Anda di halaman 1dari 19

JUMUWAH ADI

SANGSARA LAN SEDA DALEM GUSTI

GEREJA SANTA PERAWAN MARIA RATU STASI BAYAT PAROKI WEDI

Cecala
Kita sesarengan saperlu memule Gusti Yesus Kristus saking Nazaret, ingkang celak sanget kalian kita ananging benten sanget,sebab Gusti jumeneng Allah manungsa, Panjenneganipun dipun siksa,disapu, dipun cecamah lan ugi kaukum khisas,ugi ajrih kados kita. Ananging sadaya kasangsaran Dalem meniko wau dipun tampi kanthi legawa, sanajhan priksa tumekaning pati, boten lajeng tingal glangkang colong playu. Mila abdining Allah ingkang nandang sangsara tanpa dosa, jinunjung dening Allah. Awit saking menika kacetha bilih pati meniko boten ateges pejah sirna ananging kamenangan. Inggih wigati meniko ingkang jalari dinten menika dados dinten atur panuwun ugi dinten kamenangan.

Pembuka
Altar resik tanpa apa- apa. Rama Imam ageman sarwa abang. Rawuh didhrkak para putra-altar, terus ngurmati altar banjur ungkeb-ungkeb utawa jngkng. Kabh meneng sawatara suwn. Bakda iku Rama Imam tindak menyang palenggahan lan kanthi ngadepakuman darta asta nlakup, wiwit sembahyang (tanpa pangajak).

Sembayangan Pambuka I. Gusti, kawula aturi ngngeti sih kawelasan Dalem, saha nuckna para abdi krana pangayoman Dalem, jer sang Kristus, Putra Dalem, margi nglabeti para abdi, sampun yasa kekeraning Paskah srana nuntasake rah. Panjenenganipun ingkang gesang tuein mengku keprabon ing salamilaminipun. U. Amin. Waosan Isaias 52 : 13-15 : 12 Panjenengan nandhang tatu marga dosa-dosa kita. Pethikan saking Kitab Nabi Isaias Abdiku bakal maju, bakal jinunjung dhuwur lan sinengkakak ingngaluhur. Umat kagt, yawang panjenengan: slira rusak, ora mantra-mantra 2

manungsa. Umat gumun, para nata njenger ora kumecap ingarsan, nyawang lelakon kang durung tau dicritakak uwong, nyipati prakara kang durung tau keprungu: Sapa kang bakal ngandel, apa kang kita rungu? Marang sapa astaning Pangran diwedharak? Kaya trubus mudha Panjenengan ana ing ngarep kita, kaya oyod ing lemah garing, tanpa kandahan, tanpa kawibawan, slirane ora ana kang resep sinawang; diina lan ditampik sapa ba, kebak kasusahaan lan kasangsaran; saben wong nutupi rai, ora sudi nyawang; Panjenengan diseplkak lan kita ora nggap. Sajatin kasangsaran kita kang disangga, kasusahan kita kang disandhang. Nanging kita malah ngarani Panjenengan wong dosa, kang nampa bebendu lan siniksa ing Allah ajur marga kaluputan kita, lebur marga dosa kita. Panjenengan nyangga paukuman kang asung keslametan kita, lan marga rojah-rajh sliran, kita slamet. Kita kasasar-sasar kaya wedhus, nurut dalan sakarep dhw, lan Pangran nempuhak dosa kita marang Panjenengan. Dianiaya kasar, Panjenengan tetep sabar, tanpa kumecap, kaya cemp katuntun marang pembelhan, kaya wedhus dicukur tanpa nyuwara. Panjenengan diadili murang adil; sapa kang mblani pakaryan? Disrt saka ing tengahtengah wong urip, dibuwang ing tengah-tengah wong mati krana dosa kita. Panjenengan disdani bareng wong duraka, dipetak ing makam wong sugih, mangka ora nindakak piala lan pangandikan ora tau cidra. Pancn wis dadi karsan Pangran paring sangsara marang Panjenengan. Yn wis ngorbanak jiwa minangka dhendhaning dosa, Panjenengan bakal nyawang pandhrk-pandhrk umur dawa lan apa kang dirasak Pangran bakal kelakon lantaran Panjenengan. Sawis sumpeging ati sirna, bakal dadi lejar lan lega. Kanthi nandhang kabh mau, Abdiku dadi jalaran wong akh dibenerak, marga anggon nyawang luput. Mulan Aku bakal masrahak wong akh dadi bagan, wong-wong kuwasa bakal dipilihi kaya barang jarahan, minangka ganjaran anggon wus toh pati, anggon gelem dianggep wong dosa, gelem nyangga kaluputan wong akh, lan anggon tansah nyembahyangak wong dosa. Makaten sabda dalem gusti U. Sembah Nuwun Konjuk Ing Gusti Kidung Antara 3

