Anda di halaman 1dari 10

Ancasing sesorah/tujuan sesorah

1. Atur Pambagyo= yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae
kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.
Artinya = adalah pidato untuk menerima kedatangan tamu di acara apa saja seperti acara
syukuran,khitanan,ulang tahun,pernikahan.

2. Atur kabar/paring informasi= yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara


rapat organisasi,promosi barang.
Artinya = adalah pidatountuk memberikan informasi,contohnya acara
rapat organisasi,promosi barang.

3. Atur pangajak=yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik
atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing
papan ibadah
Artinya = adalah pidato yang tujuannya supaya yang mendengarkan percaya langsung
tertarik hatinya dan mau melakukan apa yang dicontohkan dari yang berpidato.
4. Atur panglipur= yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para
sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi
nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten lan liya liyane.
Artinya = adalah pidato yang memberikan hiburan atau membesarkan hati orang yang
sedang terkena kesusahan,misalnya pidato didepan orang yang sedang dicoba hihupnya berupa
musibah bencana alam,kematian dan lain lain.

5. Atur panyarue/ngemutake= nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap


sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang kurang becik
tumraping bocah sekolah.

b. Bab wigati nalika lagi sesorah(bab yang perlu diperhaikan saat pidato)

1. Basa
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing
diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa
ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.

Artinya
Bahasa yang digunakan harus sesuai dengan yang sedang dihadapi. Bahasa ngoko digunakan
ketika yang dihadapi itu anak anak/lebih muda dari yang membaca pidato. Bahasa krama
digunakan ketika menghadapi orang yang lebih tua/orang yang harus dihormati.

2. Busana
Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining
raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan
ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.

Artinya:
Ketika berpidato alangkah baiknya menggunakan pakaian yang baik dan sopan. Ada peribahasa
“ajining raga saka busana”termasuk untuk menghormati yang pendengar dan juga bisa menjaga
dan menghargai diri sendiri. Pakaian juga harus sesuai dengan situasi dan tujuan.

3. Swara
Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake
kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora
lugu kaya wong maca buku.

Artinya :
Suara yang enak didengerin itu tidak terlalu keras atau terlalu kecil suaranya. Dalam
mengucapkan harus jelas,tidak terlau cepat sehingga apa yang disampaikan mudah dipahami
maksudnya,dalam berpidato jangan terlalu sering baca buku.

4. Solah bawa(sikap)
Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep marang pamriksa,aja tumungkul,ndhingkluk
lan aja ndangak.
Artinya:
Orang berpidato itu harus mantap dan siap,menghadap ke pendengar,jangan menghadap
kebawah dan jangan menghadap keatas terus.

c. Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah


1. Polatan mbesengut(terlihat marah)
2. Gugup(nerveous)
3. Ngguyu sing digawe gawe(tertawa dibuat buat)
4. Sering ndeleng cathetan(sering melihat catatan)
5. Bola bali ngobahake tangan/sikil(terlalu sering menggerakan tangan/kaki)
6. Ngadeg kaku kaya wong baris(berdiri terlalu kaku seperti orang baris)
7. Karo mloka mlaku(sambil jalan jalan)
8. Tangan methentheng
9. Tangan mlebu sak klambi/kathok(tangan masuk ke saku baju/celana)
10. Ngupil

d. Urutane sesorah
1. Salam pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun,kula nuwun,sugeng
siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa salam liyane

Artinya:
Isinya mengucapkan salam kepada tamu yang datang seperti selamat pagi,selamat siyang,selamat
malam,atau salam yang lainnya

2. Purwaka
Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo
nindhakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu
rawuh ing acara iku

3. Isi/wignatining atur
Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane

4. Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa marang tamune umpamane
donga, pitutur lan sapiturute.

