Anda di halaman 1dari 183

RERONCENING URIP

Reroncening prastawa ing jagading panguripan


minangka refleksi iman

Kasusun dening
Dra.Beauty Krustiani, MM
Surabaya, Maret 2018
RERONCENING URIP
Reroncening prastawa ing jagading panguripan
minangka refleksi iman

Kasusun dening
Dra.Beauty Krustiani, MM
Surabaya, Maret 2018
Purwaka
Tembung purwaka, kaya-kaya asale dumadi
sempalane tembung : purwakaning caraka. Purwa
iku wiwitan, caraka tegese layang utawa tulisan,
mula purwaka iku minangka pucuking kandha,
bebukaning carita. Yen ing Bahasa Indonesia
disebut pembuka, utawa pengantar.
Ing andharan karangan iki, dening penulis
diwenehi irah-irahan (judhul) buku “Reroncening
urip” dibabar mawa basa daerah,basa Jawa. Ngiras
pantes kanggo melu nguri-uri, supaya basa kita, basa
Jawa tetep urip lestari. Kita sengkuyung, supaya
kagunan basa kita, tansah angrembuyung.
Panyengkuyung ing babagan iki, ugo manut lan
adhedhasar kaprigelan lan kawigaten kang
mirunggan. Yen bisane nulis mung lagi sethithik ugo
wis becik, yen bisa akeh saya pikoleh.Yen anane
mung isih ciyut, uga wis patut, nanging yen bisa
luwih amba, malah utama.
3
Buku iki minangka reroncening pengalaman
ngaurip, kang perlu kita telusuri, supaya bisa dadi
kaca benggala, bisa dadi guruning
lelaku.Pengalaman iku, guru kang paling becik,
mula kita wajib taberi sinau, supaya saka
pengalaman, kita bisa oleh berkat,rahmat saka Gusti
kang Maha Asih, sahingga kita ngresepi gegaraning
urip iki, kanthi bener.
Para maos yen mrangguli kekurangane ing buku iki,
penulis nyuwun gunging pangaksami, Nuwun.

Surabaya, Maret 2018

4
1. Sinau lan marsudi urip mukti wibawa (hidup
bahagia)
Kita kabeh cinipto dening Gusti Kang Maha
Asih, lan Maha Kuasa, supaya kita urip mukti
wibawa (bahagia). Mukti karo dhiri pribadi, amarga
nampa kabegjan anugerahing Gusti.Mukti wibawa
bebarengan karo sesama, pasanganing urip,
tangga,sanak sedulur,kerabat,awit kabeh minangka
sarana kanggo mujudake jejangkeping kamukten.
Uga rumangsa mukti wibawa, tentrem karo alam
semesta,sebab bisa anyengkuyung kamukten kang
kita tuju. Mesthi wae bisa mukti wibowo karo Gusti
Kang Maha Asih sumbering kamukten kang sejati.
Supaya kita bisa urip mukti,kita perlu sinau supaya
bisa memahami kebahagiaan kang sejati,ora mung
mligi kanggo diri pribadi, nanging ugo kanggo
sesama.
Sikap urip bahagia sejatine ugo selaras karo
motto kehidupan : Hidup adalah perjuangan yang
harus dimenangkan.
7
Bahagia jangan dicari-cari, kian dicari, kian lari
Bahagia harus ditempa, kian ditempa pasti
berjumpa.

2. Paedahing Urip Sehat


Ing Naliko penulis, isih ana pamulangan SD,
nate diwulang nembang jawa, kinanthi kang kudu
diapalake kanthi fasih, amarga isining tembang mau
duweni ajaran ing bab bakuning njaga kasarasan
kanthi taberi,wigati. Tembang kinanthi mau,
cuplikane mengkene :
Wajibing wong urip iku,rino wengi tansah
mikir ing bab bagas kuwarasan, sapa bae nandhang
sakit,kekiatan bakal sirna,gawe susah sagung batih.
Mulo sumonggo, padha tansah njaga awak iki, murih
tetep sehat, segar bugar, bersemangat nindakake
sakabehing pakarti, kanggo ngregani ajining dhiri.
Raga iku reganana, ragadana, kanthi taberi olah
raga, sak durunge dadi ragangan.

8
Sesambungan karo werdining njaga
kesehatan raga penulis isih ajeg berolah raga. Kanthi
olah raga, yektine ugo nglatih urip disiplin,
menghargai wektu, njembarake lan nambah
wawasan sosial.
Paedah kang bisa kita petik, nalikane kita sregep
olah raga, uga kita bisa urun mendukung program
pemerintah : Rakyat sehat, Negara Kuat.
Mens sana in corpore sano, mens dynamica in
corpore dynamico. Dalam badan yang sehat,
terdapat jiwa yang sehat, dalam badan yang
bergerak, terdapat jiwa yang bergerak. Monggo kita
tansah ngupadi urip sehat, wal afiat. Gusti paring
Berkah.
3. Semaya (menunda)
Ana pitutur saka para sesepuh kang patut kita
ramesi, mawa pikiran wening, sabanjure kita
tindakake ing saben wektu, lewat tugas kewajiban
kita dhewe-dhewe ing saben dinane. Pitutur mau
mengkene :
9
Aja sok dhemen semaya, samu barang iku tindakno
sanalika, tindakna kang becik. Yen ing bahasa
Indonesia : Jangan suka menunda, apa yang bisa
dikerjakan hari ini, dan kerjakan dengan baik.
Pakulinan semaya (menunda) bisa nuwuhake
kerugian, kelangan wektu, kelangan tenaga
sabanjure fatal ing sakabehe. Kesadaran rendah,
disiplin lemah. Mula sifat, sikap seneng semaya
kudu kita cegah.
Naliko sibuk nyambut gawe, banjur kelendran
nyisihake wektu karo keluarga lan wong tuwa. Iki
ugo kalebu ing bab semaya, menunda lan lagi sadar,
ing tembe mburi, getun keduwung, gela.
Ing alaming panguripan iki ana warna-warna
ngenani bab makna kehidupan, umpamane :
Hidup adalah kesempatan yang harus dimanfaatkan.
Dadi yen ana kalodhangan, ya ing kono kuwi
kanggo migunakake wektu, supaya bisa oleh
manfaate. Ayo bebarengan migunakake wektu
sebecik-becike. Dadio wong sing : saleh, suluh,
10
sugih lan suguh. Sumonggo, nyuwun berkahing
Gusti. Sakabehing pakaryan, sigra tandangono, ora
prayoga lamun tansah semaya.

4. Nyuwun kekuatan Iman.


Gusti Kang Maha Asih iku sakelangkung becik
marang umat Allah kang setia, tuhu, tulus kang
madhep, mantep imane.
Perjuangan sing paling utama sajroning urip iki kudu
tansah setia marang Panjenengan-E. Perjuangan iku
mbutuhake : kemampuan lan kemauan kanggo
ngalahake diri pribadi. Kemampuan dhewe kaya-
kaya durung cukup, tanpa anane kemauan. Akeh
tantangan lan godaan, mengancam kualitas iman
kita, nanging waton kita tansah tetep teguh
sesandharan firman Nya, kita bakal mampu
“menghayati” urip iki kanthi “suka cita”. Gusti Kang
Maha Asih, bakal terus nampa pengabdian kita.
Nyuwun kekiatan iman lan sumarah marang
sakabehing pitedah saka Panjenengan-E.
11
Penulis menyadari, sakabehing keberhasilan
samubarang kang kita tindakake, ora luput saka
panuntun lan pituduh saka Kang Maha Asih. Mula
anane pocapan : tata, titi, tatag tutug lan tentrem,
salaras banget karo asihing Gusti.
Kito kabeh iki, yektine mono ora ngerti
kapan ditimbali. Mulo sadurunge prastawa mau
dumadi, perlu kita ngisi urip iki kanthi amal lelaku
“kebaikan” kang becik tumrap sesama. Kesetiaan
tetep dad.i landasan penting kanggo nguwatake
iman, lumantar tumindak kabecikan kang nyata,
manut pakaryan kita ing saben dino. Iman tanpa
karya adalah kering.
Gusti, nyuwun kekiatan lumantar asih Panjenengan,
Nuwun.
5. Nyebar bibiting “kebanggaan”
Saben-saben kita mengeti prastawa penting
kang gegayutan karo anane panguripan iki, upamane
mengeti ulang tahun kelahiran, ulang tahun
perkawinan, syukuran amarga salah siji keluarga,
12
anak bisa lulus sekolah lan liya-liyane, kita
rumangsa bangga, seneng banget, mratandhani bisa
kasembadan methik wohing pakarti, ngliwati
perjuangan lan pengorbanan. Rasa kebanggaan iku
menehi pratandha,sejatine Gusti Maha Pengasih
bakal maringi pituduh lan panuntun marang kita
kabeh. Kebanggan perlu ditandur ing ati sanubari,
mligine marang bocah-bocah minangka generasi
penerus gegebengan ing keluarga. Mulane dirasa
wigati banget yen bab panyebaring bibit kebanggaan
mau, bisa mujudake sarana edukasi kang pinilih.
Thukuling bibit kebanggaan, ugo bisa dadi
panjurung anane rasa kesetiaan kang mirunggan.
Setia marang wong tuwa, setia marang Gusti Sang
Pencipta.
Sinau saka tuladhaning para pinesepuh : Ing
ngarso sung tuladha, ing madya mangun karsa, ing
wuri handayani, patut kita apresiasi kanthi semangat
berjuang, tanpa menyerah.

13
Kebanggaan, kesetiaan, kecintaan diajab bisa
subur lan murakabi ing alaming bebrayan, Gusti
tansah asih paring berkah marang kita sedaya.

6. Reformasi panguripan
Lakuning wektu terus tumapak ing panguripan iki.
Silih gumanti anane owah-owahan, suwasono ing
panguripaning keluarga ugo terus ngalami owah-
owahan iki. Anak putu wis padha bisa nindakake
kewajiban kanthi becik, terlibat sajroning reformasi
panguripan.
Semono ugo para sesepuh, kanthi sadar
nyoba terus nganakake owah-owahan sikap, tumuju
kasempurnaning urip, mligine angupaya bisaa dadi
wong tuwa kang utama tumraping anak lan putu.
Sering mncul pitakon: kepriye indikator sing jumbuh
bisa kita priksani, yen owah-owahan sikap lan
mental saya suwe saya tambah becik ?
Owah-owahan (perubahan) mental kudu mangkat –

14
saka diri pribadi dhewe-dhewe, dudu saka wong
liya, malah uga dudu saka pemerintah. Kaya-kaya
akeh benere, yen perubahan sikap mental iku
sejatine tuwuh saka anane disiplin, ngregani wektu,
tulus, ikhlas kang den antepi.
Mugio, saben dino lan sateruse, kita para
pinisepuh kaparingan kesadaran, yen sejatine urip iki
mbutuhake wong liya, sabanjure kita dadi bagian,
peranganing liyan. Guyub, rukun, saeka kapti, saling
mendukung, saling menehi kawigaten.
Marang anak putu sing bakal dadi penerus generasi
keluarga, diajab bisaa sadar, sejatine cinta itu
memahami, menerima dan rela berkorban, karena
cinta seharusnya membuatmu bahagia dan bukan
terluka.
Sumonggo kita bebarengan siap sedia
berubah, mengubah dan diubah, awit tumekaning
owah-owahan panguripan, tumuju urip bahagia,
sejahtera tetep dadi primadona, andalaning
penggayuh. Amin.
15
7. Makarya ( nyambut gawe )
Salah sawijining kebahagiaan sajroning
panguripan ing alam donya iki, yen kita iki bisa
duwe pakaryan, bisa nyambut gawe ing omah, ing
sak njabane omah, melu nyambut gawe ing
perusahaan, utawa swakarya dhewe la liya-liyane.
Pandangan wong akeh, nyambut gawe iku klebu
wigati, supaya bisa nyukupi kebutuhan pribadi lan
keluarga, syukur bisa nuwuhake kebahagiaan.
Makarya utawa bekerja, nyambut gawe, ing
bahasa Indonesia, kerja berarti kegiatan melakukan
sesuatu. Kerja manusia mengandung aspek :
personal, sosial, spiritual. Kerja minangka bagian
panguripan kanggo diri pribadi,keluarga-masyarakat,
sesama. Kerja minangka sarana pelayanan. Mula
saka kuwi,
Mligine para wong tuwo tansah dedonga (berdoa)
supaya anak putu bisa oleh pegaweyan kang becik
sakwise ngrampungake pasinaon kanthi hasil kang
maremake. Amin.
16
Ing sajroning nindakake pegaweyan, bisa
dijupuk hikmah : tanggug jawab, disiplin, kerja
keras, inisiatif, lan kreatif. Uga bisa dadi insan sing
jujur, cermat, tertib, tekun lan teliti.Isih akeh bab-
bab sing becik kang bisa kita pethik saka hasile
wong nyambut gawe.
Gusti Ingkang Pemurah lan Pengasih,
keparenga nyuwun lumunturing asih Panjenengan
kangge anak putu, sageda kaparingan pedamelan
ingkang mapan, rejeki ingkang cekap kangge
kabetahan ing saben dinten. Berkahing Gusti tansah
murakabi tumrap kita sedaya. Amin.

8. Gumanti gawe sampurna (saling


menyempurnakan)
Ora ana sawijining wong kang bisa kalis saka
sakabehing kaluputan. Saben wong bisa gawe
kaluputan. Ing kono, perlu kita saling
menyempurnakan.

17
Yen ana salah sawijining keluarga kang luput,
sedulur mau perlu dielikake, perlu kita aturi maaf.
Sing luwih penting, supaya kita aja nganti lumebu
sajroning swasana kaluputan.Dak kira kita padha
menyadari : kaluputan mengganggu lestarining
swasana katentreman sejati.Kita terus ngupaya
kebecikan ing saben wektu. Kita butuh
kebersamaan, luwih-luwih utuhing keluarga.
Ing sajroning panguripan keluarga, bapak, ibu
lan bocah-bocah nduweni keunikan dhewe-dhewe.
Ana kaluwihan lan kekurangane. Mulo para wong
tuwo tansah kersa mendampingi putra putri kang
becik. Semono uga para putra lan putri bisa atur
sumbangan marang wong tuwa, supaya tumbuh
dalam kekudusan.
Kebahagiaan lan kesejahteraan keluarga bisa
tercipta, amarga para anggota keluarga padha sedia
saling mengampuni lan saling menyempurnakan.
Gumanti gawe sampurna lan pangapura.

18
Saling mengampuni dan menyempurnakan
kanthi jiwa besar,dadia lelaku kang utama.

9. Pamirsa kang gawe suka (pandangan yang


menyenangkan)
Ing wulangan bahasa Indonesia, ana ungkapan :
mata adalah jendela hati. Melalui mata dapat
diketahui, apakah seseorang sedang sedih, kecewa,
marah atau sedang bergembira dan bahagia.
Pamirsaning netra, bisa dadi sarana nyumurupi
alam semesta, ora lewat netra pisik, nanging uga
netra wardaya( mata hati).
Jejering dadi wong tuwa ing lingkungan
keluarga, yektine kita kudu nduweni pamirsa
wardaya kang mirunggan, tanggap ing pamirsa,
lantip ing panampa. Pamirsaning bapa/ ibu marang
putra, nduweni daya marasake (daya sembuh) kang
kuwat tumrap putra sing lagi nandhang sedhih lan
cintraka, susah lan kuciwa.

19
Pamirsaning wong tuwa, nyemburatake cahya
kesembuhan, awit mawa rasa asihing katresnan kang
sejati. Ing sajroning alam bebrayan keluarga, diajab
kita bisa mawas “kehidupan” keluarga mawa
wardaya (hati). Kepriye suasanane ing ruang tamu,
ruang makan, ruang tidur lan liya-liyane.
Semono uga pamawas kita ing alaming
masyarakat. Ora mung tumuju kahanan kang kasad
netra, nanging uga perlu mawa wardaya.
Muga-muga Gusti Allah Kang Maha Agung,
tansah paring pepadhang, s
upaya kita kaparingan daya pandang yang
sempurna, ora mung ndeleng kanthi netra, nanging
uga kanthi dayaning wardaya.
Gusti tansah paring sesuluh kang merbawani.

