Anda di halaman 1dari 6

KHUTBAH IDUL FITRI 1440 H

NGLESTANTUNAKEN RAMADHAN
‫السلما هللعليكم هللورحمة هللا هللوبركاته‬

‫ و ارلملد لبلبه اكثبيِبرا و سبْحاَان ا ب‬, ‫ ا ل أاركبْبر اكبْبيِبرا‬, ‫ ال أاركبْبر‬, ‫ال أاركبْبر‬
‫ل‬ ‫رر ا لر ا‬ ‫ل ار رر ا ا ر‬ ‫ل ار ل ار‬
‫صار اعربْادهل اوأااعلز لجرنادله‬ ‫ن‬‫و‬ ‫ه‬ ‫د‬ ‫ع‬ ‫و‬ ‫ق‬ ‫د‬ ‫ص‬ , ‫ه‬ ‫د‬ ‫ح‬‫و‬ ‫ل‬ ‫ا‬ ‫ل‬‫ل‬‫ ال ابلاه اب‬, ‫بركررة وأابصيِل‬
‫ا‬ ‫ا‬ ‫ر‬
‫لار ل ا ا لا ا‬ ‫ا‬ ‫ا‬ ‫ا‬ ‫ا‬ ‫ل ا ا رر‬
ُ.‫ الل أاركبْابلر او لبلبه ارلارملد‬, ‫ ال إبلاها ابلل الل او الل أاركبْابلر‬, ‫ب اورحادهل‬ ‫اواهازام ارلارحازا ا‬
َ‫ل بمرن لشلرروبر انربلفبسانا‬‫إللن ُالمحمدد ُلللهه ُ ارنملده وناستْاعبيِبنله وناستْابرغبفره ونابعوذل بباَ ب‬
‫ا ل ا ر ر ل ا ر لل ا ل ر‬ ‫دم‬
ُ.‫ي لاله‬ ‫ضلبل فالا هاَ ب‬
‫د‬ ‫ر‬ ‫ي‬ ‫ن‬ ‫م‬‫و‬ ‫ه‬‫ا‬‫ل‬ ‫ل‬
‫ل‬ ‫ض‬‫ت ارعماَلباناَ من يبهبد ال فالا م ب‬ ‫وسيِيئاَ ب‬
‫ل اا ر ل ر ا ا‬ ‫ا ا ر ار ل ل‬ ‫ااا‬
‫ب ب‬
‫ك لاهل اوارشاهلد الن لمالمردا اعربْلدهل اوارلسرولله‬ ‫ارشاهلد ارن لا الها الل الل اورحادهل لا اشبرير ا‬
‫صاحاَببه اوامرن تابْباعهل ابال يابروبم‬ ‫ا‬
‫و‬ ‫صلاةل واللسلام عالىَ نابْبيِيباناَ لملمدد وعالىَ ءالبب‬
‫ه‬
‫ا اا ا ا ر‬ ‫اوال ل ا ل ا‬
‫ل اواطاَاعتْببه لااعللكرم‬ ‫ الوبصيِلكم ونابرفبسيِ بتْابرقو ا ب‬: ‫ل‬
‫ا‬ ‫ر ر را‬
‫ فابيِاَبعبْاَد ا ب‬:‫ُ الماَ ببعلد‬.‫اليديبن‬
‫ار ا ا ا‬ ‫ر‬
‫ اياَايباهاَ البذيران اامنلوا اتلبلقوا الا احلق‬:‫ُ قااَال الل تاباعاَال بف الرلقررآْبن الراكبرربي‬.‫تلبرفلبلحروان‬
‫تلباقاَتببه اولا اتلروتللن ابلل اوانربتْلرم لمرسلبلمروان‬
Jamaah muslimin wal muslimat rohimakumulloh

