Anda di halaman 1dari 13

PESAN SIMBOLIK SAJRONE TRADHISI SANDHINGAN DESA JENGGRONG

KECAMATAN RANUYOSO KABUPATEN LUMAJANG

Dosen Pengampu:

Octo Dendy Andriyanto, S.Pd., M.Pd.

Disusun Oleh:
Danang Ragil Widyanarko (13020114023)
Ahmad Emir SN (15020114030)
Muhammad Abdul Ghofur (16020114053)
Stivanu Gusaini Ridwan (16020114060)

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

2019
BAB I
PURWAKA

1.1 Landhesan Panliten (Danang Ragil Widyanarko)


Masyarakat tapal kuda kanthi campuran tradhisi Jawa-Madura kerep diarani masyarakat
pandalungan sing sugeh tradhisi Islam dhaerahe. Suku Jawa lan Madura nduweni kamanjilan
sing ora akeh diweruhi lan ditemokake ing suku-suku liyane. Kamanjilan sing ditemokake ing
masyarakat pandalungan tuwuh amarga masyarakat pandalungan nduweni sifat dekonstruktif.
Dekonstruktif dhewe nduweni teges nyiptakake budaya anyar minangka wujud ngrembakakake
budaya lawas. Dadi sajrone nyiptakake budaya anyar ora ninggalake nilai-nilai sing kinandhut
sajrone budaya lawas.
Kapitayan masyarakat pandalungan kanthi sipat sinkretisme akeh nuwuhake kamanjilan
ing budayane. Masyarakat lokal nduweni pamikiran yen pagesangan manungsa ana sajrone
kosmos, yaiku makrokosmos lan mikrokosmos. Makrokosmos sajrone pamikire masyarakat
yaiku sikap lan cekelane urip marang alam semesta sing ngandhut supranatural lan kebak
samubarang sing asipat ghoib. Dene mikrokosmos yaiku cara pamikire masyarakat tumrap sikap
lan cekelane urip ing alam ndonya kanthi ngaca sajroe pagesangan manungsa lan lingkungane,
tatanane masyarakat, tata panguripane manungsa sabendina lan samubarang apa wae sing katon
disawang mripat.
Saliyane kuwi masyarakat pandalungan percaya anane roh utawa arwah leluhur sarta
makhluk-makhlus sing manggeni ndonya lan saisine. Roh-roh kuwi dipercaya bisa nekakake
keslametan, kabahagian, kamulyan uga bisa njalari take cilaka tumrap manungsa perise
masyarakat pandaungan. Kapitayan kuwi sing njalari tuwuhe tradhisi ing Desa Jenggrong
Kecamatan Ranuyasa Kabupaten Lumajang. Wujude tradhisi yaiku sandhingan. Sandhingan
kerep ditindakake masyarakat pandalungan supaya bisa oleh kaslametan ing alam ndonya.
Sandingan minangka wujud tumindak njaga imbange antarane alam kosmos lan
mikrokosmos. Tradhisi kasebut isih ditindakake dening masyarakat Jenggrong wiwit saka wong
enom nganti wong tuwa. Bab kasebut nuduhake yen tradhisi kasebut banget anggone nemplek
ing sanubarine warga jenggrong. Tradhisi sandhingan sing isih dileksanani nganti saiki yaiku
sandhingan dina malem jemuwah, malem senin lan malem kemis.
Sandhingan nduweni teges arane kanggo sesajen utawa saji kanggo para leluhur sing wis
tilar ndunya. Wujude sandhingan yaiku awujud panganan utawa ombenan senengane leluhur
nalika isih urip. Tradhisi kasebut sing dileksanakake ing malem jemuwah, malem senin lan
malem kemis luwih asipat simbolis sajrone paring pangurmatan marang leluhur sing wis tilar
ndunya. Ombenan lan panganan maeng disuguhake wanci surup, diwiwiti kanthi cara ngobong
menyan, tradhis kasebut ora padha karo tradhisi adan lan Maura. Saka fenomena kasebut sing
njalari anane observasi sing desa Jenggrong Kecamatan Ranuyoso Kabupaten Lumajang. Dhata
observasi iki dijupuk saka telung narasumber yaiku Ibu Kolin minangka jaga salah siji warung
ing Desa Jenggrong sing isih ngleksanakake tradhisi iki. Nomer loro yaiku Mas Husain
minangka warga neka sing manggon ing desa Jenggrong uga ngleksanane tradhisi sandhingan.
Nomer telu yaiku Kyai Sudibyo minangka tokoh masyarakat sing isig melu nguri-uri tradhisi
sandhingan kasebut.

