Anda di halaman 1dari 1

~ Kidung Wahyu KoloSebo ~

Rumekso ingsun Bejo mulyo waskitho


laku nistho ngoyoworo Digdoyo bowo leksono
Kelawan mekak howo Byar manjing sigro - sigro
Howo dur angkoro.
Ampuh sepuh wutuh
Senajan setan gentayangan Tan keno iso paneluh
Tansah gawe rubedo Gagah bungah sumringah
Hinggo pupusing zaman. Ndadar ing wayah wayah

Hameteg ingsun Satrio toto sembodo


Nyirep geni wiso murko Wirotomo katon sewu kartiko
Meper hardaning ponco Kataman Wahyu Kolo Sebo
Saben ulesing netro
Memuji ingsun
Linambaran sih kawelasan Kanthi suwito linuhung
Ingkang paring kamulyan Segoro gondo arum
Sang Hyang Jati Pengiran Swuh rep dupo kumelun

Jiwanggo kalbu Ginulah niat ingsun


Samudro pepunthoning laku Angidung sabdo kang luhur
Tumuju dhateng Gusti Titahing Sang Hyang Agung.
Dzat Kang Amurbo Dumadi.
Rembesing tresno
Manunggaling kawulo Gusti Tondho luhing netro roso
Krenteg ati bakal dumadi Roso rasaning ati
Mugi ingsun tanpo piranti Kadyo tirto kang suci

Sumebyar ing sukmo Kawistoro jopo montro


Madu sarining perwito Kondhang dadi pepadhang
Maneko warno podo Palilahing Sang Hyang Wenang.
Mbangun projo sampurno
Nowo dewo jawoto
Sengkolo tidho mukso Tali santiko bawono
Kolo bendu nyoto sirno Prasidho sidhikoro
Tyasing roso mardiko Ing sasono asmoro loyo

Mugiyo den sedyo Sri Narendro Kolo Sebo


Pusoko Kalimo Sodo Winisudho ing gegono
Yekti dadi mustiko Datan gingsir sewu warso.
Sak jroning jiwo rogo

Anda mungkin juga menyukai