10. Siaga lan Waspada.


Prastawa kematian iku fakta kang bakal
dialami dening manungsa sapa bae. Ora ana sing
kuwawa utawa ngendhani kematian.
20
Ing epek-epek asta, tengen lan kiwa, wis kalukis
mujudake aksara M, menehi perlambang
Manungsa, Mesthi, Mati.
Kematian nduduhake ora anane daya lan
keterbatasan manungsa. Kematian uga aweh
inspirasi marang manungsa, supaya memahami urip
iki ing sajroning terang iman, sayektine kematian
dudu cutheling sakabehe lelakon. Kematian
merupakan awal kehidupan baru yang menjanjikan.
Sampun kondur ing zaman kalanggengan,
kaparingan kehidupan anyar, kekal abadi (langgeng).
Mula anane kematian, ngelikake supaya kita padha
siaga lan waspada ing saben wektu, sebab
tumekaning kematian bisa tumuba ing wektu apa bae
lan kapan bae.
Nalikane swargi Ibu kapundhut lan katimbalan
ing ngarsane Gusti, mesthi bae gawe goncanging ati,
rumangsa sanget kelangan keluarga kang ditresnani,
amarga ibu ibarat magnet kang nduweni daya tarik
sakabehing urip ing penulis,
21
Ibu uga ibarat Lentera sing maringi suluh
kanggoning urip penulis. Penulis sakeluarga mung
bisa pasrah, sumarah marang sing gawe kersa,
utamane marang Sang Pencipta. Mugi swargi Ibu
kaparingan pangaksama ing sakabehing kaluputan,
kaparingan papan kekal, abadi ing swarga. Amin.

11. Ora et Labora ( berdoa dan bekerja)


Ibu, wong tuwa wadon lumrahe sregep, tekun
berdoa kanggo putra-putrine, supaya tansah
pinaringan kuwarasan, urip berbahagia, dalam
keluarga. Ibu sing saleh iki, rina wengi terus berdoa,
ngaturake panyuwun marang Gusti kang Maha Asih
lan Pemurah.
Gusti Kang Maha Asih, mirengake lan paring
rahmat pertobatan lan kesehatan, sahingga ibu iku
bisa nindakake pakaryan saben dinane kanthi becik.
Tuhan mendengarkan, doa orang beriman.
Allah Kang Pengasih ora bakal gawe kuciwa
sapa bae sing berjaga dalam doa.
22
Uga ing wektu salagine kita ngayahi tugas,
bekerja. Mula kabeh mau gumantung marang kita
dhewe. Apa kita tansah bersikap doa dalam iman,
tanpa jemu-jemu lan bisa ngrasakake kekuatan doa.
Doa mujudake sikap sing penting sajroning urip
iki. Rahmat Tuhan bakal terus tumurun kanggo
keluarga sing tekun nindakake.
Sabda Mu adalah kehidupan,
Hukum Mu adalah kebebasan.
Doa mau bakal nuntun panguripan kita kang tansah
bersumber saka dhawuh pangandikane Gusti.
Ing sajroning urip, berdoa dan bekerja bisa
nguwatake komunikasi lan relasi karo Tuhan lan
sesama. Mangga bebarengan laku kebecikan lan
kebenaran.Gusti pirsa isi hati kita, sabanjure paring
tuntunan tumrap perilaku kita kabeh.
Berkat Tuhan gawe sempurnaning tindakan kasih
kita. Amin.

23
12. Cilik wujude, gedhe kasiate.
Akeh wong padha nyingkiri tugas lan pakaryan
kang dianggep cilik, remeh, reged utawa buruhane
cendhek (bergaji rendah). Contone pakaryan dadi
pembantu rumah tangga (PRT), pencuci baju, piring,
dadi tukang sapu dalan, tukang semir sepatu, loper
koran, buruh bangunan, pemulung sampah lan liya-
liyane.
Kajaba iku, yen kita simak luwih adoh, kita uga
bisa menyaksikan sistim pendidikan wektu saiki,
ngadohake bocah saka bab-bab cilik lan sederhana.
Susah banget bocah saiki mbiyantu wong tuwa ing
pakaryan omah kang ora sepira abot.
Para generasi muda, sakwise ngrampungake
masa pendidikan SMA utawa Perguruan Tinggi,
karepe bisa oleh pekerjaan sing mapan, gengsi lan
oleh gaji gedhe. Akeh para muda sing wegah meniti
karir saka pakaryan cilik lan sederhana.

24
Prinsip kesetiaan marang bab-bab sing cilik lan
sederhana kudu tansah dadi gondhelan nindakae
panguripan sedina-dinane.
Kesetiaan ing bab-bab cilik lan sederhana,
mujudake modal awal kepercayaan kanggo
nindakake bab-bab sing luwih gedhe. Lewat
pakaryan kang katone cilik lan sederhana, prasaja
kita bakal kuwawa njembarake wawasan, nguwatake
kemampuan lan meningkatkan kwalitas diri pribadi.
Kita sinau setia, nindakake bab-bab cilik,
nanging prasaja kanthi kecintaan kang luhur.
Sabanjure, pakaryan kang kita tindakake kanthi
temen-temen, diajab bisa ngluhurake asma Gusti,
memuliakan Tuhan, sumbering cinta kasih kang
sejati, gedhe kasiate tumrap panguripan iki.

13. Hambaning Allah kang setia.


Sapa sing kepingin dhiri pribadi dilahirake
minangka kawula (hamba).

25
Wong tuwa endi bakal nggula wentah anak-
anake supaya bisa dadi kawula? Apa ana sing
ngimpi kepingin dadi kawula? Kabeh-kabeh mesthi
atur wangsulan : ora, ora ana.
Hamba (kawula) yaiku sing nyambut gawe lan
nggantungake uripe marang liyan. Mula , hamba
utawa kawula kudu tansah setia marang bendarane.
Hamba Allah tansah mirengake lan nindakake
dhawuh pangandikan-E. Hamba Allah tansah tuhu
setia marang Gusti Kang Maha Asih. Realitas
sesambungan antarane hamba lan Gusti, mula ana
lan nyata. Kabeh umat, yektine para hamba kang
kudu setia marang Panjenengan-E Gusti.
Tugas hamba Allah uga minangka jejering pelayan,
pelaksana tugas saka Gusti kang paring kepercayaan
melayani, dudu dilayani. Melayani, sumbere cinta
kasih, ora perlu tidha-tidha lan ragu-ragu. Kita
pasrah sumarah marang kuasane Gusti, kanthi :
sareh, sumeleh nanging ojo dumeh, awit kabeh
jejangkan, lelakune karana tekun jinangkah.
26
Kagawa tumuruning rahmat saka Gusti Kang
Maha Asih, kita diajab bisa dadi Hamba Allah kang
tetep setia nganti pungkasaning zaman.
Tuhan Allah tansah pirsa isi hati nurani kita kang
sejati, Amin.

14. Nindakake pakaryan mulya


Perilaku kabecikan bisa nular, sakabehing
pakaryan kang kita tindakake kanggo kabecikaning
liyan, senajan amung mawa pengorbanan cilik, bisa
narik menyemangati wong liya mau, nindakake
kabecikan kang padha.
Pasuryan kang bening, pangandikan kang alus,
tindak tanduk kang nengsemi, uga bantuan kang kita
aturake, ing pucuking dina tumuju marang sedulur
sing kita prangguli, bisa nggawa wijining kabecikan,
pakaryan lan pakarti mulya, sehingga sedulur liya
mau bisa cerah, sumringah, nanggapi perilaku kita
kanthi sikap apresiasi kang positip.

27
Nanging kala-kala sawijining wektu kita bisa
bersikap ogah-ogahan, enggan, lumuh nindakake
kabecikan. Malah bisa uga kita banjur kurang rena,
kurang bergairah ambyur ing pakaryan mulya.
Kondisi iku bisa mrembet, berlanjut, njalari kita
banjur dadi wegah paring bebantu, bisa-bisa malah
banjur ora peduli tumrap prastawa kang dumadi ing
sakukubaning bebrayan.
Ing zaman modern, kaya kang lumaku ing era
pembangunan saiki, kecenderungan dadi pribadi
individualis dhuwur banget, teristimewa ing kutha-
kutha metropolitan. Conto kang prasaja, nalika ana
kerja bakti, resik-resik lingkungan, akeh sing ora
bisa berpartisipasi, amarga sibuk lan alasan liya-
liyane. Mangka sejatine kerja bakti iku duweni nilai
kebersamaan, kerukunan, guyub rukun lan misioner.
Kanggo nggrengsengake pakaryan mulya,
kaya-kaya ana becike, yen kita padha merefleksi
dhiri, pitakon marang pribadi kita dhewe-dhewe :

28
Apakah kita sering menarik diri untuk berbuat kang
tumuju marang pakaryan mulya ?
Muga-muga kita tansah pinaringan pitedah,
supaya luwih bisa memahami makna kehidupan sing
bener-bener hakiki.
15. Katrisnaning biyung (Kecintaan seorang
ibu)
Nalika penulis isih sekolah, saben dina yen
arep mangkat sekolah, Ibuku kanthi sih katresnan
tansah paring dhawuh, sing pinter sekolahe, sing
rukun karo kancane, aja dhemen mbolos, lan
sapanunggalane. Pitutur meh ora nate gothang, terus
didhawuhake marang putra-putrining kabeh. Tugas
dadi ibu mula ora gampang, nanging ibu tetep
tumindak arif, ora nate nulak, kewajiban nggula
wentah mula wis dadi panggilan hidup bagi seorang
ibu. Kudu bisa mandhireng pribadi, multi-tasking,
angabehi. Ibu uga bisa dadi paraga kaya dene:
dokter, pembantu, ahli keuangan, cheff handal, lan
dadi apa bae,
29
kanthi ketaatan lan katresnan kang tulus.
Mula bener, tugas kewajiban ibu ora entheng,
ora gampang. Ibuku dadi teladanku, dadi magnit
uripku, dadi panutanku, dadi lenteraku, dadi
tuntunanku.Surga ing telapaking ampeyan ibu.
Kesempurnaan hati, luwih dhuwur tatarane,
katimbang karo kesempurnaan fisik.
Gerakan emansipasi ing zaman kemajuan kaya
saiki, nduduhake yen palungguhane wanita wis
samesthine bisa sejajar karo para kaum priya. Ibu
kita R.A.Kartini kang ngripta buku : Habis gelap
terbitlah terang, menehi pepadhang, mligine tumuju
marang putra putri kang ditresnani, supaya padha
anuladha katresnaning wong tuwa marang putra,
katresnaning biyung marang si kuncung.
Ora bisa diselaki, minangka jejere wanita ing
zaman modern kaya saiki, ngadhepi tantangan kang
maneka warna, nanging kabeh mau bali marang
pribadine dhewe-dhewe,
30
tumindak sabecik-becike mawa apa anane tanpa
sandiwara.
Hidup adalah tantangan yang harus dihadapi,
bukan untuk dihindari. Ibu adalah teladan kita, kang
patut kita tresnani.

16. Gegaraning urip


Kabeh wong mesthi nduweni pepinginan,
lelamun urip sing begja, sing tumata. Nanging
kabegjan lan kamulyan mau, ora tumurun ngono bae
saka langit, nanging kudu diwujudake kanthi upaya
lan usaha. Ora perlu tidha-tidha lan kuatir, sebab
bisa disinau, ana proses dumadine urip bahagia,
sejahtera.
Prinsip hidup bahagia, ana urutane prioritas lan
otoritas sajroning keluarga. Otoritas sing paling
dhuwur, mesti wae Gusti Kang Maha Inggil. Iki ora
nate bisa diganti, dening sapa bae.Bapak mapan ing
otoritas minangka kepala, pemimpin ing sajroning
keluarga.
31
Ibu ana ing urutan sakwise lan sak banjure urutan
kang kari, yaiku anak. Yen prinsip kasebut diwolak
walik, wis bisa dipastikan kekacauan bakal dumadi.
Mula aturana kalodhangan para suami (bapak)
kanggo nindakake mimpin keluarga.Semono uga
para suami diaajab bisaa dadi pemimpin kang arif
bijaksana, supaya katentremaning urip keluarga bisa
mawujud kanthi bahagia sejati.
Jejere umat beriman, padha sayuk rukun,
nuhoni dhawuh firmaning Gusti, awit
palenggahaning Gusti, kudu tansah angayomi
marang kawula kang setia marang Panjenengan-E.
Gegarane wong urip iki,
Dudu bandha, dudu arta,
Amung trisna pawitane.
Kang kekalih, katelu,
Seneng tentrem ing jroning ati.
Kaping papat den sabara,
Budi adi gangsalipun,

32
Sad sapta lan hasthanira
Tuhu, tulus, ikhlas kang den antepi.
Pasrah Gusti, kang utama.
Mengkono unen-unene tembung ing tetembangan
Dhandhang Gula ing rerepan iki. Bisaa dadi
panglipur lan panuntun kita kabeh. Sumonggo,
nuwun.
17. Miwiti pakaryan saka sing prasaja
Ing Nalikaning kita kepingin nindakake
samubarang pakaryan, sering kita mikirake sing
rumit lan kompleks. Dipikir terus wiwit saka A
nganti Z, pungkasane kita malah ora kuwawa miwiti
pakaryan mau, Nihil.
Sejatine kita pribadi dhewe sing malah gawe
ribet, rumit. Emane bab mau ora kita sadari, malah
kala-kala ngluputake kahanan sekitar. Monggo
dicoba bebarengan “berpikir sederhana”. Bab kang
sing prasaja (sederhana) kang dirasa bisa nyurung
kanggo njupuk jangkah kang wiwitan, kanthi
saknalika.
33
Aja amung kandheg ing pengangen angen, becik kita
wiwiti bae. Semono uga sakjrone kita nganakake
relasi marang Tuhan lan sesama. Ora perlu kita
mikirake bab sing idealis, lan mawa pangarep-arep
sing muluk-muluk. Diwiwiti bae, saka jangkah kang
wiwitan sing paling prasaja.
Ngaturake syukur panuwun, lewat doa ing
wayah esuk, nalika wungu sare, sabanjure ucapan
syukur lan berdoa kanggo sepanjang hari. Ing
nalikane kita setia marang bab-bab sing prasaja, sing
kita tindakake, kanthi alon-alon nanging pasthi kita
bakal bisa ngrasakake manfaate, bakune kanggo
pendidikan marang bocah-bocah, mapag dina ngarep
kang mantep. Kita wiwit bae luwih dhisik,
sakabehing bakal ditambahake ing wektu sak teruse.
Gusti Kang Maha Pengasih, bakal tansah paring
berkat lan rahmat kang patut kita syukuri
bebarengan. Hudup adalah rahmat dan berkat yang
patut kita syukuri, amerbawani sahingga nuwuhake
urip iki
34
krasa endah kang perlu kita nikmati.
Ngelmu (pengetahuan) iku kelakone kanthi laku.
Sanajan akeh ngelmu, lamun ora ditangkarake lan
ditrapake, ora digunakake, ngelmu iku bakal muspro
tanpa guna.

18. Lumaku bebarengan pituduhing iman.


Iman iku minangka sawijining “perjalanan”.
Mesthi bae perjalanan sing dudu ora ana tujuane.
Dadi ora malunta-lunta, ngumbara ing alas lamtara
ing ndonya iki, nanging mula mujudake proses urip
bebarengan pituduhing Gusti kang kita imani, paring
tuntunan lan arah kang bener.
Lilin kang murub bisa gawe pepadhang kanggo
ngusir kang peteng. Saya gedhene sinar, saya
tambah teranging papan mau. Iman uga bisa gawe
pepadhang ing alam sekitar. Yen ana terang, kita
bisa mirsani ing suasana padhang mau.

35
Sawijing ironi,bilih akeh wong ora wuta lan
terang mau ana, nanging ora birsa pirsa. Ora bisa
mirsani kabeciking liyan, keindahan lan bab-bab
sing positip. Bisa uga kaca pamirsane diwutakake
dening kecemasan, ketakutan, keraguan, ilange daya
rasa percaya dhiri.
Mulo dikaya ngapa bae, rasa percaya dhiri iku
bisa tansah dadi daya panggugah, ora wegah
ngadhepi sakabehing tantangan wong urip.
Ambudi daya supaya kita dadi suluhing
bebrayan, mula ora gampang, isih akeh sarana kang
bisa kita ugemi, kala-kala uga mbutuhake
pengorbanan, sesantine : Jer basuki mawa beya. Kita
minangka panciptaning Kang Maha Asih, kanthi
sakabehing : cipta, karsa, karya, wis samesthine
terlibat sajroning pengabdian marang Gusti.
Iman tanpa karya mati, karya tanpa ilmu nihil.
Ilmu tanpa amal sia-sia.
Minangka terang tumraping kita kabeh,

36
sajrone ziarah ing donya iki, pituduhing iman bisa
mangari bawa nemokake nilai-nilai abadi kang arupa
anyar. Tuhan Allah sumbering kasih kang terang.

