ingkang kaajak wawan pangandikan). Cantrik 1 :Kang.... kang... ka sang tapa ngendikan karo sapa.... kaya grenengan dhwk ya. Cantrik 2 Sembada :Walah.... iya... karo sapa ya dhi.... :Hus.... aja kurangajar rika, ka sing rawuh bapa gurun sang tapa, asman begawan Antaboga, ayo padha ngaturak pambagya. Cantrik 1 :Dhuh begawan nyadhong deduka, awit kula sakanca boten saged sumerep rawuh panjenengan, ngaturaken pambagya wilujeng

rawuhipun. Antaboga :Iya cantrik daktampa, aja dadi kagyatira sakanca dn sira kabh mung bisa keprungu swaraku datanpa nguningani badan wadagku, lungguha sing prayoga, aku bakal ana perlu marang gurunira si Jebng Ajisaka. Cantrik sedaya Antaboga :Inggih...... :Jebng, aja dadi kagyating penggalihira, dn tekaku mrn datanpa taliwara, sinartan laku samudana, temah cantrikmu padha ggr kaya mangkono. Ajisaka :Kasinggihan bapa, boten dados punapa, njanur gunung rawuh paduka, lajeng wonten dhawuh wigatos punapa ?. Antaboga :Iki ngn jebng, sauger nggonmu nggayuh kasampurnaning nglmu wus lestari lulus raharja, mula dina iki uga jenengsira jebng daksuwun tedhakka ana ing nagara Medhangkamulan. Ajisaka :Nagari Medhangkamulan, lajeng punapa ingkang kedah kula tindakkaken bapa, rhning kang putra sauger punika katembn mireng, dunungipun pundi kmawon drng udani. Antaboga :Wis bab papan dunung sira aja sumelang, Sembada bisa dadi cucuking lampahira, sing baku kuwajibanmu ing Medhangkamulan, nyirnakak angkara murkan prabu Dwatacengkar. Ajisaka Kasinggihan, lajeng punapa sabab musababipun dn sang prabhu kedah kasirnakaken. Kaliwira Tanaya| 11

Antaboga

:Kuwi salah sawijining ratu kang nduwni watak durangkara, sawadyabalan seneng ngrusak tatananing nagara, akh kawula dasih kang nandhang sungkawa, awit pepolah kang seneng kasukan bancakan bandha negara, ya pajak saka kawulan. Mula jenengsira kudu bisa gaw tentrem, sokur bag bisa didandani dn ora bisa kebat sirnakna, ning welingku marang sira, aja kongsi nganggo cara cara kang agal, nganggowa srana wataking tirta.

Ajisaka Antaboga

:Kasinggihan, ngstoaken dhawuh. :Wis nggr lan sira kabh para cantrik, aku njaluk pamit, Assalamualaikum.

Ajisaka Cantrik Ajisaka

:Inggih, mangga bapa, ndhrkaken. :Kasinggihan sang begawan. :Paman Sembada, lan sekabhing para cantrik, sira kabh wis krungu dhw apa kang dadi sabda pangandikan bapa guruku iki mau, mula mangsa boronga padhpokan, aku lan paman Sembada bakal sumadya tata tata.

Cantrik Sembada

:Kasinggihan.... :Swawi kula dhrkaken.

Kaliwira Tanaya| 12

BABAK VI
Dusun Kasihan

Ajisaka lan abdinira Sembada lajeng tedhak saking redi Sumbing manjing wewengkon nagari Medhangkamulan, kampir ing salah satunggaling padusunan. Ing ngriku katemben ginelar merti dsa kinanthi lnggran, ingkang mbeksa putranipun stri nyi randa Kasihan ingkang peparab Ratna Dwi Rarasati, Ajisaka kasmaran ningali solah bawaning sang Dwi. (Swasana kadamela kados dn salebeting pagelaran beksan Lnggran, kanthi paraga ingkang mbeksa Ratna Dwi Rarasati, lajeng katungka rawuhipu Ajisaka lan Sembada, purna salin babak).

