Anda di halaman 1dari 14

PRAKATA

Puji syukur kita panjataken marang ngarsanipun gusti Allah Ingkang Maha Kuasa,
ingkang sampun nglimpahaken tresna lan kasihipun, sehingga kita saged ngrampungaken
tugas damel laporan ngenani “upacara tilar donya” kanggo sawijining syarat damel
nglengkapi tugas pelajaran Bahasa Jawa SMA Negeri 1 Kedungwaru.

Mboten kesupen rasa matur nuwun kita dhateng Ibu Hesti Mustikasari, S.Pd, selaku guru
Bahasa Jawa SMA Negeri 1 Kedungwaru ingkang sampun maringi pengarahan kalian
bimbingan dhateng kita sedaya anggenipun ndamel laporan menika. Kita uga kedah matur
nuwon datheng Rencang – rencang ingkang sampun berpartisipasi nyampekake pendapat
datheng laporan menika.

Ing pungkasan kita nyuwun pangapunten menawi anggenipun damel laporan kurang
sampurna lan tasih kathah klentunipun ingkang mboten kula mangertosi. Kirane sedaya
kesaen ingkang sampun maringi dhateng kita angsal balesan saking gusti Allah SWT.
Pangarepan kita mugi-mugi laporan menika wonten paedahipun kagem sedaya ingkang
maos.

Tulungagung, September 2017

Penulis

DAFTAR ISI
KATA PENGANTAR.................................................................. 1
DAFTAR ISI..............................................................................2

1
I. PURWAKA

Latar Belakang........................................................................................................................3

Tujuan.....................................................................................................................................3

Rumusan Masalah..................................................................................................................3

II. ANDHARAN
Upacara tilar donya ...............................................................................................................4

Ubarampe ..............................................................................................................................8

Tabel saka kanggo nyocokake itungan .................................................................................10

III. WUSANA

Dudutan ..............................................................................................................................12

Saran ...................................................................................................................................12

Lampiran…………………………………………………………………………………………………………………………..13

I.PURWAKA
LATAR BELAKANG
Upacara tilar donya yaiku sawenehe ritual / upacara ing nalikane arep nguntabake
jisim nganti tekan mendhak lan nyewu dinane. Miturut budaya Jawa, wong mati iku ora kaya

2
dolanan mobil-mobilan sing kentekan baterai banjur mati, nanging sawijining proses
lakuning manungsa tumuju marang pangayunane Pengeran ya Gusti Allah. Senajan ta,
temenane ora gampang kaya kang dituturake. Akeh kang ora tumuju marang pangayunane
Pangeran ya swarga pangayunan, nanging malah keblasuk tumuju menyang swarga
pangrantunan. Ya donyane para dhemit, gendruwo, siluman, engklek-engklek, banaspati lan
sabangsane.

TUJUAN/ANCAS
 Kanggo nambah wawasan ngenani budaya jawa lan supados kita mangerti maksude
upacara kasebut dipuntindakaken.
 Kanggo nglestarikaken budaya adat jawa.
 Kanggo nglengkapi tugas basa jawa materi buadaya lan tradisi adat jawa.

RUMUSAN MASALAH
 Apa iku upacara tilar donya?
 Kepriye urut-urutane prosesi upacara tilar donya?
 Apa wae ubarampe kanggo upacara tilar donya?
 Apa pesen lan amanat ingkang saged kita pundhut saking tradisi upacara tilar donya?

II.ANDHARAN

Upacara Tilar Donya


TEGESE : Upacara tilar donya yaiku sawenehe ritual / upacara ing nalikane
arep nguntabake jisim nganti tekan mendhak lan nyewu dinane.PROSESI

3
ANCAS : Upacara tilar donya dipunlaksanani kanthi tujuan manehi pakurmatan
ing kapungkasan datheng tiyang ingkang seda.

UPACARA TILAR DONYA :

 Siraman
Jisim disirami utawa dijamasi nganggo banyu kang dicemplungi kembang
telon. Saliyane iku, uga dijamasi saranduning badane si jisim. Jisim lanang sing
njamasi kudu wong lanang, dene jisim wadon sing njamasi kudu wong wadon.
Saliyane iku, nalika nganakake jamasan jisim uga kanthi hikmat lan ora kena nangis
apa maneh kanggo sembranan.

 Manehi klamben jisim


Sawise disirami, sabanjure jisim diklambeni. Menawa wong Islam diwenehi
mori, sedheng kanggo sedulur sing ngrasuk agama Katolik utawa Kristen diklambeni
miturut adate dhewe-dhewe. Bisa nganggo klambi adat Jawa, barat, lan liya-liyane.
Kanggo sedulur-sedulur sing ngrasuk agama Budda, Hindhu lan liyane beda maneh
panguparane.

