Anda di halaman 1dari 1

ULANGAN TENGAH SEMESTER GASAL

TAHUN PELAJARAN 2014/2015


KELAS IX (Sembilan)

Jawaben pitakon ing ngisor kanthi leres !


1. Ludruk iki sing ditontonake sebangsane ngelmu panggendaman / sulapan diarani
ludruk....
2. Karangan sing kaiket anane guru gatra guru wilangan lan guru lagu diarani....
3. Cacahe wanda saben sak gatra / larik diarani....
4. Cacahe gatra saben sak pada jroning tembang macapat diarani....
5. 12u, 6a, 8i, 8a iku paugerane tembang....
6. Crita sakeplasan, kang nyritakake lelakone manungsa saka wiwitan nganti wekasan
kanthi cara kang ringkes dipun wastani....
7. Crita kang isi bab asal usule panggonan diarani....
8. Basa ngoko sing ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing
di ajak guneman diarani basa....
9. Perangane tanggap wacana sing ngandharake bab ngunjukake puja puji syukur
marang Gusti Kang Maha Agung lan matur nuwun marang para rawuh lan sapa bae
sing wis padha mbantu lumakune adicara diarani....
10. Perangane tanggap wacana sing ngandharake bab atur panuwun lan nyuwun
pangapura mungguh anggone nindakake jejibahan mbok menawa ana klera klerune,
diarani....
11. Jam 9 wis padha turu dasanamane tembung turu yaiku....
12. Ati tentrem urip dadi ayem. Tembung ati dasanamane....
13. Unen-unen kang rinacik ing tembung kang tumata, isine kudu ngemu teges kang kudu
dibedhek diarani....
14. Perangane layang kang nyebutke marang sapa layang ditujokake diarani....
15. Perangane pungkasane layang, isine nyuwun pangapura manawa ana tetembungan
sing kurang prayoga diarani....
16. Aksara jawa sing dienggo nulis jeneng minangka kanggo pakurmatan diarani....
17. Pangerane nulis aksara murda yaiku....
18. Kanggo nulis tembung manca kang kacethakake iku gunane nulis aksara....
19. Aksara rekan yen entuk sandhangan wulu, layar, lan cecak mula sandhangan mau
manggon ing ..... cecak telu
20. Aksara rekan yen entuk sandhangan pepet, mula cecak telu manggon ing ..... pepet

Sugeng makarya

Anda mungkin juga menyukai