Anda di halaman 1dari 2

Mahardikeng tyas ring kamardikan

Nugraha miwah sih welasanipun gusti ingkang maha agung


Mugiya anggung sumanda ing jiwangga kita, sawegung waradin sagung dumadi,
raharja, niskala satuhu

Bismillahirrahmanirrahim
Assalaamualaikum wr.wb.

Ingkang kinurmatan, Bapak saha Ibu dewan juri lomba (..............................), ingkang

dhahat kinabekten Bapak saha Ibu guru, ingkang minulya para lenggah kakung miwah putri,

saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Kaping setunggal sumangga kita konjukaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem

Allah SWT ingkang paring rahmat saha hidayahipun dhumateng kula panjenangan sami

saengga ing dinten menika (dinten .............., surya kaping ............, sasi .................., tahun 2021)

kula panjenangan sami saged makempal wonten mriki. Sholawat saha salam mugiya tansah

konjuk kagem junjungan kita Nabiullah Muhammad SAW ingkang kita tengga syafaatipun

ing yaumul akhir. Aamiin.

Para hadirin ingkang dipunmulyakaken Allah SWT. Kados ingkang kita sedaya

mangertosi pandemi covid 19 ingkang nrajang jagading donya adamel susahing kabeh

manungsa. Atusan cacah jiwa nemahi patinipun, kathah ugi inkang kedah kelangan pakaryan

sumbering panguripan. Para lenggah ingkang tuhu kinabekten, pandemi covid 19 menika ugi

sampun paring kathah piweling saha pitutur tumrap kula panjenengan sami...njaga karesikan

badan sumarambah lingkungan, nerapaken kebiasaan sehat, olahraga, ngibadah kanthi

tumemen, ing wewengkon sosial uga kula panjenengan sami, kanthi sadar bakal tuwuh raos

empati, simpati marang sesami sedherek...sumangga pandemi covid 19 menika dipunadepi

kanthi arif lan wicaksana.

Para rawuh, sampun dados kewajiban kula panjenengan sami supados ndherek

mbiyantu para korban ingkang kenging dampak pandemi. Nadyanta sekedhik ananging

menawi linambaran raos ikhlas bakalipun manfaat kagem para sedherek kita, ugi bakal

dipungantos kanthi pahala ingkang kathah dhumateng Allah SWT. Kados ing setunggaling

pethilan ayat alqur’an QS. Al Zalzalah inggih menika “faman ya’mal mistqoo la dzarrotin

khoiroyyaroh” ingkang artosipun “sinten kemawon piyantunipun ingkang adamel perkara sae

sinaosa namung kados wineh sawi, tetep bakal dipunwales kaliyan Gusti Allah SWT.”

Para hadirin ingkang dhahat minulya, cekap semanten atur kawula, kirang

langkungipun kawula nyuwun gunging samodra pangaksami. Akhiru kalam...

Wassalaamualaikum wr.wb.
Nuwun

Anda mungkin juga menyukai