Anda di halaman 1dari 7

KHUTBAH

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mapag Wulan


Ramadhan Kanthi Bingah
Ajie Najmuddin  Kamis, 16 Maret 2023 | 15:00 WIB

Bergembira akan kehadiran Ramadhan, menjadi salah satu hal yang diajarkan oleh Nabi
Muhammad saw. Sebagai umatnya, tentu kita juga patut untuk meniru sikap tersebut.
 
Materi khutbah Jumat berikut ini mengajak para jamaah untuk mempersiapkan diri dalam
menyambut datangnya bulan suci Ramadhan, dengan judul: "Khutbah Jumat Bahasa Jawa:
Mapag Wulan Ramadhan Kanthi Bingah." Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini,
silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan
desktop). Semoga bermanfaat.

 
Khutbah I
 
AAEON
LEARN MORE
Elite Next Generation SBC
‫ َوَفَّض َل َأ َّي اَمُه َعَلى َساِئِر‬، ‫ َوَشَّر َف َأ ْوَقاَتُه َعَلى َساِئِر الَأ ْوَقاِت‬. ‫َاْل َحْمُد ِلّٰلِه اَّلِذْي َجَعَل َشْهَر َرَمَضاَن ُغَّر َة َوْجِه اْلَعاِم‬
‫ َوَأ ْشَهُد َأ َّن َسِّيَدَنا ُم َّمَح ًدا‬،‫ شهاَدَة َمْن َقاَل َرِّبَي الّٰلُه ُثَّم اْس َتَقاَم‬،‫ َأ ْشَهُد َأ ْن لَا ِإ ٰلَه ِإ لَّا الّٰلُه َوْحَدُه لَا َشِرْيَك َلُه‬، ‫اْلَأ َّي اِم‬

‫ الّٰلُهَّم َص ِّل وَسِّلْم عَلى َعْبِدَك َوَرُسْوِلَك ُمَحّمٍد وَعٓلى آِلِه وَأ ْص َحاِبِه ُهَداِة الَأ َناِم‬.‫ َأ ْفَضُل َمْن َص َّلى َوَصاَم‬،‫َعْبُدُه َوَرُسْوُلُه‬
‫ َفَقاَل الّٰلُه َتَعاٰلى ِفْي ِك اَتِبِه‬. ‫ َفَيا َأ ُّي َها الَّن اُس اَّت ُقوا الّٰلَه َتَعاَلى ِبِفْعِل الَّط اَعاِت َوَتْرِك اْلَأ َثاِم‬،‫ َأ َّم ا َبْعُد‬. ‫َوَمَصاِبْيِح الُّظ لَاِم‬
‫ ِبْسِم اللِه الَّر ْحٰمِن الَّر ِحْيِم َيۤا َأ ُّي َها اَّلِذْيَن آَمُنوْا ُكِتَب َعَلْيُكُم الِّص َياُم َك َما ُكِتَب َعَلى‬،‫ َأ ُعْوُذ ِباللِه ِمَن الَّش ْيَطاِن الَّر ِجْيِم‬:‫اْل َكِرْيِم‬
‫ اَّلِذْيَن ِمْن َقْبِلُكْم َلَعَّل ُكْم َّتَتُقْوَن‬ 
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah 
Sedaya puji namung kagungan Allah Ta’ala. Dzat ingkang Maha Kawasa. Dzat ingkang
maringi kita kathah kanugrahan. Sedaya kanugrahan punika mangga tansah kita syukuri,
kanthi mindakaken takwa kita dhateng Allah Ta’ala. Takwa kelawan nindakake perintah lan
nilar sedaya larangan saking Allah Ta’ala. Mugi-mugi kita dados tiyang ingkang begja
wonten ing dunyo lan akhirat. 
 
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah 
Sekedhap malih kita badhe pinanggih kelawan tamu ingkang minulya, inggih punika Wulan
Ramadhan utawi Pasa. Wulan ingkang kathah rahmat saha pangapura saking Gusti. Wulan
ingkang gadhah kamulyan saha kaberkahan. Sedaya ganjaran ibadah dipuntikelaken. Dungo
dipunijabahi. Dosa dipunapura. Lawang suwarga binuka lan neraka tinutup. Pramila, tuna
sanget menawi kita pinanggihan Ramadhan, ananging mboten saged mendhet sedaya
kautamanipun. 
 