19. Samekta mapag asiling tumindak


Para pawong mitra sing sukses, yaiku padha
tansah samekta. Samekta ngadhepi lan migunakake
sakabehing situasi kanggo nggayuh keberhasilan. Ya
ing kono kuwi, kang nyebabake, uripe wong-wong
sukses, ora gampang diwedeni dening rasa kuwatir,
cemas, sebab wis padha menguasai situasi.
Gusti Kang Maha Pemurah, bakal paring
bebungah keselamatan tumrap sapa bae, sing temen-
temen samekta. Tanpa tumataning kasamektan kang
cukup mateng, ora bakal kuwawa ngadhepi wektu-
wektu kang rumit sing dumadi, sakdurunge oleh
kesuksesan.
Kita diajab memahami, yen kesuksesan iku
sejatine uga tansah dihadang kesulitan lan
penderitaan.
37
Kelangan anggota keluarga kang dialami penulis,
awit ditinggal ibu ingkang kinasih kondur ing zaman
kelanggengan, susah, sedhih mujudake reaksi
normal ing sajroning urip iki. Suasana kaya
mengkono mau, dirasa aja nganti terus
berkepanjangan, awit kita percaya, bilih sang
almarhumah lagi nampa timbalane Gusti, timbalan
suci urip ing Swarga.
Sejatine, kita ora bakal weruh persis lan patitis
kapan lan kepriye kita bakal katimbalan sowan
ngarsane Gusti Kang paring dumadi. Sing wigati
kita kudu tansah samekta mapagake. Wong sing
sukses lan waluya ing keselamatan, yaiku kalebu
wong sing tansah samekta. Penderitaan lan kematian
bakal nglumantarake wong beriman tumuju marang
“kehidupan baru”.
Rejeki, jodho lan pati, ana astaning sing
kagungan, Sang Maha Asih lan Sang Maha Kuwasa.

38
Kita uga tansah eling lan waspada, yen sejatine
asiling samubarang pakaryan iki, gumantung.
marang gedhe ciliking sikap kita dhewe, mapag
sawernane situasi, kang bakal tumeka, kanthi
samekta lan waspada.

20. Luhur lan asoring dhiri pribadi


Ing alaming urip iki, kita sering menehi biji
tumrap dhiri pribadi rada keladuk, overesimated,
ngluwihake (berlebihan) kabecikan kita lan
myilikake kekurangan kita, underestimated, Bab iku
bisa dumadi, awit kita ora wani kanthi jujur yen
sejatine ana kekurangan kang kudu kita beciki.
Kekurangan kita malah ora bisa dadi luwih cilik
karana kita njlentrehake kekuranganing liyan. Malah
kudune kekurangan mau bakal dadi saya luwih cilik,
waton ana kesanggeman kang temen-temen,
mbecikake.
Kahanan mengkono iku, sering kita
prangguli ing alaming urip bebrayan, upamane :
39
omahku sing paling apik, anakku sing paling
pinter, wong tuwaku sing paling sugih lan
sapanunggalane. Pribadi bisa dadi takabur,
sombong, kumalungkung.
Saiba becik lan mulia, menawa kita ndeleng
kekurangan wong liya, banjur thukul netepake tekad,
ora bakal katut nindakake pakarti kang padha,
nanging berdoa supaya thukul kesadaran anane
ikhtiar mbecikake sing ala, mbenerake sing luput,
ing sajroning wektu iki. Dene kanggo kita dhewe,
uga wajib bisa menyadari, nampa, lan terus
mbenerake kekurangan lan kelemahan kita.
Sebab : Sing sapa bae suka ngluhurake ajining
dhiri pribadi bakal diasorake, lan sing sumadiya
ngasorake dhiri pribadi, bakal diluhurake.
Becik ketitik ala ketara. Sing wis nandur bakal
ngundhuh wohing pakaryan kang becik. Luhur lan
asoring pribadi, kagawa tumindaking pakarti.
Ajining salira, karana busana, ajining dhiri, karana
lathi.
40
21. Sepi ing pamrih rame ing gawe Menyambut
sukacita.
Sak benere kang digoleki dening saben
pawongan, sajroning urip iki, wis bisa dipesthekake
dudu pengalaman kasusahan. Sing diupaya
sanyatane yaiku pengalaman kang nyenengake,
membawa sukacita dan kebanggaan.
Matur nuwun Gustiku, matur nuwun ibu lan
bapakku, Langit lan bumi, untung ora nyawiji. Dina
ing ngarep dadi tantangan ngaurip, supaya kita bisa
oleh kabungahan, sukacita. Bocah-bocah wis
ngrampungake sekolah kanthi biji kang maremake,
diparingi pekerjaan, diparingi jodho sing sepadhan,
kabeh prastawa iku, mesthi bae gawe kabeh keluarga
seneng banget, sukacita, bahagia.
Hidup adalah kegembiraan, sukacita yang
harus disebarkan dan dinikmati. Pakaryan kang kita
ayahi saben dina, kudu katindakake kanthi temen-
temen, sengkut ing sakabehe.

41
Hasiling kerja keras, bakal kita rasakake,
luwih-luwih tumrap kebahagiaan keluarga. Berkat
Tuhan, bakal terus mili lumintu, waton kita uga terus
makarya kanthi semangat, percaya diri. Bisa
sumeleh, ati sareh, nanging aja dumeh. Sakabehing
pakarti kang becik, bakal nuwuhake hasil kang uga
becik.
Iman minangka anugerahing Gusti, mampu
mengobarkan semangat bekerja kanthi tekad kang
madhep lan mantep. Sepi ing pamrih, rame ing
gawe.

22. Tuwuh dadi anggur sukacita


Dadi anggur sukacita, mujudake kumpulaning
pengalaman iman umat Allah ing wewengkoning
paguyuban keluarga. Pengalaman rohani umat iki
nduweni kekuatan sing dahsyat, mampu ndadekake
iman sing terus menerus seger , nguripake rasa-
syukur marang asihing Gusti.

42
Asihing Gusti rumentah, pindhaning anggur
sing nyegerake jiwa sing lagi nandhang kesedihan,
papa cintraka. Kita sing wis ngalami manising
anggur sukacita Tuhan, yaiku kasih, mesthi banjur
ginugah nularake kasih mau marang sesama. Kita
patut ngaturake syukur, awit bocah-bocah anak putu
wis padha ngancik ing mangsane kadewasan. Wis
akeh sing padha dadi sarjana, S1 , S2, lan S3.
Iki mratandhani yen para generasi muda, saya maju
njembarake wawasan kanthi ngangsu kawruh, kanthi
semangat sing kandel, nduweni piandel : sak maju-
majune saiki, mesti bakal kari ing wektu kang bakal
teka.
Buku iku, gudhange ilmu, kuncine sumeleh
ing semangat membaca. Dadi kudu sregep maca,
meningkatkan kegemaran berliterasi.
Anggur iku lumarahe manis, menyegarkan.
Mula sing dikarepake ing pocapan personifikasi

43
anggur sukacita, tegese pakaryan sing nekakake
keberhasilan manis rasane. Para bocah-bocah
minangka kader penerus ing sajroning keluarga, bisa
terus berjuang, pantang mundur :
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung. Sing
padha grengseng, mbukak pepeteng, supaya bisa
seneng, dadi anggur sukacita kang sanyata.

23. Rasa was-was kudu dibrantas


Dina iki udan deres ing wilayah perumahan
Taman Pondok Indah, Wiyung Surabaya lan
panggonan liyane. Dalan lan wit-witan padha teles
kena guyuraning banyu udan. Dumadakan kanthi ora
dimengerteni, ana uler mangan godhong, nganti
gusis, kaya-kaya ora ana rasa was-was, jalaran
kadheseg luwe lan ngelih.
Uler ing perumpamaan kasebut, nggambarake
anane sikap lan perilaku sing egois, ora mikirake
kiwo tengen, kang nandhang penderitaan, saka olah
tingkahe uler kang nduweni
44
sifat lan sikap ngrusak lingkugan. Supaya
penderitaan bisa dicegah, nafsu pengrusak kudu
diberantas kanthi tegas, tanpa mawa rasa was-was.
Rasa was-was bimbang utawa ragu-ragu, bisa gawe
ciliking ati, ora percaya marang diri pribadi,
temahan nglunturake tekading tumindak.
Dadi kepala keluarga, dudu prekara kang
gampang. Tanggung jawab sing gedhe kudu tansah
diemban nyukupi kebutuhaning keluarga “prioritas”
kang utama. Akeh wong padha kandha, ngendika,
harta bukan hal yang utama. Nanging kanggo
sedulur sing lagi nandhang cintraka saben dina, harta
tetep sakabehe. Karana ana harta, bisa gawe nyukupi
kebutuhaning urip.
Panemu sing pungkasan perlu dilurusake,
yen sejatine Gusti iku tansah paring kekuatan
kanggo mbrantas ati, pikiran sing was-was. Awit
wigatining urip iki, aja nganti ngadoh (menjauh)
saka Panjenengan-E.

45
Berbahagialah orang yang diam di rumah
Tuhan, dan terus mennerus memuji-muji Engkau.

24. Siji kanggo sakabehe Satu untuk semua.


Ing sajroning urip bebrayan, sakawit wis
digadhang keluarga yang satu untuk semua. Anak
lan anggota keluarga liyane perlu njaga anane
komitmen, keseimbangan sing harmonis. Yen
nyatane keluarga iku, mula kudu bener-bener
wadhahing katentreman lan kebahagiaan.
Gothanging fungsi keluarga “satu untuk
semua” sebab anane anggota keluarga kang
meninggal tansah krasa nunjem banget, yaiku
masalah kesepian. Dak suwun, kabeh bae padha
kersa paring bebantu kang arupa dorongan yen
sejatine, derita orang lain seperti derita sendiri.
Urip sing dak alami saka paringane Gusti,
nggambarake sawijining perjalanan sing dawa, unik

46
lan aneka rupa warna kebenaran lan pengharapan
kang mulya. Keluarga sing siji kanggo sakabehe,
tetep dadi gondhelane wong urip, tumuju marang
penguripan kang regeng adoh saka swasana
kesepian. Pars pro toto, totum pro parte. Siji kanggo
sakabehe, kabeh kanggo siji. Satu untuk semua,
semua untuk satu.
25. Menehi iku bisa gawe begja
Sinau, dadi bagian penting ing sajroning urip
iki. Sinau maca kanggo njembarake wawasan, sinau
sregep nyambut gawe, sinau ulah kabecikan lan
sateruse. Kuciwane, isih akeh bocah kang kurang
begja, durung bisa oleh kalodhangan kanggo sinau.
Wong tuwo asuh minangka salah sijine solusi, sing
bisa ditempuh.
Pendidikan dadi dasar penting. Iku sebabe
wong tuwa asuh dadi solusi sing bisa ngangkat
bocah-bocah saka keluarga ora mampu, uga bocah
kang putus sekolah.

47
Paring bantuan lewat wong tuwa asuh, njalari
gawening kabegjan tumrap pihak-pihak kang
mbutuhake. Uga mujudake kepedulian marang liyan.
Yen bocah-bocah mau andarbeni sifat kreatif,
dhewekne bisa luput saka jurang kemiskinan.Mula
iku pembelajaran kudu berbasis produktifitas,
kreatifitas lan inovatif.
Sing sapa kersa paring pitulungan, Gusti Kang
Maha Asih uga bakal paring pitulungan tumrap kita,
nguatake urip iki, dadi kokoh lan tatag , begja. Ora
perlu padha kuwatir, yen sejatine paring pitulungan
kanggo sesama, gedhe banget ganjarane, urip iki
rumangsa oleh kabegjan, kebahagiaan.
Luwih becik menehi, tinimbang diwenehi
(diberi), luwih becik melayani tinimbang dilayani.
Para sutresna ing kabecikan, kanthi tulus, ikhlas
bakal paring bantuan, sarwa lumintu kanggo bocah-
bocah kang kurang beruntung.

48
Sifat lan sikap, perilaku dhemen tetulung, uga bisa
didadekake sarana pendidikan secara dini, tumrap
anak putu. Dengan gotong royong, semua tertolong.

26. Ing nalikane kabeh dalan wis katutup


Dalan-dalan ing Surabaya, meh saben dina,
saben wektu mengalami kemacetan kang cukup
parah, kaya-kaya wis katutup, awit saka akehing
kendaraan. Kabeh cara lan upaya wis ditempuh,
kanggo mrantasi kemacetan, nanging nyatane,
rasane, kemacetan terus kita prangguli, dalan-dalan
katutup, kebak sanggan abot.
Semono uga ing alaming panguripan, kala-kala
malah krasa, mengalami kemacetan lelakuning
panguripan iki. Kaya cakra mungging panggilingan,
saiki ana ndhuwur, sesuk ana ngisor, terus muter ora
ana selane. Kita mrangguli kelucuan ing sewaliking
pahit manising panguripan iki.

49
Rasane kapan rampunge, yen terus muter-muter
pindhaning cakra manggilingan. Kudu ana
perspektif kehidupan kang satuhu.
Kita sing isih kaparingan kalodhangan
kanggo mrantasi kemacetaning urip, supaya aja
nganti tutuping pencerahan menghayati dinamika
panguripan iki, uwal saka arogansi spiritualisme,
kang sering dadi petaka katentremaning urip. Kita
diajab terus bisa kaparingan kekuatan kang
marunggan, luwih-luwih bersyukur marang
sakabehing peparing saka Gusti.
Kesederhanaan, prasaja, mula wis anjrah,
kahanan sing lumrah, ora perlu digatekake. Wong
akeh sing condhong ndeleng bab-bab sing wah,
spektakuler, berbobot, nilai jual tinggi, promosi sing
hebat. Iku kabeh minangka panuduh, bilih yektine
liwat kesederhanaan, mrantasi prastawa : Ing
nalikane kabeh dalan wis katutup
Mula kaya-kaya trep banget sesanti : Urip
ora manggon ing latar sisih mburi, nangging urip iku
50
ana papan, latar ngarep- front page. Yen ora bakal
macet becike, mangkat luwih awal. Yen kepingin
lulus ujian, sinau sing sregep.

27. Ngupaya santosaning balewisma


Kabeh wong mesthi ora kepingin kahanane
rumah tangga kisruh, amburadhul, ora tumata.
Kabeh mesthi bisa nduweni penggayuh, urip
tentrem, ayem ing bebrayan. Luwih-luwih para
muda, sing lagi mbangun bale wisma. Ana dhawuh
pitutur kang bisa digawe gondhelan minangka
kekuatan dasar mujudake pepinginan kasebut :
Saiki kowe sakloron wis dudu loro maneh,
nanging wis nyawiji, manunggal dadi siji, dudu siji-
siji. Apa kang wis rinaketake kanthi asihing Gusti,
ora bakal bisa diuwalake maneh dening sapa bae.
Urip tansah rukun, sak iyeg, saeka kapti lan misioner
dadi cita-cita kehidupan, kang perlu kita pundhi-
pundhi. Sakinah, mawardah lan warohmah.

51
Ing sajroning wong omah-omah, regejegan
cilik-cilik bab ngatur kebutuhan rumah tangga, wis
lumrah dumadi, nanging kabeh bisa diprantasi kanthi
cara bersinergi, saling memahami. Sing salah
ngrumangsani salahe, yen wis bener kudu
ditindakake terus kanthi bener. Kabeh anggota
keluarga, diajab tansah menyadari anane tanggung
jawab, kanggo jejeging rumah tangga, kuat, santosa.
Nemokake urip bebarengan karo para mitra
kang kita prangguli, kaya dene nemokake mutiara
adi ing sajroning bebrayan. Pepadon ngadohake
tekane rejeki, saeka praya sarane urip santosa
bebarengan keluarga. Gusti bakal paring rejeki kang
lumintu, waton kita tansah satuhu marang dhawuh
saka Panjenengan-E.