1.2 Punjere Panliten


Adhedhasar landhesane panliten ing dhuwur, mula bakal dipunjerake ing petang perkara
kang bakal diandharake ing ngisor iki.
1. Kepriye mula buakane tradhisi Sandingan?
2. Kepriye tata carane tradhisi Sandingan?
3. Apa wae ubarampen sajrone tradhisi sandingan?
4. Kepriye mula jaman sajrone tradhisi sandingan?
5. Kepriye fungsi tradhisi Sandingan sajrone bebrayan?

1.3 Tujuwan Panliten


Adhedhasar landhesane panliten lan punjere panliten ing ndhuwur, mula proposal iki
nduweni ancas kang bakal dijlentrehake ing ngisor iki.
1. Njlentrehake mula buakane tradhisi Sandingan.
2. Njlentrehake tata carane tradhisi Sandingan.
3. Njlentrehake ubarampen sajrone tradhisi sandingan.
4. Njlentrehake mula jaman sajrone tradhisi sandingan.
5. Njlentrehake fungsi tradhisi Sandingan sajrone bebrayan.
BAB II
ANDHARAN

2.1 Mula Bukane Tradhisi Sandingan (Muhammad Abdul Ghofur)


Adhedhasar dhata lapangan bab definisi sandingan kang angel ditemtokake. Sandingan yaiku
tradhisi sesajen kanggo para leluhur kanthi tujuwan menehi sanjungan tumrape para leluhur
pinisepuh, kanggo digunakake uswah tumrap sanak famili. Upamane wong tuwa, simbah, buyut
lan sapanungalane. Ing desa Jenggrong, tradhisi sandhingan dilampahi ing 3 wengi kang
dianggep sacral yaiku malam Senen, malam Kemis, lan malam Jemuwah.
Para warga aneng kana wis percaya, tradhisi sandingan bisa ndadekake leluhur kang wis mati
bali menyang omah, uga bisa ndadekake arwah wong kang wis mati dadi ayem tentrem lan ora
ngganggu wong kang isih urip. Mula saka kuwi, wong kang wis mati dianakake sandhingan,
menawa ora arwahe wong kang wis mati bakal nyandhing (teka menyang wong kang isih urip)
upamane kanthi medeni bocah cilik, supaya wong tuwa nggoleki apa sing dadi jalaran bocah
kuwi mau nangis. Mula, kala-kala akeh arwah kang nduweni karep kanggo disandingi. Kanthi
kahanan kaya ngono mau, warga Desa Jenggrong akeh kang menehi sajen arupa panganan kang
disenengi karo para leluhur, supaya bisa mangan nalika mulih. Jumbuh karo kang dikandhakake
dening Kyai Sodib, salah sijine tokoh masyarakat sing isih nglakoni tradhisi sandingan:
“Sandingan ruah elakonin makle se odik tak paddheng ke se ekobur makle she ekobur mun
mule kah bengkonah tak leng ngaleng, mangkannah nambuh sandingin. Mon tak esandingin,
reng mateh ruoh minta. Pas cellok sambih Kudhu khususagi ke seng esandingin, makle depak ke
oreng se esandingin ben oreng seneng koburen ruah tak rebuk’en.”
Tradhisi sandingan wis dadi adat sing wis turun-temurun. Yen biyen tradhisi sandingan isih
ana campur tangane karo agama Hindhu-Budha sing isih nganut kapercayan animisme lan
dinamisme, mula saiki tradhisi sandingan wis owah dadi tradhisi kanthi adat agama Islam.
Panganan sing dicawisake nalika wayah sandingan digunakake kanggo sedekah utawa dipangan
dhewe dening kang nduwe gawe sawise ndonga marang para leluhur.
Bab kuwi ora nglanggar apa kang dadi syariat kang ditetepake. Jalaran sejatine panganan kang
dicawisake nalika sandingan naming kanggo njangkepi saka donga-donga kang ditujokake
marang wong kang wis mati. Mula, hakekat saka sandingan kuwi yaiku donga-donga kang
ditujokake kanggo katentreman wong kang dipendhem.

