Anda di halaman 1dari 5

‫ت‬ ‫ض َو َجعَ َل ال ُّظلُ َما ِ‬ ‫ت َواأل َ ْر َ‬ ‫موا ِ‬ ‫س َ‬ ‫ق ال َّ‬‫اَل َح ْم ُد هلل الَّذِى َخلَ َ‬

‫ون‪ .‬أ َ ْح َم ُدهُ – َج َّل‬ ‫َوالنُّ ْو َر ث ُ َّم الَّ ِذ ْي َن َكفَ ُروا ِب َر ِب ِه ْم يَ ْع ِدلُ َ‬
‫س َوا ْلقَ َم َر َو ُك ٌّل فِى‬ ‫ار َوالش َّْم َ‬ ‫ق الَّل ْي َل َوالنَّ َه َ‬‫شَأْنُهُ – َخلَ َ‬
‫سبَ ُح ْو َن‪.‬‬‫فَلَ ٍك يَ ْ‬
‫ش َه ُد أ َ ْن ال إله إِالَّ هللا َو ْح َدهُ َال ش َِر ْي َك لَهُ‬ ‫َوأ َ ْ‬
‫س ِل ْم‬
‫َو َ‬ ‫ص ِل‬ ‫اَللَّ ُه َّم َ‬ ‫س ْولُهُ‪.‬‬ ‫ع ْب ُدهُ َو َر ُ‬ ‫ش َه ُد أ َ َّن ُم َح َّمدًا َ‬ ‫َوأ َ ْ‬
‫س ِيدِنا َ‬‫َ‬ ‫علَى آ ِل‬ ‫َو َ‬ ‫س ِي ِدنَا َو َم ْوالَنا َ ُم َح َّم ٍد‬ ‫علَى َ‬ ‫َوبَ ِار ْك َ‬
‫َو َم ْوالَنا َ ُم َح َّم ٍد‬
‫علَى‬ ‫علَى َ‬
‫س ِي ِدنَا اِ ْب َرا ِه ْي َم َو َ‬ ‫ار ْكتَ َ‬ ‫سلَّ ْمتَ َوبَ َ‬ ‫صلَّ ْيتَ َو َ‬ ‫َك َما َ‬
‫ح ِم ْي ٌد َم ِج ْي ٌد‪.‬‬ ‫س ِي ِدنَا اِ ْب َرا ِه ْي َم فِى ا ْلعَالَ ِم ْي َن ِإنَّ َك َ‬
‫آ ِل َ‬

‫أ َ َّما بَ ْعد‪,‬‬
‫سي ِبت َ ْق َوى هللا َو َطا َ‬
‫عتِ ِه‬ ‫فَيَا ِعبَا َد هللا أ ُ ْو ِص ْي ُك ْم َونَ ْف ِ‬
‫لَعَلَّ ُك ْم ت ُ ْف ِل ُح ْون‪.‬‬
‫س َما قَ َّد َمتْ‬ ‫يآأَيُّ َها الَّ ِذ ْي َن آ َمنُوا اتَّقُوا هللاَ َو ْلت َ ْن ُ‬
‫ظ ْر نَ ْف ٌ‬
‫ِلغَ ٍد َواتَّقُوا هللاَ ِإ َّن هللاَ َخ ِب ْي ٌر ِبما َ ت َ ْع َملُ َ‬
‫ون‪.‬‬
Hadirin kaum muslimin ingkang dipun rahmati dening Allah Subhanahu Wa Ta’ala
…..

Wonten kesempatan ingkang sae punika sumangga kitha sedaya tansah nambahi raos ajrih
kitha dateng Ngarsa Dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala kanti estu-estu anggenipun kitha
ngelampahi punapa ingkang sampun dipun perintah dening Allah Ta’ala ugi anebihi punapa
ingkang sampun dipun awis dening Allah Ta’ala. Sumangga kitha sesarengan sami ningali
dateng awakipun piyambak-piyambak, sampun ngantos pundi anggenipun kitha ngumawula
dateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, menawi sampun sae sumangga kitha pertahanaken,
menawi kirang sae sumangga kitha dandosi. Mugi-mugi kanti mekaten kitha sedaya pikantuk
rahmat lan ridha saking ngarsanipun Allah Subhanahu Wa Ta’ala, Amin Allahumma Amin.