Puji lan syukur, sumangga kita konjukaken wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang tansah paring
nikmat kanugrahan dhumateng kita. Injih arupi kawilujengan, kasarasan, karaharjan langkung-
langkung nikmat iman lan Islam ing manah kita.
Shalawat dan salam, mugi katetepna dhumateng panutan kita Rosululloh Muhammad SAW,
keluarga, shahabat, tabi’in, tabi’it tabi’in, saha sedaya umat ingkang tansah miderek sunnah-sunnah
ipun.
‫ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر لو ل‬
‫ل المدحممهد‬ ‫ه ده ه ده ه ده‬
Saklajengipun, kula ngemotaken dumateng badan kula piyambak lan sedaya jama’ah sholat ied
sumangga tansah nggatosaken babagan ketaqwaan kita wonten ngarsanipun Allah. Kita angkah,
tambah yuswa kita, tambah-tambah anggen kita dhedepe wanten ngarsanipun Allah. Nindakaken
dhawuh-dhawuhipun lan nilar sedaya kemaksiatan larangan ipun.
Sumangga kita tansah muhasabah, naliti kanti permati titi lampah kita saben ndintenipun. sedaya
samukawis bab ingkeng tebih saking ketaatan dhateng Allah lan Rosululloh sageta enggal kita tilar,
kita tebihi. Dipun gantos kanthi titi lampah ingkang midherek dhawuhipun Allah Robbul Izzati.

Jamaah sholat id rohimakumulloh.


Ing injing menika, sedaya umat Islam ing saindening bawono sami makempal ing masjid-masjid
menapa dene wonten ing oro-oro, saperlu ngumandangaken takbir, tahlil lan tahmid ngagungaken
asmanipun Allah SWT, kalajengaken sholat Ied.
Sedaya sami ngaturaken syukur, kacehno wulan ramadhan sampun jangkep wilanganipun. kados
dhawuhipun Allah wonten ing QS. Al Baqoroh 185:

‫نولرتشكمرلوُاَ اَشلعلدنة نولرتنكببررواَ اَلللنه نعنلىى نماَ نهنداَركشم نونلنعللركشم نتششركررونن‬


‫ب ب ب‬ ‫ب ب‬
Artosipun :
Lan supaya siro padha nyampurnakke wilangane (sasi ramadhan) lan supaya siro ngagungake
Allah amarga pituduh sing kaparingake marang siro. Lan Supaya siro pada syukur.

Ing swasana mekaten, manah kita tansaya nglenggana, bilih kita menika yektosipun hambanipun
Allah, ingkang katitahaken ing alam dunya supados tansah ngibadah wonten ngarsanipun Allah.
Allah sampun pemut wonten Al-Qur’an Surat Adz-Dzariyat 56 :

‫س بإل لبيِابرعبْللدوبن‬ ‫ت ارلبلن اوا رب‬


‫ن‬ ‫ل‬ ‫ق‬ ‫ل‬‫خ‬ َ‫ما‬ ‫ن‬
‫ا‬ ‫ا‬
‫ا ار ل‬ ‫و‬
Artosipun: Lan Ingsun (Allah) ora nyiptakake jin lan menungsa kejaba supaya padha ngibadah
marang ingsun Allah

‫ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر لو ل‬


‫ل المدحممهد‬ ‫ه ده ه ده ه ده‬
Jamaah idul fitri rohimakumulloh

Wulan suci Ramadhan ingkang kita tilar, yektosipun minangka syahrul ibadah, jalaran ing wulan
menika kathah pangibadahan ingkeng saget kita tindakaken. Amargi syetan sampun dipun
belenggu.

Ing wulan ramadhan kita sami saget mujahadah, kanthi saestu nindakaken shiyam ing siangipun,
Saget nindakaken sholat tarawih ing ndalunipun,
Saget nindakaken sholat jamaah makmuraken masjidipun, nindakaken tadarus Al-Qur’an, dzikir,
iktikaf, infak, shodaqoh lan, mbayar zakat.
Kita ugi saget meper howo nafsu, saget nebihi goroh, ghibah,fitnah, amarah, nebihi sedaya penyakit
hati, drengki,srei, iri, riyak, ujub, sum’ah, ugi saget njagi rafats lan amarah....
Sedaya wau saget kita tindakaken ing wulan ramadhan kanthi ikhlas, nyuwun ridhlanipun Allah
SWT.
Kita tansah ngajeng-ajeng ganjaran saking Allah kados ing wasiatipun Rosululloh SAW...

‫ضاَان ابراياَرناَ اوارحتْباساَرباَ غلبفار لاهل ماَا تاباقلدام بمرن اذنربْببه‬


‫صاَام ارام ا‬
‫امرن ا‬.
“Sapa wonge kang pasa ing wulan Ramadlan kanthi lambaran iman lan ngarep-arep ridlane Allah
SWT., mula bakal dingapura dosa-dosane sing wis kapungkur.” (HR. Ashhabus Sunan).