Reff: Dhuh Rama, kawula pasrahaken jiwa kawula ing asta Dalem. Kaluwarna kawula, dhuh Gusti, krana kaadilan Dalem, nggal midangetna panyuwun kawula. Kawula pasrahaken, jiwa kawula ing asta Dalem, dhuh Gusti, Gusti ingkang ngluwari kawula. Tumrap mengsah kawula asor, ngisin-isini, kanggnipun tangga-tepalih nggegilani, kangg pawong-mitra ngajrih-ajrihi. Tiyang ingkang pinanggih ing margi sami nebih nyingkiri. Kawula dipun supekakn prasasat sampun pejah wonten ing tanahipun, kados grabah ingkang sampun pecah. Waosan Hibrani 4 : 14-16 ; 5 : 7-9 Gusti nggegulang watak nurutan lan dadi sumber rahayu tumrap kabh kang nurut ing Panjenengan. Pethikan saking suratipun Rasul Santo Pulus dhateng umat Hibrani Para sadulkur, wiwit kita darb Imam-agung minulya. Yaiku Sri Ysus Putraning Allah, kang wus nrabas kabh lapisaning langit, kita kudu ngukuhi pangendel kang kita ugemi iki. Imam-agung kita iki karsa ngraosak kaskngan- kaskngan kita, karsa nglami pacoban-pacoban kaya kita, lan ing samubarang padha karo kita, kajaba mungguh ing dosa. Mula ayo padha marak ing dhamparing sih kanthi pangarep-arep teguh, bakal nampa nugraha sih pitulungan saka Pangran, samangsa kita mbutuhak. Sang Kristus Imam-agung kita kala sugeng jumeneng manungsa wus sembahyang kanthi ngasih-asih ngujukak panyuwunan marang Hyang Rama, kang saged ngluwari saka pati, lan marga tlatos panyuwunan mau dikabulak. Sanadyan jumeneng Putra, wadn sagah nandhang sangsara, perlu ngatingalak anggn mbangun miturut. Nanging sawis nggayuh kasampurnan, Sang Kristus dadi sumber tumrap kabh kang nurut ing Panjenengan. Makaten Sabda Dalem Gusti 4

U. Sembah Nuwun Konjuk Ing Gusti Kidung Cecala Reff: Sang Kristus sda nglabeti kita Sang Kristus nglabeti kita manungsa mbangun miturut nganti sda, malah sda sinalib. Marga saka iku jinunjung ing Allah, lan pinarinagn Asma kang pinunjul, ngungkuli asma liya-liyan. Waosan Injil Yohanes 18 : 1-19 , 42 A : Sangsara Dalem Gusti Ysus Kristus anggitan Santo Yohanes. Ing nalika semana, Gusti Ysus miyos medal di dhrkak para murid nyabrang kali Cdron. Ing kono ana taman, Gusti tindak mlebet karo para murid. Dn Yudhas kang nyidrani Gusti, ngerti papan mau, awit Gusti kerep rawuh mrono di dhrkak para murid. Mula sawis olh prajurit sabregada sarta abdi-abdin imam-agung lan para Parisi, teka mrono nggawa ting, obor lan gegaman. Gusti Priksa kabeh bakal nekani, banjur majeng lan ngandika marang wong-wong mau: : Kow padha nggolki sapa? A : Atur wangsulan: G : Sri Ysus saking Nasart! A : Pangandika Dalem Gusti: : Ya Aku iki A : Yudhas kang nyidrani Gusti uga ana ing saantaran wong-wong mau. Bareng Gusti ngandika: Ya Aku iki banjur padha mundur lan klumah ing lemah. Mula Gusti ndangu manh: 5