Hadirin kaum muslimin ingkang tansah kawula mulyaaken …..

Menawi kitha ningali kedadosan wonten jagat punika, srengenge ingkang saben enjing
mlethek lan dados pepadhang sartha manfaati dateng menungsa, nuli wekdal sonten surup,
genthosan kalih rembulan ingkang ugi dados pepadhang sartha manfaati dateng menungsa,
lintang ingkang saget dados tetenger kagem kebetahan sugengipun menungsa, kitha saget
mangertos bilih sedaya kala wau wonten Dzat ingkang andadosaken lan Dzat ingkang ngatur,
kitha ugi saget mangertos bilih Dzat ingkang andadosaken lan ingkang ngatur kala wau
tentunipun kuwahos dateng sedaya para makhluk, inggih punika Allah Subhanahu Wa Ta’ala.
Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun dhawuh wonten Alquran Surat Yunus :

‫السنِ ْي َن‬ َ ‫س ِضيآ ًء َوا ْلقَ َم َر نُ ْو ًرا َوقَد ََّرهُ َمنَ ِاز َل ِلت َ ْعلَ ُموا‬
ِ ‫ع َد َد‬ َ ‫ُه َو الَّذِي َجعَ َل الش َّْم‬
ِ َ‫اختِال‬
‫ف‬ ْ ‫ون * ِإ َّن فِي‬َ ‫ت ِلقَ ْو ٍم يَ ْعلَ ُم‬ ِ َ ‫ق يُفَ ِص ُل اآليا‬ ِ ‫ق هللاُ ذَ ِلكَ ِإالَّ ِبا ْل َح‬َ َ‫اب َما َخل‬ َ ‫س‬ َ ‫َوا ْل ِح‬
َ ُ‫ت ِلقَ ْو ٍم َيتَّق‬
‫ون‬ ٍ ‫رض آليآ‬ ِ َ ‫ت َواأل‬ ِ ‫موا‬ َ ‫س‬ َّ ‫ق هللاُ ِفي ال‬ َ َ‫اللَّ ْي ِل َوالنَّ َه ِار َو َما َخل‬
“ Allah Ta’ala ingkang andadosaken srengenge ingkang saget madhangi lan rembulan
ingkang dados cahaya lan anetepaken panggenan-panggenanipun, supados panjenengan
sedaya sami mangertosi wilangan tahun lan itungan (wektu). Allah mboten andadosaken
ingkang kados mekaten kejawi kanti haq. Allah paring rincian tanda-tanda keagunganipun
kagem tiyang-tiyang ingkang sami mangertos. Sak temenipun wonten gonta-gantinipun
wengi lan rino lan perkawis ingkang dipun dadosaken Allah wonten langit lan bumi punika
yekti dados tanda kuasanipun Allah kagem tiyang-tiyang ingkang sami takwa”

Hadirin kaum muslimin ingkang tansah minulya…

Kedadosan grahana wekdal punika supados saget dipun pendhet i’tibar utawi tepa tulada
kagem kitha sedaya kagem aningkataken kesadaran kitha ngemut-emut keagunganipun Allah
Subhanahu wa Ta’ala.
Rasulullah Saw sampun paring tuntunan dumateng kitha nalika wonten grahana wonten
setunggal hadits :

َ ‫ ” ِإذَا َرأ َ ْيت ُ ْم‬: ‫سلَّ َم َوقَا َل‬


َ‫ش ْيئ ًا ِم ْن ذَ ِلك‬ َ ‫علَ ْي ِه َو‬
َ ُ‫صلَّى هللا‬ َ ‫س فَقَا َم النَّ ِب ُّي‬ُ ‫ت الش َّْم‬ِ َ‫سف‬
ِ ‫ُخ‬
“ ‫ار ِه‬ ْ ‫فَا ْف َزعُوا اِلَى ِذك ِْر هللاِ َو ُدعَا ِئ ِه َوا‬
ِ َ‫س ِت ْغف‬
Setunggal wekdal nalika wonten grahana srengenge Nabi Saw nuli jumeneng (kagem
ngelampahi shalat) lan dawuh : “ menawi panjenengan sedaya mirsani grahana, mangka
panjenengan sedaya enggal-enggal anggenipun dzikir dateng Allah, ndonga dateng Allah lan
nyuwun pangapunten dateng Allah “

