َ ح َ ح
‘alaihi wa sallam nunjuk wonten dadanipun kaping tiga lan ngendikan:
َ َ
ُا َّتلق َوىُهاُهنَا،ا َّتلق َوىُهاُهنَا
Tegesipun: “ Takwa manggen ing mriki, takwa manggen ing mriki” (HR Ahmad
dalam Musnad-nya).
Dados, ati nuninggih pemimpin anggota badan, naliko ati sahe, milo sedoyo
anggota badan bakal sahe sahinggo tiyang badhe dados tiyang ingkang
bertakwa. Kosok wangsulipun, naliko ati rusak, milo sedaya anggota badan
dados rusak sahinggo tiyang badhe dados tiyang ingkang tumindak maksiat.
Pramilo sumangga kita sami bertakwa dumateng Allah, nuninggih kanthi
nglampahi sedaya kewajiban lan nilar saking sedaya ingkang dipun haramaken
sarto pados bekal sak kathah-kathahipun kagem gesang wonten akhirat. Allah
ta’ala sampun dhawuh wonten surat Asy Syu’aro ayat 88 – 89:
1
َ َ ح َ َ َ ح َ َ َ َ َ َ َّ َ ح َ َ َّ َ َ ح
ُ اّللُبِقلبُُس ِل
يم ُ ُت ُ نُأ
ُ َلُم
ُ ُ ِإ،َلُبنون
ُ َلُينفعُُمالُُو
ُ ُيو ُم
Tegesipun: “Wonten dinten ingkang bondho lan putro mboten saged paring
guno, kejawi tiyang-tiyang ingkang dipun hisab dening Allah kanthi ati ingkang
bersih (saking kekufuran)” (QS asy-Syu’ara’: 88-89)
Pramilo saking meniko, sumangga kita saheni ati kita kanthi nglampahi adab-
adab ingkang dipun wulangaken dening agami Islam sahe secara lahir utawi
batin. Kita obati ati kita kanthi nderek ajaran Allah ta’ala lan nderek Rasulullah
shallallahu ‘alaihi wa sallam. Keranten ati kagungan pinten-pinten penyakit
ingkang mboten saged dipun obati dening para dokter. Penyakit-penyakit ati
kala wahu namung saged dipun obati kanthi nderek perintah Allah lan
Rasulullah kanthi saestu.
َ َ َّ َ ح َّ َ ح
َ ل
ُين ِ
ِّ لُا
ُ ُ ُ
ي ص ل
ِ ِ ُمُ ُ
اّللُ وا د ب ع ُ َو َماُأ ِمرواُ ِإ
َلُ ِِل
Sumangga kita ikhlasaken niat namung keranten Allah ta’ala lan sampun
ngantos tumibo wonten tumindak riya’. Sahabat Abu Hurairah radliyallahu
‘anhu ngriwayaken hadits qudsi bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam
ngendikan, Allah dhawuh:
2
َ ِّ ح َ ح َ َ َ َ ً َ ح َ َ ح َ ح َ ح ح َ َ ح َ ح َ ََ ََ َ ح َح ر
ُيُتركتهُُو ِْشكه
ُ ْي
ِ ع ُغ
ُ ِ كُ ِفي ُِهُم
ُ َلُأْش
ُ ل ُعم
ُ نُع ِم
ُ كُم
ُِ الْش
ِ ُنُِ نُالْشَك ُِءُع
ُ أناُأغ
Tegesipun: “Aku ora nerimo tujuan liyo ing dalem amal, milo sopo wahe ingkang
nglampahi setunggal amal lan dheweke kagungan tujuan liyo sak liyane Ridla-Ku,
milo aku bakal ninggal lan ora nerimo dheweke” (HR Muslim).
Naliko kita nglampahi setunggal amal kagem pados ganjaran saking Allah lan
ugi pados pujian saking sesami manungso, milo Allah mboten bakal nampi amal
kita kalawahu. Dados tiyang ingkang nglampahi amal perbuatan ingkang dipun
sarengi riya’, milo amal kalawahu mboten wonten ganjaranipun, punopo maleh
piyambakipun bakal pikantuk doso sebab riya’ipun. Pramilo saking puniko,
sumonggo kita sami intropeksi diri, kito awasi lan amati ati kito,
naliko kita nglampahi sholat gangsal wekdal piyambakan, banjur kito mboten
ngiringi kanthi sholat sunnah rawatib. Ananging, naliko kito sholat berjama’ah
wonten masjid, kito iringi kanthi sholat sunnah rawatib, kito tangkleti awak
kito, kenging punopo kito tumindak mekaten? Naliko kito nglampahi sholat
piyambak, kito rampungaken kanthi cepet lan namung nglampahi rukun-
rukunipun kemawon. Ananging naliko kito wonten ing tengah-tengah kathah
tiyang kito dowo-dowoaken sholat kito. Kita tansah berusaha supados
hadiraken raos khusyu’ lan kita bagusaken sholat kito.