: Kowe padha nggolki sapa? A : Atur wangsulan: G : Sri Ysus saking Nasart! A : Gusti paring wangsulan: : Kow mau wis padha Dak kandhani, ya Aku iki. Yn kow padha nggolki Aku, karebn wong-wong iki padha lunga. A : Mangkono kaleksanan pangandika Dalem: Tiyang-tiyang ingkang dipun pasrahaken dateng Kula, boten wonten satunggal kmawon ingkang cicir. Dn Simon Ptrus kang ngawa pedhang, ngunus pedhang, kasebatak ngenani adin imam-agung nganti kuping tengen perung. Jeneng abdi mau malkus. Nanging Ptrus banjur dingandikani Gusti: : Pedhangmu sarungna! Apa tuwung kang diparingak RamaKu, ora arep Dak omb? B : Para prajurit lan panggedhn sarta kongkonan wong Yahudi padha mbesta Gusti. Dhisik Gusti diirid menyang dalem Anas, mara-tuan Kaiphas,kang jumeneng imam-agung taun iki. Dn Kaiphas, iku kang wis tau awh pramayoga marang wong-wong Yahudi: luwih becik mati siji kanggo wadal wong sabangsa. Simon Ptrus lan murid liya padha ndrkak Gusti. Murid iki wis tepung karo imam agung lan mlebu ing bangsal bareng karo Gusti Ysus. Nanging Ptrus ngadeg ing njaban rgol, banjur nglebokak Ptrus. Bocah wadon ing njaban rgol aruh-aruh: S : Andak sampyan sans tunggil murid tiyang nika? B : Ptrus mangsuli: S : Sans! B : Para abdi lan punggawa padha ngrubung bendhiyan, sarta padha gegeni, awit hawan adhem, Ptrus ngumpuli wong-wong mau, mlu gegeni. 6

Imam-agung ndagu Gusti Ysus, bab murid lan piwulang Dalem. Gusti paring wangsulan: : Anggn Kula gineman kalian tiyang-tiyang tansah blak-blakan. Anggn Kula mulang wonten ing Sinagoga, Utawi wonten padaleman suci, papan kempalipun tiyang Yahudi, lan boten wonten ingkang Kula criyosaken kanthi sesidheman. Kening punapa ndangu Kula. Kula aturi ndangu tiyang-tiyang ingkang sami mirengaken Kula, punapa ingkang Kula wulangaken dhateng tiyang-tiyang wau. Tiyang-tiyang wau sami mangertos, punapa ingkang Kula criyosaken. B : Nanging nalika Gusti ngandika mangkono mau ana abdi sing pinuju ana sacedhak, sing banjur napuk wadana Dalem karo kandha: S : Kaya mangkono wangsulanMu marang imam agung? B : Gusti paring wangsulan: : Yn luput kandhaKu, buktkna luput! Nanging yn bener, ya gn kow napuk? B : Anas nuli dhawuh nyowanak Gusti kabesta ing ngarsan imam-agung Kaiphas. Dn Simon Ptrus isih ngadhep bedhiyan gegeni wong-wong padha alok: G : Andak sampyan sans tunggil murid tiyang nika? B : Ptrus slak, wangsulan: S : Sans! B : Salah sijin abdin imam-agung, sadulur kang kuping diperung Ptrus, kandha: S : Andak kula boten sumerep sampyan wonten taman sareng tiyang punika? 7

B : Ptrus selak menh , lan sakkal ana jago kluruk. (Ing ngriki saged dipun nyanyekaken kidungan sesarengan kaliyan umat). A : Saka dalem Kaiphas Gusti Ysus diirid menyang bangsal pradatan. Samana wayah suk. Wong-wong ora mlebu ing bangsal, sumelang yn dadi najis lan ora bisa bojana Paskahan. Mula Pilatus ngalahi metu lan ndangu: P : Kokdakwa apa wong iki? A : Atur wangsulan: G : Menawi sans durjana,temtu boten kula ladosaken mriki! A : Pangandikane Pilatus: P : Ya wis kana putusen manut anggermu dhw. A : Wong Yahudi padha mangsuli: G : Kula boten wenang ngukum pejah! A : Kang supaya kaleksanan sabda Dalem Gusti, nalika paring priksa kepriy bakal sda Dalem. Pilatus mlebu bangsal manh, Gusti Ysus ditimbali lan didangu: P : Apa Kow iku Ratu Yahudi? A : Gusti paring wangsulan: : Anggnipun ndangu punika saking kersanipun piyambak, punapa margi cariyosipun tiyang sans? A : Pilatus mangsuli:

P : RumangsaMu aku iki wong Yahudi? BangsaMu lan para pangareping imam sing padha ngladkak Kow. Apa sing Koklakoni? A : Gusti Ysus paring wangsulan: : Kraton Kula boten saking donya mriki asalipun. Saupami asal saking donya mriki, temtu abdi-abdi Kula sampun sami lumawan, sampun ngantos Kula kaulangaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging Kraton Kula boten saking ngriki asalipun. A : Pilatus nuli ngandika: P : Dadi kowe iku mula Ratu? A : Paring Dalem wangsulan: : Panjenengan sampun mawastani piyambak inggih Kula punika Ratu. Lair Kula lan dhateng Kula ing donya ngriki, perlu suka paseksn bab kasunyatan. Sadaya ingkang ngenggni kasunyatan, temtu mirengaken cariyos Kula. A : Pilatus ngandika: P : Kasunyatan iku apa? A : Sawis ngadika mangkono, Pilatus ngetoni wong-wong Yahudi lan ngandika: P : Tumrap aku: Wong iki ora tinemu luput. Nanging kow duw padhatan, ing riyaya Paskah aku kena ngluwari pasakitan siji. Apa Ratu Yahudi iki ba sing koksuwun luwari? A : Kabh padha bareng mbengok manh: G : Sans tiyang punika, aluwung Barabas Kmawon! A : Kamangka Barabas iku bgal. 9

B : Pilatus nuli dhawuh nyepeng lan nyapu Gusti. Para prajurit banjur ngenam makuta eri, katumpangak ing mustaka Dalem, Gusti diagemi singeb jingga. Tumuli padha sowan lan matur: G : Nyaosaken pangabekti Nata Yahudi! B : Lan padha napuk Gusti. Pilatus tindak medal manh lan ngandika: P : Gilo wong dak gowo metu, karabn kow ngerti, wong iki ora tinemu salah. B : Gusti medal, ngagem makutha eri lan singeb jingga. Pilatus ngandika: P : Iki wong! (Ing ngriki saged dipun nyanyekaken kidungan sesarengan kaliyan umat). B : Nanging bareng para pangereping imam, lan punggawan weruh Gusti, banjur padha mbengok: G : Kapenthanga! Kapenthanga tiyang punika! B : Pilatus ngandika: P : Gawanen lan kapenthanga dhw. Aku ora nemu luput. B : Wong-wong Yahudi caos wangsulan: G : Kula gadhah angger, lan miturut angger tiyang punika kedah pejah, awit ngaken Putraning Allah. B : Mireng atur kaya mangkono mau, Pilatus saya wedi. Banjur mlebu ing bangsal manh lan ngandika marang Gusti: P : Saka ngendi asal-Mu? B : Nanging Gusti Yesus ora paring wangsulan. Mula Pilatus ngandika: 10

P : Kow ora mangsuli aku? Apa ora ngerti, yn aku kuwasa menthang lan kuwasa ngluwari Kow? B : Gusti Ysus paring wangsulan: : Panjenengan boten kuwaos punapa-punapa menggahing Kula, menawi boten pinaringan saking ngaluhur. Mila ingkang ngulungaken Kula dhateng panjenengan, dosanipun langkung ageng. B : Lan wiwit nalika iku, Pilatus mbudidaya ngluwari Gusti. Nanging wongwong Yahudi padha bengok-bengok atur: G : Menawi tiyang punika panjenengan luwari, panjenengan sans mitranipun Sang Maha Prabu. Awit sok sintena ngaken dados Ratu, punika nglawan Sang Maha Prabu. B : Bareng Pilatus mindhanget atur mangkono mau, banjur nuntun Gusti medal lan mapan lenggah ing dhampar pengadilan, ana ing papan kang kasebut Lithostrotos, basan Hibrani: Gabatha. Samana dina cecawis riyaya Paskah watara jam rolas. Pilatus ngandika marang wong-wong Yahudi: P : Iki gilo Ratumu! B : Nanging wong-wong padha mbengok: G : Kasirnakna! Kasirnakna! Kapenthanga tiyang punika! B : Pangandikan Pilatus: P : Ratumu dikon menthang? B : Atur wangsulan para pangareping imam: G : Kula boten gadhah Ratu, kejawi Sang Maha Prabu! 11

