Anda di halaman 1dari 3

Khotbah Jumat bahasa jawa

(SEKAWAN MACEM GOLONGAN MENUNGSO)

َُ‫ْنُك ِل ُِهُ َولَ ُْوُ َك ِرُه‬


ُِ ‫علَىُال ِدي‬ ْ ‫قُ ِلي‬
َ ُُ‫ظ ِه َره‬ ُِ ‫ْنُ ْال َحـ‬ ُِ ‫لُ َرس ْولَهُُ ِب ْاله َدىُ َو ِدي‬ ُْ ‫اَ ْل َح ْمدُُهللُالَّذ‬
َ ‫ِيُأ َ ْر‬
َُ ‫س‬
ُ‫علَى‬ َ ُ‫ل‬ُِ ‫ص‬ َ ُ ‫اللهم‬.‫ن ُم َح َّمدًا ُ َرس ْولُ ُهللا‬ َُّ َ‫لَّ ُهللا ُ َوأ َ ْش َهدُ ُأ‬
ُ ‫ل ُاله ُ ِإ‬ ُْ َ‫ ُأَ ْش َهدُ ُأ‬،ُ َُ‫ْالم ْش ِرك ْون‬
َُ ُ ‫ن‬
ُ‫ُأماُبعدُفياعبادُهللاُأوصيكمُونفسىُبتقوىُهللا‬. َ‫ص َحا ِب ُِهُأَ ْج َم ِعيْن‬ ْ َ ‫علَىُألهُ َوأ‬ َ ‫م َح َّمدُُ َو‬
ُ‫ُاتقوُهللاُحقُتقاتهُولتموتنُألُوأنتمُمسلمون‬,‫فقدُفازُالمتقون‬
Jama’ah Jum’ah rohimakumullah

Wonten ing kesempatan puniko, kawulo ajak sareng-sareng ningkataken taqwa


dateng Alloh swt, lan ugi sami-sami kerso ngoreksi nilai ruhaniyah kito. Sebab lantaran
kawontenan ruhaniyah meniko ageng sanget pengaruhipun dateng nilai lahiriyah kito.
Kondisi ruhaniyah meniko sifatipun umum, boten mandang pejabat utawi rakyat,
menteri utawi kuli. Mugi-mugiyo Alloh tansah maringi kito pitedah engkang leres.
Amin.

Jama’ah jum’ah rohimakumulloh,


Lajeng pripun anggenipun kito mbudidayaake ruhaniyah kito supados saget ngelabeti
ing lahiriyah kito tuwin saget nerapake wonten ing lelampahan saben
dintenipun? Syaikh Abdul Qadir al-Jailani mbedaake kondisi ruhaniyah kito wonten ing
3 (tigang) panggenan. Inggih puniko wonten ing manah (ati), lisan lan karyo (tulisan).
Kondisi manah kedah gesang lan tansah aktif, selajengpun kondisi lisan sayogjanipun
kedah pasif (kendel) lan pejah, ananging badan kito kedah gesang kagem makaryo
(menghasilkan karya).

Salah setunggaling wasiatipun Syaikh Abdul Qodir Al-jailani ingkang dipun nukil
deneng Syikh Nawawi Al-Bantani ing kitab Nashaihul Ibad, Syaikh Abdul Qadir al-
Jailani dawuh “menungso meniko kabagi dados sekawan tingkatan / sekawan macem
inggih puniko :
Sepindah :
, ُ‫اصىُالعَبِي‬
ِ َ‫ُُوه َوُُالع‬
َ ‫ب‬َ ‫ُُولَُُقَ ْل‬
َ ‫سانَُُلَه‬
َ ‫َرجلُُلَُُ ِل‬

kelompok menugso ingkang boten anggadahi lesan lan manah. engkang mekaten
puniko tiyang puniko termasuk golongan ahlunnar engkang sah
kaping kalih :

َُ َ‫هللاُتَع‬
ُُ‫الىُ َوه َُوُيَ ِفر‬ َُ َّ‫لَُقَ ْلبُُفَيَ ْن ِطقُُ ِب ْال ِح ْك َم ُِةُ َو َليَ ْع َملُُبِ َهاُيَ ْدعوُالن‬
ُِ ُ‫اسُاِلَى‬ َ ‫َرجلُُلَهُُ ِل‬
ُ ‫سانُُ ِب‬
ُ‫ِم ْنه‬
ُ
golongan engkang kaping kalih inggih puniko tiyang-tiyang engkang anggadahi lesan
ananing boten anggadahi ati. Ngajak nglampahi kesahenan ananging kiambake boten
kerso nglampahi, malah asring nebihi perintah-printahipun Allah SWT.
Engkang kaping tigo :

ُ‫ب‬ َ َ‫نُخ َْـل ِق ُِهُ َوب‬


ُِ ‫ص ِرُِهُ ِبـعي ْو‬ َ ُ‫سـت َ َرهُُهللاُُتَعَالَى‬
ُْ ‫ع‬ َ ُُ‫سانُُ َوه َُوُمؤْ ِمن‬ َ ‫َرجلُُلَهُُقَ ْلبُُبِلُ ِل‬
ُ‫اسُ َوشؤْ ُِمُال َكلَ ُِمُ َوه َُوُ َو ِليُُهللاُُِتعالى‬ُ ِ َّ‫ط ُِةُالن‬َ َ‫لُمخَال‬ َُ ‫ع َّرفَهُُغ ََوا ِئ‬َ ‫نَ ْف ِس ُِهُ ِون ََّو َُرُقَ ْلبَهُُو‬
‫َم ْحف ْوظُُفىُ ِستْ ُِر هللاُتعالى‬

Inggih puniko golongan engkang anggadahi ati ananging boten anggadahi lesan,
tiyang kasebat termasuk tiyang-tiyang engkang dipun tutupi utawi dirahasiaaken
deneng Allah SWT saking khalayak umum, Allah SWT kiambak engkang njagi
peningale sehinggo bote saget mersani gebyaring dunyo. Golongan puniko termasuk
golongan kekasihe Allah SWT, atine kebak nur utawi cahaya rububiyah sehinggo
kelompok puniko mangertosi dampak kekumpul sareng menungso engkang katah
omongan engkang boten wonten ginanipun.