Artinya:
Isinya bab yang diharapkan oleh yang punya keinginan kepada tamunya misalnya doa,kata
kata,dll

5. Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing
kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora mranani penggalih.
Artinya:
Isinya meminta maaf jika dalam menerima tamu atau bicara ada kata kata yang kurang baik dan
sikap/tindakan yang tidak enak dihati.

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah Dasar Sukamulya
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas 1 dumugi 6 Sekolah Dasar Sukamulya
Lan rencang-rencang, siswa/siswi Sekolah Dasar Sukamulya ingkang kula tresnani
Mboten wonten ucapan luwih agung, tinimbang puji syukur dumateng gusti Allah SWT ingkang
sampun maringi nikmat lan karunia iman lan kesehatan Sholawat lan salam ugi katuraken
dumateng junjungan kito, Nabi Muhammad SAW ingkang sampun maringi petunjuk dumateng
kita sedoyo.
Ing papan menika, kawulo dipun utus dateng rencang-rencang sedanten supados nyampeaken
sesorah bab pendidikan kagem mengeti Hari Pendidikan Nasional tanggal 2 Mei.
Pendidikan menika sangat penting kangge siswa siswi SD Sukamulya khususipun, ugi
masyarakat Indonesia umumipun. Menawi pendidikan mboten kecukupan, urip menika mboten
saged tata. Mula, kito sedaya tansah nguri-uri budaya maca supados pendidikan saged mlaku
kanthi lancar. Ki Hajar Dewantara, Bapak Pendidikan Nasional merjuangaken pendidikan
kagem rakyat Indonesia.
Pendidikan ingkang kadah dipun perjuangaken contonipun budi pekerti lan pendidikan moral.
Siswa siswi SD Sukamulya kados ngangsu kawruh wonten papan sekolah ugi papan panggonan
sareng ibu bapak. Ampun kesupen ngangsu kawruh bab agama amarga ilmu kasebat penting
kagem urip ing jaman samenika.
Cekap semanten sesorah pendidikan ingkang saged kula aturaken. Mugi-mugi wonten
manfaatipun Mbok bilih wonten klinta-klintunipun atur kawulo, kawulo nyuwun agunging
samudro pangeksami.

Wassalamualaikum wr. wb.


NGOKO = KRAMA = KRAMA INGGIL/ALUS= BHS. IND.
A
aku = kula = adalem/kawula = saya
akon = aken = dhawuh/utus = menyuruh
anak = anak = putra = anak/putra
anut = tumut = dherek = ikut
apa = menapa = menapa = apa
aran = nama = asma = nama
asor = awon = andhap = jelek
ati = manah = penggalih = hati/piker
awak = badan = sarira = badan
aweh = suka = paring/nyaosi/ngaturi =member
ayo = mangga = suwawi* = mari/silakan

B
bali = wangsul = kondur = pulang/kembali
batur = rencang = abdi = pramuwisma
bojo = semah = garwa = suami/istri
brengos = rawis = gumbala* = kumis
butuh = betah = kersa = butuh

D
dheweke = piyambakipun panjenenganipun = dia/beliau
dhengkul = dhengkul= jengku = lulut
duwe = gadhah = kagungan = punya

E
embuh = boten mangertos= duka = tidak tahu
endhas = sirah = mustaka = kepala
enggo = angge= agem = pakai
enom = enem = mudha/timur = muda
epek = pendhet = pundhut = pinta

G
gawa = bekta = asta = bawa
gawan = bekta = ampilan*= bawaan
gawe = damel = ngasta/yasa = buat
nyambut gawe= nyambut damel = ngasta = bekerja
gelem = purun = kersa = mau
geni = latu = brama* = api
gugah = gigah = wungu = bangun
gugu = gega = ngetokaken = menuruti
gunem = ginem = ngendika = berkata

I
iket = udheng = dhestar = ikat kepala
imbuh = imbet = tanduk = tambah
irung = irung = grana = hidung
J
jaga = jagi = reksa = jaga
jaluk = suwun = pundhut= pinta
jamu = jampi = usada = obat
jaran = kapal = kuda/turangga= kuda
jare = caiyosipun = ngendikanipun = katanya
jarit = sinjang = nyamping = kain
jeneng = nama = asma = nama
jupuk = pendhet = pundhut = ambil
jungkat = serat = pethat = sisir