28. Jinangkaning jejangkan karana jinangkah


Ana geguritan gaya Surabaya-an, diaturake
dening penulis, kagem para maos kang sutresna.
52
Menyang Pacet, liwat Sidoarja
Yen nunggang trek, mudhuna Sepanjang
Yen duwe grenjet, tindakna sanalika
Aja mung mandheg, cukup disawang.
Kawujudaning pengangen-angen utawa jejangkan,
awit karo anane tekat kang kandel, kanthi temen-
temen. Usaha lan mbudi daya kang becik sakabehe
ora mung digalih kepriye mengko asile.
Orang dinilai dari kesungguhan usahanya, bukan
semata-mata karena hasilnya. Kemampuan lan
kemauan uga dadi pawitan kang mirunggan. Mesthi
bae kanthi berdoa, supaya kita pinaringan gangsar,
nindakake pakaryan lan jejangkan kang kita gayuh.
Naliko bocah-bocah isih sekolah mulo
mbutuhake wragad kang ora sethithik, akeh kang
kudu dicukupi. Dadi wong tuwa kudu terus
angupaya kanggo “menopang” kebutuhan kuwi.
Sing ngrekasa cukup disangga wong tuwa, papa
cintrakaning urip, kandega dadi pengalaman,
minangka reroncening keprihatinan.
53
Bocah-bocah, anak putu supaya urip mapan,
anjangkah sakabehing jejangkan, kanthi jangkah
kang tatag, supaya lakune bisa tutug, pungkasane
bisa urip tentrem.
29. Kanthi semangat
Kematian ora mung bisa dumadi tumrap
jasmani. Saksuwene iki, bab kematian kang kita
sumurupi, ya kuwi nalika paru-paru mandheg
ambegan, jantung berhenti berdetak, lan sabanjure,
raga ora berfungsi maneh. Mangka saknyatane ana
kematian jenis liya, yaiku kematian rohani. Ing bab
kuwi, raga kita isih bisa berfungsi kanthi becik,
nanging jiwa kita wis mati. Mati semangat, nglokro
ing minat, lumuh ing penggayuh. Katone urip,
nanging ora bener-bener bisa nguripi ing
panguripan.
Kedadean mengkono mau bisa muncul,
kagawa anane prastawa kang dialami. Kematian
istri, suami, ibu utawa bapak, anak, anggota keluarga
liyane, lan sapanunggalane.
54
Rasa getun, sedhih, kelangan wong sing ditresnani.
Iki kabeh kudu enggal diprantasi, kanthi hakekat,
sumarah kersane Gusti. Enggala nuli bangkit
nerusake samubarang pakaryan, kanthi semangat,
supaya tetep bisa beraktifitas.
Mangga, kita gunakake saben detik ing
sajroning panguripan kanthi sabecik-becike. Urip
kanthi semangat. Urip kanthi sukacita. Yen ana
tantangan sing menghadang, kita berdoa nyuwun
kekuatan. Ing ngarsane Gusti, kabeh umat Allah
bakal pinaringan panguripan, sebab Tuhan iku
sumbering Kehidupan. Aja nganti jiwa kita mati
sakdurunge pinasthi. Wektu-wektu kang lumaku,
diisi kanthi sakabehing pakarti kang berarti. Kita
aturake pengabdian dhiri pribadi marang Gusti Kang
Maha Asih, kanthi rasa syukur kang tulus.
Jiwa kang urip, ya kuwi jiwa sing kebak
semangat. Kanggo wutuhe pangarep-arep : Jiwa raga
kang tetep bersemangat, harmonis lan serasi.

55
Hidup adalah rahmat yang patut kita syukuri
sepanjang masa. Berkah Gusti murakabi semangat
kita kabeh.

30. Kesepian.
Kita kabeh iki, sayektine ciptaaning Gusti
Kang Maha Agung, minangka makhluk pribadi, uha
makhluk sosial. Kita mbutuhake sawijining
lingkungan, lan tekane wong liya ing jagading alam
panguripan iki.
Ora nggumunake, wong banjur nggresah,
ngadhepi swasana sepi, awit tanpa rewang, rasane
urip iki dadi anta tanpa rasa. Luwih-luwih dadi krasa
sangsaya sepi, sakwise ditinggal ibu, lan anggota
keluarga , kondur ing zaman kelanggengan, sowan
ing ngarsane Gusti.
Sakjroning swasana kesepian, pikiran banjur
ngulandara, ing alaming lelamunan sing ngambra-
ambra.

56
Mula dirasa akeh empere, anane pocapan yen urip
iku sejatine minangka persoalan sing kudu diatasi.
Urip uga minangka tantangan sing kudu di adhepi
Jaman bisa owah, nanging iman tumrap
marang Gusti, kudu tansah tetep mantep, uga
salagine kita nandhang panalangsa ing sakjroning
kesepian. Kahanan sing sepi, njalari pikiran
nglangut, pedhoting semangat, kudu bisa kita
singkirake. Kanthi tetep bersemangat, nindakake
sakabehing aktifitas, kaya-kaya bisa mbiyantu,
mecahake kesepian, kang kita isi mawa kesibukan
positip. Gusti tansah paring pitedah, tumrap kita
kabeh. Ikhtiar amiwiti, begja angrampungi, Gusti
Memberkati.

31. Urip iku sawijining anugerah


Uriping manungsa, mujudake garis lurus kang ora
pedhot-pedhot. Sejarah saben wong, dumadi nalika
terbentuk ing sajroning rahim ibu.

57
Rahim ibu, minangka donyaning penguripan sing
wiwitan. Ing kanane, mula wis ana penguripan. Bayi
sing ana njero kandungan, wiwit bisa obah,
berkembang, mundhak dina mundhak sehat. Kabeh
mau ing njero rahime ibu, mrantandhani anane
penguripan.
Sakwise genep wancine, sibayi kudu ngalih
pindhah. Donyane kang wiwitan, sing aman tentrem
kudu ditinggalake. Liwat prastawa kang disebut :
kelahiran. Si bayi mlebu ing ndonya anyar, ya kuwi
donyaning penguripan kita kabeh iki. Donya anyar
kang hiruk pikuk, kebak keributan, mencekam, kang
ora dirasa dening bayi sak durunge. Bayi terus
berkembang, mundhak gedhe, bisa mlaku, dolanan,
sinau nganti diwasa.
Pungkasane, ing titi wanci kang ora bisa
diprediksi, kita duga, kapan tumekane, nanging
pasthi, donya kita iki, kudu ditinggalake, tumuju
menyang donya kang luwih kekal, abadi, langgeng.

58
Mula wong seda, disebutake, sampun kondur ing
jaman kelanggengan.
Penguripan minangka anugerah, paringane
Gusti Kang Maha Asih, perlu kita syukuri, kita
manfaatake, kanthi lelaku becik tumrap sesama, sak
durunge kita katimbalan, sowan ing ngarsane Gusti,
kita kaparingan wektu kanggo berjuang nindakake
kabecikan. Urip minangka anugerah kang kudu
digunakake, mligine kanggo sesama, sapa bae.

59
Kawruh sepala
A. Katentreman
Urip ora mung kaya unine bebasan mampir
ngombe, nanging sakabehing penguripan kudu
ana batasan-batasan utawa norma-norma
kehidupan kang perlu dadi gegondhelaning urip,
setia, mengabdi marang Gusti Kang Maha
Asih.Kita kabeh tansah mbutuhake ketentreman,
supaya kita bisa mengembangkan dhiri secara
manusiawi, rukun, damai, sejahtera, bahagia.
Kerukunan, kedamaian, kesejahteraan kang
njalari anane kebahagiaan, dibutuhake banget
kanggo jejeging bale wisma. Dadi werdine, kita
diajab tansah giat membangun, ora mung kaya
wong sing mampir ngombe, mung kanggo
sauntara wektu. Lelakuning ngaurip iki, ora
pisah karo anane rintangan, kang bisa njalari
tuwuhe gangguan panguripan. Nanging waton
kita tetep berusaha kesulitan-kesulitan, bakal
bisa kita prantasi, kita bakal oleh kebahagiaan,
60
kaya kang kasebut ing tembang asmara dana,
ngisor iki :
Gondhelaning wong akrami
dudu bandha, dudu arta,
amung ati pawitane,
luput sepisan, kena sepisan,
yen gampang, luwih gampang
yen angel, angele kelangkung
tan kena tinumbas arta.
Monggo padha sami kersa ngramesi, manut
jantraning panggrahita kita dhewe-dhewe. Sing
endah, edi, sing kita jaga. Ngupaya urip tentrem
bebarengan karo uriping liyan.

B. Wektu kang endah


Akeh wong sing nglahirake penemu, yen
wektu sing paling endah iu, digambarake ing
mangsane nalika kita isih muda.

61
Panemu iku, kaya ana benere, jalaran ing
kalane “masa muda”, mujudake masa bersemangat
kanggo nyoba sakabehing bab anyar, kanthi daya
kreatif, selaras karo anane energi sing membara.
Nanging kuciwane, ora kabeh para muda ngisi
wektu muda iku kanthi positip. Akeh wektu sing
dibuang muspra, amung mburu anane pengakuan lan
pujian. Rumangsa bombong, sing penting gaya. Apa
tegese gaya, yen sejatine gaya mau, mung kaya dene
sandiwara, pura-pura, mawa topeng. Topeng pura-
pura, dadi anak sugih, sing nduweni sakabehe.
Topeng sok kuminter, sok tau, supaya diarani anak
pinter.
Para muda diajab lan diajak supaya enggal
angendhani, kalimput ing alaming kepalsuan. Ayo
nuli padha bangkit, dadia paraga sing piguna. Dadi
paraga sing ora ngelak pengakuan lan pujian,
nanging temen-temen dadi paraga sing dipuji karana
bisa berprestasi lan berkreasi, kang muncul saka
olahing pribadi kang mumpuni.
62
Masa muda, mula kudu cinipta bisa dadi
wektu kang bener-bener endah, nanging kaendahing
Masa muda, gumantung tata cara lan lelaku, kang
ditrapake dening para mudha dhewe. Wektu terus
lumaku, kudu dipigunakake kanthi satuhu, aja nganti
mrangguli bebendu
Aja padha kuwatir ing bab dina sesuk, sebab
dina sesuk nduweni kesusahan dhewe. Kesusahan
sedino, cukup sedina bae.

C. Apa bae, sing dak sinau saka ibu


1. Ibu paring piwulang ing bab prioritas.Ing
nalikane ana perselisihan sak jroning
keluarga, ing padatan ibu ngendika :
Yen isih terus regejegan, becike padha metu
saka ruangan iki, sebab lagi bae ibu reresik
ing kene, supaya ora dadi reged maneh.
Kahanan kang resik, kudu tetep dadi
prioritas ing urip iki.
2. Panuntun ing bab keyakinan lan agama.
63
Berdoa ing saben wektu, bisa ngilangake
noda ing bebrayaning rumah tangga.
3. Ing bab-bab sing logis, kebak logika, sing
ketemu nalar, jumbuh karo kahanan lan
kemampuan. Sing edipeni, duwe rega
sakethi, sing utama, regane saleksa.
4. Ibu uga paring sesuluh bab genetik Kowe
kuwi mirip adat pakulinane bapakmu, sering
nesu, ngambeg, gampang tersinggung, lan
sentimentil. Ciri wanci, lelewa ginawa mati.
Supaya terus berusaha, urip bisa luwih
duweni aji.
5. Ibu ngajari jejeging keadilan. Keadilan
tumrap sapa bae, sing luwih wigati tumrap
anak putu, wong tuwa ora kena pisan-pisan
nduweni sifat, sikap, perilaku : emban
cindhe emban siladan. Pilih kasih.
Pituduhing ibu ing bab keadilan iki, supaya
dadi pelajaran favorit, kanggo putra-putra
wayah kabeh
64
D. Wusaning atur
Buku Reroncening Urip iki ngemot 31 bab
renungan, lan 4 bab kawruh sapala, diajab bisa
njangkepi isining tulisan iki. Ditulis ing wulan Maret
sing umure 31 dina. Diterusake 4 bab, kawruh
sapala, mratandhani lumebu ing wulan April, sasi
kaping papat.
Daftar pustaka, minangka literatur, kapethik
saka sadhengah renungan rohani, kang ana sambung
rapete kahanan, saben dina kang kita alami.
Wondene kanggo njangkepi andharan buku iki,
diaturake otobiografi penulis .
Muga-muga pengalaman apa bae kang wis
dialami ing sajroning prastawa urip bebrayan bisa
nglahirake “pengalaman berharga” lan sabanjure
nguwatake, yen sayektine urip iki endah.
Hidup adalah keindahan yang harus dikagumi
dan dinikmati
Sumonggo, nuwun.

65
Biodata Penulis

Dra Beauty Krustiani, MM


lahir di Ngawi 28 Pebruari
1963.
Menyelesaikan S1 di IKIP
Negeri Surabaya Jurusan
Fisika dan S2 jurusan MM.
Menikah dengan A.Endro
Kristijarso dan dianugerah
seorang putra Pradono Kristiyo
Putro.
Pengalaman mengajar :
 Thn 1986-1992 di SMPK St. Yosef Surabaya
 Thn 1986-1992 Asdos di Universitas Katholik
Widya Mandala.
 Thn 1992-2002 di SMAK St. Carolus Sby.
 Thn 1992-sampai sekarang guru di SMK Negeri
3 Surabaya.
 TIM PENILAI Angka Kredit Provinsi Jawa
Timur thn 2012 sd sekarang
Penghargaan :
 Satya Lancana Karya Satya X tahun dari Presiden
RI
 Satya Lancana Karya Satya XX tahun dari
Presiden RI
 Delegasi Pendidikan kota Surabaya ke kota Perth
(Australia)
 Dari Melville Senior High School, Perth
DAFTAR ISI

Halaman Judul
Purwaka
1. Sinau lan marsudi urip mukti 7
2. Paedhahing urip sehat 8
3. Semaya 9
4. Nyuwun kekuatan Iman 11
5. Nyebar bibiting “kebanggaan” 12
6. Reformasi panguripan 14
7. Makarya 16
8. Gumanti gawe sampurna 17
9. Pamirsa kang gawe suka 19
10. Siaga lan waspada 20
11. Ora et labora 22
12. Cilik wujude, gedhe kasiate 24
13. Hamban
ing
Allah
kang
setia
25
14. Nindakake pakaryan mulya 27
15. Katrisnaning biyung 29
16. Gegaraning urip 31
17. Miwiti pakaryan saka sing prasaja 33
18. Lumaku bebarengan pituduhing iman 35
19. Samekta mapag asiling tumindak 37
20. Luhur lan asoring dhiri pribadi 39
21. Sepi ing pamrih rame ing gawe 41
22. Tuwuh dadi anggur sukacita 42
23. Rasa was-was kudu dibrantas 44
24. Siji kanggo sakabehe satu untk semua 46
5
25. Menehi iku bisa gawe begja 47
26. Ing Nalikane kabeh dalan wis katutup 49
27. Ngupaya santosaning balewisma 51
28. Jinangkaning jejangkan karana
Jinangkah 52
29. Kanthi semangat 54
30. Kesepian 56
31. Urip iku sawijining anugerah 57
Kawruh sepala
A. Katentreman 60
B. Wektu kang endah 61
C. Apa bae, sing dak sinau saka ibu 63
D. Wusananing atur 65
6

Atur Prawacana
AAAAtur Prawacana

Puji Syukur panyerat aturaken wonten


ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung sahengga
buku kumpulan geguritan menika saged rampung
kasusun.

Mboten kesupen kula aturaken matur sembah


nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah
paring pandonga, pangestu saha para dwija ingkang
sampun paring kawruh lan seserepan sahengga buku
kumpulan geguritan punika saged purna.

Geguritan minangka bahasa kalbu, curahan


sanubari saking relung jiwa ingkang paling dalam,
Geguritan ugi dados kanca rikala sepi, dados kekasih
rikala rindu,ugi kados setetes embun rikala dahaga.

Mugi-mugi buku meniko saged paring


manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang
maos.
Kula minangka panyerat ugi kathah kekirangan,
pramila panyaruwe, pamrayoga tansah kula antu-
antu. Nuwun !

Surabaya, 16 Agustus 2021


4

DAFTAR ISI

Halaman Judul
Atur Prawacana
1. Kawula Dosa
2. Ing Omah Lawas
3. Nalikane Rembulan Ngumpet
4. Sekolahku
5. Swasono Sepi jroning Atine Kembang
6. Mung Butuh Kanca
7. Keplayu
8. Lali Janji
9. Kidung parak Esuk
10. Agustus 2020
5

11. Mengeti Proklamasi Kamardikan RI tanggal


17 Agustus
12. Kanggo Yu Minten
13. Lali
14. Ngliwati Ngawi
15. Dak sawang Soko Kene
16. Kidung Saka Gunung
17. Kang aneh-aneh ing Dalan Kembar
18. Musium Sepur Kuno
19. Saka Wukir Danaraja
20. Mardika
21. Teka maneh Sedulurku Agustus.
22. Angleluri Budaya lan Basa Jawa
Wusananing atur
6

1. Kawula Dosa
Gusti,......kawula dosa
Gusti,......kawula dora
Nyuwun agenging pangapura
Ndungkap wanci subuh
Sak lebeting wulan pasa
Kula klisikan mbenakaken kemul
Kaget, nratap wonten tiyang
Menek, mbikak jendela,
Mlebet dhateng kamar kula.
Kula rewa rewa tilem nglepus
Napas kulo senggor-senggoraken
kulo nyobi konsentrasi
Tangan uwat-uwet
7

Sirah krugal krugel


Mripat liyap-liyep, merem melek
Kawistara tiyang badhe nglimpe
Pados rupa rupa.
Pinuju piyambakipun lena,
Kulo gubet raket mawi kemul
Kulo tarik rosa-rosa
Klenger saknalika
Gusti Kula dosa
Kagem kaluhuran paduka
Ugi kangge kawilujenganing sesama
Gusti Kulo Dosa
Gusti kulo Dora
Nyuwun pangapuro
8

2. Ing Omah Lawas

Sengaja aku mampir...