 Donga
Sawise diklambeni, jisim sabanjure disembahyangi luwih dhisik sadurunge
disarekake. Kanggo sedulur-sedulur Kristen / Katolik biyasane dileksanani
pemberkatan luwih dhisik. Sarampunge kuwi, jisim banjur dilebokake nang peti
jenazah kanggo sedulur-sedulur kang ngrasuk agama Kristen / Katolik, Budda lan
Hindu. Menawa kanggone wong Islam ora dilebokake pethi, nanging langsung diseleh
nang pandhosa.

 Bedhah bumi
Bedhah bumi minangka wanci diwiwiti ndhudhuk sareyan. Salah sawijine
kulawarga swargi mimpin donga, supaya anggone ndhudhuk sareyan bisa gangsar /
lancar. Jaman biyen dicawisake sega tumpeng kanggo sing ndhudhuk sareyan, jaman
saiki pacake wis lali kabeh. Menawa sing isih eling biayasane mung pasrah marang
sing ndhudhuk, kanthi tebas mentah bae.

 Brobosan
Nalika jisim arep diangkatake menyang sareyan, ana upacara pungkasan
kanggo ngurmati suwargi kang bakal disarekake, yaiku brobosan. Upacara brobosan
dianakake ing pekarangan ngarep omahe sing bakal sumare sadurunge jisim
diuntabake tumuju ing sareyan. Upacara iki minangka pangejawantahan sesanti
"mikul dhuwur mendhem jero". Kang tegese paring pakurmatan marang sakabehing

4
tumindak becike suwargi lan uga mendhem (ndhelikake / ora ngundhat-undhat)
tumindak sing ala suwargi nalikane isih sugeng marang liyan.

 Pecah gendheng
Pecah gendeng dilakokake nalika kepaten pas dina Sabtu. Ngemu teges lan
kekarepan, supaya sing sumare ora ‘nggeret’ wong liya sing biyasane isih cedhak karo
sing sumare. Gedheng dipecah ing ngarepe pethi utawa bandhosa, sadurunge jisim
diangkatake tumuju ing sareyan.

 Ngeculake pithik
Menawa sing bakal sumare isih nduweni tanggungan bocah cilik, mula wajib
ngeculake ayam. Maknane, ben sing sumare lega lila ngeculake si bocah marang
sisihane. Senajan ta ing kanyatane, akeh wong-wong sing wis sumare isih tetep
njampangi marang putra-putrine senajan ta wis beda alam.

 Gagar mayang
Menawa sing sumare isih jaka utawa isih legan, mula wajib dikantheni gagar
mayang kang sabanjure ditinggalake ana sareyan.

 Geblak
Geblak utawa Ngesur Lemah yaiku upacara sing diselenggarakake pas wayah
dinane wong seda. Upacara iki diselenggarakake wayah sore sawise Jenazah
dikuburake. Tembung Sur Lemah utawa Ngesur Lemah duweni teges nggeser lemah
(gawe bolongan kanggo nguburake Jenazah). Tegese Sur yaiku mindahake Alam fana
menyang Alam baka lan kabeh sing saka lemah mesthi bakal bali menyang lemah
eneh.
Cara nemtokake upacara iki, gawe rumus “Jisarji”. Rumus Jisarji yaiku gawe
dina kapisan lan pasaran kapisan utawa kudu langsung dilakoni lan ora oleh ditunda.

 Nelung dina
Nelung dina iku saka tembung telu lan dina. Nelung dina ateges pengetan dina
kaping telu sawise wong wis mati.
Cara nemtokake selametan iki migunakake rumus “Lusarji”, yaiku dina katelu
lan pasaran kesiji.

5
 Mitung Dina
Mitung dina yaiku slametan kanggo ngajeni roh wong sing wis seda. Sawise
pitung dina, roh wis metu saka omah. Kanggo nglancarake lakune roh sing wis metu
teko omah, diselenggarakake Tahlilan. Tahlil sing arupa waosan kalimah tayibah iku,
dilaksanakake sak suwi-suwine pitung wengi. Wayah malem terakhir, waosan Tahlil
ditutup. Panutupan iki dimaksudake uga kanggo syukuran. Amarga iku, peserta
kenduri diwenehi sodaqoh arupa Bancakan sing isine sega lan lawuh. Istilah
Bancakan/berkat saka wadah tumpeng pungkur sing digawe saka pring.
Cara nemtokake slametan iki, gawe rumus “Tusaro”. Rumus Tusaro yaiku
dino kapitu lan pasaran kaloro. Tuladha, menawa wong iku seda ing dina Jum’at
Kliwon, slametan Mitung dinane ing dina Kamis Legi.