Wonten 3 (tigang) perkawis ingkang dipun ajaraken dening Rasulullah dumateng kitha
sedaya wekdal wonten grahana.
ْ َ‫ف‬, kitha sedaya supados enggal-enggal dzikir,
Ingkang kaping sepisan, ِ‫اف َزعُوا اِلَى ِذك ِْر هللا‬
emut dateng Gusti Allah. Dzikir dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika manfaatipun
wangsul dumateng awak kitha piyambak-piyambak.
Dawuhipun Allah Ta’ala wonten Alquran :

َّ ‫َّللاِ أ َ َال ِب ِذك ِْر‬


ُ ُ‫َّللاِ ت َ ْط َم ِئ ُّن ا ْلقُل‬
‫وب‬ َّ ‫ِين آ َمنُوا َوت َ ْط َم ِئ ُّن قُلُوبُ ُه ْم ِب ِذك ِْر‬
َ ‫الَّذ‬
“ Tiyang-tiyang ingkang sami iman dumateng Allah lan manahipun sami anteng keranten
dzikir dumateng Allah. Emut-emut bilih dzikir dumateng Allah punika (nyebabaken)
antengipun manah “

Menawi kitha kepengen manah kitha resik saking sedaya penyakit ingkang saget ngotori,
kados unek-unek, nggresah, hasud lan lintu-lintunipun, tamba ingkang manjur punika mboten
sanes dzikir dumateng Allah. Dzikir dumateng Allah saget dipun lampahi kanti lisan ingkang
terus-terusan nyebat asmanipun Allah, kanti manah ingkang dipun ginaaken kagem ngangen-
ngangen keagunganipun Allah lan kanti nggaoto awak ingkang dipun ginaaken kagem taat
lan ngabekti dumateng Allah.

Ingkang kaping kalih, َ ُ‫ َود‬, ndonga utawi nyuwun dumateng Allah. Nyuwun dumateng
ِ‫عائِ ِه‬
ُ ِ ‫اَلدُّ َعا ُء‬. Nyuwun dumateng Allah ugi
Allah Ta’ala punika hakikatipun ibadah. ِ ‫ه َو ِال ِع َبادَة‬
dados otakipun ibadah, keranten ngetingalaken kumawulaning menungsa, menungsa punika
makhluk ingkang asor lan fakir, Allah Ta’ala Dzat ingkang Agung, Sugih, panggenan dipun
suwuni. Kathah sanget anjuran saking Alquran supados kitha ndunga, nyuwun dumateng
Allah Subhanahu wa Ta’ala, ing antawisipun dawuhipun Allah wonten surat al-Baqarah 55 :

)55( ‫ِين‬ ُّ ‫ض ُّرعًا َو ُخ ْفيَةً إِنَّهُ َال يُ ِح‬


َ ‫ب ا ْل ُم ْعتَد‬ َ َ ‫ا ْدعُوا َربَّ ُك ْم ت‬
“ Nyuwuno sira kabeh dumateng Pengeran sira kabeh kanti ndepe-ndepe lan lirih-lirih. Sak
temene Pengeran sira kabeh mboten remen dumateng tiyang-tiyang ingkang sami ngliwati
wates “

Supados dunga kitha dumateng Allah dipun ijabahi sampun sak mesthinipun menawi ndunga
dipun lampahi kanti netepi adab utawi tata krama dumateng Allah, kados dipun lampahi kanti
ndepe-ndepe utawi ngasoraken awak lan kanti suara lirih kados dawuh wonten ayat kasebat.

Ingkang kaping tiga, ِ ِ ‫ َوا ْس ِت ْغفَ ِاره‬, nyuwun pangapunten dumateng Allah saking sedaya
dosa lan kalepatan ingkang sampun dipun lampahi. Sampun sak mesthinipun menawi
istighfar punika mboten namung dipun ucapaken mawi lisan kemawon, nanging ugi kedah
dipun lebetaken wonten manah kanti nggetuni dosa ingkang sampun dipun lampahi lan dipun
buktikaken kanti tumindak kitha anggenipun nglereni lan mboten badhe nglampahi dosa lan
tumindak ala kasebat. Menawi sampun saget mekaten InsyaAllah istighfar kitha dipun tampi
dening Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin kaum muslimin ingkang tansah minulya ….

