Anda di halaman 1dari 7

NYAI WEWE

GOMBEL

Tangal limalas Jawa pratanda mbulan


bakal ndadari ing wayah sore langit katon
sumunar abang ing bangbang wetan.
Pratanda mbulan bakal jumedhul saka
sathithik kang pungkasane watara jam pitu
bakal katon bundher seser kanthi cahya kang
padhang njingglang ngebaki angkasa lan
jagad raya, sumprambah kewan-kewan alas
padha metu saka gegrumbulan golek mangsa
lan banyu ngombe, amarga padhange
rembulan wektu bengi dadai kaya rina.
Semana uga bocah-bocah padesan sing
biasane peteng ndhedhet amarga durung ana
listrik PLN, mulane ing wayah padhang
mbulan bocah-bocah padha metu saka omah
saperlu arep dolanan. Dolanan sing paling
disenengi biasane jelungan yen bahasa
indonesiane petak umpet saka dolanan iki
ana kadadian kang ora bisa tinumu nalar.

Dumunung ing desa cilik sak pinggire alas


, nalika wayah sore nepaki tanggal limalas
Jawa bocah-bocah padha ngerti yen wengi
kuwi bakal padhang mbulan, mulane padha
janjian yen bubar ngaji arep kumpul dolanan
jelunganlan pas amarga sesok dina
Minggu. Jam setengah wolu bocah-bocah
padha kumpul ing ngrep omahe mbah Priyo
sesepuh ing desa kono. Marno , Kamto ,
Parjo , Sunoto , Sutrimo lan liya-liyane
jangkep cah sepuluh, wektu diundhi sing dadi
Parjo tepak sing paling enom dhewe umure.
Kanthi etungan kaping telu bocah-bocah
padha bubar karo mlayu lan padha golek
panggonan kanggo ndelek lan sing dadi bakal
nggoleki nganti ketemu kabeh. Siji saka siji
ketemu, nanging kari bocah loro Marno karo
Kamto sing durung ketemu, tepak wae
kekarone pancen bocah mbeling, ndelike wae
ing dhuwur wit, sing nggoleki nganti mblebek
ya ora bisa nemokake.

Rasa mangkel campur nesu mulek dadi


siji amargo Parjo olehe nggoleki wis nganti
watara sakjam durung ketemu, suwe suwe
Parjo duwe angen-angen menawa Marno lan
Kamto ndelek ing gegrumbulan wit ganyong
mburi omahe mbah Priyo, kanthi thilang
thilung sing digoleki ora ketemu, kesel lan
mangkel wit ganyong diosak asik awutawutan, saking keseleparjo langsung
ndeprok, durung ilang kesele ana suwara
sing keprungu saka mburine kuwe nggoleki
sapa? , Tubareng Parjo mlengak lho Simbah,
kula madhosi Marno Kalian Kamto Mbah ,
aja kuwatir jawabe Simbah, ayo melu aku !
tak duduhakedelikane kanca-kancamu, parjo
terus jemprinthil ngintil kaya sapi dicongok
irungeatut lakune wong tuwa wadon rambute
putihrowe-rowe sing ngakune Simbahe kuwi.

Lakune Simbah entek-enthekake


mabdhek ing sangarepe omah gedhe
magrong-magrong. Lha pundhi Mbah Marno
Kalian Kamto Parjo takon Simbahe, Simbah
nylatu aja mbok urusi kanca-kancamu kabeh
mesti wis turu ning omahe dhewe-dhewe ,
mulane kuwe nginep ning omahe Simbah
sesuk iesuk tak terake ning omahmu . karo
omomg ngono Simbah nggeret tangane parjo
jumangkah sangarepe lawang gedhe tangane
Simbah thothok lawang karo muni Simbah
Lanang- Mbah Lanang bukak lawange iki Aku
nggawa putumu arep nginep ning kene. Ora
let suwe lawang dibukak katon wong lanang