 Matang Puluh Dina


Slametan Matang puluh dina iki, kanggo nglancarake lakune roh wong sing
wis seda menyang Alam Kubur. Ahli Waris ngirim donga kanthi cara Tahlil lan
slametan kanggo roh sing wis metu saka sanjabane wangon lan arep menyang Alam
Kubur.
Cara nemtokake yaiku gawe rumus “Masarma”. Rumus Masarma yaiku dina
kalima lan pasaran kalima. Tuladha, menawa wong iku seda ing dina Jum’at Kliwon,
slametan Matang puluh dinane ing dina Selasa Wage. Diitung saka kurang luwih 35
dina (Selapan) saka dina Jum’at Kliwon.

 Nyatus Dina
Tradisi selametan nyatus dina duweni maksud kanggo nyampurnakake hal-hal
kang asipat badan wadhag. Roh isih isa bali menyang kaluwarga kanthi uapacara
selametan mendhak pisan lan mendhak pindho. Nyatus dina iki kanggo ngilengake
satus dina tinggale wong. Tatacara sing digunakake kanggo ngilengake satus dina
dasare padha karo nglakoni 40 dinanan.

Cara nemtokake satus dinane migunakake rumus pangitung dina “rosarma”,


yaiku dina kaloro karo pasaran kalima. Umpama ana wong tinggal ing dina Jumat
Kliwon, mula selametan anyatus dina ceblok ing dina Minggu Wage. Cara nemtokake
yaiku karo ngitung utawa nggoleki Minggu Wage sawise dina tinggale sing jumlahe
genep telung wulan. Sawise telung wulan berarti wes nganti kira kira 90 dina lan kari
nemtokake 10 dina meneh nggoleki.

 Pendhak Pisan
Selametan pendhak pisan yaiku selametan kang diselenggarakake wayah wong
wong sing seda wes genep setaun. Fungsi selametan iki kanggo ngeling-eling maneh
jasa jasa saka almarhum/almarhumah. Amarga iku selametan iki uga diarani

6
“meling”. Tembung meling saka tembung “eling”. Tata cara lan ubarampe sing
digawe ing selametan mendhak pisan padha karo ubarampe sing digawe ing
selametan anyatus dina. Saka kene bisa dipetik amanat menawa kita kudu luwih
ngati-ngati ing urip lan instropeksi menawa kita uga bakal ngadep sing Maha Kuasa.

Carane nemtokake wayah selametan mendhak pisan gawe rumus “ patsarpat”


yaiku dina kepapat lan pasaran kepapat. Saumpama wong iku seda ing dina Jumat
Kliwon mula selametan iku ceblok ing dina Senin Pon sawise dinane wong iku seda
genep setaun.

 Pendhak Pindho
Selametan mendhak pindho yaiku selametan kang diselenggarakake wayah
wong ingkang sampun seda wis genep rong taun. Selametan iki uga diadakake
kegiatan ngirim donga arupa tahlil lan sajen selametan. Ubarampe kanggo selametan
iki uga padha karo ubarampe kanggo selametan pendhak pisan.

Carane nemtokake wayah selametan mendhak pindho migunakake rumus


“jisarlu” yaiku dina kesiji lan pasaran ketelu. Carane yaiku sawise rong taun saka
dinane geblak ing wulan sing padha.saumpama wang iku seda ing dina Jumat Kliwon
mula mendhak pindhone ceblok ing dina Jumat Pahing.

 Nyewu
Nyewu uga bisa diarani puncake rangkaian selametan kanggo wong seda. Roh
wong sing wis seda ora bakal bali ing keluwargane maneh. Roh wis bener-bener
ninggalake keluwarga kanggo madep marang sing Maha Kuasa. Amarga iku ing
selametan iki kalimat tayibah(tahlil) diwacakake luwih akeh. Menawa ing selametan-
selametan sakdurunge ora gawe acara mangan bareng, ing selametan nyewu iki ana
acara mangan barenge. Sawise mangan bareng banjur diadakake genduren.

Cara nemtokake wayah selametan nyewu migunakake rumus “nemsarma”


yaiku dina keenem lan pasaran kelima. Carane ngitung yaiku nemtokake dina sawise
wong iku seda, kurang luwih 2 taun punjul 10 sasi. Saumpama wong iki seda ing dina
Jumat Kliwon mula selametane ceblok ing dina Rebo Wage.