Wonten masyarakat kitha kadang kawis wonten anggepan bilih kedadosan grahana punika
wonten hubunganipun kalayan kedadosan-kedadosan sanes ingkang sifatipun mistik, kados
anggepan bilih grahana punika dados tanda badhe wonten gonjang-ganjing, paceklik lan
sanes-sanesipun. Anggepan punika sampun sak mestinipun kelintu, keranten sak mestinipun
kedadosan grahono punika namung nedahaken dumateng keagungan lan kuasanipun Gusti
Allah. Rasulullah SAW – wekdal putranipun Sayyid Ibrahim wafat, lan kala wau nembe
wonten grahana– dawuh wonten setunggal hadits :

‫ت ا َ َح ٍد َو َال ِل َحياَتِ ِه فَ ِإذَا َرأ َ ْيت ُ ْم‬ ِ َ‫سف‬


ِ ‫ان ِل َم ْو‬ ِ َ ‫س َواْلقَ َم َر آيَتا َ ِن ِم ْن آيا‬
ِ ‫ت هللاِ الَ يَ ْخ‬ َ ‫ِإ َّن الش َّْم‬
َ‫ذَ ِلكَ فَا ْذك ُُروا هللا‬
ِِ
“ Sak temenipun srengenge lan rembulan punika dados tanda saking tanda-tanda kuasanipun
Allah.
Srengenge lan rembulan mboten kekadosan grahana keranten seda utawi gesangipun tiyang.
Nalika panjenengan sedaya mirsani mila panjenengan sedaya sami dzikir dumateng Allah “.

Hadirin kaum muslimin ingkang tansah minulya …..


Kanti kedadosan grahana wekdal punika mugi-mugi saget dados pepeling kagem kitha
sedaya supados inggal-inggal taubat, wangsul dumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala. Mugi-
mugi kanti mekaten kitha sedaya saget pikantuk ridha lan rahmat saking ngersanipun Allah
lan dipun tebihaken saking sedaya bala’ lan pancabaya, Amin Allahumma Amin.

‫ َونَفَعَ ِن ْي َو ِإيَّا ُك ْم‬،‫آن ا ْلعَ ِظ ْي ِم‬ِ ‫ار َك هللاُ ِل ْي َولَ ُك ْم ِفي ا ْلقُ ْر‬ َ َ‫ب‬
‫أَقُ ْو ُل قَ ْو ِل ْي َهذَا‬. ‫ت َوال ِذ ْك ِر ا ْل َح ِك ْي ِم‬ ِ ‫ِب َما ِف ْي ِه ِم َن اْآليَا‬
‫س ِل ِم ْي َن‬ْ ‫سا ِئ ِر ا ْل ُم‬َ ‫ست َ ْغ ِف ُر هللاَ ا ْلعَ ِظ ْي َم ِل ْي َولَ ُك ْم َو ِل‬ ْ َ ‫َوأ‬
ْ ‫ت فَا‬
‫ست َ ْغ ِف ُر ْوهُ ِإنهُ ُه َو ا ْلغَفُ ْو ُر الر ِح ْي ِم‬ ْ ‫َوا ْل ُم‬
ِ ‫س ِل َما‬
‫‪Khutbah kedua :‬‬