Ing omah lawas, nadyan ati kadhung cuwa
Nyawang langit kebak awu.
Ngrasa angin perih ing ragaku
Sengaja aku mampir,
Nyoba bali sinau, maca carita
Anggrahita lintang
Kemerlip ing pucuking arga
Nalika Maghrib teka
Langit candhik ala
Lan kaya padatan
Ing omah lawas
Sing durung rampung
9

Lelakon sing ora dumunung


Mula wis akeh sing seda
Para pepundhen kang wus yuswa
Nanging pancen akeh sing perlu dijarwa
Ing omah lawas....sak durunge wektu teka
Wektu ngungun, gumun, wengi ing samun.
Kahanan saya tambah suwung....
Gawe ati sansaya liwung.
Gusti Allah.............
Ya gene Panjenengan paring pacoban
Apa dina dinaku wis purna...
Oh, Gusti Allah
Aku wedi, wedi banget....
Kelangan gegondhelaning ati.
10

3. Nalikane Rembulan
Ngumpet
Rembulan angslup, ninggalake omah suwung
Tumlawung tanpa dilah ublik
Suwe ditinggal lunga,
wong tuwa kang kebak trisna
Kabuncang prahara.
Omah suwung kari membrung
Turut tembok tuwa dipangan lumut
Crito-crito kacuwan tanpa kesetiaan
Cuwilan-cuwilan dhuhrita
Sinulam sawang lan jaring kalamangga
Wengi peteng, njenggereng angker.
Gawe miris ati kang ringkih
11

Ah, moga-moga rembulan enggal bersinar


Cahya kang kencar-kencar.
Rembulan ndhadari tanggal limolas
Sinarmu bisa ditutake kanthi mantep
Senajan liwat gendheng kang pecah
Yen swasana tansah padhang
Ing ati uga ora bimbang
Samubarang kang sinawang
Nuwuhake tekad bisa menang.

12
4. Sekolahku
Sekolahku,
Panggonanku kanggo nuntut ilmu
Saben esuk aku mangkat bareng mitra
Amarga kepingin golek ilmu
Sing diparingake dening guruku.
Nanging saiki
Telung tahun wis tak liwati
Akeh banget sing wis dumadi
Sing ora bisa aku lali
Ngapiki kekliruan sing dak lakoni
Marang guruku, marang kanca kancaku’
Sekolahku,
Muga ilmu sing dak duweni saiki
13

Bisa migunani kanggo awakku


Nganti besuk tekan uripku.
Aku dadi pinter, nulis, maca
Jalaran saka guruku
Aku ngerteni sakabehing ilmu
Jalaran saka guruku.
Guruku.....
Pahlawanku........
Jasamu, ora bakal sirna ing kalbu.
14

5. Swasana Sepi Jroning


Atine Kembang
Saupama kena milih
Wis mesthi aku luwih seneng
Urip lan manggon ing taman
Ana sing njaga lan ana sing ngrumat
Ngerti lan nresnani
Kaendahan kang sejati
Minangka titah sawantah
Apa kang bisa dak jangkah
Sakliyane pasrah
Senajan manungsa bisa gawe sejarah
Kanthi sewu trekah lan krenah
Ora ana titah kang bisa nyegah
Kersane Gusti Allah.
15

6. Mung Butuh Kanca

Kena apa cedhak-cedhak aku


Kena apa mesti ngetut lakuku
Sok dadi ayang-ayangku
Supaya bisa dadi mitraku
Nyatane janjimu sing kaya entut
Swarane bae sing seru
Jebulane kabeh mung nggedabrus
Nalika aku butuh kanca
Sliramu malah lunga
Nalika aku kuciwa lan nalangsa
Esem mu malah pecah sumringah

16
Aku kuciwa mitra
Sliramu wis dak anggep lintang madhangi aku
Wis dak anggep bumi pancadan, panuntunku.
Kabeh-kabeh muspra.
Aku gela, aku kuciwa
Micara tanpa tanja.

17
7. Keplayu

Lamun kowe bisa mlayu


Supaya ora mlebu pakunjaran
Nanging panggonan tentrem ora bakal ketemu
Amarga ngendi-endi kaya ana bae pakunjaran
Dhuwit akeh sing saka kas negara
Bakal dadi kuburanmu tanpa kenangan
Putra-putrimu bingung milih donga
Amarga kowe ora pantes mlebu swarga.
Saupama kowe mertobat
Nanging kebacut wareg mangan dhuwit negara
Dosa-dosamu tetep marang rakyat.
Kang kuwasa ora nduweni hak pangapura

18
Tanpa guna kowe keplayu
Lan malih rupa kanthi operasi
Amarga mlayumu tetep ana saklumahing jagad
Tansah diusik watak maksiat
Mulo prayogane ora susah keplayu
Luwih becik tetep ing omahmu
Amarga kabeh palu wis biso kok tuku
Pakunjaran uga wis kebak kanca-kancamu
Para koruptor,
Aja tingggal glanggang, colong playu
Adhepen bae, apa kang bakal dadi paukumanmu.

19
8. Lali Janji

Dadi wingi sliramu lali


Dadi wingi sliramu mikir liya
Iya apa ora ?????
Pancen lumrah
Sliramu manungsa isih bisa lena lan lirwa
Sliramu dudu nabi, lumrah yen ora netepi janji
Nyata aku uga menungso
Getihku buthek kaya getihmu
Mripatku teles kaya duwekmu
Nandang kena apa aku ora lali
Wingi bengi aku nunggu tekamu
Aku panggah lungguh kanthi nggresah
Sliramu ora bisa netepi janji

20
Dina iki aku tetep ora lali
Ora lali lan ora bakal lali
Ora kaya sliramu
Kang tansah mblenjani janji
Mula tansah dieling-eling
Wong urip iku sing digugu nyatane
Aja mlenca-mlence
Ajining dhiri saka lathi
Ajinang sarira saka busana.

21
9. Kidung Parak Esuk

Parak esuk, alun-alune


Isih padha kencar-kencar
Padha lali yen ana pranatan anyar
Kudu ngirit sakabehing kagunan
Yen perlu srengenge ya dipateni
Peteng sisan ben metu banaspati
Mengkono aloke wong sing kelara -lara
Merga wis ngirit salawasing yuswa
Wiwit dadi abdi nganti jaman merdeka
Kabeh-kabeh tambah ngresula
Bola-bali lan makaping-kaping
Tansah lumuh mring pangeling-eling

22
Parak surup alun-alune wis padhang
jingglang,terang cemerlang.

Kuwatir kedhisikan metune banaspati

Seneng peteng ben katon topenge

Saiki jaman, jamane kaum penyeleweng

Ditemeni wae olehe padha memuji

Nyuwun kembang-kembang harmoni

Ing jagad raya mekar adi

Bebarengan tumindak kang edi peni

Yen mengkono....

Aku bakal tumindak serentak

23
Wetan bang sulakipun

Mertandhani yen bangun enjing

Ing padesan wiwit obah

Lanang wadon nyabut kardi

Netepi kewajiban.

24
10.Agustus 2020

Kamardikan andum kalodhangan

Sing sakawit ngrasakake alaming penjajahan

Urip kang tansah nandhang kasengsaran

Kok simpen ing endi wae kabeh catetan

Kang nyritakake pait getiring lelabuhan

Mangkal saka awaling panjangkan

Ketang tresnaning marang kamardikan

Kita terus semangat ing perjuangan

25

Saiki sing wis padha ngrasakake enake jaman


Mara noleha dhewe-dhewe

Sapa kandha ora bisa

Sejatine kamardikan hak ing bangsa.

Aku lan sliramu

Bisa uga wis ora nate ketemu

Apa maneh karo dheweke

Kang uripe seje-seje

Tahun iki pitung puluh lima sak wise 1945

Coba dietung upama umure menungsa

Rak wis thuyuk-thuyuk tambah tuwa.

26

Nanging aku tetep duwe pengarep


Kanthi ati kang mantep

Kamardikan bakal tetep madhep mengarep

Dhuh Agustus.....

Gegayuhaning bangsa iki

Amrih generasi kang gumanti

Ora kepaten obor

Arep ngidul apa ngalor

Ngetan apa ngulon

Lurik batik iket blangkon.

27
11.Mengeti Proklamasi
Kamardikan RI tanggal
17 Agustus

Dhandhang gula
1. Sinarkara kinarya mengeti
RI mardheka nagri Indonesia
Kang tri prapat abad yuswane
Ing pitulas Agustus
Kaleh ewu kaleh dasa
Wiwitaning mardhika
Duk jaman rumuhun
Tahun patang puluh lima
Dirgahayu mangku wuwusing sesanti
Tulus mulus raharja

28
2. Sak lebeting wekdal tanggap warsi
Wis ngalami sakaliying jaman
Owah gingsir lelakone
Negara saya maju
Bungah susah gilir gumanti
Pirang-pirang kadadeyan
Wiwit purwanipun
Proklamasi kamardikan
Pembangunan, pranataning reformasi
Nganti jaman samangkya
3. Nuswantara mardika sejati
Dudu mardika kang samar-samar
Warata karta harjane
Ing kutho lan ing dhusun
Pucuk gunung pantogung gisik

29
Kawula sanagara
Sayuk nunggal kayun
Kayungyun ing kautaman
Sang Dwi Warna wuwuh wingit merbawani
Pancasila wijaya.

30
12.Kanggo Yu Minten
Yu Min..........
Apa sih sing sakjane mbok oyak
Saben esuk tangi jenggirat
Banjur mlayu plas,
Lali mangan
Lali adus
Awakmu balapan mlayu karo angin
Nabras-nabras.
Mandhega sedela Yu Min !!!
Iki ngombe banyu, ora ketang mung satenggak
Lan wis aja mbok oyak
Awit rahina ora bakal kuwagang ngoyak dina
Yu.........
Ayo awakmu tak ajak bali.

31
13.Lali
Ngapa kowe ndadak takon
Sapa sing nyebar winih pari
Apa kowe ora kelingan
Nalika wingi awan
Aku kekitrang golek utangan
Ngapa kowe ndadak takon
Kapan olehku miwiti
Apa kowe ora weruh
Lehku ninggal pacul mangkat sawah
Saiki winih pari wis thukul
Ngrembuyung ijo royo-royo
Aku wis gawe sudhetan saka banyu kali
Wis rampung nggonku nanduri
Geneya kowe ora sida niliki
Apa nyatane kowe lali

32

14.Ngliwati Ngawi
Saka Kertosono menyang Sala
Sak wise Nganjuk lan Caruban
Banjur Madiun, nuli Maospati
Lakune kandheg ing tlatah Ngawi
Akeh kang sliweran jroning pikiran
Cathetan-cathetan klawu langgam panguripan
Alas jati pinggir ratan
Pira sing gedhe bisa diwilang
Ora perlu tlusupan mara menyang tengah
Saka kadohan wis katon cetha
Alas jati pepayoning bumi
Bosah-basih dirayah memedi

33

Kandheg ing tlatah Ngawi, ngombe wedang kopi


Kelingan maneh kembanging impen
Sulastri prawan Gendhingan
Penyanyi campursari lan penari Gamben
Pira lawase pisah saka pasamuwan
Kumlebat guwayaning para kadang
Maca puisi, kanthi permati
Maca geguritan nyuwak kadurkan moral
Mangsa kang tansah kaponthal-ponthal
Kandheg ing tlatah Ngawi
Urip iku pindhaning Cakra Manggilingan
Kapan bisa lestari.........

34

15. Dak Sawang Saka kene


Dak sawang ing kene papan iku ngresepake
Ing pandulu mapag dina ngarep
Sing mesthine kebak pengangen
Kaya esuk iki sing tinemu katentreman
Pangangen dadio kanyatan
Marga wewayangan kang mangklung mentelung
Coba sawangen ing kana kae
Godhong loro nyundhul langit
Nanging suwalike kencar-kencar lampu
Padhang.
Ana tlatah panyumbarang, kelangan warna

35

Pawuhan sing gumelar kanthi ganda ngiris


Irung,
Gawe dhadhane megar mingkup
Saben srengenge wis arep angslup
Ngronggani wengi sing kepingin katrem
Banjur omah kardhus ilang warnane tumpukan
Sing bakal nyambung urip dadi panantang
Saengga nampeg mata ing saben dino
Sing njalari dlapukan dadi perih
Ing ngarep omah
Wit jambu lumut, pring cendhani
Sing dadi rerenggane pawiyatan iki
Pancen godhong ijo sing royo-royo
Tuwuh ngresepi, nyigar dina-dina sing dawa
Saka kene sesawangan mau nggawa ujar
Yen sejatine urip iku endah, peni kang perlu
Dinikmati....

36

16.Kidung saka Gunung

Kasebut ing serat kuna


Ana sawijining panguwasa
Kang kaloka ing saindhenging nuswantara
Sang paraga sugih raja brana
Ngirim wadyabala maewu-ewu cacahe
Miyak samudera raya semenanjung Malaka
Agawe tambah kaloka ingkang asma
Nadyan kagempur ing wusanane
Nora gawe gigrik tekade
Seje tahun dibaleni
Mbelani kamardikaning sepadha-padha

37

Kayu kawi critaning bapa


Kedhep tesmak nyawang angkasa
Wis dak dudut benange abang
Mugi entuk palilahe
Gusti kang ngukir bawane
Salira ngukir tanah perdikan
Manah lati, lidhah tembangan
Dak tlesih, manut iline angin
Kang kumrisik ing gegodhongan
Sekar triwarna ing watu gilang
Ganda arum manjing angkasa
Menep lerep kedhunge jiwa
Dadi negara kang saya kuncara
Panjang, punjung ing sakabehe kandha
Panjang dawa pocapane
Punjung luhur kawibawane

38

17. Kang aneh-aneh ing jalan


kembar
Ana geni mletik
Ing plataran jiwa
Kang kebak alang-alang
Ngobong langit suwung
Ati miris golek banyu
Ing bumi lara tanah mluwa
Geni mrekatak
Malah mbakar balung iga
Saking bingung dak idoni
Sang kala nuding murka gawe gendra
Saking lara ati dak ece

39

Sang winda ngunus pedhang


Saking wedi dak tiliki
Malah meneng karepe dhewe
Banjur muncul saka sisih kulon
Brahala laknat nyunggi kianat
Ngusung mala anyar pepati jroning kalbu
Wiwit tumetes eluhing biyung, eluhing bumi
Topeng-topeng uga katon ing kene
Agawe mati sakabeh langkah
Ing papan pakurmatan ing meja pengadilan
Uga ing tratag kamardikan
Topeng-topeng padha sliweran
Enggal cepakno banyu kembang
Dak wacakno japa mantra
Sak kubenge tengah lawang.

40

18.Musium Sepur kuno


Swara sumpritan thethulitan ing kadohan
Sepur tuwa lumaku pebanjengan
Nepusi dawaning ril napak tilas sejarah
Tinggalane kaum penjajah
Ing musium iki
Dak niyati ngeningake cipta
Tumrap kusuma bangsa kang wis sumare
Ambarawa nate dadi palagan gedhe
Gerilyawan lan para pejuang
Piyandel granggang lan senjata bambu runcing
Gumrudug maju kalane udan mimis
Ganda mesiu

41

Getih abang malera


Raga-raga gumlethak tanpa wilaga
Ndhepani bumi pertiwi
Tumbaling kamardhikan
Ing musium iki
Sikilku konjem mring bumi
Dhadha beseseg, jagad krasa horeg
Ing musium iki,
Ya gene sliramu sajak ora perduli
Anggonmu lelondhotan saya nyumelangi
Ngisik-isik bangkekan
Ora kuwawa kanggo gondhelan
Mangerteni sejarah kang sayekti
Oh, generasi pengganti
Tumuruna, rawatana musium iki.