Kados pangandikanipun Kanjeng Nabi Muhammad saw, ingkang dipunriwayataken Imam
an-Nasa'i:
 
Baca Juga:
Khutbah Bahasa Jawa: Rezekine Tiang Iman lan Takwa
  ‫ َأ َتاُكْم َرَمَضاُن َشْهٌر ُمَباَرٌك َفَرَض الَّل ُه َعَّز َوَجَّل َعَلْيُكْم‬:‫َعْن َأ ِبي ُهَرْيَرَة َقاَل َقاَل َرُسوُل الَّل ِه َص َّلى اللُه َعَلْيِه َوَس َّل َم‬
‫ ِفيِه َلْيَلٌة َخْيٌر ِمْن َأ ْلِف َشْهٍر‬.‫ِص َياَمُه ُتْف َتُح ِفيِه َأ ْبَواُب الَّس َماِء َوُتْغَلُق ِفيِه َأ ْبَواُب اْل َجِحيِم َوُتَغُّل ِفيِه َمْر َدُة الَّش َياِطيِن َّلِلِه‬   
 
Artosipun, “Saking sahabat Abu Hurairah ra piyambakipun ngendika, bilih Kanjeng
Rasulullah sampun paring dhawuh: "Satuhune, wis teka marang sliramu kabeh, Wulan
Ramadhan. Wulan kang kebak kaberkahan uga den wajibake pasa. Ana ing wulan iki,
lawang-lawang langit binuka lan neraka tinutup. Setan-setan dibanda. Lan ana ing Wulan
Ramadhan, ana salah sawijining wengi kang luwih utama tinimbang sewu wulan.” (Hadist
Riwayat Imam An-Nasa'i). 
 
Awit saking mekaten, mangga kita tansah mapag kanthi sasae-saenipun nalika sampun
badhe karawuhan wulan Pasa. Ugi rumaos bungah kanthi karawuhanipun. 
 
Kanjeng Nabi Muhammad saw, sampun maringi tuladha dumatheng kita, wiwit Wulan
Rajab dumugi Syakban maos dunga:
 
‫ لَاَّل ُهَّم َباِرْك َلَنا ِفي َرَجٍب َوَشْعَباَن َوَباِرْك َلَنا ِفي َرَمَضاَن‬ 
 

Baca Juga:
Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentingipun Bantu-Binantu ingdalem Kesaenan
Artosipun: “Dhuh Gusti Allah, mugi panjenengan paring berkah wonten wulan Rajab lan
Sya’ban. Ugi dugeaken datheng Ramadhan.” (Hadist Riwayat Imam Ahmad).
 
 
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah 
Lajeng tumindak napa mawon ingkang saged kita lampahi, kagem mapag karawuhan
Ramadhan? 
 
Sepindhah, kito kedah gadhah raos bungah utawi nuwuhaken raos bungah, awit saking
kerawuhan Ramadhan. Kados dungonipun Kanjeng Nabi kolo wau, ugi ingkang sampun
linampahan para ulama, nudhuhaken bilih saget pinanggih Ramadhan niku mawon sampun
dados kenikmatan ingkang ageng. Kosok wangsulipun, menawi badhe pisah kalian
Ramadhan rumaos susah. 
 
Kaping kalih, nalika Ramadhan kita dipunwajibake ibadah pasa, ingkang ugi dados salah
setunggale rukun Islam. Pramio, supados amal ibadah poso punika sah lan sampurna, kita
kedah sinau bab ilmu poso.
 
Langkung-langkung, ibadah pasa Ramadhan kalebet amalan ingkang wajib
dipuntindakaken, mangka nyinauni tata carane niku kalebet wajib hukumipun. Paling
mboten sinau bab syarat sah lan rukunipun, ugi perkawis ingkang batalaken. Syukur,
menawi saget dipuntambah sinau bab kasunahan saha kautaman-kautaman wonten ing
Ramadhan. 
 
Kaping tiga, Kanjeng Nabi Muhammad saw saha para sahabat lan tiyang salih, sami
ngalangkungi poso lan sedekah, saderengipun mlebet Wulan Ramadhan. Menika dados
gladhi ugi tandha raos bungah anggenipun mapag rawuhipun Ramadhan.
 