Engkang kaping sekawan :

ُُ‫عُهللاُُقَ ْلبَه‬
َُ ‫لُبِ ِع ْل ِم ُِهُ َوه َُوُ ْالعَا ِلمُُبِاهللُتعالىُ َواَيــَاتِهُا ْست َ ْو َد‬
َُ ‫ع ِم‬َ ‫علَّ َُمُ َو‬
َ ‫َرجلُُتَعَلَّ َُمُ َو‬
‫لُ ْالعل ْوم‬ ُِ ‫ص ْد َرهُ ِلقَب ْو‬ َ ُ‫ح‬ َُ ‫بُ ِع ْل ِم ُِهُ َوشَر‬ َُ ِ‫غ ََرائ‬

Inggih puniko tiyang-tiyang engkang kerso belajar lan mengajar lan beramal kelawan
ilmune, Tiyang-tiyang engkang mekten puniko tiyang engkang sampun
keagunganipun Allah SWT yang mengerti kebesaran Allah. Twin nitipaken ilmune
dateng Allah Ta’ala sehinggo Gusti Alloh kerso njembarake manah tiyang kasebat
kagem nampi titipan-titipan ilmunipun Allah mengenai pengetahuan engakn dereng
dipun mangertosi. Tiyang engkang mekaten termasuk tiyang engkang makrifatulloh.

Mekaten sekawan macem golongan menungso engkang sampun dikelompokkae


deneng Syaikh Abdil Qadir Al-Jailani. Dawuhipun Syaikh Abdul Qodir Al-Jailani kagem
penyemangat kito sedoyo :

ُِ‫ص ِغيْرهَاُ َواَ َداءُُ َج ِمي ُْع‬


َ ‫ار ُِمُ َك ِبيْرهَاُ َو‬ ِ ‫نُ ْال َم َح‬
ُِ ‫ع‬ ِ ُ‫لُالز ْه ُِد‬
َ ُُ‫اإل ْج ِتنَاب‬ ْ َ‫نُأ‬
َُ ‫ص‬ َُّ َ ‫اِ ْعلَ ُْمُا‬
‫لىُاَ ْه ِل َُهاُقَ ِليْل َهاُ ِو َكثِيْرهَا‬ َ ُ‫ع ِسيْرهَاُ َوتَ ْركُُالد ْنيَا‬
َُ ‫ع‬ ُ ِ ِ‫ْالفَ َرائ‬
َ ‫ضُ َي ِسيْرهَاُ َو‬
ُ
ُ
Mangertosono bilih pokok-pokok ajaran zuhud inggih puniko nebihi sedoyo perkawis
engkang diharamaken deneng Allah SWT. engkang alit utawi ageng, kerso nglampahi
kewajiban engkang alit utawi engkang ageng, engkang gapil lan engkang awrat twin
kerso masrahaken urusan dunyonipun dateng poro ahline, (tiyang engkang
berkepentongan) urusan alit lan agenipung, kedik lan katahipun.

Miturut katerangan kasebat saget kito pendet kesimpulan bilih engkang


kawostanan zuhud inggih meniko boten kedah berat-berat, engakng saget dupin
lampahi deneng tiyang-tiyang tertemtu kemawon. Ananging zuhud meniko sebuah
laku amaliyah engkang saget dipun lampahi kelawan latihan milahi saking perkawis
engkang alit-alit.

Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah,


Saking katrangan kasebat kito saget anggrayangi batos kito kiambak-kiambak, kito
termasuk golongan engkang pundi? Ampun ngantos kito kagolong tiyang engkang
awon. Sebab anggadahi penyono olo dateng tiyang sanes memiko termasuk
kaawonan kimabak engkang saget mrosotake tingkatan kito.

Mekaten khotbah jum’ah engkang saget kawulo aturaken mugi-mugiho mbeto manfaat
lan Gusti Alloh Swt kerso nglebetaken kito dateng golongan tiyang-tiyang engkang
sahe. Amin.

ُِ َ ‫آنُاْل َع ِظي ُِْمُ َونَـفَـ َعنِيُ َوإيـَّاك ُْمُِب َماُِفـ ْي ُِهُ ِمنَُُاْآليا‬
ُ‫ت‬ ُِ ‫يُاْلق ْر‬ ُْ ِ‫يُ َولَك ُْمُف‬
ُْ ‫كُهللاُُ ِل‬
َُ ‫ار‬
َ َ‫ب‬
ُ‫لُ ِمــنِيُ َو ِم ْنك ُْمُتِلَ َوتَــه‬ َُ ‫ُ َوتــَقَــبَّـ‬.‫َوال ِذ ْكرُِ ْال َح ِكي ِْم‬
ُُ ‫س ِميْعُُاْلعَ ِليْم‬َّ ‫ُإنَّهُُه َُوُال‬

Anda mungkin juga menyukai