Milo kito tangklet awak kito, kenging punopo kita tumindak mekaten?. Punopo
kito kepingin pujian saking sesami manungso? Punopo kito kepingin dihormati
dumateng sesami manungso? Punopo pujian manungso langkung kito tresnani
tinimbang saking ridla Allah ta’ala? Padahal sedaya manungso nuninggih
makhluk-makhlukipun Allah kados dene kito. Piyambakipun mboten saged
ndadosaken manfaat utawi bahaya.
3
akhirat. Pramilo saking puniko, kito obati ati kito saking penyakit riya’. Kito
dadosaken ridla Allah sang pencipta kesahenan lan kebururukan minongko
tujuan amal kito. Kito ikhlasaken niat kito keranten Allah lan sampun ngantos
kito merduli, punopo tiyang mencela utawi memuji kito. Sejatosipun sedaya
kesahenan wonten ing ridlanipun Allah subhanahu wa ta’ala.
Ugi malih tiyang ingkang sampun belajar ilmu agami, mulang ilmu agami lan
rajin/giat anggene maos Al-Qur’an. Piyambakipun dihadiraken lan diparingi
ngertos tentang nikmat-nikmat ingkang sampun diparingaken dateng
piyambakipun, milo piyambakipun ngeling-ngeling nikmat-nikmat kalawahu.
Piyambakipun ditangkleti: punopo ingkang siro tumindakake dateng nikmat-
nikmat kalawahu? Piyambakipun jawab: kulo belajar lan mulangaken ilmu, sarto
maos Al-Qur’an keranten Panjenengan ya Allah. Didhawuhaken dateng
4
piyambakipun: siro wus goroh (ngapusi), kasunyatanipun siro belajar ilmu
supados diwastani ulama’, siro maos Al-Qur’an supados diwastani piter maos
Al-Qur’an. Selajeng diperintahaken supados tiyang kalawhu diseret kanthi
posisi wajah wonten ngandap hinggo dilebetaken wonten neroko.
Ugi malih tiyang ingkang sampun Allah jembaraken rizkinipun lan Allah paring
dumateng piyambakipun sedaya jenis bondho. Milo piyambakipun dipun
hadiraken, dipun elingake tentang nikmat-nikmatipun, milo piyambakipun
banjur ngeling-ngeling nikmat kalawahu. Piyambakipun ditangkleti: punopo
ingkang siro tumindakake dateng nikmat-nikmat kasebat? Piyambakipun jawab:
kulo mboten nate nilar infaq ingkang panjenengan anjuraken kejawi kawulo
infaqaken bondho kawulo kagem pados ridla panjenengan ya Allah. Selajeng
diucapaken dateng piyambakipun: siro wus goroh (ngapusi), siro tumindak
meniko sedoyo supados siro diwastani tiyang ingkang loman (dermawan) lan
meniko wus diucapaken, Selajeng diperintahaken supados tiyang kalawahu
diseret kanthi posisi wajah wonten ngandap hinggo dilebetaken wonten
neroko” (HR Muslim).
Naliko kito nglampahi sholat, milo kito lampahi kerono Allah. Naliko kito
besedekah, milo bersedekah ugi keranten Allah. Naliko kito belajar ilmu agami,
milo ugi keranten Allah. Naliko kito mulang ilmu agami, milo kito mulang ugi
keranten Allah. Naliko kito nglampahi perintah Allah, milo kito taat namung
keranten pados ridlane Allah. Naliko kito nglampahi sedaya kalawahu mboten
kerono Allah ananging keranten tujuan-tujuan ingkang sanes, milo dados sia-
sialah umur kito lan alangkah dados rugilah waktu gesang kita.
Hadirin rahimakumullah,
5
Khutbah II
6