2.2 Tata Carane Tradhisi Sandingan (Ahmad Emir. SN)


Kaya sing wis diandharake ing ndhuwur, tradhisi sandingan ing Desa Jenggrong
dilakokake telung wengi sing dianggep sakral yaiku malam Senin, malam Kamis lan malam
Jemuwah. Anane panganan sing wis disajekake kanggo tradhisi sandingan kasebut kagolong
sederhana lan saanane yaiku sega, iwak, kayata endhog, iwak banyu putih, teh utawa kopi uga
rokok yen sing seda wong lanang. Saliyane iku, warga Jenggrong uga nggunakake panganan sing
disenengi wong sing wis seda, kayata bakso, rujak, sega ketan lan liya-liyane. Sandingan kasebut
disajekake sadurunge maghrib, amarga sajrone kapercayaan masyarakat setempat yen liwat saka
jam enem sore arwah sing wis seda iku arep mulih ing alame. Saka kuwi sandingan iku
dilakokake sadurunge jam enem sore. Sawise panganan wis disajekake, banjur dilakokake
sadurunge jam enem sore, banjur mbakar dupa (kemenyan) lan maca surat-surat pendek sarta
sholawat sing dikhususake tumrap wong sing wis seda. Saka dhata sing diandharake dening
Bapak Kyai Sadip, sandingan yaiku tradhisi ngajeni wong sing wis seda, lan para leluhur sing
wis ndhisiki kayata mbah lanang, mbah wedok, buyut, lan sabanjure kanthi cara ndeleh panganan
sing wis lengkap banjur diterusake kanthi maca sholawat sarta donga sing dipanjatake kanthi
tujuwan supaya ing kubbur bisa tenang ing alam kono lan ora nggodha wong sing wis
ditinggalake (nyanding). Maca surat-surat pendek tartamtu kanthi diiringi mbakar dupa (minyan)
lan nyeluk jeneng-jeneng wong sing wis seda, amarga yen ora dikhususake dadi nyawa sing ana
ing alam kubur iku bakal rebutan. Sandingan dilakokake malem Senin, malem Kemis, malem
Jemuwah.

2.3 Ubarampe Sajrone Tradhisi Sandingan (Stivanu Gusaini Ridwan)


Ubarampen saka tradhisi sandingan antara liya panggon sandingan sing asale saka tanah
liat (jaman biyen) yen saiki nggunakake ember lan njerone diisi karo 1 kelapa, 1 kg beras, 1
lampu setum cilik, gedhang sacengkeh, menyan sacakup. Lan sandingan iku diwenehake nang
Kyai supaya didongani utawa bisa karo sesepuh sekitar konoo, uga bisa para fakir miskin, sing
endi jumlahe sandingan kasebut digayutake karo jumlah kulawarga sing ditinggalke missal kaya
anake 9 dadi sandingane uga 9+1 kanggo sing seda.

2.4 Mula Jaman Tradhisi sandingan (Ahmad Emir. SN)


2.5 Fungsi Tradhisi Sandingan sajrone Bebrayan (Danang Ragil Widyanarko)

Sandingan sajrone makna sing luwih menjero ing pasare yaiku makna simbolik pesen
dakwah sing sifate vertikal horisontal. Miturut Isyanti lan Agus sajrone tradhisi ana nilai sing
terkandung ing sajrone yaiku nilai gotong royong, nilai persatuan lan kesatuan, nilai
musyawarah, nilai pengendalian sosial lan nilai kearifan lokal. Penerapan nilai-nilai kasebut
sajrone tradhisi sandingan ing Desa Jenggrong, antara liya: kaping pisan, nilai kepedulian,
sajrone tradhisi sandingan kasebut kadeleng sajrone prosesi sing dilakoni sajrone tradhisi
sandingan tumrap para masyarakat ing kalangan omah dhewe-dhewe yaiku rasa peduli tumrap
leluhur sing wis seda. Ora lazim maneh menawa ing Indonesia ora akeh sing nglakoni tradhisi iki
minangka kebiasaan sing turun-temurun kanthi tujuan ngajeni wong sing wis seda lan para
leluhur sing wis ndhisiki.