B : Wusana Gusti Ysus dipasrahak marang wong-wong supaya dipenthang. A : Gusti ditampa terus digawa metu. Lan Gusti manggul pamenthangan, tindak medal saka kutha nuju papan kang aran Kalapari, utawa basan Hibrani Golgota. (Ing ngriki saged dipun nyanyekaken kidungan sesarengan kaliyan umat). A : Ana ing kono Gusti Ysus dipenthang, bareng wong loro liya, sing sii ana ing sish kiwa sijin ana ing sisish tengen Dalem. Dn Gusti piyambak ana ing tengah. Lan Pilatus nyerat pandakwan, kapasang ana ing sisih ndhuwur pamenthangan, unin: Ysus Wong Nasart, Ratuning wong Yahudi. Akh wong Yahudi kang maca tulisan mau, awit papan panggonan Gusti dipenthang cedhak karo kutha. Apa manh tulisan mau mawa basa Hibrani, Latin lan Yunani. Mula para pangareping iamam Yahudi padha matur marang Pilatus: G : Sampun dipun serati: Ratun wong Yahudinanging dipun seratana: Wong iki ngaku-aku Ratun ong Yahudi. A : Pilatus paring wangsulan: P : Sing wis dak tulis, tetep dak tulis. A : Para parajurit sawis padha menthang Gusti, banjur padha ngopni ageman, lan padha diendum wong papat. Dn ageman rangkepan tanpa dondoman, tenunan wutuh saka ing dhuwur tekan ngisor. Mula padha rembugan: G : Aja di suwk-suwk, nanging di undhi wa, sapa mengko sing olh. A : Supaya kaleksanan unining Kitab: PanganggoKu padha di edum lan agemanKu padha di undhi mawa dhadhu. Lan rembug mau sida ditindakak.

12

B : Nalika samana, kang jumeneng ana sangisoring salib Dalem Gusti Ysus, yaiku: Ibu Dalem, lan sadhrk Ibu Dalem, Maria Cleopas, sarta Maria Magdhalna. Bareng Gusti Ysus priksa Ibu Dalem, lan murid kang kinasih, ana ing sacedhak, banjur ngandika marang Ibu Dalem: : Ibu punika ingkang putra. B : Sawis iku ngendikani murid mau: : Iki Ibumu. B : Lan wiwit nalika samana murid iku ngukup Ibu Maria. Wusana bareng Gusti Ysus priksa, Manawa kabh wus kaleksanan, banjur ngandika amrik kelakona unining Kitab: : Aku ngelak! B : Ing kono ana goci kebak cokak. Ana wong sing ngeclupak gambas ing cokak mau, banjur disunduki glagah, diaturak ing tutuk Dalem. Sawis ngunjuk cokak, Gusti ngandika: : Wus kaleksanan. B : Tumuli mustaka tumungkul, Gusti Ysus sda. kndel sekedap.. A : Rhn dina iku dina cecawis riyaya, lan ing dina Sabat ora ana layon sing isih gumantung ing pamenthangan, awit dina iku Sabat agung, mula wongwong Yahudi padha nyuwun marang Pilatus, arep ngudhunak lan ngremuk sikil sing padha kapenthang. Para prajurit nuli padha ngremuk sikil wong loro sing kapenthang bareng karo Gusti. Nanging bareng tekan giliran Gusti, ngerti yn Gusti wis sda, sampyan ora sida diremuk. Nanging ana siji sing banjur njojoh lambung Dalem, nganggo tumbak lan sanalika mili rah lan banyu. Lan sing nyipati awh paseksn, lan paseksn nyata. Wong mau ngerti, yn kandhan mula sabener, supaya kow padha ngandela. Awit kabh klakon supaya kaleksanan unining Kitab nyebutak: Bakal padha nyawang kang wus jinojoh. 13