Kaliwira Tanaya| 13

BABAK VII
Papan Dunungipun Randha Kasihan

Sabibaripun lajeng nglajengaken lampah tumuju ing salah satunggaling pendapa ageng, namung mangu mangu sajabaning regol. Kadunungan dning dning abdinipun nyi randha ingkang saweg sami gegojegan, lajeng sasampunipun kepareng mlebet pendapa lajeng pinanggih nyi randa Kasihan lan putranipun stri Ratna Dwi Rarasati. Ing ngriku lajeng kababar kawontenan salebeting nagri. Katungka rawuhipun ki Patih Trenggana gupuh gupuh sowanira sajak kataman sungkawa. Lajeng binabar dn kautus sang prabu kinn ngupadi jalma manungsa ingkang badh dados dhaharipun sang prabu. Ajisaka sagah dados dhaharipun lan nyuwun supados linarabaken, nanging kapenggah dning nyi randa. Ananging Ajisaka sampun sumadya nglampahi. (Swasana plataran pendhapa, kanthi lelagon lancaran Wonosobo Asri1) Mbok Karya Kang Temen Mbok Karya : (jejogedan sinambi nyapu, lajeng katungka mlebetipun kang Temen) :Yu..... yu.... lha arep kapan nggonmu rampung nyapu,.... :Iki wong teka teka malah maido.... mbok kn aku dirwangi nyapu. Kang Temen :Haiyah.... kuwajibanku rak ora kon nyapu..... lha kuwi gawanmu j...., ora yu, weruh kang sranta ora ? Mbok Karya Kang Temen Kang Sranta Mbok Karya Kang Temen :Mnkth......... :Jiaaaaan.... sok gaul kaya cah nom noman ba.... :W lha nangkn ta kow kang..... :Lha ka wong gelo.... rasah digolki wis njedul dhw.... :Piy kang, wis mbok pikir durung apa sing wingi takkandhak karo kow.

Cakepan lan titilaras kacawisaken ing lampiran

Kaliwira Tanaya| 14

Kang Sranta Kang Temen

:Wis kang, aku sarujuk..... manut rembugmu ba... :Na..... rak ngono.... seneng aku krungu gunemmu..., saiki perkaran ssuk nk sida tuku tenan piy nk aku bagan mburi, kow baganmu ngarep.

Mbok Karya Kang Sranta Mboka Karta Kang Sranta Kang Temen

:Iki ki dha ngrembug apa j...?. :Hus kow ki rasah mlu mlu yu, iki urusan wong lanang... :Huh ya uwis,.... aku takmbacutk reresik ba.. :Jlntrh piy kuwi kang ?. :Ngn kang... gandhng jatahku mburi, teges weteng tekan buntut, lha kow jatahmu ndas tekan dhadha.

Kang Sranta Kang Temen

:Lha iya,... terus... :Lha ya kuwi, gandhng jatahmu ngarep ndas tekan dada, mula sing jatah golk suket ya kow, jatahku mbuwang mendhil... piy sarujuk ta ?

Kang Sranta

:Ya...ngono kuwi ya apik kang, dadi gandhng jatahku ngarep, klebu cangkem mula aku sing kuwajiban nggolkk suket, njur bagan reresik kandang sak mendhil kow.

Kang Temen Mbok Karya Kang Sranta Mbok Karya

:Tul.....seratus pinter tenan kow kang. :Sik.... sik, tenh kepnak kang Temen kuwi... :Weit.... lha iya kok isa yu.. :Piy ta.... lha ya cetha kang, lha nk ssuk wedhusmu mbrojolk cemp kow ora mlu nduwni no.

Kang Sranta Kang Temen

:Mengko dhisik, kang..... iki mengko wedhus bandot pa wadon..?. :Haiyak.... lha cetha wadon ta kang...

Kaliwira Tanaya| 15

Kang Sranta Kang Temen Kang Sranta

:Lha iki, bisa uga bener apa kandhan yu Karya... :Lha piy...? :Lha nk ngono pnak kow, aku sing nggolkk suket, kow sing bathi cemp... wah jeneng curang kow kang.

Kang Temen

:Sabar.... lha mau piy rembugan...., malah nesu...ngejak ram pa piy...

Kang Sranta

:Anggepmu aku wedi pa.... mrn majua takklethak sirahmu...