42

19.Saka wukir Danaraja


Mirengna, ujaring kandha
Jamane sekar sinengker ing pringgitan
Dhusun kencana, ijo royo-royo elok sanyata
Rinengga taneman maneka warna
Tanjung kenanga mawar regula
Gandasuli, mlathi lan soka
Tlatah reja mekar ngrembaka
Kaserat obor, abyor kuncara
Kang ngayomi wong agung linangkung
Wanodya kebak pangalembana
Kanjeng ibu kang asmane arum ing rat
Ibu Agung sekaring pamuji

43

Wis dadi kersaning Gusti


Sang endah jumeneng dadi oboring jaman
Kang nyemak sasmitaning ngaurip
Antuk berkah terus ageng uripe
Weruh ing rasa kang satuhu
Sang lukita maraga sekar bawana
Kikisa ing tutur ala
Lestari ing sejarahe
Agung arum ati suci
Danaraja wis dikunci
Anane mung enget negari
Ing tlatah lor, pasir dadi mlathi
Wukir danaraja kang merak ati

44

20. Mardhika

Mardhika, jarene sapa


Tumindak ngene, entuke panyaruwe
Wewatone ora ana dalile
Mardhika, jarene sapa.
Yen nggondheli wewatone dhewe
Sinebut bener, yen manut karepmu
Anggepane kliru, ora bisa digugu
Mardhika, jarene sapa
Endi buktine asung bulu bekti
Ing madya nyenyrimpeti
Ing mburi nggondheli
Mardhika, jarene sapa
Yen ing batine ana lelarane
Krama dangsa benere dhewe
Mardhika , jarene sapa
Yen ing dhiri ora ana rasa wirang
Lumebuwa ing nraka sumelang
45

Mardhika, jarene sapa


Yen wis binirat rasa tepa slira
Apa maneh deduga lawan prayoga
Mbeguguk makutha waton kang disubya- subya
Mardhika, jarene sapa
Senengane nguja hawa
Kamardhikan digawe kudhung tumindak culika
Mardhika, jarene sapa
Yen mung matesi panguliring budi
Aja mung dadi unine sesanti
Buktekna kanthi satuhu
Sekali mardhika, tetap mardhika !!!

46

21. Teka maneh sedulurku


Agustus
Saben tahun teka maneh sliramu, sedulurku Agustus
Ngelingake yen Bung Karno lan Bung Hatta
Ngumandhangake proklamasi kamardhikan
Indonesia.
Sakwise kajajah dening Landa, Jepang lan liyane
Semana suwene nandhang kasangsaran

Dina iki tanggal 17 Agustus


Saindhenging negara , rinengga gendera abang putih
Nelakake kumranen mbelani bebener
Kamardhikan iki dudu kanugerahan saka Ratu
Wilhelmina

47

Uga babar pisan dudu hadiah saka fasisme Jepang


Sing kawetu nalika padha kalah perang

Sliramu, sedulurku teka maneh Agustus


Mbaleni adrenging penggayuh
Madege negara lan bangsa kang tumata
Tentrem kerta raharja

Sing saiki lagi diuji :


Alam lan akhlak rusak, bebaya tumeka
Sapa sing saguh ndandani
Agustus, dhuh wulan pamupus
Para pejuang kamardhikan
Paring tuladha kang tansah amemayu
Kasantosaning bawana

48

17 Agustus sewu sangang atus patang puluh lima


Tansah teka saben warsa.
Gawe raharjaning nusa lan bangsa
MERDEKA !!!!
49

22. Angleluri budaya lan


basa Jawa
Ing sawijining tengah wengi
Wengi kang atis, lelimengan lan sepi
Kaya dirujid-rujid lan gawe trenyuhing ati
Aku kaya-kaya katut kabuncang ing mimpi

Sepi, peteng lelimengan ya petenging ati


Mung swara suling, kagawa angin alon nganyut-
anyut kaya adoh angelangut
Sedhela ana, sedhela maneh muspra ing sepining
wengi

50

Gumregah,,
Sepisan aneh wengi kang sepi angelangut
Cetha cumengkleng swara pepeling kang winangsit
Mbebisik teka genah merabah-rambah

Budayamu, basau aja pisan-pisan kesingkur lali


Diupaya aja nganti katalompen
Kepilut, katut ombaking kadonyan
Wusana getun kaduwung ing tembe mburi

Ora mung mandheg ing ujaring kandha


Wis bukti lan nyata
Budaya lan basa Jawa agawe alusing budi
Minangka pangeling dhiri pribadi lan bangsa

51

Basa kang kebak tuladha, sanepa


Apa dene duga prayoga, unggah ungguh, tata krama
Nenuntun ing reh tepa salira, tumuju kang utama

Kandhane winasis :
Srengenge durung gumlewang
Isih manjer madhangi jagad saisine
Kaya aweh pepeling :
Ayo padha tansah sengkuyung, supaya budaya lan
Basa Jawa terus ngrembaka salami nya
52

Wusananing atur

Buku iki ngemot rolikur geguritan’

Ditulis ing wulan Agustus, amarga ana prastawa


wigati ing sasi iki kang kebak kenangan endah.

1. Agustus hari Kamardhikan RI

2. Ibu sing dak tresnani, sing wis kondur ing


jaman kalanggengan ambal warso ing sasi
Agustus uga.

3. Agustus uga wiwitanku anglampahi gesang


akrami
4. 18 Agustus Ulang tahun anak lanangku kang
tansah dak tresnani

53

Mula buku iki dak tulis ing sasi Agustus,sasi kang


tansah dak antu-antu tekamu.

Wusananing atur, mugi Gusti Ingkang Murbeng


Dumadi, tansah njangkung lan nyengkuyung buku
punika, sagedo nguri-uri lan lestarinipun budaya lan
basa Jawa’

Sumonggo, nuwun

Surabaya, Agustus 2021

Panyerat
54

Biodata Penulis

Dra Beauty Krustiani, MM lahir


di Ngawi 28 Pebruari 1963.
Menyelesaikan S1 di IKIP Negeri
Surabaya Jurusan Fisika dan S 2
jurusan MM.
Menikah dengan A.Endro
Kristijarso dan dianugerah
seorang putra Pradono Kristiyo
Putro.
Pengalaman mengajar :
 Thn 1986-1992 di SMPK St.
Yosef Surabaya
 Thn 1986-1992 Asdos di Universitas Katholik
Widya Mandala.
 Thn 1992-2002 di SMAK St. Carolus Sby.
 Thn 1992-sampai sekarang guru di SMK Negeri
3 Surabaya.
 TIM PENILAI Angka Kredit Provinsi Jawa
Timur thn 2012 sd sekarang
Penghargaan :
 Satya Lancana Karya Satya X tahun dari Presiden
RI
 Satya Lancana Karya Satya XX tahun dari
Presiden RI
 Delegasi Pendidikan kota Surabaya ke kota Perth
(Australia)
 Dari Melville Senior High School, Perth
Buwah kang nggawa berkah

Werdining pitutur
Datan bisa luntur
Sak dawane umur

Kasusun dening
J.F.Sukardi Wh
01-Mei-2020
Isining wicara
1. Apresiasi katur marang kau ibu
2. Wawasan kang jembar lan trawaca
3. Melayani iku sawijining anugerah
4. Kanugerahan kang tanpa pepindhan
5. Wanita-wanita kang sarwa kuncara
6. Dadia paraga sing utama
7. Witing tresna, saka kulina
8. Nalikane rembulan ngumpet
9. Sinawangan saka sak burining jendhela
10. Kanugerahan saka paringane Tuhan
11. Andarbeni jiwa agung sarta wibawa
12. Tirtaning panguripan sejati
13. Marga kang wis sumadya
5

14. Menggalih dhisik lagi wiwit wicara


15. Syukur marang Bapa ing Swarga
16. Kang tansah manunggal ing dhiri kita
17. Ngundhuh wohing pakarti

Surabaya, 01-Mei-2020

6
Pratamaning kandha

Nalika penulis resik-resik rak buku kang reged, ora


kanyana -nyana nemu lembaran kertas, isi maneka
warna catetan kegiatan sing ditindakake saben dina.

Salah sijine ana berkas crita puthikan kang siap


dijilid dadi buku, kena kanggo wacan ing wektu
senggang, ngiras pantes golek kawruh.

Ing kalodhangan iki, dak pilih sawatara


lembar, dak tata dadi kumpulaning andharan lan
sesurupan, syukur bisa oleh piwulang kanggo
nambah wawasan ing babagan panguripan iki.

Andharan kasebut nuli dadi judhul buku


Buwah kang nggawa berkah kaya kang
katulis iki. Akeh bab-bab sing bisa digawe
tuladhaning urip, contone nyinaoni bab gotong
royong, demokrasi lan liyo liyane

3
Sinau saka pengalaman kang ditindakake
dening semut nalikane nggawa panganan,
bebarengan mlebu sak jroning leng pandhelikan
sinamun .

Kita uga salaga, sejatine urip bebrayan ing


masyarakat, perlune urip gotong royong, rukun
tulung tinulung, diayahi bebarengan. Omah
gendheng tak saponane, abot entheng dak lakonane

Manungsa cinipta minangka jejering makhluk


pribadi lan sosial. Kita ora bisa urip dhewe ing
masyarakat, sayektine kudu tansah bebarengan,
mujudake komunitas demokrasi.

Para kanca sumurupa, nora adoh saking


ngriki,buburukan gumalantung. Wangkene si
jangkrik upa, eman banget saupama nora tan den
usang, menyang eleng bebarengan den andum
aprayogi

Sumangga. Nuwun...

4
1. Apresiasi katur marang kaum ibu

Ibu-ibu tansah paring pangestu, supaya putra-


putrine gangsar nindakake kewajiban saben
dinane, manut pitedahing Gusti Kang Maha Asih

Putra-putri gegondhelan astane ibu, angliwati


dalan, bukit lan lembah, ing jagading panguripan
iki. Ibu paring kekuatan lan kemantepan,
ngadhepi sakehing tantangan lan rintangan.

Samangsane ibu ana sisihku, putra-putri percaya


sakabehing pakaryan bakal lumaku kanthi
rancag, sebab kabeh mau minangka anugerah
kang patut kita syukuri. Para putra-putri,
ngupaya kebebasan, kemandirian. Ibu tetep
samekta paring pitulung, supaya putra-putri
enggal bangkit ing nalikane kesandung lan tiba.

Saiki putra-putri wis dewasa, nanging ibu tetep

ora owah, tetep hadir, minangka dadi


pendukung, pemberi nasihat, motivator lan

penggerak, kang tansah dadi sumbering kasih


kang ora bakal luntur tumrap putra lan putri saiki
lan sateruse.

Wohing kautaman , lewat piwulange ibu,


minangka kanugrahan tumrap para putra putri
kang anampani, pepindhane kaya dene
sesanti,kajugrugan gunung menyan kang
murakabi kanggo nggayuh lan mangayu bagya
tekane panguripan kang luwih terang lan
cemerlang berkah paringane Gusti Kang Maha
Asih.

2. kang jembar lan trawaca


Panguripaning wong beriman, mujudake
peziarahan tumuju ing puncak, kang endah ya
kuwi Yesus Kristus, Tuhan lan Allah tujuan
kang utama, nyadhong welas asih Allah kang
nuwuhake wohing pertobatan.

Wujud pertobatan kang paling nyata yaiku


ngupaya bisa dadi insan kang murah hati, kaya
dene Bapa murah hati sanyatane.

Ziarah pertobatan kang ditindakake para kaum


ibu, salugune uga ateges membangun mentalitas

kaya kang diparingake dening Tuhan Yesus


Kristus.

Janganlah kamu menghakimi, maka kamu tidak


akan dihakimi dan janganlah kamu menghukum,
maka kamupun tidak akan dihukum. Ampunilah
dan kamu juga akan diampuni.

9
Sebab ukuran yang kamu gunakan untuk
mengukur akan diukurkan kepadamu (Luk 6 :
37-38).

Para ibu sering pitutur marang putra-putri, sing


padha ngati-ati nindakake pakaryan kang becik,
mligine tumrap urip bebarengan ing masyarakat.

Ora susah nahan jagad raya, tatanen bae


atimu. Ora susah serik marang kasugihan, urip
bae sing prasaja, sak madya.

Anugerah, minangka pawitan utama dadi


panuntune sapa bae kang lumaku tumuju ing
panguripan kang prasaja

10
3. Melayani iku sawijining anugerah

Anuju sawijining dina, ana kanca kang rawuh


ing omahku, ngasta buku catetan, minangka
hasiling sumbangan saka donatur, kanggo nyuda
abot ing sesanggan kacintrakan.

Sakwise dak isi sumbangan kang layak, aku


rumangsa melu bersyukur, awit hasil jerih
payahku sak suwene iki bisa dadi sarana urun
bantuan marang sasama kang lagi nandhang
penderitaan, kekurangan.

Dudu Tuhan kang butuh kita, nanging kita


sing butuh pakaryan saka Tuhan.

Sejatine melayani iku mula wis dadi sawijining


anugerah saka sing Maha Asih.

Yesus paring pituduh kepriye kudu bersikap


minangka pelayan kang ngabekti.

11
Yesus ngersakake supaya kita oleh imbalan
upah, ora mung wujud materi, nanging uga arupa
berkat rohani.

Urip iku wis dadi kagungane Yesus,urip


abadi, kekal lan keselamatan. Kita wajib
bersyukur marang Yesus Kristus sang Juru
Selamat. Anugerah tumrap kita lewat wafat lan
kebangkitan Kristus, tetep dadi daya dorong
kekuatan iman.

Urip anyar lan bertindak manut kasih Roh


Kudus, mampu nyingkirake sikap, sifat egois,
nengenake upaya dadi umat kristiani kang sejati.

12
4. Kanugrahan kang tanpa pepindhan

Ing sajeroning taun, Tuhan maringi anugerah,


supaya kita bisa dadi sembada, umat sing
bahagia lan sejahtera, kanthi nindakake
pengampunan, belas kasih tumrap sesama. Dadi
peziarah pertobatan kanthi berkah lan anugerah.

Kita rumangsa, minangka pengikut Kristus


ing mangsa kala nampa berkah lan anugerah
kasebut. Nanging kita sering angel kanggo
bersyukur, sering mengeluh, nggrundel,
sabanjure ora bisa berbuah lan berkembang ing
panguripan iki.

Buwah roh kang tansah tumurun kanthi


lumintu arupa kasih, suka cita, ketentreman,
kesabaran, kemurahan, kesetiaan, sejatine kudu
tansah kita uri-uri saben wanci.

13

Ora ana hukum apa bae kang melawan bab-bab


kaendahing berkah, anugerah kang ora bisa kita
gambarake, mawa pepindhan, nanging bisa kita
resapi ing saben wektu.

Ing jagading panguripan, kaya-kaya kahanan

kang sifate kontradiksi, tansah kita alami ;


contone ana sing bisa urip mulya, ana sing
nandhang cintraka.

Urip iku sawijining perjuangan kang kudu


dimenangke. Hidup adalah perjuangan yang
harus dimenangkan.

14

5. Wanita kang kuncara


Sak wise ana gerakan emansipasi,
kalungguhaning wanita ing jagading
pembangunan nduweni prabawa kang kuat,
mligine tumuju marang martabating bangsa,
negara.

Kaum Wanita ing era pembangunan lan


kemajuan, wis akeh sung nduweni posisi penting
ing masyarakat, kaya ta :

Ana guru saka kaum ibu,

Ana wartawan saka pihak perempuan.

Ana polisi saka kalangan putri, lsp

Kabeh mau ora luput saka anane anugerah


lan berkah, yen sejatine ajuning pembangunan
kudu tansah kita sengkuyung saka sakabehing
potensi masyarakat.

Para kaum ibu, minangka bagian masyarakat

15

kang ora bisa dipisahake karo perjuangan lan


pegorbanan kang hebat, terus bergerak ing

sadhengah kalodhangan, bebarengan komunitas

liyane, njejegake era reformasi sak utuhe.

Wis akeh banget tuladha kang diparingake

Marang putra-putrine, wiwit saka bab sing

katone sepele, nanging sejatine tuladha mau

kebak nilai pitutur kang luhur, nasihat kang

murwat saka kuncaraning para kaum wanita

kang hebat.

Dhawuh pituturing ibu kang tansah rinungu


ing saben wektu, contone :

Aja ngukur kasugihan mawa barang kang kita


darbeni, nanging ukuren karo bab-bab sing kita

16

duweni kang ora bisa dituku mawa dhuwit pira


bae.
Dhuh Gusti kawula legawa, tanpa rawuh
Penjenengan ing tengahing keluarga, karaharjan
mboten badhe saged kawula prangguli.

Jadilah kepadamu, menurut imanmu (Mat 9:29)

17

6. Dadio kang utama

Sak rampunge kasil milih lan nemtokake ing,


babagan pakaryan kang bakal katindakake
sejatine kita nduweni panjangka, bisaa dadi kang
utama, kang paling becik ing babagan mau
(expert).

Nyambut karya iku minangka bagian tumrap


cita-cita (to be) kang bakal kita gayuh
bebarengan. Supaya bisa nggayuh pakaryan kang
becik (to have) perlu disadari, yen sejatine dadi
sing paling becik, iku ora amung kanggo sing
nglakoni, nanging uga kanggo keluarga,
masyarakan lan Tuhan.