Kapindho, nilai kabecikan sing tercermin nalika sesajen sing digawe kanggo para leluhur
kita niatake kanggo donga sing ditujukake kanggo para arwah sing wis seda minangka wujud
kabecikan sing pancen ora mungkin yen dilakoni sacara langsung kajaba karo makna pesen
simbolik sandingan, amarga mung karo tradhisi iki wong sing isih urip bisa tetep njalin
komunikasi karo arwah sing wis seda.

Kaping telu, nilai musyawarah sing ditujukake sajrone tradhisi sandingan yen ngundang
para tangga-tangga cedhak kanggo melu sajrone prosesi tradhisi sandingan yaiku supaya luwih
adoh yen dongakake arwah para leluhur.

Kaping papat, nilai pengendalian sosial, sajrone tradhisi sandingan masyrakat ngewenehi
ucapan uga wujud rasa syukur tumrap sang pencipta lan kanggo tradhisi sandingan masyarakat
mampu kanggo mertahanke lan njaga tradhisi leluhur.

Kaping lima, nilai kearifan lokal sing ditujukake antara liyane nalika masyarakat bisa
nyediakake sesajen, maca doa-doa utawa surat-surat pendek. Sesajen sing disediakake
masyarakat pancen kagolong sederhana lan saanane. Ora mung sing nglakoni tradhisi sandingan
wae sing dinikmati, uga kabeh masyarakat utawa tangga-tangga cedhak sing diundang sajrone
prosesi sandingan lan kabeh golongan bisa nikmati tradhisi sandingan. Tradhisi sandingan iki
dianggep minangka medhia penghubung antarane sing isih urip (manungsa) kanthi makhluk
alus/arwah leluhur. Kapercayan masyarakat nganggep yen ing donya iki ora mung dihuni karo
manungsa wae, uga makhluk-makhluk alus khususe arwah leluhur lan manungsa nduwe
kewajiban kanggo ngurmati. Tradhisi sandingan sing dilakoni nalika wengi-wengi tartamtu iki
yaiku kapercayan sing dianut karo masyarakat desa Jenggrong sing tujuane kanggo ngurmati
arwah para leluhur sing wis seda lan kanggo njaga keslametane tumrap penganute.

BAB III
PANUTUP

3.1 Kesimpulan (Stivanu Gusaini Ridwan)

Saka andharan ing ndhuwur iki bisa disimpulake, sandingan yaiku tradhisi ngirim donga
kanggo arwah para leluhur kanthi sesajen arupa panganan saanne utawa panganan sing paling
disenengi karo arwah sing disandingi, kayata sega, endhog lan banyu putih, rokok yen sing seda
kuwi wong lanang. Sajrone Islam sandingan oleh yen ora ngelanggar syari’at Islam. Sandingan
yaiku tradhisi sing sederhana nanging syarat kanggo makna sing jeru banget. Masia mung
panganan utawa sesajen sing serba sederhana, nanging sandingan yaiku bentuk pangurmatan lan
wujud nyata kepedulian pawongan sing isihurip kanggo arwah sing wis seda. Uga kita ora bisa
ndeleng kanthi kasat mata arwah sing teka kanggo njaluk didongani, nanging kita ngerti
manungsa yaiku makhluk sosial sing ora bisa urip tanpa wong liya.

Sajrone makna simbolik, sandingan ngandhung makna sing luwih jeru kanthi
keseimbangan mikrosmos lan makrosmos antarane hubungan manungsa karo manungsa,
manungsa karo alam lan manungsa karo sang pencipta. Saengga sandingan sing dilakoni nalika
wengi-wengi sing dianggep sakral iki nduweni sifat verkal lan horizontal lewat medhia simbolik
panganan, minuman lan macem-macem sing disenengi para leluhur, banjur babagan iki ora bisa
ditegesi secara empiris-rasionalis nanging idealogis-metafisis.

