Anda di halaman 1dari 4

GLADHEN 1

TEMBANG MACAPAT GAMBUH

Tembang macapat minangka tembang tradhisional ing tanah Jawa.


Tembang macapat kalebu ing kasusastran Jawa Anyar (jaman Kerajaan mataram
Islam). Tembang macapat Pupuh Gambuh kapethik saka Serat Wedhatama kang
dianggit denging KGPAA Mangkunegara IV.

Gambuh kuwi tambuh, embuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh,
tegese lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita tembang iki lelagon gandarwa
(raseksa) ing jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh/
bakuh (tegas/ galak).

Watak Gambuh : supeketing kakulawargan/ akrab, seduluran. Ngandharake/


nerangake tantangan kang kereng. Cocok kanggo
ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang,
lan kekarepan.

Makna Gambuh : nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa utawa


pribadi kang sansaya diwasa, mula isa njumbuhake kabutuhan
lair lan bathin, kulawarga lan masarakat, pribadi karo Gusti.
A. Serat Wedhatama Gambuh Pada I
Samengku ingsun tutur
sembah catur supaya lumuntur
dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki
ing kana lamun tinemu
tandha nugrahaning manon

➢ Teges/ Arti

CAKEPAN TEMBANG TEGES/ ARTI

yen mengko aku nuturi/ ngandhani/


Samengku ingsun tutur
nasehati
ana patang/ 4 sembah kang kudu dijaga/
sembah catur supaya lumuntur
dilestarekake/ diteladhani
yaiku kapisan sembah raga (Gusti),
dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kapindho sembah cipta (kalbu/ ati),
kaki katelu sembah jiwa (sukma), lan kapapat
sembah rasa (percaya marang Gusti

ing kana lamun tinemu ing kana bakal ketemu

tandha nugrahaning manon tandha anugrah Gusti Kang Maha Kuwasa


Katrangan:

No 4/ Patang Sembah Katrangan


1 Sembah raga manembah marang Gusti/ nindakake
prentah-prentah ing agama kanthi kasad
mata, nindakake samubarang karo
bebrayan agung/ masyarakat

2 Sembah cipta (kalbu) kanthi bisa ngendhaleni hawa nepsu


(sabar, wening lan eling saben tumindak)

3 Sembah jiwa (sukma) ngresiki batin kanthi waspada lan eling


(rasa syukur lan ngadohi nistha)

4 Sembah rasa dirasake awak dhewe lan ora mengu-


mengu (ragu-ragu) marang kuwasane
Gusti Kang Akarya Jagad

➢ Isi/ Wos Tembang


Ngrembug ngenani patang sembah (sembah raga, cipta, jiwa, lan
rasa) kang kudu dilakoni/ ditindaki supaya tinemu pratandha/
anugrah saka Gusti Kang Maha Kuwasa.
B. Serat Wedhatama Gambuh Pada II
Sembah raga puniku
pakartine wong amagang laku
susucine asarana saking warih
kang wus lumrah limang waktu
wantu wataking wewaton

➢ Teges/ Arti

CAKEPAN TEMBANG TEGES/ ARTI

Sembah raga puniku Sembah raga yaiku

pakartine wong amagang laku tumindak kang lagi dilakoni (apik/ ala)

sesucine/ ngresiki awak sarana banyu


susucine asarana saking warih
(wudlu)
kang wus biasa dilakoni kanthi 5 wektu
kang wus lumrah limang waktu
(shalat)}
iku kabeh minangka aturan kang kudu
wantu wataking wewaton
dijangkepi/ ditindaki/ dipenuhi

➢ Isi/ Wos Tembang


Ngresiki awak/ raga kanthi nglakoni/ nindaki sesuci (wudlu), supaya
anggone ibadah (shalat 5 wektu) bisa ditetegi/ dijangkepi miturut
aturan kang lumaku.

Anda mungkin juga menyukai