7
Ubarampe
Ubarampe upacara tilar donya
Uba rampe kanggo nguntabake si suwargi marang alam kelanggengan yaiku:

- godhong kelor: kang minangka pralambang kanggo nglungsuri dosa-dosane sing bakal disarekake,
saliyane iku uga kanggo ngluwari sakabehe cekelan (ngelmu) saka si suwargi.

- godhong dhadhap serep: kang werdine kanggo nyirep sakabehe daya, saengga si suwargi bisa
ngadhep marang Pangeran kanthi ikhlas lan tenang.

- banyu degan: nduweni teges toya wening, minangka pralambang kasucen

- payung: minangka pralambang pangayoman tumrap si suwargi marang kulawargane.

- kembang setaman: minangka pralambang pakurmatan marang tumindak becike si suwargi


nalikane isih sugeng biyen lan panyuwunan muga-muga sukmane ditampa ing pangayunane
Pangeran.

Godhong kelor Godhong dadap serep Banyu Degan

Kembang setaman

Payung

Ubarampe selametan upacara tilar donya

8
Geblak Nelung Dina
1. Sega gurih (Sekul wuduk) 1. Apem
2. Ingkung (Pitik dimasak utuh) 2. Serondeng
3. Urap 3. Pisang emas
4. Lombok abang utuh 4. Kolak ketan
5. Krupuk rambak Ingkung pitik
6. Dele ireng
7. Brambang oncekan
8. Kembang kenanga
9. Uyah lembut
10. Tumpeng ungkur-ungkuran

Mitung Dina Matang Puluh Dina


1. Apem 1. Sega wuduk
2. Serondeng 2. Ingkung pitik
3. Pisang emas 3. Dele ireng
4. Kolak ketan 4. Lombok abang utuh
5. Ingkung pitik 5. Kulit rambak

Nyatus Dina Pendhak Pisan


1. Sega wuduk 1. Sega wuduk
2. Kulit rambak 2. Kulit rambak
3. Pasung ketan 3. Pasung ketan
4. Kolak 4. Kolak

Pendhak Pindho Nyewu


1. Sega wuduk 1. Sega wuduk
2. Kulit rambak 2. Ingkung pitik
3. Pasung ketan 3. Dele ireng
4. Kolak 4. Lombok abang utuh
5. Kulit rambak
6. Brambang
7. Uyah
8. Kembang kenanga
9. Wedhus becek
10. Sapasang manuk dara

Tabel saka primbon kanggo nyocokake itungan

9
Sur 3 7 40 100 Mendhak Mendhak
Nyewu
Lemah Dina Dina Dina Dina 1 2
Jum’at Ahad Kamis Seloso Sabtu Jum’at Rabu
Senin Pon
Kliwon Pahing Legi Wage Wage Pahing Wage
Sabtu Senin Jum’at Rabu Ahad Seloso Kamis
Sabtu Pon
Legi Pon Pahing Kliwon Kliwon Wage Kliwon
Ahad Seloso Sabtu Kamis Senin Rabu Ahad Jum’at
Pahing Wage Pon Legi Legi Kliwon Wage Legi
Senin Rabu Ahad Jum’at Seloso Senin Sabtu
Kamis Legi
Pon Kliwon Wage Pahing Pahing Kliwon Pahing
Seloso Kamis Senin Sabtu Rabu Jum’at Ahad
Seloso Legi
Wage Legi Kliwon Pon Pon Pahing Pon
Rabu Jum’at Seloso Ahad Kamis Rabu Senin
Sabtu Pon
Kliwon Pahing Legi Wage Wage Pahing Wage
Kamis Sabtu Rabu Senin Jum’at Ahad Seloso
Kamis Pon
Legi Pon Pahing Kliwon Kliwon Wage Kliwon
Jum’at Ahad Kamis Seloso Sabtu Senin Jum’at Rabu
Pahing Wage Pon Legi Legi Kliwon Wage Legi
Sabtu Senin Jum’at Rabu Ahad Seloso Sabtu Kamis
Pon Kliwon Wage Pahing Pahing Legi Kliwon Pahing
Ahad Seloso Sabtu Kamis Senin Rabu Jum’at
Ahad Legi
Wage Legi Kliwon Pon Pon Pahing Pon
Senin Rabu Ahad Jum’at Seloso Senin Sabtu
Kamis Pon
Kliwon Pahing Legi Wage Wage Pahing Wage
Seloso Kamis Senin Sabtu Rabu Jum’at Ahad
Seloso Pon
Legi Pon Pahing Kliwon Kliwon Wage Kliwon
Rabu Jum’at Seloso Ahad Kamis Sabtu Rabu Senin
Pahing Wage Pon Legi Legi Kliwon Wage Legi
Kamis Sabtu Rabu Senin Jum’at Kamis Seloso
Ahad Legi
Pon Kliwon Wage Pahing Pahing Kliwon Pahing
Jum’at Ahad Kamis Seloso Sabtu Senin Jum’at Rabu
Wage Legi Kliwon Pon Pon Pahing Legi Pon
Sabtu Senin Jum’at Rabu Ahad Seloso Sabtu Kamis
Kliwon Pahing Legi Wage Wage Pon Pahing Wage
Ahad Seloso Sabtu Kamis Senin Rabu Jum’at
Ahad Pon
Legi Pon Pahing Kliwon Kliwon Wage Kliwon
Senin Rabu Ahad Jum’at Seloso Kamis Senin Sabtu
Pahing Wage Pon Legi Legi Kliwon Wage Legi
Seloso Kamis Senin Sabtu Rabu Jum’at Seloso Ahad
Pon Kliwon Wage Pahing Pahing Legi Kliwon Pahing
Rabu Jum’at Seloso Ahad Kamis Sabtu Senin
Rabu Legi
Wage Legi Kliwon Pon Pon Pahing Pon
Kamis Sabtu Rabu Senin Jum’at Kamis Seloso
Ahad Pon
Kliwon Pahing Legi Wage Wage Pahing Wage
Jum’at Ahad Kamis Seloso Sabtu Senin Jum’at Rabu
Legi Pon Pahing Kliwon Kliwon Wage Pon Kliwon
Sabtu Senin Jum’at Rabu Ahad Seloso Sabtu Kamis
Pahing Wage Pon Legi Legi Kliwon Wage Legi
Ahad Seloso Sabtu Kamis Senin Ahad Jum’at
Rabu Legi
Pon Kliwon Wage Pahing Pahing Kliwon Pahing