Dadi kang becik iku perlu anane motivasi


kang dibutuhake, upamane :

1. Kalodhangan nggayuh ketrampilan.

18

2. Semangat sinau, memahami sadhengah


sesurupan
3. Jaringan kang jembar, kanggo nampung
aspirasi

4. Ningkatake kapasitas dhiri, bisa luwih


kabuka

5. Daya memahami persoalan, katon meningkat

Semangat nindakake perubahan, bakal


merbawani tumrap peningkatan kwalitas maneka
warna ing pakaryan kang becik

Mula dadio kang paling utama, kang paling


becik, mligine manut situasi lan kondhisi kang
nyata dibutuhake.

Sukses bakal tumeka,manut sepira dawane


panjangka lan kesanggupan, mula dadio kang
utama tumrap putra, keluarga, sumrambah utama
tumrap negara lan bangsa.

19

Lebih mudah langit dan bumi lenyap daripada


satu titik dalam hukum Taurat batal
( Luk 16 :17)

20

7. Witing trisna jalaran saka kulina


Pocapan ing lembaran iki, wis krasa lungse,
ditinggal jaman. Kudune sing perlu oleh
kawigaten iku semangat bertindak. Wiwitane
bae, saka wektu saiki, supaya ora adoh saka
karining laku.

Satus jangkah, diwiwiti etungan saka


jangkah sepisan. Yen kita ora enggal tumindak,
miwiti saka bab-bab sing cilik, ora bakal bisa
nglumpukake bab-bab sing gedhe, contone :

Supaya dadi guru teladan tingkat provinsi,


kudu diwiwiti ing tingkat kota, kabupaten,
kecamatan, sekolah, malah uga saka kelas ajar,
ing panggonane dhewe-dhewe.

21

Bergaul, berkumpul karo kanca nunggal visi,


misi kang padha, dadi sarana mujudake cita-cita
utama, sing digantha-gantha.
Sregep maca buku sadhengah ilmu, perlu
banget.

Cakrawala donya bisa kabuka, akeh inspirasi


muncul. Maca biografi wong-wong kang sukses,
bisa nambahi semangat kanggo njaga
konsistensi, kecintaan.

Sak suwene menempuh lelakoning ngaurip,


kita sering mengalami krikil-krikil tajam,
sandhungane ngaurip, poma aja kongsi gawe
citraning panjangka dadi surem tanpa cahya

Wiwitane saka saiki, witing trisna, jalaran


saka kulina. Ora perlu nunggu wektu, nunggu
saka tekane liyan, nanging saka krentege ati
dhewe-dhewe.

22

Gusti Kang Maha Asih, Maha Pirsa, Maha


Pitulung, lan Maha ing sakabehe, kersaa paring
kelimpahan anugerah lan karuniaMU, tumrap
kawula, Amin

23

8. Nalikane rembulan ngumpet


Ing padatan rembulan bersinar terang ing sisih
wetan, wayah bengi kang cerah wulan Mei kaya
saiki. Nanging katone, bengi iki rembulan ora
ngatonake dhiri. Swasana krasa hening, tanpa
ana angin semilir, sepi mawung.

Wektu terus lumaku, malah sangsaya krasa


luwih cepet manut iramane dhewe-dhewe. Taun-
taun terus tambah umure, sejarah nduweni awal
lan akhir.

Sajroning swasana redup, sejatine kita perlu


pepadhang, sesuluh supaya kahanan bisa enggal
pulih kaya adat saben, sahingga kita bisa nikmati
kamurahing Gusti kang Maha Asih.

Semono uga kanggo kita kabeh, mbutuhake


pepadhang ing sadhengah prastawa. Pepadhang
bakal ngusir pepeteng. Ati kang peteng ora bakal
mrangguli langkah panguripan kang sanyata,

24
kosok baline ati kang padhang, nggampangake
tumindak becik ing samu barang pakarti. Dadio
sesuluh, pepadhang kanggo menyinari alam
sekitar.

Kehadiran Allah ora bakal owah, Allah


tansah hadir ing sak dawane wanci, ing sajroning
zaman. Swasana peteng, remeng-remeng
samangsane rembulan ora katon, prayogane ora
nganti kadalu warsa.

Urip sejahtera bahagia mbutuhake cahya


kang padhang, semono uga perlu sinengkuyung
ati kang wening, pikir lan tindakan lewat urip
kang utama, nuhoni trahing kusuma.

Akulah jalan kebenaran dan hidup.

25
9. Sesawangan saka mburi jendhela

Ana sawijining wanita, lagi bae mulih saka


Rumah Sakit sakwise operasi. Wanita iku lagi
bae nyandhang penyakit tumor jinak. Diagnosa
dokter, mratelakake waras. Bisa konsultasi ulang
ing sawatara wektu.

Yen dideleng saka njaba, wanita kuwi


kudune bersyukur awit wis waras saka
penderitaan kang dirasakake sak suwene iki.

Nanging yen diurut saka sajroning wektu


bebrayan, wanita iki wis ora bakal duwe
keturunan maneh. Kudu legawa lan pasrah
marang kasunyatan.

Sesawangan saka sak burining jendhela,


katon tetep endah, bisa nuwuhake kepranan
marang sapa bae kang wis uwal saka penyakit.

26

Semono uga diajab bisaa tansah dadi


endahing ngaurip, sanajan tanpa putra keturunan
ing wektu kang bakal tumeka. Nyata ana
kesibukan ing njaba, muga-muga uga ana
kebahagiaan sajroning wardaya.

Bahagia tidak dicari-cari

Semakin dicari-cari, semakin lari

Bahagia harus ditempa

Semakin ditempa semakin berjumpa

(Chairil Anwar, puisi)

Sesawangan paling mulya kang bisa dideleng


dening sakabehing menungsa, ya kuwi anane
kerlipan lintang, ibu kang berharaga.

27

10. Kanugrahan saka Tuhan


Tuhan iku Maha Adil, kang ora nate cidra
nanging kepara tansah paring kanugrahan
marang sapa bae, manut jerih lelah kang
digunakake.

Sing nindakake pakaryan Tuhan, bakal


nampa ganjaran, anugerah kang sampurna.

Dadi aja padha nglirwakake keadilan, kebecikan


saka Tuhan, sebab yen kang paling dhuwur ing
ndonya iki, pirsa perluning upah marang para
kawulane. Apa maneh katur Gusti Kang Maha
Pemurah ing Swarga.

Nyuwuno kita bakal diparingi, golekana kita


bakal bisa nemu, diketuk, didhodhog kita bakal
dibukakake lawang,.

Gusti Yesus iku sakelangkung bijaksana, arif


marang umat kang mbutuhake berkat lan

28

anugerah, mligine kaluhuraning budi.


Tuhan paring berkat kanggo umatNya. Saben
wong beriman uga diagem Tuhan dadi berkat
kanggo sasama. Nyuwuno berkat kanggo
pribadi, uga para sasama.

Diupaya supaya dhiri kita iki minangka saluran


berkat tumrap sasama.

Urip sangsaya dadi bermakna, sauger kabeh


prastawa direnungkan, sebab akeh prastawa kang
njurug saben manungsa, bisa ngalami kehadiran
Tuhan. Iki kabeh dadi sarana, tumuruning berkah
anugerah kang tansah danti-anti saben wanci.

29

11. Andarbeni jiwa kang agung


Kasih karunia kang katulis ing lembaran
iki, kagem para umat kristiani, pandhereking
Kristus, perlu tansah diuri-uri, disengkuyung
supaya tetep langgeng ing sajroning urip iki.

Langkah kang becik kanggone pakaryan


mau, bisa diwiwiti saka dhiri pribadhi kita
dhewe, sebab sajroning ngupaya kebecikan,
kita malih entuk pikoleh berkah wigatine
paseduluran saka jembaring wawasan urip.

Jiwa kang agung, kaya-kaya dadi


sarananing sikap kerendhahan diri, kelemah
lembutan utamane kesabaran, suka paring
pangaksama tumrap sasama.

Wong kang migatekake lan tansah kersa


mengarahkan telinga tumrap teguran kang

30

nggawa kasampurnan urip, tetep bakal antuk


piwales kabecikan sak murwate.
Jika kamu menurut dan mendengar dan
senantiasa mau mendengar dengan seksama,
kamu akan makan hasil baik dari negeri ini

(Yesaya 1 :19)

Mula kuwi, sak mangsa sesambungan kita


karo Tuhan, saben wektu tansah raket, kita
bakal andarbeni iman kang kuwat, ora ana
kang mustahil kagem Tuhan ing swarga.

Urip rohani sing keropos bakal bisa


njalari kita gampang patah semangat,
suwalike urip rohani sing kokoh, bakal
nduweni jiwa kang agung, paring
pangaksama tumrap sasama.

31

12. Tirtaning panguripan


Para maos cepet utawa rendhet, nanging
pasti, yen sejatine potensi kita, paribasane
sumur panguripan, bakal asat, kering aking
ing wanci mangsa ketiga.

Nanging, nalika Kristus sumbering banyu


urip iku tansah manggon ing panguripaning
dhiri kita, ora bakal gawe sumelange pikir
lan ati, kasatan banyu panguripan saka
Kristus kang dadi andalan sakabehing
kekutan rohani kita.

Dadi yen wektu iki, kita rumangsa nemahi


kekeringan lan patah semangat jalaran sumur
panguripan lagi asat lan garing, prayogane
enggal nimba banyu ing sumur kehidupan
Kristus. Ing kanane, ora bakal tinemu
kahanan kang nyedhikake.

Sumur kehidupan Kristus tansah bancar

32
Lancar, metu saka sumbering banyu kang
tansah lumintu.

Kristus minangka panutaning ngaurip, tansah


paring pangayoman, tansah paring pitedah,
tumrap makna kebenaran urip iki.

Tirtaning panguripan, bisa nggugah marang


sapa bae, supaya enggal gumregah, bangkit
bali maneh saka nandhang susah tumuju urip
kang kebak gairah.

Kristus mujudake sumber mata air kang


tansah mengalir sampai jauh.

33
13. Marga kang wis sumadya

Para maos, dak kira wis mangertosi,


salah sijine sebab, ya gene para pendaki
gunung tewas sajrone upaya nelukake pucuk
gunung, awit dalan kang ditempuh para
pendaki, dianggep dalan anyar kang efektif
lan efisien

Para pendaki amung bisa muter-muter,


bola bali ngubengi lingkaran setan kang
durung bisa diandelake. Akibate para
pendaki kelangan wektu lan tenaga. Rasa
ngorong, ngelak lan ngelih ora bisa diatasi,
semono uga penderitaan liyane.

Sak wise menyadari yen dalan sing


ditempuh iki dalan kliru, para pendaki
berusaha bali nggoleki dalan lawas, kanthi
pasrah, kematian mung kari nunggu wektu

34
Semono uga kahananing panguripan.
Nganti seprene akeh sing pada nyoba
nemokake dalan anyar kanggo nggayuh
keberhasilan, kemakmuran lan keselamatan.

Luwih saka 2000 taun dalan tumuju


keberhasilan, kemakmuran lan keselamatan
wis ana, sumadya, samekta, diliwati dening
sapa bae kang percaya.

Yesus Kristus kuwi dalan kebenaran dan


hidup, wis terbentang suwe. Sapa bae kang
ngliwati dalan kang dibeber ing jagad raya
iki bakal nemoni keselamatan. Ora perlu
muter-muter tanpa arah kang pasti, dalanmu
kliru. Balia, ngliwati dalan Kristus kang wis
sumadya.

Yesus bersabda : Akulah jalan kebenaran dan


hidup. Tidak ada seorang pun yang datang
kepada Bapa, jika tidak melaui Aku (Yoh
14:6)

35
14. Menggalih dhisik lagi micara

Swasana ati kang wening, perlu tansah dijaga,


mligine patrap micara marang liyan supaya ora
nuwuhake pangrasa kang beda-beda. Dibutuhake
sikap kang ati-ati lan prayoga.

Disuwun aja micara luwih dhisik, lagi digalih


nanging sing pener, digalih dhisik lagi micara.

Ing alaming urip bermasyarakat, akeh


sandhungane kayata : salah paham, salah tampa
lan salah pengertian. Bab iki bisa kedaden, awit
kita kurang arif lan kurang bijaksana ngetrapake
tataning wicara kang pratitis, unggah-ungguh
sarta tata krama ing wicara.

Kaya dene kembang-kembang endah kang


sering dilalekake dening wong akeh,sabanjure
dadi kering.

36

Layu tanpa ninggalake kesan lan makna ing


sajroning panguripan iki
Suba sita, duga prayoga kanggo sapa bae,
diwiwiti kanthi basa wicara kang santun lan
kurmat marang sapa bae, ing ngendi bae.

Seseorang bersuka cita, karena jawaban yang


diberikannya dan alangkah baiknya perkataan
yang tepat pada waktunya.

(Asal 15: 23)

Apa kang bakal diucapake, perlu digalih kanthi


titi lan permati, kanggo njaga aja nganti
keduwung ing dina mburi.

37

15. Syukur marang Bapa ing swarga


Ibu Erna, guru honorer SD Swasta ing desa
terpencil. Penghasilannya pas-pasan kanggo
ukuran cukup ing saben wulane. Fasilitas kang
ana sarwa terbatas

Kabeh dilakoni kanthi tabah, rasa syukur


tanpa mengeluh, ditampa lan tetep disyukuri.
Sak liyane mulang, nindakake tugas saben dina,
Ibu Erna uga melu kegiatan Gereja lan
masyarakat kanthi aktif ditindakake, bersyukur
lan tulus. Ibu Erna rumangsa oleh berkah lan
anugerah ing sajroning panguripan iki.

Minangka jejering umat kristiani, mula wis


dadi kewajibaning urip kang patut tansah kita
syukuri marang Gusti Yesus Kristus.

38

Umat kristiani kang nampa kasih karunia Allah


kang melimpah, minangka dadi pakuwatan iman,
ngabekti marang Gusti Yesus Kristus kanthi
tulusing ati kang sejati.

Saka buku nyanyian Syukur BagiMu Tuhan,


diterangake yen urip iku, bener-bener sawijining
anugerah kang patut kita syukuri salaminya.

Hidup adalah rahmad, anugerah, yang patut

Kita syukuri, dengan segenap hati.

Hidup adalah keindahan, yang perlu

Kita nikmati dengan sepenuh hati murni.

Hidup adalah pemandangan, yang patut

Kita kagumi dengan jiwa raga yang suci.

Lsp.

Tuhan menaburkan benih-benih iman dan


menyiraminya dengan cinta kasih.

39

16. Kang tansah manunggal ing dhiri


kita
Dudu wewenang kita kudu ameruhi ya gene
doa kita durung dikabulake, nanging kita kudu
nunggu saat Tuhan kanggo mbebasake
penderitaan.

Dudu wewenang kita kudu ngenteni ya gene


berpisah karo kasih Tuhan. Nanging duwea iman
lan harapan, senadyan ati lagi sedih.

Dudu wewenang kita kudu weruh ya gene


kita perlu bersusah payah, menderita nanging
percaya mahkota duri Mu ing tembe bakal
menjilma dadi rahmat, anugerah ing marganing
Tuhan.

Ora ana anugerah kang mulia saka salib mahkota


lan ati sing tatu. Mula ora perlu nggresah. Kabeh
mau mula dadi kuncine pintu-pintu swarga.

40

Tuhan paring dalan pengertian, werdining


lewat kebenaran pindaning lembah kang jero, lan
ing lembah iku, luwih-luwih ing dasaring
lembah, kita bakal tansah oleh pangampunan.

Keagungan kasih Tuhan ora bakal menyusut,


ing samangsane menungsa gemeter, kaweden
nanging sangsaya tambah kuwat, kuwawa,
memancarkan kesetiaan kang ora bakal redup
kaya lintang-lintang ing swarga.

Marganing Tuhan, marga kang tansah darbe


kawibawan tumraping sadhengah pakarti suci.
Marganing Tuhan nglempengake perspektif
panguripan manungsa kang terus menanjak.

Hiduplah Allah Tri tunggal Maha Kudus


dalam diri kita dan di dalam diri seluruh umat
manusia.

41

18. Ngundhuh wohing pakarti


Agung lan merbawani sakabehing pakaryan
Tuhan Allah Kang Maha Kuasa. Adil lan bener
sakabehing dalan Tuhan, angiteri saindhenging
nusa lan bangsa.

Sapa kang ora patuh lan ora mulyakake asma


Tuhan, bakal tumeka lan wajib nyembah bekti
marang panjenengane

Yesus Kristus warga Nazaret kang disalib,


nanging kang wis dibangkitkan saka antarane
wong mati, dibuang karo tukang bangunan lan
dadi watu penjuru, lan keselamatan ora ana
sajroning dhiri sapa bae, sakliyane ing sajeroning
panjenengan Kristus.

