Anda di halaman 1dari 1

Banjir mergo luapan saka kali Ciliwung bali ngelemke pekarangan warga neng desa

Pulo, Jatinegara, Jakarta wetan, dina Senin (16/11/2015). Pamburine, warga


kepeksa ngungsi.

Banjir iki ngrupakne buntut munggahe raen banyu neng Bendung Katulampa, Bogor,
akibat udan deras, Minggu (15/11/2015) bengi. Malah, dhuwur rai banyu neng
Bendung Katulampa sempat ketuk 210 sentimeter utawa berstatus Siaga I.

Saka pantauan petugas, Senin esuk, banjir kedelok ngrendam pekarangan warga,
paling utama sing cedhak karo lokasi proyek normalisasi kali Ciliwung.

Perumahan sing cedhak karo lokasi proyek normalisasi, kaya ta neng RW 03, yakni
RT 03 lan RT 04, ngalami dampak sing paling parah. Amerga, banyu saka kali
Ciliwung ngliwati tanggul sing durung rampung lan ngelemke omah warga.

Awi (50), warga RT 03 RW 03 desa Pulo, nuturke, awake wis anyak ngungsi saka
omah kawit Minggu sore wektu raen banyu neng Ciliwung ningkat.

"Wis saka wingi sore. Aku teras ngungsi wae menyang Rusun Jatinegara kulon,"
tembung Awi wektu nileki omahe sing isih kebanjiran neng desa Pulo, Jakarta
wetan, Senin esuk.

Dheweke ngomongke, puncak banjir neng desa Pulo kedadean nang dina Senin
mau. Dheweke ngirakne, omahe klelep banyu nganti sadhuwur 2,5 meter.

Camat Jatinegara budi Setiawan nuturake, sakabehane, daerah desa Melayu nganti
gebug 06.00 esuk mau rata-rata klelep banyu kanthi dhuwur 50-150 sentimeter.
Sacacah panggon tinggal neng RT saka RW 01 nganti RW 08 melu klelep.

Sumber: https://pawartabahasajawa.blogspot.com/2015/11/banjir-nerjang-
kampung-pulo-jakarta.html?m=1

Anda mungkin juga menyukai