10
Senin Rabu Ahad Jum’at Seloso Kamis Sabtu
Senin Legi
Wage Legi Kliwon Pon Pon Pahing Pon
Seloso Kamis Senin Sabtu Rabu Jum’at Seloso Ahad
Kliwon Pahing Legi Wage Wage Pon Pahing Wage
Rabu Jum’at Seloso Ahad Kamis Sabtu Senin
Rabu Pon
Legi Pon Pahing Kliwon Kliwon Wage Kliwon
Kamis Sabtu Rabu Senin Jum’at Ahad Kamis Seloso
Pahing Wage Pon Legi Legi Kliwon Wage Legi
Jum’at Ahad Kamis Seloso Sabtu Jum’at Rabu
Senin Legi
Pon Kliwon Wage Pahing Pahing Kliwon Pahing
Sabtu Senin Jum’at Rabu Ahad Seloso Kamis
Sabtu Legi
Wage Legi Kliwon Pon Pon Pahing Pon
Ahad Seloso Sabtu Kamis Senin Ahad Jum’at
Rabu Pon
Kliwon Pahing Legi Wage Wage Pahing Wage
Senin Rabu Ahad Jum’at Seloso Kamis Sabtu
Senin Pon
Legi Pon Pahing Kliwon Kliwon Wage Kliwon
Seloso Kamis Senin Sabtu Rabu Jum’at Seloso Ahad
Pahing Wage Pon Legi Legi Kliwon Wage Legi
Rabu Jum’at Seloso Ahad Kamis Rabu Senin
Sabtu Legi
Pon Kliwon Wage Pahing Pahing Kliwon Pahing
Kamis Sabtu Rabu Senin Jum’at Ahad Seloso
Kamis Legi
Wage Legi Kliwon Pon Pon Pahing Pon

III.WUSANA
DUDUTAN

11
 Upacara tilar donya yaiku upacara kang ditindakake nalika ana tiyang
seda.
 Upacara tilar donya dipunlampahi kanggo pakurmatan datheng
tiyang ingkang seda lan kanggo nglestarekake budaya lan tradisine
wong jawa.

SARAN
 Kita kudu weruh lan mangerteni tenanan ngenani upacara tilar donya
supados kita weruh adat jawa lan supados adat jawa tetep lestari.

LAMPIRAN

12
GENDERA TANDA WONG SEDA YASINAN & DONGAKNE JISIM

BROBOSAN

NGUBUR JISIM

SELAMETAN-SELAMETAN (GEBLAK - NYEWU)

13
14

Anda mungkin juga menyukai