(Kang Sranta lan Temen banjur padha sulaya banjur kapenggah yu Karya) Yu Karya :Iki .... ki dha ngapa ta kok malah dha gelut ngn iki.... wis ... wis... saiki wedhus endi...? Kang Temen Yu Karya Kang Sranta :Wedhus apa ? :Lha kuwi mau dha ngrembug nk bar tuku wedhus ta... :O.... alah... iya.... kuwi mau mung lagi ngen ngenku tuku wedhus dombos patungan ro kang Temen....yu..? Yu Karya Kang Temen :Alah alah... bul mung ngen ngenan ta iki mau.... jian.... :Kang... yu,... mrna... ka nang regol kok kaya ana piyayi loro....duw perlu apa ya kok mung mndhel nang kana ka... Ajisaka Kang Temen Kang Sranta Ajisaka Mbok Randa :Kulanuwun ki sanak... :Mangga mangga dn,.... yu diaturk bendaramu iki ana dhayoh. :Mangga lho dn... pinarak sawatawis. :Maturnuwun paman. :W..... jebul ana piyayi kersa rawuh rompog kula, ngaturaken pambagya wilujeng rawuhipun, lajeng pundi ingkang dados

Kaliwira Tanaya| 16

pinangkanipun, lan sinedyaning kayun, kados praja Medhang drng udani, anggr wuryan katingal. Ajisaka :Kasinggihan nyai, anedha pasiyan dika, kula datanpa wisma mila kampir, datanpa tuduh pinangka, song song mga apan akandhang wana. Nyi Randha Ajisaka :Pundi wonten ingkang makaten, mila keparenga paring uninga. :Sangking sabrang nagari ngatasangin bibi, nedha nyumerepi nagari Medhangkamulan. Nyi Randha :Kepasan yogya temen, ngriki punika inggih taksih dhawah wewengkon nagari Medhangkamulan, lajeng radn sinten ingkang dados sinambating wangi. Ajisaka Nyi Randha Ajisaka Nyi Randha Sembada :Kula Ajisaka saking redi Sumbing. :Dados panjenengan ingkang sesilih pandhita saking redi Sumbing. :Leres makaten bibi, nunswu punapa bibi boten kagungan putra. :Gadhah setunggal pawstri, punika anak kula stri. :Dn,.... nika mbok sing wau njing njoged lnggr teng nggn merti desa nika. Ajisaka Nyi Randha Sembada :Paman ki lho.... :Leres punika panci anak kula stri kok kisanak. :Lha tuli bener ko...

(Katungka rawuhipun ki patih Trenggana) Patih Trenggana Nyi Randha :Manira ingkang sowan kakang mbok... :Kn.... kn dhi...., njanur gunung lakumu tekan kn... mengku wigati apa...?

Kaliwira Tanaya| 17

Ki Patih Nyi Randha

:Inggih kakang mbok, w katembn wnten dhayoh ta punika ? :Iya dhi.... iki pandhita saka redi Sumbing, asman Ajisaka kampir mrn arep menyang praja Medhang,... sinaosa pandhita.... iki wus taksengguh kadidn putraku pribadi,... mula gag abagya dhi.

Ki Patih Ajisaka

:Ngaturak pambagya wilujeng nak mas.... Ajisaka. :Inggih paman, punapi leres paman punika ingkang dados warangka dalem sang nata wnten praja Medhang ngriki.

Ki Patih

:Panci leres makaten,.... boya... lajeng manira punika putra nalndra saking pundi, dn saged tata rakiting basa bagongan ngaten.

Ajisaka

:Nunswu paman, menawi manira damel kagyating penggalih pakenira, manira punika sans sinten sinten, namung rikala semanten kaliyan bapa guru manira, manira kagladhi tata rakiting basa bagongan.

Ki Patih

:Salajeng, wnten wigatos punapi dn anggr lumarab tedhak arsa nyumerepi praja ing Medhangkamulan ngriki.

Ajisaka

Walh ... walh punapi paman, manira nampi dhawuh bapa guru manira, supados tumedhak ing praja Medhangkamulan.

Ki Patih

:Adhuh nak mas, menawi pakenira kersa dhahar atur manira, kersaha nggal nggal nilarak wewengkon praja Medhang....