Kanjeng Nabi Muhammad saw nglampahi pasa sunah wonten ing Wulan Sya’ban. Wonten
kathah Riwayat, piyambakipun pasa ing Sya’ban nganti dumugi sewulan. Wonten salah
setunggale hadist dipunsebutaken: 
 
  ‫ َذِلَك‬:‫ َقاَل‬،‫ُقْلت َيا َرُسول الَّل ه َلْم َأ َرك َتُصوُم ِمْن َشْهر ِمْن الُّش ُهور َما َتُصوم ِمْن َشْعَبان‬ :‫َعْن ُأ َساَمة ْبن َزْيٍد َقاَل‬

‫ َفُأ ِح ُّب َأ ْن ُيْرَفَع َعَمِلي َوَأ َنا‬،‫ َوُهَو َشْهر ُتْرَفُع ِفيِه اْلَأ ْعَمال ِإ َلى َرّب اْلَعاَلِميَن‬،‫َشْهٌر َيْغُفُل الَّن اس َعْنُه َبْيَن َرَجٍب َوَرَمَضان‬
‫َصاِئٌم‬ 

Artosipun, “Usamah bin Zaid nate taken dhateng Rasulullah saw. Lajeng matur: "Dhuh,
Rasulullah, kula dereng nate sumerap panjenengan nglampahi poso (sunah) wonten ing
Wulan Sya’ban langkung kathah Wulan-Wulan sanesipun. Lajeng Kanjeng Nabi dhawuh:
“Ya, (Sya’ban) iku dadi wulan sing kerep den lalekake wong antarane Rajab lan Ramadhan,
Wulan dipununggahake amal-amal dhateng Allah Ta’ala. Lan aku seneng, nalika amalku
diunggahake ana ing pasa." (Hadist Riwayat Imam An-Nasai). 
 
Mekaten khutbah ingkang saged kula aturaken, mugi dados manfaat dhateng kita sedaya.
Lan mugi Gusti Allah, maringi kita gampil lan kekiyatan, soho hidayah supados kita saget
nglampahi ibadah wonten ing Wulan Ramadhan kanthi sae. Amin. Ya rabbal ‘alamin. 
 
‫ َيا َأ ُّي َها اَّلِذيَن آَمُنوْا ُكِتَب َعَلْيُكُم الِّص َياُم َك َما ُكِتَب َعَلى اَّلِذيَن‬.‫ ِبْسِم اللِه الَّر حمن الّرحيم‬.‫َأ ُعوُذ ِباللِه ِمن الَّش ْيطاِن الَّر ِجْيِم‬

‫ِمن َقْبِلُكْم َلَعَّل ُكْم َّتَتُقوَن َأ َّي اًما َّم ْعُدوَداٍت َفَمن َكاَن ِمنُكم َّم ِريًضا َأ ْو َعَلى َسَفٍر َفِعَّد ٌة ِّمْن َأ َّي اٍم ُأ َخَر َوَعَلى اَّلِذيَن ُيِطيُقوَنُه‬
‫ِفْد َيٌة َطَعاُم ِمْسِكيٍن َفَمن َتَطَّو َع َخْيًرا َفُهَو َخْيٌر َّلُه َوَأ ن َتُصوُموْا َخْيٌر َّل ُكْم ِإ ن ُكنُتْم َتْعَلُموَن بَاَرَك اللُه ِلْي َولكْم ِفي الُقْرآِن‬

‫ إّنُه َتَعاَلى َجّواٌد َكِرْيٌم َمِلٌك َبٌّر َرُؤْوٌف َرِحْيٌم‬.‫ َوَنَفَعِنْي ِإَو ّياُكْم ِبالآياِت والِّذْكِر الَحِكْيِم‬,‫ الَعِظْيِم‬   
‫‪ ‬‬

‫‪ ‬‬
‫‪Khutbah II‬‬
‫‪ ‬‬
‫َاْل َحْمُد للِه َعلَى ِاْح َساِنِه َوالُّش ْكُر َلُه َعلَى َتْوِفْيِقِه َواْمِتَناِنِه‪َ .‬وَاْشَهُد َاْن لَا ِاَلَه ِالَّا اللُه َواللُه َوْحَدُه لَا َشِرْيَك َلُه َوَاْشَهُد َاَّن‬

‫َسِّيَدَنا ُم َّمَح ًدا َعْبُدُه َوَرُسْوُلُه الَّد اِع ي ِالَى ِرْض َواِنِه‪ .‬اللُهَّم َص ِّل َعَلى َس ِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد ِوَعَلى َاِلِه َوَاْص َحاِبِه َوَسِّلْم َتْس ِلْيًما ِكثْيًرا‬
‫‪ ‬‬
‫َاَّم ا َبْعُد َفيَا ُّيَا َها الَّن اُس ‪ِ ،‬اَّت ُقوااللَه ِفْيَما َاَمَر َواْنَتُهْوا َعَّم ا َنَه ى‪َ .‬واْعَلُمْوا َاَّن الّٰلَه َاَمَرُكْم ِبَاْمٍر َبَدَأ ِفْيِه ِبَنْفِسِه َوَثـَنى ِبَملآ ِئَكِتِه‬
‫ِبُقْدِسِه َوَقاَل َتعَاَلى ِاَّن اللَه َوَملآ ِئَكَتُه ُيَص ُّل ْوَن َعلَى الَّن ِبى يآ ُّيَا َها اَّلِذْيَن آَمُنْوا َص ُّل ْوا َعَلْيِه َوَس ِّلُمْوا َتْس ِلْيًما‪ .‬اللُهَّم َص ِّل َعَلى‬

