Anda di halaman 1dari 1

Bapak saha Ibu Ibnu (1)

Jln. Sudarsono 16
Blitar.

Sembah sungkem,
Kanthi lumantaring serat punik, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula
ing Blitar tansah ginajar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwun kula
dhumateng gusti Allah SWT, mugi - mugi kawontenanipun Bapak saha

Ibu ugi mekaten. Amin. (3)


Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putri ngaturi priksa bilih
kintunannipun arta sampun kula tampi rikal dinten minggu kapengkur. Arta punika
sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahanipun kangge nyekapi
kabetahan tumbas buku. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap
malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu
mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang sae,
amin. (4)
Ing wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes wekdal dipun sambet
malih. menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula
nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)
(6) Pasuruan, 9 april 2015
(7) Saking ingkang putri
(8)
(9)Intan Nur Ainong

Anda mungkin juga menyukai