Anda di halaman 1dari 2

GLADHEN PASINAON 6 SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH

NAMA : Marcela Amanda Sakhi


NOMER : 26
KELAS : XI IPS 2

Wangsulana kanthi premati!


1. Serat Wedhatama Pupuh Gambuh ana pirang pada?
2. Apa kang dadi wos kang kamot (isi) ing tembang Gambunh (Wedhatama)?
3. Apa kang dikarepake Sembah Catur yaiku Sembah Raga, Cipta, Jiwa, lan Rasa?
Wangsulan :
1. Gambuh (35 pupuh, 48 – 82)
Jumlah : 35 pupuh
Bait : 48 sampai 82
Guru gatra : 5 larik
Guru lagu : u, u, I, u, o
Guru wilangan : 7 , 10, 12, 8, 8,
Watak : ramah, seneng
2. Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang Maha
Agung kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel ngendelake,
serta tekun nglaakoni sembayang.
 Ngajarake supaya sakabehe tindak-tanduk becike mung walaka/apa anane wae, menehi
pangapura marang kaluputaning liyan, ngedhohi tindak nistha lan angkara murka.
 Ngajarake yen manungsa iku kudu teguh lan santosa bebudene. Semono uga kudu sabar,
tawakal. Ikhlas, lila, lan nrima ing pandum, kudu ajiwa pandhita, lan tanggap marang
pungkasaning urip iki.
 Ngajarake nalika guneman iku kudu nganggo aturan. Aja waton guneman nanging
guneman nganggo waton.
 Ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Diajarake manembah mring Gusti kang
kondhang Sembah Catur, yaiku sembah raga, cipta, jiwa, rasa.
 Sembah Raga yaiku manembah mring Gusti Kang kawitan, yaiku kudu bisa nindakake
prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata.
 Sembah Cipta (Kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa nepsu. Yen bisa nindakake kanthi
temen bakal rumangsa ayem sajroning bathin.
 Sembah Jiwa (Sukma) yaiku ngresiki bathin kanthi waspada lan eling. Bab iki bisa
kalaksenan lamun ngulinakake tansah syukur mring Gusti kang Maha Agung kanthi
njaga raga, rassa, lan bathin supaya adoh saka bathin culika lan nistha.
 Sembah Rasa iku dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh marang
kekuwasaane Gusti kang Akarya Jagad.
3.
 Kapisan yaiku sembah raga, awak, anggota awak. Nyembah awak minangka gerakan
fisik, kayata wong sing ndedonga ana panyediaan standar prosedur gerakan kasebut.
 Sing nomer loro yaiku sembah cipta, yaiku pikiran. Nalika nindakake pangibadah awak
kudu diiringi nyembah tumitah, yaiku konsentrasi pikiran marang Sing Disembah (Gusti
Allah). Pikiran tundhuk kamulyan lan keilahiane Gusti Allah.
 Sing nomer telu yaiku sembah jiwa, jiwa minangka pangasil impen, mula yen nyembah
jiwa kudu kalebu konsentrasi kabeh impen mung kanggo Gusti Allah. Ora becik ndonga
nalika ngelingi kranjang sega ing pawon, umpamane.
 Sing nomer papat yaiku sembah rasa, iki puncak ibadah sing paling dhuwur. Kabeh rasa
asale saka ati, mula nyembah minangka upaya kanggo nyuceni ati. Biasane ati dadi ayem,
tuma’ninah, madhep mantep karo sing Maha Kuwasa. Ing basa agama diarani ihsan.

Anda mungkin juga menyukai