Anda di halaman 1dari 3

ULANGAN AKHIR SEMESTER I

TAHUN PELAJARAN 2015-2016

Mata Pelajaran : B. Inggris Nama :


Kelas : VI (Enam) Skor / Nilai Paraf
Hari/Tanggal : Guru Orang Tua
Waktu : 90 Menit

I. Berlah tanda silang (x) pada huruf a, b, c , atau d pada jawaban yang paling tepat !

Wacanen sing premati !

R.A.KARTINI

R.A.Kartini miyos tanggal 21 April taun 1879 ing Mayong ,


Jepara , Jawa Tengah. Panjenengane putrine Raden Arya Sasradiningrat , bupati ing
Jepara . Sanajan ramane dadi bupati , R.A.Kartini tansah nggalih nasibe bangsane.
Utamane nasibe para putri Indonesia sing dhek semana ketinggal- an banget
kemajuane karo para putra. Malah wiwit cilik para putri dipingit dening wong
tuwane.

Kagawa saka rasa asihe marang bangsane , utamane para putri


R.A. Kartini ngedegake sekolahan kanggo mulang wuruk para putri supaya bisa pinter
lan prigel .Sekolahan iku didegake sawise R.A.Kartini dhaup karo Raden Mas Adipati
Arya Jayahadiningrat taun 1903. Raden Mas Adipati Arya Jayahadiningrat Iku bupati ing
Rembang .

1 Apa irah-irahane wacan ing ndhuwur ?

a.R.A.Kartini c.R.M.Jayahadiningrat

b.R.A.Sastradiningrat d.R.A.Jayahadiningrat

2. Isine wacan ing ndhuwur nyritakake perjuanganane Ibu Kartini ing babagan . . . .

a. Kesehatan c.Pertanian

b. Pendidikan d, Lingkungan

http://UlanganHarian.Com
3.R.A.Kartini miyos tanggal 21 April taun 1879. Tembung miyos ing sajroning ukara

kasebut nduweni teges . . . .

a.liwat c. lair

b.medal d. metu

4. R.A.Kartini ngedegake sekolahan kanggo mulang muruk para putri. Tembung

ngedegake kosokbalene . . . .

a. nglungguhake c.ngrubuhake

b.nurokake d.nglakokake

5.Miturut isine wacan ing ndhuwur kasebut, ngandhut pesen supaya para putri . . .

a.ora bisa kalah karo para putra

b.luwih asor tumrap para putra

c.luwih dhuwur drajate tumrap para putra

d.pinter lan prigel saengga ora ketinggalan karo para putra

6.Tembung-tembung ing ngisor iki sing klebu tembung camboran yaiku . . . .

a.andhap asor c.bangcuk

b.blaka suta d.adi luhung

7.Sing nonton bal-balan jejel . . . ngebaki stadion.

a.muyel c.menceb

b.riyel d. ngeyel

8.Wis ana sawulanan Reni nandhang lara . Mulane awake tansaya kuru sasat mung kari

. . . .

a.dubang c.bangjo

http://UlanganHarian.Com
b.lunglit d.bangcuk

9. Ngger putuku, rungokna pituturku

Sira ngabektiya

Marang yayah sarta wibi

Iku mono dhawuhe Gusti Pangeran

Isine geguritan kasebut ngandhut pesen supaya kita kabeh kudu . . . .

a.manut yen dituturi c.ndonga murih wibawa

b.manembah Gusti d.ngabekti marang wongtuwa

10. Sira ngabektiya ,

Marang yayah sarta wibi

------------------------------------

Ukara geguritan kasebut yen didadekake ukara gancaran dadine . . . .

a.kowe kudu ngabekti marang manungsa

b.kowe kudu ngabekti marang Gusti Pangeran

c..kowe kudu ngabekti marang wongtuwa

d.kowe kudu ngabekti marang para leluhur

http://UlanganHarian.Com

Anda mungkin juga menyukai