REFERENSI
Agus. Mengenal Adat Tradisi Sandingan dalam Masyarakat Jawa di Lumajang. Detik.com:
2017. Diakses dari: http://detikone.com/berita-mengenal-adat-
tradisisandingan--dalam-masyarakat-jawa-di-lumajang.html

Djoko Soejono, Agus Supriono dan Julian Adam Ridjal, “Faktor Pendorong dan Penghambat
Mewujudkan Model Sinergis Pengembangan Wilayah Tapal Kuda Menjadi
Kesatuan Daerah Perencanaan di Era Otonomi Daerah,” Jurnal UNEJ, (1 Maret
2011), J-SEP Vol. 5 No.Geertz,

Clifford, Abangan, Santri, Priyayi dalam Masyarakat Jawa, terj. Aswab Mahasin, Bandung:
Dunia Pustaka Jaya, 1981.

Geertz, Clifford, Abangan, Santri, Priyayi dalam Masyarakat Jawa, terj. Aswab Mahasin,
Bandung: Dunia Pustaka Jaya, 1981.

Haris, Munawir. Spiritualitas Islam dalam Trilogi Kosmos. Jurnal Ulumuna IAIN Mataram.
DOI: http://dx.doi.org/10.20414/ujis.v17i2.165. Vol 17, No 2 (2013).

Mattulada. Kebudayaan Kemanusiaan dan Lingkungan Hidup, Hasanuddin University Press.


1997.

Puspitasari Rakhmat, Jeanny Maria Fatimah, Makna Pesan Simbolik Non Verbal Tradisi
Mappadendang Di Kabupaten Pinrang, Jurnal Komunikasi KAREBA. Ilmu
Komunikasi Fakultas Ilmu Sosial dan Ilmu Politik Universitas Hasanuddin.Vol. 5
No.2 Juli - Desember 2016.

Solikha, Nikmatus . 5 Tradisi Jawa Ini Masih Dilaksanakan Masyarakat Modern. Orang
Dalam.com: 2016. Diakses dari: http://www.orangdalam.com/tradisi-keliru-
masyarakat/2681

Suharsaputra, Uhar. Metode Penelitian Kuantitatif, Kualitatif, dan Tindakan. Bandung:


Refika Aditama. 2012.

Sugiyono. Metode Penelitian Pendidikan Pendekatan Kuantitatif, Kualitatif, dan R&D.Bandung:


Alfabeta, 2010.
Sutarto,Ayu. “Sekilas tentang Masyarakat Pandalungan,” Makalah disampaikan pada
acara pembekalan Jelajah Budaya 2006 yang diselenggarakan oleh Balai Kajian
Sejarah dan Nilai Tradisional Yogyakarta, tanggal 7-10 Agustus 2006.

Syam, Nur. Islam Pesisir. Yogyakarta: PT. LkiS Pelangi Aksara. 2005.

Sztompka,Piotr.Sosiologi Perubahan Sosial. Jakarta: Prenada Media Grup. 2007.

Van Peursen, C.A. Strategi Kebudayaan. Yogyakarta: Kanisisus. 1988.


Lampiran 1, Transkrip Wawancara (Muhammad Abdul Ghofur)

Narasumber 1 (Mas Husen)

Keterangan dari narasumber 1 mengenai Nyader

Narasumber : Kata orang medura itu nyader, dalam bahasa arabnya itu nazar, didalam nyader
itu aap saja. Ada niat terutama, niatnya ya macam-macam umpama ana wong lara
pengin waras, ya disitu niatnya bukan orang sakit tok. Intinya itu pada allah, tapi
masalah tempat orang sini biasanya ditempat itu (gunung penawungan) bukan
hanya orang sini mas, orang mojokerto aja kesini soalnya mesti diterima.

Keterangan dari narasumber 1 mengenai Sandingan

Tim : yang dimaksud sandingan itu seperti apa ya mas.