‫ص ِام ِب َح ْب ِل هللاِ‬ ‫ِي أ َ َم َرنَا ِبا ْ ِالتِ َحا ِد َواْ ِال ْعتِ َ‬ ‫ا َ ْل َح ْم ُد ِ َّّلِلِ الَّذ ْ‬
‫ش َه ُد أ َ ْن الَ ِإلَهَ ِإالَّ هللاُ َو ْح َدهُ الَش َِر ْي َك لَهُ‪ِ ،‬إيَّاهُ‬ ‫ا ْل َم ِت ْي ِن‪ .‬أ َ ْ‬
‫س ْولُهُ‪،‬‬ ‫ع ْب ُدهُ َو َر ُ‬‫ش َه ُد أ َ َّن ُم َح َّمدًا َ‬ ‫ست َ ِع ْي ُن ‪َ .‬وأ َ ْ‬ ‫نَ ْعبُ ُد َو ِإيَّاُه نَ ْ‬
‫س ِيدِنا َ ُم َح َّم ٍد‬‫علَى َ‬ ‫ص ِل َ‬ ‫ث َر ْح َمةً ِل ْلعَالَ ِم ْي َن‪ .‬اَللَّ ُه َّم َ‬ ‫ا َ ْل َم ْبعُ ْو ُ‬
‫ص َحا ِب ِه أ َ ْج َم ِع ْي َن‪.‬‬ ‫علَى آ ِل ِه َوأ َ ْ‬ ‫َو َ‬
‫ب‬‫س ِارع ُْوا ِإلَى َم ْغ ِف َر ِة َر ِ‬ ‫ست َ َط ْعت ُ ْم َو َ‬ ‫ِعبَا َد هللا‪ ،‬اِتَّقُوا هللاَ َما ا ْ‬
‫ا ْلعَالَ ِم ْي َن‪.‬‬
‫علَى النَّ ِبيِ‪ ،‬يَاأَيُّها َ الَّ ِذ ْي َن‬ ‫صلُّ ْو َن َ‬ ‫ِإ َّن هللاَ َو َمالَئِ َكتَهُ يُ َ‬
‫س ِل ُم ْوا ت َ ْ‬
‫س ِل ْي ًما‪.‬‬ ‫علَ ْي ِه َو َ‬ ‫صلُّ ْوا َ‬ ‫َءا َمنُ ْوا َ‬
‫ص َحا ِب ِه‬ ‫علَى آ ِل ِه َوأ َ ْ‬‫علَى ُم َح َّم ٍد َو َ‬ ‫س ِل ْم َوبَ ِار ْك َ‬ ‫ص ِل َو َ‬ ‫اَللَّ ُه َّم َ‬
‫اج ِه َوذُ ِريَّا ِت ِه أ َ ْج َم ِع ْي َن‬ ‫َوقَ َرابَ ِت ِه َوأ َ ْز َو ِ‬
‫سالَ َم‬ ‫ص ِر اْ ِإل ْ‬‫س ِل ِم ْي َن‪َ ،‬وا ْن ُ‬ ‫ص ِلحْ َج ِم ْي َع ُوالَةَ ا ْل ُم ْ‬ ‫اَللَّ ُه َّم أ َ ْ‬
‫س ِل ِم ْي َن‪َ ،‬وأ َ ْه ِل ِك ا ْل َكفَ َرةَ َوا ْل ُمش ِْر ِك ْي َن َوأ َ ْع ِل َك ِل َمت َ َك‬
‫َوا ْل ُم ْ‬
‫ِإلَى يَ ْو ِم ِ‬
‫الد ْين‬
‫ت َوا ْل ُم ْؤ ِم ِن ْي َن‬ ‫اَللَّ ُه َّم ا ْغ ِف ْر ِل ْل ُم ْ‬
‫س ِل ِم ْي َن َوا ْل ُم ْ‬
‫س ِل َما ِ‬
‫ب‬ ‫ت‪ِ ،‬إنَّ َك قَ ِر ْي ٌ‬ ‫اء ِم ْن ُه ْم َواْأل َ ْم َوا ِ‬‫ت اْأل َ ْحيَ ِ‬ ‫َوا ْل ُم ْؤ ِمنَا ِ‬
‫ت‪َ .‬ربَّنَا آ ِتنَا ِفي‬ ‫اض َي ا ْل َحا َجا ِ‬ ‫ت َويَا قَ ِ‬ ‫ب ال َّدع ََوا ِ‬‫ُم ِج ْي ُ‬
‫اب النَّ ِار‬‫عذ َ َ‬‫سنَةً َو ِقنَا َ‬ ‫سنَةً َو ِفي ِ‬
‫اآلخ َر ِة َح َ‬ ‫ال ُّد ْنيَا َح َ‬

Anda mungkin juga menyukai