Ma’asyirol muslimin muslimat rohimakumulloh,

Salajengipun ing dinten Idul Fitri menika, sanes pengagem engkang enggal lan endah, ugi sanes
dhedaharan ingkang sarwa eco mawarna-warni, ingkeng kita pentingaken,
Anamung wonten bab ingkang sakalangkung wigatos injih menika kados pundi kita saget njagi
supados ibadah-ibadah kita ing wulan ramadhan kala wau, saget istiqomah katindakaken ing wulan-
wulan salajengipun. Wulan syawal, wulan Dzulqo’dah, wulan Dzulhijah lan sakterusipun.

Ampun ngantos kita kalebet golongan tetiyang ingkang dipun sindir Allah SWT wonten ing Surat
An-Nahl ayat 92:
‫نش رل ن ن ث‬ ‫ن‬ ‫نن ن ر ر ن ل ن ن ن ش ن شن‬
َ‫ول تكوُنَوُاَ كاَلبتيِ نَقضت غزلهاَ بمنِ بعبد قوُةة أنَكاَثا‬
"Lan siro ojo koyo dene wong wadon kang ngudari benang sing wus katenun kanthi kukuh,
(andadekake rusak maneh )"

Ayat menika setunggaling pemut saking Allah SWT. Ampun ngantos kito nglampahi perkawis
ingkang muspro utawi, mboten migunani. Kepara kita bade nampi karugen ingkang salangkung
ageng.
Gegambaran kados dene pakaryanipun tiang wadon, ingkang ngudari benang ingkeng sampun
katenun kanti sae lan kiat. sak sampunipun udhar tumuli katenun malih, lajeng kaudhari malih
mekaten saklajengipun.

Contonipun tiyang muslim ingkang sregep jamaah ing masjid sak laminipun wulan Romadhon,
ananging sak sampunipun romadhon, kados tiyang ingkang mboten kenal kaliyan masjid malih.
saklaminipun Romadhon tadarrus Al-Qur'an, malah ngantos katam langkung saking sepisan,
ananging sak sampunipun Romadhon Al Qur’an dipun tilar, malah-malah mboten nate dipun waos
malih.
Wonten wulan Romadhon mapinten-pinten pangibadahan dipun ayahi, ananging saksampunipun
luar saking wulan ramadhan, mboten saget kalajengaken. Kados-kados mboten wonten bekas ipun.
Tiang ingkeng mekaten menika tiang ingkang rugi. Amargi saksampunipun wulan Romadhan
wangsul kados sakderengipun Romadhon, mboten wonten peningkatan.

Tiang ingkang untung inggih meniko rikala sakderengipun wulan Romadhon lan saksampunipun
wulan Romadhon wonten peningkatan iman.
Menawi wulan Ramadhan biasanipun saget wungu nindakkaken saur, mestinipun saksampunipun
Ramadhon sholat subuhipun inggih saget kalaksanaaken mboten nganti telat kawanan.
Menawi wulan Romadhon saget jama’ah sholat tarawih wonten masjid, mestinipun saksampunipun
Ramadhan paling mboten saget jamaah sholat isya’ wonten masjid.
Menawi wonten wulan Ramadhan maos Al-Qur’an saget khatam, mestinipun saksampunipun wulan
Ramadhan paling mboten tiap ndalunipun inggih tetep maos Al-Qur’an.
Menawi wulan Ramadhan saget njagi omongan, njagi saking perbuatan maksiat lan sanesipun
ingkang dipun larang kalian agami Islam, mestinipun saksampunipun Ramadhan inggih tetep saget
njagi lisan mboten ngucap ingkang saget nyakiti tiyang sanes lan tumindak ingkang sae.
Menawi kita saget nglasanaaken kados mekaten meniko artosipun kita saget nglaksanaaken siyam
Romadhon ingkang barokah lan angsal Ridho saking Allah SWT.