B : Sawus iku Yusup saka Ariamta kang sajatin murid Dalem sesindheman, marga wedi marang wong-wong Yahudi, nyuwun marang Pilatus arep ngedhakak slira Dalem Gusti Ysus. Lan Pilatus nglilani. Yusup teka ngendhakak slira Dalem. Semono uga Nikodhmus, kang tau sowan Gusti bengi-bengi, ya teka ngawa blendok mur dicampuri gandhong tegari, watara bobot satus pun. Slira Dalem nuli dirukti, dilurubi mori kinanthn arum-aruman, kaya adat tata-caran wong Yahudi sing ngrukti layon. Papan kang kanggo menthang Gusti kono ana taman, lan ing taman mau ana pasaryan anyar, sing durung tau dienggo methak Rhn wis malem Sabat Yahudi, mula Gusti disarkak ana ing pasaryan sing cedhak mau. Panyuwunan umum I. Pra sdulur kinasih, ayo padha nyembhyangake Pasmuwaning Allah kang suci. Muga Gusti Allah lan Pangeran kita, dhangana ing panggalih paring tentrem lan rukun, sarta njangkung Pasamuaan ing salumahing bumi, apa maneh marengake kita bisa urip tentrem ayem, sarta ngluhurake Allah, Rama kang mahakuwasa
Meneng sadhela

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, ingkang karsa medharaken kamulyan Dalem dhateng para bangsa lantaran Sang Kristus, mugi karsa njagi pakarayan kawelasan Dalem: mugi Pasamuan Dalem ingkang suci, ingkang sumebar ing saindenging bumi, lestantun ngakenana Asma Dalem kanti pitados ingkang santosa. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula U. Amin I. Ayo padha nyembayangke Santo Bapa Benekditus ke XVI, muga Allah lan pangeran kita, kang milih panjenengane nglenggahi pangkat imam agung, njagia kasugengan lan karaharjane, amrih sagedha magreh umating Allah, Pasamuan Dalem.
Meneng sadhela

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, pancasan Dalem dados dhedhasaring samukawis, kawula aturi manggalih panyuwunan kawula, 14

saha krana kasaenan Dalem ngreksaa Imam agung kawula, pilihan dalem, supados umat Dalem, ingkang tinuntun dening imam-agung wau atas Asma Dalem. Sageda ngrembaka krana lelabetahing kapitadosanipun. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula U. Amin I. Ayo padha nyembayangke Uskup kita, Rama Agung kabeh para Uskup, Imam, Diakon, kang nglenggahi pepangkatan ing Pasamuwan, sarta kabeh umat Dalem.
Meneng sadhela

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, ingkang krana Roh Dalem nucekaken saha ngerehaken Pasamuan Suci, inggih Salira Dalem Gusti, midhangetna panyuwunan kawula kangge sadaya kemawon ingkang sami ngayah-ayahi wonten ing Pasamuan wau, keparenga sami setya pangabdinipun dhateng Gusti karana sih pitulungan Dalem. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula U. Amin I. Ayo padha nyembayangke para magang baptis: muga Allah lan Pangeran kita mbuka atine sadulur-sadulur mau apa maneh korining sih kawelasan Dalem, supaya srana kasiram ing banyuning kalairan anyar, padha bisaa nampa pangapurane sakbehing dosane, lan tansah manunggal ing Sri Yesus Kristus, Pangeran kita.
Meneng sadhela

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng, ingkang paring subur dhateng Pasamuwan, srana mbabar putra-putra enggal, maringana tambahing kapitadosan tuwin pangertosan dhateng para magang baptis, saha kakempalna kaliyan para putra-angkat Dalem. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula U. Amin 15

I. Ayo padha nyembayangke kabeh sadulur, kang nunggal pangandel ing Sang Kristus, muga Allah lan Pangeran kita dhangana ing panggalih ngrukunake sarta ngreksa para sadulur kang ngugemi kasunyatan ana ing Pasamuan Dalem kang sawiji.
Meneng sadhela

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng,ingkang ngempalaken ingkang sumebar saha ngreksa ingkang sampun ngempal, wontena karsa Dalem manggalih dhateng menda-mendanipun Putra Dalem, supados ingkang sampun sinucekaken ing baptis satunggal, tinangsulna ing murnining kapitadosan tuwin bebandaning katresnan. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula U. Amin I. Ayo padha nyembayangke sadulur-sadulur Yahudi, kang biyen nampa sabda Dalem Gusti Allah kita, muga padha pinarinan tresna marang Asma Dalem, lan mundhak-mundhak setya marang prajanjine.
Meneng sadhela

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng,ingkang paring prajanji dhateng Abraham saturunipun, midhangetna unjuking Pasamuan Dalem; mugi umat ingkang rumiyin pinilih, keparengga nggayuh penuhing panebusanipun. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula U. Amin I. Ayo padha nyembayangke sadulur-sadulur kang ora ngandel marang Sang Kristus: muga padha pinadhanggana ing Hyang Roh Suci banjur bisa ngambah dalaning karahayon.
Meneng sadhela