Narasumber : Maksud sandingan iki gae syukuran mas,

Tim : itu dibagikan ta mas

Narasumber : iya dibagikan,

Tim : Tapi berasnya mentah?

Narasumber : Iya mentah, bukan nasi kalo sandingan itu. Kalo nasi pake tumpeng mas, itu yng
dibagikan.

Ibu-ibu disekitar lokasi :Pisang dua, klapa satangkep utawa rong liran. Nisore iku ya beras onok
bubukan (kopi). Urutane iku beras, pisang, kelapa satangkep. Nek perkara iku
dikeki bubukan, gula lan sirih iku nek piggire mas tergantung sing gawe
sandingan.

Narasumber utama (Bapak Sodip)

Keterangan mengenai Nyader

Tempat melakukan nyader ada pada gunung penawungan yang bersandingan denga
gunung penyancangan. Dahulunya gunung penawungan itu tempat untuk sabung ayam,
sedangkan gunung penyancangan tempat untuk menaruh (ngencang) kuda. (informasi ini kami
dapatkan dari perbincangan dengan ibu-ibu di depan rumah Pak Sodip)
Narasumber : Nyader iku njaluk marang singkuwasa biasane ing masa-masa ketigo, niku kan
nyuwun udan ngoten. Biasane kan sembayang istisqo’ niku cara islame. Wonten
ngriki niku mas damel sirih lan tembakau ing sesajene, sirih niku diwenehi kapur
ning tengahe, maksude diwenehi nomer kaya silang ngunu mas. Mantun
tembakau, sirih wonten kapure terus pinang, tasik wonten rokok setunggal malih,
tasik wonten duwike neksaiki, niku wonten tembakau asline mlebet wonten sifat
rong puluh sing asline mbako’. Mbako’ niku kan artine langgeng, sirih niku artine
sariat, sariat niku loro dohir lan batin sing kapur niku wau suci. Rokok niku kan
artine ruku’, duwit niku terose tiyang medura slabet, slbet niku artine slamet.

Keterangan mengenai Sandingan

Tim : Manggone sandingan niku teng napa mawon pak?

Narasumber : Misale mendirikan omah niku panggone teng pojok, kados yen teng panggen
panjengan niku cok bakal, ndamel kendi ingkang wonten tutupe. Dadine iku iso
dadi tumbal, utawa pager omah yen sampean metu omah kaya ana wong neng
omah sampeyan. Panggon utamane iku isa neng omah isa neng makam. Merga
fungsi utamane iku ya kanggo nylameti para leluhur kluwarga.

Tim : Isine sandingan niku napa mawon pak?

Narasumber : Jenang sekawan, terus ingkung miku dipendhet sikil kiwatengen, swiwi kiwa
tengen, muting(brutu) lan ndase. Niku disisakan untuk orang yang dislamati. Lalu
juga disiapkan makanan yang disukai si mbha kita dulu. Misalnya dulu suka
ngopi diteras, ya kita siapkan mas kopi, kursi dan meja di tempat yang dulu biasa
ditempati. Intine kan sukmae isik anak ngunu ta mas, wedi nek klaur-klaur nek
omahe dewe, nek jumat terose tiyang jowi niku kan mesti mulih. Maksud dari
semua itu mas, dalam islam kan mengajarkan tidak boleh mngungkuli orang tua
gitu kan. Jadi sandingan setiap hari jumat itu untuk menyiapkan kalo orang tua
atau leluhur kita kalo pulang.

Data Tradisi yang kami temukan dari hasil berbincang dengan warga Desa Jenggrong, Kec
Ranuyoso, Kab Lumajang.

1. Sandingan
2. Nyader
3. Rokat
4. Wiwit
5. Ajeruk
Lampiran 2, Dokumentasi (Muhammad Abdul Ghofur)

4. Jalan menuju gunung Penawungan


1. Foto Bapak Sodip lokasi melakukan tradisi Nyader

2. Depan rumah bapak sodip bersama


Mas Husen
5. Gapura masuk Desa Jenggrong

6. Foto Sandingan
3. Warung Ibu Kholin (ketika mencari
rumah tokoh Desa)

13

Anda mungkin juga menyukai