‫ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر لو ل‬


‫ل المدحممهد‬ ‫ه ده ه ده ه ده‬
Ma’asirol muslimin wal muslimat rohimakumulloh

Menawi kula lan panjenengan angen-angen, siyam punika nggadahi piwulang sekawan:
1. Ingkang sepisan ibadah siyam saget didik disiplin, buktinipun rikala siyam kula lan panjenengan
nggih tetep disiplin nglaksanaaken saur sakderengipun subuh lan buka saksampunipun wonten
adzan maghrib. Mboten wonten ingkang buko ing wekdal siang.
2. Ingkang ongko kalih siyam saget didik ikhlas, buktinipun senaoso milai subuh ngantos maghrib
saben dinten kulo lan panjenengan sedoyo dipun perintahaken shiam, mboten wonten ingkang
nggrundel, sambat lan nesu, wontenipun sedoyo sami nindakaken kanthi ikhlas, sabar, tunduk lan
patuh anggenipun ngelampahi kewajiban puniko.
3. Ingkang angka tiga siyam saget didik jujur, buktinipun sak dangunipun kulo lan panjenengan
sedoyo nindak-aken ibadah shiam, wonten pundi kemawon manggenipun (wonten dalem,
wonten kantor, wonten sabin, wonten ing papan sepi saking tiang sanes), mboten wonten
ingkang wanton ngunjuk utawi ndahar sak derengipun titi-wanchinipun mbuko.
4. Ingkang angka sekawan siyam saget didik remen dateng kesaenan, welas asih, tenggang rasa
sesami ummat (khususipun ingkang tergolong miskin). Amargi punopo ? Sak dangunipun kulo
lan panjenengan sedoyo nindakaken shiam mestinipun saged ngeraosaken langsung raosipun
tiang mboten dahar lan mboten ngunjuk, dados mesti kemawon jiwo lan manah kulo lan
panjenengan sedoyo saged tergugah sak mboten-botenipun saged mbayangaken penderitaan
tiang ingkang mboten saged ndahar-ngunjuk amargi kekirangan pangupo jiwo utawi golongan
fakir miskin. Walhasil akhiripun kulo lan panjenengan sedoyo cenderung dados insan ahli
shodaqah.

Hadirin wal hadirot Jamaah sholat id Rahimakumullah

Wonten ing dinten fitri meniko, monggo damel jangkepi pangibadahan kula lan panjenengan sami
sak sampunipun nindak-aken siyam wulan Romadhon, kulo lan panjenengan sedoyo sami salaman,
berjabat tangan kanti niat sami ngapuro-ngapuronan, maaf memaafkan kanthi ikhlasipun manah.
Amargi menawi siyam meniko pangibadahan hubungan kita kalian Allah SWT, ngapura-
ngapuranan meniko kaitanipun kalian hubungan sesami manungso. Allah mboten saget ngapura
dosa ingkang kula lan panjenengan ayahi ingkang magayutan kalian sesami manungsa, menawi
dereng saling ngapura-ngapuranan.

‫ص يرففحوُا هللرأرل هللفتححبب ييوُرن هللرأمن هللريمغحف يرر هللاللل يفه هللرلفك يمم هللرواللل يفه هللرغفف ييوُمر هللررححي يمم‬
‫روملريمعفف ييوُا هللروملري م‬
Allah sampun paring pemut wonten Al-Qur’an Surat An-Nur ayat 22 :

."..lan sayogyane menungso podo ngapuro-ngapuronan lan podo lapang dada. Opo siro kabeh ora
seneng yen gusti Allah ngapuro marang siro kabeh? Lan Allah Maha Ngapuro, Maha Penyayang."
(QS. An Nuur, 24:22)

Punopo malih bangsa Indonesia nembe kemawon nglaksanakaken pemilu lan pemilihan presiden.
Biasanipun wonten gesekan-gesekan antawisipun tiyang setunggal lan setunggalipun ingkan benten
pilihan. Sumonggo mumpung meniko Idul Fitri sami nyuwun ngapura lan wangsul malih
sesarengan guyup rukun sarto ningkataken Ukhuwah Islamiyah.
Lan ingkang paling penting ampun ngantos crah kalian tetanggi, amargi wonten kedadean menopo
kemawon temtunipun tetanggi rumiyen ingkang nulungi.

‫ل ن ر ر ر ر نن ر ن ةة ن ن ر ر ش ن ر ن ن ن ن ر ر ر‌ ن ل ر ش ل ن ن ن ل ر ر ر ر ن ر نن‬
Kados sampun kasebat wonten ing Al-Qur”an Surat Al Hujarat ayat 10 :
ُ‫بإنَماَ ٱلؤبمنوُ بإخوُة فأصبلحوُاَ بين أخوُيكم‌ وٱتقوُاَ ٱلله لعلكم ترحمو‬
“Satemene wong-wong mukmin iku sasedulur. Mula saka iku sira kabeh gawea islah (perdamaian)
ing antarane sedulur loronira kang cecongkrahan. Lan sira kabeh padha taqwa-a marang Allah,
supaya sira kabeh diwelas-asihi dening Allah”.