K
kalah = kawon= kasoran*= kalah
kandha= cariyos = ngendika = berkata
karep = kajeng = karsa = kemauan
kathok = sruwal = lancingan* = celana
kena = pikantuk = kepareng = boleh
keris = dhuwung = wangkingan = keris
klambi= rasukan = ageman = pakain
ko/kok = sampeyan = panjenengan = engkau
kon = ken = utus = suruh
kongkon = kengken = utus/dhawuh = disuruh
kowe = sampeyan = panjenengan = engkau
krungu = mireng =midhanget = mendengar
kubur =petak = sare = kubur
kuru = kera = susut = kurus

L
lair= lair = miyos = lahir

laku= lampah= tindak = jalan


nglakoni= nglampahi = nindakaken = melakukan
lanang = jaler = kakung = laki-laki
lara = sakit = gerah = sakit
lawang = konten = kori = pintu
lunga = kesah = tindak = pergi

M
maca = maca = maos = baca
mangan = nedha = dhahar = makan
manggon = manggen = lenggah = tempat tinggal
mari = mantun = dhangan = sembuh
mata = mripat = paningal = mata
mati = pejah/tilar = seda = meninggal
mayit = jisim = layon = mayat
melu = tumut = ndherek = ikut
menyang = dhateng = tindak = pergi/ke
meteng = wawrat/ngandheg = mbobot/nggarbini = hamil
minggat kesah = lolos/kentar = minggat
N
nesu = srengen duka marah
ngising = bebucal bobotan hajat besar
ngreti = ngertos priksa/pirsa tahu

O
oleh= angsal = kepareng/pikantuk = boleh
omah= griya = dalem = rumah
omah-omah = emah-emah= krama = nikah
omong = ginem/sanjang = ngendika = berkata

P
pangan tedha dhaharan makanan
pek pendhet/suwun pundhut pinta
pelanangan pejaleran kalam* penis
piker manah penggalih piker

R
rambut = rambut = rikma = rambut
rewang = rencang = abdi = pembantu
rungu = pireng = midhanget = dengar

S
sadulur = sedherek = sentana* = saudara
sikil = suku = sampeyan = kaki
silih = sambut/ngampil = pundhut/ ngampil = meminjam
slamet = wilujeng = sugeng = selamat
suguh = segah = sugata = jamuan
susah = sisah = sungkawa/sekel = sedih

T
tak/dak = kula = adalem/kawula = saya
takon = taken = nyuwun priksa/ mundhut priksa/dangu = bertanya
tamba = jampi = usada = jamu
tangi = tangi = wungu = bangun
teka = dhateng/dumugi = rawuh = hadir
tilik = tuwi = tinjo = tandang
tonton = tingal = priksa = lihat
tuku = tumbas = mundhut = beli
tunggang = tumpak = nitih = naik
turu = tilem = sare = tidur
tutur = sanjang/criyos = paring priksa/caos priksa= berkata
tuwa = sepuh = yuswa = tua

U
ulih= antuk = kondur = pulang
undang= timbale = aturi = undang
untu = waos = waja = gigi
urip = gesang = sugeng = hidup
utang = sambut/ampil= nyuwun/mundhut ngampil =hutang

W
wadon= setri putrid/wanita = perempuan
waras = saras dhangan = sembuh
warisan = tiliran pusaka* = warisan
wedang = benteran unjukan = miniman
weruh = sumerep priksa = melihat
weweh =suka maringi/nyaosi/ngaturi = memberi
wetu/metu = wedal/medal = wiyos/miyos = keluar
wicara = wicanten = ngendika = berkata
wong = tiyang = priyantun = orang

Anda mungkin juga menyukai