gedhe dhuwur kanthi suwara antep


ngomong, ayo mlebu! Iki bocahe.
Parjo dikongkon simbah lanang lungguh
kursi gedhe lan mejane uga gedhe banget
digawe saka kayu jati, gang sedhela Simbah
putri metu saka pawon karo nggowo jajanan
sak piring karo wedang sak gelas dithukake
Parjo , bareng diiling-ilingi jebul jajane ondeonde gedhi-gedhi , dhasar weteng lesu
langsung dipangan ondhhe-ondhene rasane
enak tenan , Parjo durung tau ngrasakake
ondhe-ondhe kaya ngono , bubar kuwi
diombeni teh anget ing gelas rasane seger
lan tehe gandane wangi tenan.
Parjo enak-enakan ning omah gedhe
magrong-magrong kuwi ora mikir yen Bapak
karo Ibuke ning omah ngenteni Parjo ora
muleh nanti jam rolas bengi , kanca-kancane
wis padha mulih lan turu tanek ning omahe
dhewe-dhewe. Kanthi trutuk-trutuk bapake
nothok lawange tangga-tanggane nyatane
Parjo ora ana alias ilang. Ibune Parjo nangis
bengok-bengok nganti tangga-tanggane
marani, sidane wong-wong padha ngoleki
Parjo karo nggawa oncor mubang mubeng ya
ora ketemu , sidane mbah Priya maringi
pituduh supaya wong-wong padha kumpul
karo nggawa tampah, wajan , ompreng
,kenthongan, sendhok lan susok. Carane
barang-barang mau ditabuh gentenan iku
ngemu karep yen menawa Parjo digondhol
Wewe. Tabuhene ngene panyelane mbah
Priya dok dok thing dok dok thing thong
preng thong preng karo ngundang-undang
jenenge Parjo.

Lakune rombongan wong tabuhan lan


wong undang-undang jenenge Parjo mandhek
sangisore wit ringin gedhe sing kondang
angkere. Mbah Priyo menehi sasmito supaya
nabuhe dibanterake lan undang-undange
jenenge Parjo yo dibanterake. Lamat-lamat
Parjo sing ning omahe Simbahe keprungu
suwarane wong-wong padha tabuhan lan
undang-undang jenenge, mula Parjo takon
Simbahe , wonnten punapa Mbah? , wis
menenga karo nyekeli tangane Parjo kanthi
kenceng. Nanging ana kadadeyan kang ora
lumrah , angger Simbah krungu suwara
tabuhan Simbah jogedhan cekelane ning
tangane Parjo diuculake ngono iku nganti
bola bali amargo ora kuat sidane rupane
Simbah malih , Simbah lanang dadi wong
lanang gedhe dhuwur ireng, rambute
gimbal , mripate mencorong abang, kukune
dawa , awake akeh wulune dene Simbah
wadon malih rambute ruwe-ruwe putih
mripate mendolo , kulite mengkirutmengkirut. Batine Parjo apa iku Gendruwo

lan Nyai Wewe Gombel, sidane omah gedhe


magrong-magrong ilang malih dadi wit ringin
gedhe ,Simbah kekarone bengok-bengok lan
njerit-njerit krungu swarane tabuhan lan
gandhane oncor terus blas ilang.

Parjo lagi sadar yen Parjo ngamplok ana


pange wit ringin , bareng parjo nyawang
mengisor lan deweke mbediding lan akeh
wong ning ngisore , sidane Parjo bengokbengok njaluk tulung. Wong-wong sing padha
krungu swarane Parjo saka nduwur wit
ringin. Salah siji wong sing ana kana menek
saperlu ngudhunake Parjo, bareng wis
mudhun gawe senenge Bapak lan Ibune Parjo
amarga Parjo wis ketemu , anake enggalenggal diajak mulih. Sak tekane omah Pak

Pitana bapake Parjo karo nelatu kana ndang


turu wis dalu, mulane yen dolanan aja adohadoh ngene iki ngangelake wong akeh. Parjo
kluyur-kluyur mapan turu, bareng esuk tangi
Parjo eling yen dheweke ndelekake ondheondhe siji didokok sak kathoke, tenan ondheondhene isih ana, bareng diraga sak kathoke,
lha dalah ondhe-ondhe mau bengi jebul tai
jaran lha teh sing ambune wangi sing diombe
Parjo jebule uyuh jaran. Parjo mungkahmungkuh kudu muntah, kathoke ambune
pesing lan badhek terus digawa memburi
saperlu dikumbah. Bubar kuwi esuk-esuk
wong-wong padha dolan ning omahe Parjo
saperlu takok kadadeyan dhek bengi , bareng
Parjo crita wong-wong padha ngguyu gergeran.

Anda mungkin juga menyukai