‫ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر لو ل‬


‫ل المدحممهد‬ ‫ه ده ه ده ه ده‬
Ma’asirol muslimin wal muslimat rohimakumulloh

Ingkang terakhir wonten swasana Idul fitri menika, rikalanipun manah kita taksih fitri suci,
sumangga kita renungaken kanthi wening: bilih kita gesang ing alam ndonya menika yektosipun
mboten badhe langgeng saklaminipun. Kita kedah waspada bilih wonten ing setunggaling
wekdal temtu badhe kapundhut wangsul wonten ngarsanipun Allah. Kados wonten surah Qaf ayat

‫إلنَاَ ننَشحرنِ رنَشحييِ نورنَميرت نوإنلشينناَ اَشلنبصيرر‬


43 surat ingkang kathah dipun aturaken rasulullah Muhammad Saw ing saben-saben khutbah-ipun.

‫ب‬ ‫ب ب‬ ‫ب‬
Saktemene Ingsun (Allah) iku kang gawe pati lan urip, samu barang iku wekasane padha bali
marang Allah. (S. Qaf: 43)

Dipun lajengaken Surat An-Nahl ayat 61 :


‫م‬ ‫م‬ ‫ذ‬ ‫ذاَ جاَذء أ ذجل هه مم ذل يمس م‬
‫ن‬ ‫مو‬
‫ه ذ‬ ‫إ‬ ‫د‬‫ق‬ ‫ذ‬ ‫ت‬‫س‬ ‫ي‬
‫ذ ذ‬‫ل‬ ‫و‬ ‫ة‬
‫ة‬ ‫ذ‬ ‫ع‬ َ‫سا‬ ‫ن‬ ‫رو‬
‫ه ذ ذ‬ ‫خ‬‫إ‬ ٔ ‫ذ‬ ‫ت‬ ‫ذ‬ ‫ذ ه‬ ‫فذإ إ ذ ذ‬
Mangka menawa wus temeka wektu ajale, dheweke ora bisa semaya senajan sesaat lan ora bisa
njaluk ndisik. ( QS. An-Nahl: 61)
Ayat meniko jelas bilih kita sedaya mesti mati lan mboten saget dipun undur menawi sampun
wancinipun Allah SWT nimbali kita wangsul.
‫ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر لو ل‬
‫ل المدحممهد‬ ‫ه ده ه ده ه ده‬
Ma’asirol muslimin wal muslimat rohimakumulloh
Bangsa Indonesia nembe kemawon berduka bilih mantan Ibu Negara Kristiani Herawati utawi
ingkang dipun kenal Ibu Ani Yudoyono ingkang kapundut Allah SWT tigang dinten kapengker
wonten Rumah Sakit ing Singapura. Mboten kanten-kanten anggenipun usaha supados saget sehat
malih, nganti dumugi Singapura ingkang terkenal rumah sakitipun canggih lan ugi lengkap
peralatipun. Ananging menawi Allah SWT sampun nyuwun wangsul wonten ngayunanipun Allah
SWT, sakcanggih-canggihipun alat tetep mboten saget nyembuhaken penyakitipun.
Menawi sampun mekaten sangunipun namung amal kesaenan, mboten wonten ginanipun bondho
lan donya.

Kanthi menika,sumangga kita tansah anggadhai gegayuhan supados kita saget kaparingan
kemenangan, kabegjan, kaslametan wonten ing donya, luwih-luwih mbenjang wonten
kampung akherat.

Allah dhawuhi kita, supados tansah pados kabegjan lan keslametaning kampung akherat kanthi
ngginakkan menapa kemawon ingeng kaparingaken Allah dhumateng kita Kadosta kesehating
badan, yuswo panjang lan arta bandha. Sedaya wau kagem nambah ketaaatan wonten ngarsanipun
Allah lan Rosululloh.

Ampun ngantos,kaparingan sehat malah kangge maksiat, pasa ora kuwasa, zakat ora kuwat,
kagungan bandha kangge ngujo hawa..... Naudzubillahi mindzalik.
‫ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر لو ل‬
‫ل المدحممهد‬ ‫ه ده ه ده ه ده‬
Jamaah aidin wal aidat rohimakumulloh
Mugi kita tansah kaparingan kekiyatan, hidayah saget nglajengaken pangibadahan kita ing wulan
ramadhan kanthi istiqomah. Nambah ketaatan kita dhumateng Allah lan Rosululloh SAW.
Lan kita sedaya saget ngapura-ngapuranan antawisipun sesami umat Islam.
Saengga kita saget kagolongaken tiang ingkang kaparingan kawilujengan wonten dunyo lan luwih-
luwih wonten akhirah mbenjang.
Aamiin ya robbbal alaminn.