Kita ora bisa nindakake bab kang bener ing


satengahing tumindak luput lan dosa.

42

Amung panjenengane Gusti Yesus kang bisa


mbebasake lan menyucikan, mentahirkan,
supaya tindak-tanduk kabecikan ora bakal
muspra.

Wondene sarana kang utama, kita perlu


bertobat ing ngarsane Yesus Kristus Sang Juru
Selamat, sebab keadilan lan kebenaran perlu
dijejegake kanggo lestarine relasi lan komunikasi
tumrap Tuhan lan sesama.

Tidak ada seorangpun yang dapat dibenarkan


dihadapan Allah, oleh karena melakukan hukum
Taurat, karena justru oleh hukum Taurat, orang
mengenal dosa (Roma3)

Ing jagading panguripan iki, isih sering kita


prangguli bab-bab sing ana gandheng rentenging
karo kebenaran lan keadilan.

Sing sapa nyebar winih kebenaran, bakal


ngundhuh wohing pakarti.

43
Kang kita prangguli ing
saben dino

Suplemen panguripan

Surabaya 01-Mei-2020

44
1. Ing saben dina mujudake dina
anyar kanggo wong -wong sing
arif bijaksana
Yen ana ing antarane kita nate ngalami
kegagalan, bosen lan jenuh, utawa lali nyebut
firman Tuhan kanthi tulus, mangga kita wiwiti
maneh komitmen anyar nekuni firman Tuhan
kanthi semangat, pantang menyerah lan bangkit
saka kegagalan, lan saben dina mujudake dina
anyar, tumrap wong sing arif lan bijaksana

Segala sesuatu dijadikan oleh Dia, dan tanpa


Dia tidak ada satupun yang telah jadi dari segala
yang telah dijadikan. (Yoh 1 : 1a)

2. Kawiwitan saka sing cilik


dhisik, nuli sing luwih gedhe
bakal kawujudan
Kegagalan ing sadhengah pakaryan, sejatine –
45

dudu saka Tuhan kang ora paring berkat,


nanging saka diri pribadi kang lumuh ngregani
bab-bab sing cilik, sahingga Tuhan ora paring
kepercayaan tumrap bab-bab sing luwih gedhe

Barang siapa setia dalam perkara-perkara


kecil, ia setia juga dalam perkara-perkara besar.
Barang siapa tidak benar dalam perkara-perkara
kecil, ia tidak benar juga dalam perkara-perkara
besar (Luk 6 : 10)

3. Urip widada sajroning iman


Sayektine iman kang bener iku percaya marang
firman Tuhan lan sawijining keyakinan.

Kabeh sing di dhawuhake lan dijanjikan Tuhan,


pasti dileksanani kanthi sayekti

Iman bakal layu tumrap sing ragu, Iman


bakal muspra tumrap sing ora setia, percaya.
46

Nanging iman ndadekake urip iku kaendahan,


pengarep arep kang cerah, wektu kang
cemerlang, nyenengake ing masa depan.

Sesungguhnya orang yang membusungkan


dada, tidak lurus hatinya, tetapi orang benar itu
akan hidup oleh kepercayaannya (Habakuk 2 : 4)

4. Mentaati firman Tuhan tanpa


keraguan
Yen mula kita percaya marang Yesus Sang Juru
Selamat lan Penolong, salugune, kita ora perlu
ragu-ragu tumrap kawibawa ning firman Tuhan
kang diparingake kanggo kita.

Tuhan Yesus ora bakal maringi dhawuh kang


bisa nuwuhake kasangsaran, nanging pasti yen
dhawuhe Yesus bakal mujudake kabecikan lan
keberhasilan.
47

Taurat Tuhan itu sempurna, menyegarkan


jiwa. Titah Tuhan itu tepat, menyukakan hati,
perintah Tuhan itu murni, membuat mata
bercahaya. (Mzm 19 : 8-9)

5. Firman Tuhan tumrap diriku


Firman Tuhan kang kita tampa ing saben wektu
saka paringane Gusti, mligine tumrap diri pribadi
kita, perlu oleh kawigaten mirunggan, supaya
kita bisa nindakake ing sajeroning panguripan
iki, tansah antuk berkat saka Bapa ing Swarga.

Sebab Firman Allah hidup dan serba kuat,


lebih taja dari pada pedang bermata dua
sekalipun.

Sebab ia sungguh sanggup membedakan


pertimbangan dan pikiran hati manusia.

(Ibrani 4 : 12)
48

6. Terus tetep setia


Sakwise kita rampung dibabtis, kita darbe tugas
kewajiban patuh, taat, sregep beribadah nyang
gereja, melu kegiatan kang dianakake ing saben
wektu. Sakwise dibabtis, kang luwih utama
ditindakake, yaiku netepi kewajiban minangka
dadi umat kristiani kang setia marang Tuhan
poma aja nganti nguciwani.

Tuhan ora bakal rena, sapa bae kang sulaya janji,


mengundurkan diri.

Janganlah menjauhkan diri dari pertemuan


ibadah seperti yang dibiasakan oleh beberapa
orang, tetapi marilah kita saling menasehati dan
semakin giat melakukannya menjelang hari
Tuhan yang mendekat.

(Ibrani 10 : 25)
49

7. Ngowahi sikap negatif dadi


sikap positif nunggua, apa sing
bakal dumadi
Sering mengeluh, nggresah, jalaran penghasilan
rendah, ora mampu nyukupi kebutuhan saben
dina, mujudake sikap negatif sajroning
panguripan iki, kang perlu dibrantas, diganti
sikap sing positif, nggunakake tenaga kanggo
mlangkah, maju.

Wong kang bisa maju ing jagading


penguripan, pratanda bisa methik keberhasilan,
menuju sukses.

Wong kang gampang patah semangat,


bersikap negatif, pesimis ngadhepi kesulitan.

Wong kang sukses, lumrahe nduweni


semangat pantang menyerah, bersikap positif ing

50
kalane ana persoalan, optimis ngadhepi
kesulitan.

Urip mula bisa nuwuhake kesulitan, kang


kudu diatasi. Sikap kang positif bakal bisa
nuwuhake hasil sing positif uga.

Lakukanlah segala sesuatu dengan tidak


bersungut-sungut dan berbantah.(Filipi 2 : 14)

8. Ora perlu miris ing ati


Sifat jirih, miris lan wedi, bisa ilang yen kita
ndarbeni keyakinan lan kepercayaan kang
tangguh, awit ana kekuatan ing sajrone pribadi
kang gedhe banget, ya kuwi pribadi kang
mengasihi kita. Pribadi kang rila maringake
sakabehing pangorbanan kanggo umat manusia,
arupa keselamatan lan kesejahteraan.

51
Pribadi kang luhur iku, ora liya ya amung
Gusti Yesus Kristus, kang Maha Asih.

Mula tan poma-poma kuwatir lan wedi, tumrap


apa kang bakal dumadi.

Kristus wis menyerahkan nyawa Nya, kanggo


nebus dosa dosa kita.

Sumelang lan khawatir perlu dibuwang,


diganti dening sikap sing madhep, manteb
ngadhepi sadhengah prastawa apa bae.

Kepercayaan marang Kristus, minangka pawitan


lan modal utama kekendelan kita.

Aku senantiasa memandang kepada Tuhan,

Sejak dini hari karena Dia berdiri tampan

Menawan di sebelah kananku, melangkah

Gagah, aku tidak goyah

(Mzm 16 : 8)

52
9. Sikap murah hati
Manut saka wawasan manungsa salumrah, kerta
ajining batu permata, luwih dhuwur tinimbang
ajining dhiri pribadi kang murah hati. Pambiji
ing iki, ora adoh saka sifat sepihak kang didasari
sifat materialistis melulu.

Nanging yen diwawas saka pamirsane


Tuhan, sejatine kemurahan hati kita luwih
dhuwur tinimbang ajining batu permata apa bae.

Wong kang ndarbeni sifat lan watak sing


murah hati, nindakake kabecikan marang diri
pribadi dhewe, nanging wong wengis nyiksa
pribadine dhewe.

Wong kang murah hati dhemen pitulung


tanpa pamrih, supaya ing tembe oleh piwales
saka sapa bae kang lagi nandhang kesusahan.

Wong kang murah hati, ora berminat antuk

53
pujian lan popularitas, nanging ditindakake
pener bener suci murni, tumuju marang
kabecikan kang sejati.

Sifat lan sikap murah hati, uga adoh saka niat


demonstratif, supaya dideleng liyan.

Ketulusan lan keikhlasan dadi modaling pakarti


ing babagan kesucian lan kabecikan.

Orang yang murah hati berbuat baik, kepada


diri sendiri, tetapi orang bengis, kejam menyiksa
badannya sendiri. (Amsal 11 : 17)

10. Prioritas kanggo ing liyan


Musibah anane pandemi covid-19, njalari para
pegiat komunitas kagugah terlibat ing babagan
proyek kemanusiaan, paring bantuan marang
para penderita kang lagi nandhang kesusahan,
dadi prioritas ndhisikake melayani kepentingan

54
masyarakat.

Ndhisikake kepentingan wong liya, mligine


kang menderita, nduduhake sikap lan sifat kang
patut kita apresiasi positif.

Tuhan paring berkat marang umat kang


tansah rela ndhisikake kepentingan liyan demi
rasa kemanusiaan lan pendidikan moral.

Nindakake sakabehing kegiatan kang


didasarake marang sikap prioritas, ora
mentingake kepentingan diri pribadi, suwalike
minangka kepentingan wong liya, perlu
disengkuyung dening sapa bae, lan ing papan
ngendi bae.

Sakabehing sing kog karepake, supaya wong


liya nindakake kaya kang kok tindakake, enggala
tindakna sanalika, tindakna kang becik.

55
Segala sesuatu yang kamu kehendaki, supaya
orang perbuat kepadamu, perbuatlah demikian
juga kepada mereka (Mat 7 : 12a)

11. Ngupaya kalodhangan


Ungkapan ing andharan iki : Ngupaya
kalodhangan, nduduhake yen sejatine,
kalodhangan iki mung teka sepisan bae, ora
nganti rong (2) ambalan. Cukup sepisan bae
kang kudu digayuh.

Singkirna sikap lan sifat kang ora terpuji,


supaya kalodhangan bisa didarbeni ing
sakabehing tumindak. Bersikap arif, bijaksana
supaya bisa weruhi kapan wektune kalodhangan
mau dadi sawijining keberhasilan.

Mula kaya ana bener yen kalodhangan iku


perlu digayuh ing sajroning panguripan.

56
Urip iku mujudake kalodhangan (kesempatan)
kang perlu dimanfaatkan.

Aja mbuwang wektu, kanggo bab-bab sing


ora perlu. Luwih becik kalodhangan iku enggal
bisa aweh pituduh, sepira gedhening tekad kang
kita nduweni.

Pemborosan wektu sajroning kabeh kalodhangan


kang ana, bakal dadi mala petaka ing panguripan
iki.

PerintahMu, membuat aku lebih bijaksana


daripada musuh-usuhku, sebab selama lamanya
itu ada padaku (Mzm 119 : 98)

12. Ngrampungake Masalah


Ing nalikane kita menghadapi masalah karo
wong liya, sak bisa-bisa aja nganti cara cara
kang digawe ngrampung persoalan, malah

57
nuwuhake masalah anyar kang luwih rumit.

Minangka jejering umat beriman, kristiani kang


cinta kasih, mula perlu ngetrapake ajaran cinta
kasih kang sayekti supaya masalah bisa diatasi
kanthi semangat kekeluargaan, semangat cinta
kasih.

Sabda Yesus, cintailah sesamamu, seperti


engkau mencintai diri sendiri. Masalah anyar
kang muncul ing satengahing swasana
permasalahan, kudu bisa kita singkiri, upama
tansah kita ngetrapake cara musyawarah lan
mufakat.

Ora ana masalah kang ora bisa


dirampungake, waton kita bisa saling memberi
lan menerima. Sifat egois diilangake, sifat
toleransi dipentingake. Kabeh bakal mrantasi
gawe.

58
Janganlah kamu kalah terhadap kejahatan,
tetapi kalahkanlah kejahatan dengan kebaikan.

(Roma 12 : 21)

13. Yesus terang dunia


Ing panguripan minangka jejering umat kristiani,
kita mbutuhake Yesus, jalaran panjenengane iku
terang dunia, kang bisa madhangi sisi-sisi
panguripan, sahingga sing ngliwati dalan
Kristus, ora bakal kesandhung ing kene lan ing
kana.

Sinare cahya pepadhang saka Gusti Yesus,


bisa nembus ing sela-selaning jagading urip.
Pikir tansah wening, ati tansah suci, gawe
rancage kabeh ajaran Kristus, utamane ing bab
ajaran cinta kasih.

59
Mula kabeh para pandhereke Kristus kudu
tansah menyadari, amung saka Yesus kita oleh
dalan pepadhang nuju ing kehidupan kang luhur
lan sejati. Mangga kita bareng-bareng karo
Kristus mengikuti pituduhe tumuju ing
keselamatan.

Aku terang dunia, barang siapa mengikuti


Aku, ia tidak akan berjalan dalam kegelapan,
melainkan ia akan mempunyai terang hidup

( Yoh 8 : 12)

14. Keyakinan, kunci sukses


Wis bisa dipestekake yen kita iki butuh
keberhasilan ing sajroning urip iki. Berhasil
mendidik putra-putri, dadi wong kang utama.

Berhasil ing babagan bisnis, usaha lancar,


berkembang. Berhasil ing lapangan pertanian,lsp

60
Keberhasilan iku, mesti bae ora bisa teka tiba
saka langit, kudu diperjuangkan kanthi nyambut
gawe ulet, bekerja keras. Duwe keyakinan lan
kepercayaan kang mantep.

Keyakinan lan kepercayaan mujudake kunci


kanggo menggayuh sukses. Ing nalikane kita
yakin lan percaya, kita bakal bisa oleh
keberhasilan saka kang kita yakini.

Yen kita kepingin oleh kemenangan, kita


perlu nambah keyakinan lan kepercayaan ing
saben wektu.

Iman kang kuat, uga bisa nguatake


perjuangan ing panguripan iki. Perjuangan bakal
oleh kemenangan saka sregep usaha lan
ikhtiar .kang tekun.

Jadilah kepadamu, menurut imanmu

(Mat 9 : 29b)

61
15. Sikap ing sajroning
pakaryan
Sikap kita sak jroning nindakake sakabehing
pakaryan bakal antuk buah keberhasilan, waton
didasari kanthi sikap kang bener, patuh lan taat
netepi paugeran selaras karo angger-anggering
pakaryan.

Yen kita makarya amung ngupaya bisane


oleh rejeki bae, karier kita uga winatesan sak
lumrah. Nanging yen kita nyambut gawe kanthi
melayani pakaryan Tuhan, suka melayani lewat
ing sasama, percaya bae, yen kita uga bakal
antuk berkat Tuhan kang lumintu lan melimpah.

Mula kuwi, nindakake pakaryan kang becik,


ora mung winates kanggo kesehatan jasmani,
nanging uga tumrap rohani.

Bekerjalah bukan saja untuk makanan yang


akan dapat binasa, melainkan untuk makanan
yang bertahan sampai kepada hidup yang kekal
62

yang akan diberikan Anak Manusia kepadamu


(Yoh 6 : 27a )

16. Ing ngendi hartamu


Harta, minangka sarana kanggo memuliakan
Tuhan lan aja banjur terikat karo harta benda ing
donya iki, nanging kudune terikat lan lengket
karo harta kang ana ing suwarga, sebab ing
ngendi dununge hartamu, ing kono papane hati
kang tumata.

Karena dimana hartamu berada disitu juga


hatimu berada (Luk 12 : 32)

17. Jujur ing ngarsane


Tuhan
Nindakake kejujuran, poma aja amung ing
sangareping manungsa bae, sing luwih utama ing

63

ngarsane Tuhan sing minulya. Yen kita jujur ing


sakabehe dalan kita nuju ing keselamatan bakal
luwih cetha.

Kejujuran kanggo melawan kemunafikan


supaya kita tansah kuwawa ngadhepi sakabehing
tindak culika.

Aja amung dodol kuwanen, nanging uga wis


dadi tekat kita, sejatine kecurangan ketidak
jujuran bisa gawe kapitunaning ing babagan apa
bae. Jejege keadilan lan kebenaran, uga karana
mental kang jujur tumekaning batin.

Bersuka citalah dalam Tuhan, dan bersorak-


sorailah, wahai orang-orang benar, bersorak
sorailah orang-orang jujur. (Mzm 12 : 11)
64

Anda mungkin juga menyukai