Ajisaka

:Mangk rumiyin paman, lajeng punapi sabab, manira kedah sumingkir saking ngriki.

Ki Patih

:Sampun kaloka ing rat jagad pramudhita, bilih praja ing Medhang sapunika nandhang pepeteng, awit saking kridhan sang prabhu sawadyabala ingkang nerak ing paugeran keprajan, malah punika mangk saged ugi pakenira dados dhahar sang prabhu...

Sembada

:Nunswu ki patih, sang prabhu punika dhahar jalma manungsa sastu. Kaliwira Tanaya| 18

Ki Patih

:Inggih... kaleresan makaten ki sanak, nanging stunipun anggn dhahar manungsa punika boten ateges dhahar limrah dhahar kados padatan, nanging minangka pralambang, bilih sang prabhu punika remen ngalap darbning liyan, kalebet sedayan, raja kaya, raja brana, malah ingkang taksih yuswa timur, nedha kadadosak kadosdn budak, ngaten ki sanak, lha dinten punika kula stun nampi dhawah timbalan dalem kapurih caos kawula ingkang nedha kajabel raja kaya, raja brana lan karosan.

Nyi Randha

:Banjur apa wis kasil nggonmu ngupadi, apa kang dadi panyuwun sang prabhu dhi..?

Ki Patih

:Punika lho kang mbok, ingkang dados sungkawaning manah, dn pakenira drng saged manggihak, jer sapuniki kathah nm nman ingkang tilar praja ngupadi slamet.

Nyi Randha Ki Patih

:Lha banjur kepiy dhi. :Paripaksa, menawi boya wnten malih inggih, anak manira jaler nedha manira larabaken sang prabhu.

Nyi Randha

:Dhuh Gusti kang Akarya Jagad.... kok dadi kaya mangkono pungkasan... dhi.... dhi....

Ajisaka

:Nunswu paman, menawi pakenira kersa, manira mawon ingkang kalarabak sang prabhu, sampun ngantos putra pribadi dados bebantening sang angkara murka.

Nyi Randha

:Anggr Ajisaka, kula suwun sampun ngantos ndhrk caw caw bab perkawis punika jer panjenengan sans kawula Medhang.

Ajisaka

:Bibi sampun sumelang, jer kula rumaos sampun kadosdn putra ndika, mila kula gadhah kuwajiban damel lereming perkawis punika, paman patih, swawi mangga manira kasowanak sang prabhu.

Ki Patih

:Adhuh anggr.... semantena ageng labuh labeting si anggr kalawan pun paman,.... Kaliwira Tanaya| 19

Ajisaka

:Boya dados punapi paman, mangga paman bidhal dinten punika, bibi kula nyuwun pamit.

Nyi Randha Ki Patih

:Oh.... alah.... lelakon apa ta iki,.... :Kang mbok manira minta pamit......

Kaliwira Tanaya| 20

BABAK VIII
Medhangkamulan Kawontenan ing pisowanan praja Medhangkamulan, sang prabhu Dewatacengkar nampi pisowananipun abdi sorng kekalih inggih sornglaya lan sorngpati sapirembag ngngingi bab caos bulubekti jalma manungsa, lajeng katungka rawuhipun ki patih Trenggana ngirit Ajisaka lan Sembada Dwatacengkar :Hahahahahaha...... la..... la.... Sornglaya lan jenengsira Sorngpati, maju mrn anggon sira padha sowan

ngarsaningsun. Sornglaya & Pati :Sendika gusti prabhu, ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk ngandhaping pepada. Dwatacengkar :Iya.... ingsun tampa sembahira sakloron, kadiparan