16

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng,mugi ingkang boten sami ngakeni Sang Kristus, sami temen-temen, lelampahipun wonten ingarsa Dalem, lajeng sami sageda manggih kasunyatan; dene kawula piyambak keparenga mindhak-mindhak anggen kawula sami tresna-tinresnan saha kagugah kepengin nampi kekeraning sugeng Dalem ingkang langkung penuh, amrih sageda dados seksining katresnan ingkang langkung sampurna wonten ing donya. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula U. Amin I. Ayo padha nyembayangke sadulur-sadulur kang ora ngandel marang Gusti Allah muga padha ngupaya kabeneran kanthi temen-temen sarta pantes sowan ingarsaning Allah.
Meneng sadhela

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng,ingkang ngersakake sadaya manungsa tansah sami madosi Gusti margi kepengin, lan sami lerem margi saged manggih; kawula sami nyuwun ngasih-asih, mugi wonten ing madyaning rubeda mawarni-warni sadaya kemawon sageda manggih tandhaning asih tresna Dalem, saha bukti saening pakaryanipun para pitados, lajeng sami rumaos bingah margi ngakeni bilih Gusti ingkang Jumeneng Allah sanyata Tuwin Ramaning umat manungsa. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula U. Amin I. Ayo padha nyembayangke kang padha ngasta paprentahaing nagarar: muga Allah lan Pangeran kita karsaa nuntun ati lan budine marang katentreman lan kamardikan sejati salaras karo karsa Dalem Gusti.
Meneng sadhela

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng,manahipun sadaya tiyang lan wewenanging para bangsa wonten ingarsa Dalem; wontena dhanganing panggalih mriksani ingkang sami ngasta panguwasa ing astanipun kawula sadaya. Keparenga wonten ing pundi kemawon tansah ngudi tata-tentrem karta-raharjaning para bangsa: dene kamrdikaning agami tansah 17

pinaringana tetep lestantun dipun pepetri. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. U. Amin I. Para sadulur kinasih, ayo padha nyenyuwun ingarsaning Allah kang mahakuwasa, supaya kabengkasa sakehing panasaran saka ing donya, kabirata lelara, kasingkirna paceklik, kabukaa pakunjaran-pakunjaran, kaucalana belenggu-belenggu, pinaringgana slamet kang padha lelayaran, bisaa saras kang padha lara, lan nemua karahayon kang padha ajal.
Meneng sadhela

Allah ingkang mahakuwasa tuwin langgeng,panglipur tuwin kakiyatanipun tiyang ingkang nandang sedih tuwin sangsara, mugi midhangetna pasambatipun tetiyang ingkang saweg manggih reribed punapa kemawon; keparenga sadaya kemawon rumaos bingah margi salebetipun ngalami rubeda boten tinilar ing sih kawelasan Dalem Gusti. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. U. Amin Upacara ngabekti salib I. Iki Salib Suci, ing kene gumantung Sang kristus U. Mangga sami sujud ngabekti Ngabekti Salib Rama Kawula I. Ya iki cempening Allah, kang mbirat dosaning jagad. Rahayu kita kang tinimbalan ndherek bojono Dalem. U. Gusti estunipun kawula boten pantes dipun rawuhi, nanging kawula aturi ngandika, sukma kawula temtu bade saras. 18

Komuni Sembayangan bakda komuni I. Allah ingkang mahakuasa tuwin langgeng, kawula sampun estu dipun tebus karana sda saha wungu Dalem Sang Kristus. Mugi karsaa nglestantunaken pakaryan kawelasan Dalem tumrap kawula, supados srana ndherek ngayati kekeran punika, kawula sageda gesang ngabdi Gusti tanpa wonten kendhatipun. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. U. Amin Berkah penutup I. Kawula sami nyuwun, dhuh Gusti, mugi umat Dalem, ingkang sami ngenget-enget sedanipun Putra Dalem kanthi ngantu-antu wungunipun, karentahana berkah sih nugraha, kaparingana panggapuntening dosa, kaluberana panglipur, kasantosakna kapitadosanipun, saha kateguhna panebusanipun. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. U. Amin
(Kabeh mundur karo meneng).

19

Anda mungkin juga menyukai