‫َس ِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد َص َّلى اللُه َعَلْيِه َوَسِّلْم َوَعَلى آِل َس ِّيِدنَا ُم َّمَح ٍد َوَعَلى َاْنِبيآِئَك َوُرُس ِلَك َوَملآِئَكِة ْالُمَقَّر ِبْيَن‪َ ،‬واْرَض الّٰلُهَّم َعِن‬
‫ْالُخَلَفاِء الَّر اِشِدْيَن َاِبى َبْكٍر َوُعَمر َوُعْثَمان َوَعِلى َوَعْن َبِقَّي ِة الَّص َحاَبِة َوالَّت اِبِعْيَن َوَتاِبِعي الَّت اِبِعْيَن َلُهْم ِبِاْح َساٍن ِاَلى َيْوِم الِّدْيِن‪،‬‬

‫َواْرَض َعَّن ا َمَعُهْم ِبَرْح َمِتَك َيا َاْرَحَم الَّر اِحِمْيَن‪َ .‬اللُهَّم اْغِفْر ِلْلُمْؤِمِنْيَن َوْالُمْؤِمَناِت َوْالُمْس ِلِمْيَن َوْالُمْس ِلَماِت َاْلَاْح يٓاِء ِمْنُهْم‬
‫َوْالَاْمَواِت ‪ .‬اللُهَّم َاِعَّز ْالِاْس لَاَم َوْالُمْس ِلِمْيَن َوَأ ِذَّل الِّشْرَك َوْالُمْشِرِكْيَن َواْنُصْر ِعَباَدَك ْالُمَوِّح ِدَّي َة َواْنُصْر َمْن َنَصَر الِّدْيَن‬

‫َواْخُذْل َمْن َخَذَل ْالُمْس ِلِمْيَن َوَدِّمْر َاْعَداَء الِّدْيِن َوَأ ْعِل َكِلَماِتَك ِاَلى َيْوَم الِّدْيِن‪ .‬اللُهَّم اْدَفْع َعَّن ا ْالَبلَاَء َوْالَوَباَء َوالَّز لَاِزَل‬
‫َوْالِمَحَن َوُسْو ْالِفْتَنِة َوْالِمَحَن َما َظَهَر ِمْنَها َوَما َبَطَن َعْن َبَلِدَنا ِاْنُدوِنْيِس َّي ا خآَّص ًة َوَساِئِر ْالُبْلَداِن ْالُمْس ِلِمْيَن عآَّم ًة َيا َرَّب‬
‫َء‬
‫ْالَعاَلِمْيَن‪َ .‬رَّب َنا آِتنَا ِفى الُّد ْنَيا َحَسَنًة َوِفى ْالآِخَرِة َحَسَنًة َوِقَنا َعَذاَب الَّن اِر‪َ .‬رَّب َنا َظ َلْمَنا َاْنُفَسَناَوِاْن َلْم َتْغِفْر َلَنا َوَتْرَحْمَنا‬
‫َل َّن‬
‫َنُكْوَن ِمَن ْال اَخِسِر ْيَن‬

‫ِعَباَد اللِه‪ِ ،‬اَّن اللَه َيْأ ُمُرَنا ِبْالَعْدِل َوْالِاْح َساِن ِإَو ْيتآِء ِذى ْالُقْربَى َوَيْنَه ى َعِن ْالَفْح شآِء َوْالُمْنَكِر َوْالَبْغي َيِعُظُكْم َلَعَّل ُكْم‬
‫‪َ ‬تَذَّك ُرْوَن َواْذُكُروااللَه ْالَعِظْيَم َيْذُكْرُكْم َواْش ُكُرْوُه َعلَى ِنَعِمِه َيِزْدُكْم َوَلِذْكُر اللِه َاْك َبْر‬
 
Ustadz Ajie Najmuddin, Sekretaris ing MWCNU Banyudono, Khadim Majelis Ta’lim Al
Hakami Boyolali.

TAGS: Khutbah Jumat Bahasa Jawa khutbah jumat jawa khutbah jumat

Anda mungkin juga menyukai