Sornglaya, apa wis ana pawarta kang gumathok saka paman patih Trenggana ngngingi pamundhutingsun bulu bekti awujud jalma manungsa... hh....?. Sornglaya :Punten dalem swu sinuwun, kados ngantos titi kalenggahan punika drng wonten pawartanipun. Sorngpati :Punten dalem swu sinuwun, kang abdi Sorngpati caos atur. Dwatacengkar Sorngpati :Hiya..... kadiparan... nggal gag matura... Sorngpati. :Sendika sinuwun, manut pamanggih kula, paman patih punika mangk boten saged angsal damel. Dwatacengkar :Hmmm..... paran apa sebab dn paman patih boya bisa ntuk gaw...? Sorngpati :Punika awit, sakpunika para anm kawula paduka sampun kathah ingkang tilar nagari, sinuwun.... Dwatacengkar :Kepiy.......!!!!..... bener apa kandhan si Sorngpati kuwi... hh Sornglaya. Sornglaya :Kasinggihan... makaten sinuwun, kula ugi nyumerepi piyambak bilih kathah karang padsan sami suwung tinilar ksah...

Kaliwira Tanaya| 21

Dwatacengkar

:Huaaaaaa.... iblis jajalanat.... lamun ngn iki banjur kadiparan tumandang gawmu sawakdyabala... hh....

(Katungka sowanipun patih Trenggana) Patih Trenggana Dwatacengkar Patih Trenggana Dwatacengkar :Kula ingkang sowan sinuwun. :Paman patih iya...... majua mrn sowanira. :Sendika. :Sawis lerem nggonira sowan ngarsanipun, banjur ingsun mundhut pirsa, kadiparan apa antuk gaw nggonira mundhi dhawuh ingsun...? Patih Trenggana :Punten dalem swu sinuwun, awit saking pangstu paduka, kang abdi kepatihan saged angsal damel, punika Ajisaka ingkang kula sowanaken. Dwatacengkar Patih Trenggana Dwatacengkar :Hahahaha..... sida antuk gaw...? :Kasinggihan sinuwun. :Sornglaya.... lan Sorngpati.... iki.... padha seksnana, paman patih sida antuk gaw hahahaha.... Sornglaya Dwatacengkar Ajisaka Sorngpati :Kasinggihan. :Hh.... bocah bagus... bener jenengira si Ajisaka. :Pancn bener, mangkono. :Keparat.... kow ki didangu ratu.... nggonmu wangsulan kok blaka ngoko, tanpa nganggo tatakrama unggah ungguhing basa... Dwatacengkar :Sorngpati... wis... wis... menenga sira, kareben ingsun ba kang ndangu bocah bagus iki. Sorngpati Dwatacengkar :Swu lepat nyuwun pangapunten sinuwun. :Ya... ora dadi ngapa, hh Ajisaka.... nitik saka wandamu... jenengsira iki dudu kawula Medhang, banjur ngendi kang dadi pinangkamu...? Ajisaka :Bener aku pancn dudu kawula Medhang kn, nggonku sowan bakal mnhak pati uripku marang kow. Dwatacengkar :Hmm.... jan jan nitik bagusmu, man banget yn kow dadi budakingsun Ajisaka, malah luwih pantes dadi abdi kinasih ingsun..

Kaliwira Tanaya| 22

Ajisaka

:Rasah kakan muwus, aku gelem dadi apa apamu, lamun kow gelem ngayogyani apa kang dadi panuwunku.

Dwatacengkar

:Hahahahaha..... banjur apa kang dadi panjalakmu gag matura ingsun.

Ajisaka

:Panjalakku ora ang ang, aku mung njaluk bhumi Medhang saamban surbanku iki.

Dwatacengkar

:Huahahahahaha..... manyar temen panjalukmu, mula gag udharen surbanmu kuwi... miliha lemah ngendi kang bakal dadi panyuwunmu.

Ajisaka Dwata

:Iya......... iki udharen dhw :W lha dalah....... lha kok.......... akh.......

Kaliwira Tanaya| 23

BABAK IX
Medhangkamulan Sasirnarira sang Prabhu Dwatacengkar, Ajisaka winisudha agentos kalenggahan ratu ing Medhangkamulan, lajeng mangu mangu lan kmutan abdinira si Dora lan pusakanipun ing pulo Majethi, lajeng dhawuh Sembada kapurih mboyong Dora dateng kadaton.

Patih Trenggana

:Wara wara, sakabhing kawula lan nayakapraja, ngertnana yn sang prabhu Dwatacengkar wus lngsr kaprabon saka astan pandhita kang winisik Ajisaka, mula wiwit dina iki prabhu Ajisaka kang bakal ngasta puseraning praja.