‫ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر لو ل‬


‫ل المدحممهد‬ ‫ه ده ه ده ه ده‬
Para sedherek kaum muslimin wal muslimat, jamaah aidin wal aidat rohimakumullah.
Kangge nutup khutbah Idul Fitri, monggo kita sedaya dedonga kanti sesarengan supados kita tetep
Islam, Iman lan Taqwa dumateng Allah SWT.
‫ص لموا ُدعلدميله ُدودس لهمموا‬ ‫ل‬
‫لىَ ُاللبْللي‪ُ ِّ،‬ديا ُأدليهُّدا ُالذيمدن ُدءادمنَهبموا ُ د‬
‫ص لمودن ُدع د نَ‬ ‫ل‬
‫ل ُدودملدئدكتدهه ُيه د‬ ‫إللن ُا د‬
‫صمحبْلله ُأدمجدملعمين‬ ‫لل‬ ‫د‬ ‫ل‬
‫صلل ُدعدلىَ ُهمدحلمد ُدودعدلىَ ُآله ُدو د‬ ‫تدمسلميمما‪ُ .‬دال لههُّلم ُ د‬
‫والمحمد ُلللله ُرب اَشلنعاَنلشينن‬
‫ب‬ ‫دد د م ه د ل‬
‫ن‬ ‫ش‬ ‫ن شر ش ش ن ن شرش ن ش ن‬ ‫ن‬ ‫ش‬ ‫ن ل ر ل ش ش ش ر ش ش ن ن شر‬
‫اَللهي يم اَغبفي ير بللمسي يبلبمين واَلسي يبلماَبت‪ ِ،‬واَلي يؤبمبنين واَلؤبمني يياَبت اَلحيي يياَبء‬
‫مشنرهيشم نوشاَنلشمينوُاَت‪ ِ،‬إلنَينك نسيمشيةع نقرشييةب رمجشييرب اَليبدنعنوُاَت‪ ‌.‬ن لبننيياَ اَشغفيشر نلنيياَن‬
‫ب‬ ‫ب ر‬ ‫ب‬ ‫ب‬ ‫ب‬ ‫ب ب‬ ‫ب‬
‫نولشخنوُاَنَننيياَ اَلل يذيِننِ نس ينبرقوُننَاَ باَشليِنميياَن ن نول نتشجنع يشل فيييِ رقرلوُبننيياَ غ ب ثل بللل يذيِنِن‬
‫ب ب ب ب‬ ‫ن ب‬ ‫ب ب ب‬ ‫ب‬ ‫بب ب‬
‫آنمرن يوُاَ ن لبننيياَ إلنَ ينك نررؤوةف ل حي يةم‪ ‌.‬ن لبننيياَ نظنلشمننيياَ أنَرفنس ينناَ نوإن لل يشم نتشغف يشر نلنيياَن‬
‫ب‬ ‫ب‬ ‫رب ر‬ ‫ر ب‬
‫ن‬ ‫بشن ن ن ن ث‬ ‫ن‬ ‫ن‬ ‫ن‬ ‫ن‬ ‫ن‬ ‫ن‬ ‫ننش ن شن ننر ن ل ن ش ن‬
‫وترحمن يياَ لنك ييوُنَنِ بمي ينِ اَلخاَبسي يبرينِ‌‪.‬ربن يياَ ءاَبتن يياَ بف يييِ اَلي يدنَياَ حسي ينة وبف يييِ‬
‫ب‬ ‫ن‬ ‫ش ن ن ن ن نث ن ن نن‬
‫اَلبخربة حسنة وبقناَ عذاَب اَلناَبر‬
‫رسيشبنحاَنن ن ببينك ن بب اَشلعيلزة نعلميياَ نيِصيرفشوُنن‪ .‬نونسينلةم نعنلييى اَشلرشرنسيلشينن‪ .‬نواَشلنحشميدر‬
‫ب‬ ‫ب‬ ‫رب ر ب ب ب‬
‫لبله ن بب اَشلنعاَنلشين‪.‬ن‬
‫ب‬ ‫ب ب رب‬
‫ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر ال ادمكبْبر لو ل‬
‫ل المدحممهد‬ ‫ه ده ه ده ه ده‬
‫السلما هللعليكم هللورحمة هللا هللوبركاته‬

Anda mungkin juga menyukai