Anda di halaman 1dari 1

Nama.

: Melati Indah Sari

Rombel :B

NIM : 2601419038

Irah-irahan : Bersih Desa Masyarakat Blitar

Laporane : Laras Sontoloyo

Sumber : Panjebar Semangat 2 September 2017

Upacara bersih desa ditindakake dening masyarakat Jawa minangka sarana panganyoman lan
kaslametan. Ing Jawa Timur upacara iki dianakake dening meh kabeh masyarakat ing seantero
wilayah Jawa Timur. Upacara bersih desa biasane dileksanakake ing wulan Sela utawa wulan
Sura. Saliyane iku, upacara iki uga ditindakake minangka upaya kanggo mbina karukunan,
kabersamaan, gotong-royong, lan nglestarekake kesenian tradhisional (mligine seni tari). Ing
upacara kasebut tansah ditampilake pagelaran seni tayub lan wujud kesenian liyane.

Perlengkapan kanggo upacara yaiku ambengan lan sesaji kang arupa payung, jodhang, dupa,
sekul suci, ulam sari, srundeng, sambel goreng, gedhang raja satundhun, suruh ayu, lan rokok
sekabehe dipapanake ana ing jodhang. Perlengkapan kasebut dibudhalake saka omahe sesepuh
desa tumuju papan kang dikramatake (pundhen). Satekane ing pundhen gamelan di tabuh, lajeng
sesepuh desa ngobong menyan madu, lan dibacutake kanthi upacara slametan, sarta ditutup
kanthi donga.

Ing sawetara panggonan upacara bersih desa dileksanakake ing dina Jum'at Pahing wulan Sela
kanthi mbelah kewan. Endhase kewan kasebut biasane dilarung. Perlengkapan sesaji dumadi
saka gedhang raja rong sisir, klapa gundhil, beras, cok bakal, suruh kuning, badhek ketan, dhuwit
klithik, rokok, lenga wangi, wedhak, sisir, kaca melon lan menyan. Upacara slametan diwiwiti
kanthi ngobong menyang. Sapangkure slametan dibacutake kanthi cara hiburan, biasane kesenian
tayub, kaya kang dileksanakake dening warga Desa Blitar, Kecamatan Sukorejo, Kota Blitar.

Upacara bersih desa kang dileksanakake ing Desa Blitar iku kanggo mengeti jasa-jasane Arya
Blitar, leluhur masyarakat Blitar. Sesambungan batin antarane warga lan leluhure ora nate warga
tansah eling karo jasa leluhure.

Anda mungkin juga menyukai