Ajisaka

:Paman patih, bingah raosing manah manira, dn kawula ing Medhangkamula saged uwal saking angkara murkan prabhu Dwatacengkar, mara dhawuhk timbalaningsun marang sekabhing abdiningsun bupati, wedana, panwu, bekel lan jajar, sing sapa isih temen ngugemi kautamaning pranatan keprajan, bakal ingsung paringi pangapura, balik sing sapa boya ngayogyani apa kang dadi sabdaningsun, bakal sunlebokak pakunjaran.

Patih Trenggana

:Sendika sinuwun, hh sekabhing nayakapraja, ratu gustimu wus paring sabda, mara gag tindakna.

Nayaka

: (saged kasulih dning kadang pengrawit kanthi saur manuk Inggih)

Ajisaka

:Paman Sembada, kula lajeng kmutan marang si paman Dora ingkang sapunika tengga ing pulo Majethi, mila saking punika paman, panjenengan kula suwun mapag lan nganthi pusaka kula.

Sembada

:Sendika, ngstoaken dhawuh anak anggr, kepareng lilah dalem kang paman pamit medal pasilan.

Ajisaka Sembada

:Inggih paman, ingkang prayitna ngatos ngatos. :Sendika.

Kaliwira Tanaya| 24

BABAK IX
Pulo Majethi Praptanira Sembada ing Pulo Majethi pinanggih Dora, lajeng kababar punapa ingkang dados wigatining atur, lajeng dumados pasulayan ngantos kekalihipun pejah sampyuh.

Sembada Dora Sembada Dora

:Dhi.... Dora..... ra...... ra..... rika aring ngendi ya... :Oeeee... nyong nang kn ....... sapa ya....... kang Sembada ya... :Iya..... kiy nyong Sembada. :Walah kang Sembada, lawas nemen ya ora ketemu, priw kabar bendaran, dn ora karo rika ?

Sembada

:Ngn dhi,... kiy nyong nampa dhawuh bendaran, tekan nyong mrn kon njukut pusaka, karo rika sisan dijaluk kon maring Medhang bareng nyong, wong bendaran dhwk tu li saiki wis mulya dadi ratu nang Medhang.

Dora

:Wadhuh..... man nemen kang, ning kang Sembada... nyong ora bisa mlu rika, apa maning mnhna pusaka kiy, wong gemiyn weling bendaran, nyong ora olh mnhna pusaka kiy angger dudu bendaran dhwk sing njukut.

Sembada

:Ning dhi... kiy nyong ngomong apa anan, mayo kn pusakan, terus rika mlu nyong maring Medhang.

Dora

:Ora kang, nyong tu li wis ngomong karo rika, anggr dudu bendaran dhwk sing mrn ora bakal takwnhna sapa sapa.

Sembada

:Kiy nyong diutus temenan, gelem ora gelem rika kudu gelem, apa kudu njaluk takpeksa....

Dora Sembada

:Lha nk pancn rika wani... langkahi dmn layon nyong. :Malah rika ngyl.... mayo anggep nyong wedi pa karo rika. (lajeng sami perang tandhing, awit saking sami ampuh kekalihipun lajeng pejah sesarengan, lajeng kasusul Ajisaka lan patih mrepegi puloo Majethi).

Ajisaka

:Adhuh paman Dora lan Sembada, Hana caraka, data sawala, padha jayanya, magabathanga (titi).

Kaliwira Tanaya| 25

BIODATA PENULIS NASKAH

Nama Kekancingan Abdidalem Tempat Tanggal Lahir Alamat Pendidikan Pekerjaan Email Website HP

: Setya Amrih Prasaja,S.S. : Masbekel Sepuh Dwijasetyaprasaja,S.S. : Wonosobo, 26 Juli 1981 : Kalijati, Kaliwiro, Wonosobo : Sastra Nusantara, FIB UGM : Guru Bahasa Jawa SMA N 1 Sanden, Bantul Yogyakarta : setyawae@gmail.com : www.setyawara.webnode.com : 082328481414

Kaliwira Tanaya| 26

Anda mungkin juga menyukai