Anda di halaman 1dari 2

RANGKUMAN BAHASA JAWA

KELAS II

1. Pandawa cacahe ana lima. Sebabe diarani pandawa amarga anak lima lanang kabeh.
2. Pandawa yaiku : Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa
3. Bapake pandawa yaiku Prabu Pandu Dewanata
4. Ibuke Puntadewa, Werkudara, Janaka, yaiku: Dewi Kunthi
5. Ibuke Nakula Sadewa yaiku : Dewi Madrim
6. Pandawa duwe watak becik budi pekertine
7. Punakawan cacahe ono papat. Yaiku Semar, Gareng, Petruk, Bagong
a. Semar : watake sabar, seneng menehi piwulang, aji-ajine arupa entut
b. Gareng: awake kuru, mripate rada kera, tangane ceko, yen mlaku jinjit
c. Petruk :dedege dhuwur, irung lan gulune dawa, gamane pethel, demen tetulung, gojekan
d. Bagong : cukure aran Gombak, mripate amba, lambene ndomble, awake ipel-ipel
mblegug, watake sakarepe dewe, jujur, sekti
8. Kurawa iku memungsuhan karo pandawa. Kurawa cacahe ono satus
9. Tembang dolanan yaiku tembang kang dinyanyikke bocah cilek karo dolanan.
Tuladhane : jamuran, jaranan, gundul-gundul pacul, cublak-cublak suweng
10.Tembung kosok balen:
Tuladha : sregep >< kesed
resik >< reged
gede >< cilik
gasik >< kawanen
11.Tembung pitakonan : Apa, Sopo, Piro, Ngopo
Tuladha : Ngopo ora mlebu sekolah?
Jam piro mangkat ning Solo?
12.Aranan jenis gamelan :
Suling, kendang, gong, siter, bonang, kecrek, saron, rebab
13.Gawe tembung.
Tuladha : disanguni
Wangsulan : Aku disanguni ibu sego karo endog
14.Aksara murdha : ( ngowahi dadi penulisan sing bener )
Sing ditulis huruf gede awalan jeneng uwong, kota, dina, wulan, awalan kalimat
Tuladha : ibu karo budi menyang solo dina rabu
Wangsulan : Ibu karo Budi menyang Solo dina Rabu

Anda mungkin juga menyukai