Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr.

Wb

o Panjenenganipun dr. H. Budiono sagotrah minongko pamengku gati ingkang tansah kulo
bekteni
o Panjenenganipun bapak Slamet Riyadi........................
o Para tamu undangan kakung sumawono putri ingkang mboten saget kawula sebataken
setunggal mboko setunggal ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.

Puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring rahmat, taufik hidayah
sarta inayah saenggo ing wedal dalu punika kulo panjenengan sami tansah pinaringan nikmat
kesehatan, kesempatan, iman lan islam, sahenggo saget makempal wonten ing adicoro
.....................mniko kanthi mboten wonten rubedho setunggal menopo pramilo sumonggo kita
syukuri kanti waosan tahmid sesarengan alhamdulillahirobilalamin. Shalawat saha salam
mugi katetepaken wonten ngarso dalem Nabi Agung Muhammad SAW inggkang tansah kito
antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah allahumma amin.

Poro bapak soho poro ibu gegandengan wedal sampun winanci sawetawis ndalu, kaparengo kula
sumawelo atur soho ngigeg kamardikaning panjenengan sami ingkang saperlu badhe ngaturaken
urut reroncening adicara wonten ing dalu punika.
Menggah rantamaning adicara Halal-bihalal ing ratri punika nuwun inggih:
1. Pambuka.
2. Pambagyoworo pamengku gati
3. Atur pasrah paningset
4. Pinampi atur paningset
5. Adicoro Liro Kalpiko
6. Acara ramah Tamah soho perkenalan saking pihak keluargo kekalih
7. doa

o Minongko murwani adicoro wonten ing ndalu puniko : sumangga adicara halal bihalal
punika kita buka kanti waosan basmalah sesarengan bismillahirrohmanirrokhim
o kapacak menggah rantamaning adicara saklajengipun injih puniko pambagyoworo
pamengku gati. Ingkang minongko sulih sariro panjenenganipun bapak Kaum Kiyai
Ichsanudin wekdal soho papan kawulo sumanggakaken. nuwun
o Ndungkap adicoro saklajengipun injih mniko atur pasrah paningset saking pihak keluarga
bp Blamet Riyadi ingkang minangga sulih sariro kapiji panjeneganipun
Bp...................wekdal soho papan kulo sumanggakaken, nwun
o Ndungkap adicoro saklajengipun injih mniko atur pasrah paningset saking pihak Keluarga
dr Budiono
o Ndungkap adicoro saklajengipun injih mniko Liro Kalpiko
....................................
.....................................
o Acara ramah Tamah soho perkenalan Saking Pihak keluargo kekalih
Dr Budiono : bp BIMO
Bp Slamet Riyadi :
Doa

Sagunging para rawuh ingkang tansah dipun mulyaaken dening Allah SWT ingkang agung
sinenggo ing akrami. Mbok bilih sampun paripurna anggen kawula hangayahi jejibahan
pinangka pranata acara halal bihalal wonten ing ratri punika, pramila mbok bilih wonten
kekirangan dalasan kaladuk anggen kawula matur. Ugi hambok bilih wonten kelepataning atur
kawula, mbok bilih dadosaken kurang renaning penggalih wonten ngarsa panjenengan sami kula
tansah nyuwun agengeng sih samudro pangaksami.

Akhirul salam wabilahi taufik wal hidayah,

Wassalamualaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai