Anda di halaman 1dari 14

LOMBA DALANG ANAK DAN MUDA

TINGKAT JAWA TENGAH


NASKAH CERITA
“DEWA RUCI”
TAHUN 2020

NAMA : AHMAD CANAVARO HERIYANTO

ALAMAT : DUSUN KRAJAN RT 001 RW 002 DESA BANDUNGSARI KECAMATAN NGARINGAN

KABUPATEN GROBOGAN JAWA TENGAH


Dewa Ruci
Adegan 1 Brotoseno semedi karo nyandak Rayon

Dronea :O…….lole………lole………….ngger anakku Brotoseno, jeneng


siro ora mung santoso Ing lahir, nanging uga santoso ing
batin, mulo golek o ngilmu kasampurning urip: sarate golek
o kayu gung susuhing angin mapane candra muko.
Adegan 2 ada-ada slendro nem jugag
Anoman : mandheg dhisik yayi, kok sajak kesusu lakumu, arep
nyang endi ?
Brotoseno : yo kakang anoman, aku arep ngestoke dhawuhe
bopo druno guruku, yo iku nggoleki kayu gung
susuhing angin
Anoman : yen gelem tak kandhani dhi, becike… wurungke wae
Brotoseno : wegah …………………..
Anoman : apa pun kakang kudu kasar marang si adhi…. balio
dhi ……….
Brotoseno : wegah …………………..
Brotoseno : O…………. kelakon tak rudo paripekso

Iringan sirep
Anoman : O…..yo dhi sak lakumu bakal ndak awat-awati soko
kadhohan
Adegan 3 sengkuni dan Aswotomo
Sengkuni : ngger anakku Aswotomo
Aswotomo: wonten dhawuh paman.
Sengkuni : siagakno para prajurit sotokurowo, budhalno dino
iki……kanggo ngawat ngawati tindak tanduke Brotoseno,
anggone nggoleki kayu gung susuhing angin
Aswotomo : sedhiko dhawuh paman patih,,,,,,,,,,,
Budhalan ,,,,,
Adegan 4 ada-ada sendro nem jugag
Anggenipun para kurawa bidhal
Kepapak Begawan Anoman suloyo ing rembug dados prang

Aswotomo : kethek putih, sopo iki ?


Anoman : anoman, bali takon
Aswotomo : Aswotomo aku, ngopo ngendheg lakuning prajurit
Anoman : mung cubrio, kena opo lumaku nututi brotoseno
Aswotomo : arep tak larotke, ono jurange pepati
Anoman : Brotoseno tanggung jawabku. Wani gepok senggol
musuhmu anoman
Aswotomo : wani karo aku ?
Anoman : apamu seng tak wedeni swotomo ?
Aswotomo : ngemping loro nggenjak pati, klakon tebak
dadamu, rontok igamu
Adegan 5 – malik 9
Brotoseno babat alas
Adegan 6 ada-ada slendro sanga
Rukmuko : Dhi iki ono ganjaran soko Jawoto, wujude
menungso mlebu alas
Rumokolo : iyo kang coba takon ono disik
Rukmuko : Gus sopo aranmu lan ngopo teko alas kene?
Brotoseno : Wa,,,,,,,,,,,,,, Brotoseno jenengku. Anggonku
teko kene goleki kayu gong susuhing angina.
Kowe seng jag alas iki?
Rukmoko : iyo aku seng nguwasani alas iki, arane alas
Wreksomuko. Yen golek kayu gung susuhing
angin. Manggone ono ing wadhoku iki
Brotoseno : Carane piye ?
Rukmokolo : lilanono, kowe dadi tadah kolo mangsaku
Brotoseno : badhoken aku klakonn wareg slawase urip
Rukmokolo : wahahahaha…….. gaglak limpahmu………..
Adegan 7 ayak-ayak slendro sanga kasirep

Indro : Hong wilahong ….. Awignan … mustunam masidan


sekaring bawano langgeng ………..
Ojo kaget Brotoseno……….. ulun kang membo buto
loro
Brotoseno ………… ingkang kito goleki ono kene
panggonane kaki……….
Brotoseno : wa…. indro kakekku……iyo.. moro age tuduhke………
Kayu Susuhing angin
Indro : Seno ………..kayu gung susuhing angin iku mengku
werdi………
Kayu iku karep…….Gung tegese gedhe
Susuhing angin werdine unjul mupusing napas……..
Brotoseno : Wa…………… ngaturake gunging panuwun indro
kakekku
Bayu : Brotoseno …….Druno kae wong becik…………
Gugunen tembunge Druno, kang biso nuduhke dalan
kito nggayuh kasampurnan
Brotoseno : iyo………Bayu bapakku……..pangestumu sing tak
jaluk
Indro : Seno……..ulun bali kayangan ngger…….
Adegan 8 wonten pertapan sukalima
Pandhito Drona soworipun Raden Brotoseno

Drona : Wo……….lole-lole waluh kentus gembol monyor-


monyor,,,,,,,,, Brotoseno kok wes bali, entuk gawe
ngger????
Brotoseno : Wa……… pangestumu entuk gawe tinemune kayu
gung susuhing Angin kui loro kang biso gawe srono matepku
nggayuh loro ngelmu kasampurnan
Drona : wes cukup ngger, nanging pun bopo isih kurang
mantep. Arep mejang ilmu kasampurnan marang siro
Brotoseno…… iki syarat kang pengkasan.
Brotoseno : moro age tuduhke
Drona : Golek ono Banyu Suci Perwito Sari, mangkato
dino iki
Brotoseno : Wa…………. Pangestumu jalok pamit
Adegan 9 ada-ada slendro manyuro

Pocapan : wouto…….anenggih satrio panenggaking


Pandhawa….. kekasih Raden Brotoseno.
Sampon sawego mestuti dawuhipun guru ngupadi Banyu Suci
Perwito sari
lampahipun Brotoseno wonten tepining Samudra.
Risang pekik cahyo mancorong mowo perbowo… wonten
tengah samudra.
Sampun panthok pepuntaning tekat nedyo nyemplung
sajroningSamudra.
Adegan 10
Brotoseno : wa…….aku iki ono ngendi, kok kebak roso
tentrem
Ruci : Hong wilahing, kulup Brotoseno kito mapan
ono ing Sminang kalbu
Brotoseno : wa…….. iki bocah bayi wani nyebut kulup. Sopo
kowe
Ruci : Ulun Bathoro Ruci
Kito yo ulun……..ulun yo kito
Adegan 11 Brotoseno-Dewa Ruci
Brotoseno : Wa……….. pukulun mboten nginten babar pisan
kulo pinanggih paduko pukulun Rusi Bathoro. Samangke
monggo kababarno dating kulo menopo ingkang kulo upadi
Ruci : Brotoseno kulup Banyu Suci Perwito Sari kui mapan
ing jiwo kito pribadi tegese niat kito kang suci biso nguripi
sagung pono titah ugo biso bambabar kaendhan, seno sak
durunge kito ngupadi ilmu kasampurnan, kito kudu weruh
sangkan paraning dunadi
Brotoeno : inggih pukulan kulo ngangklungaken janggo
nilingaken karno
Ruci : kang den Arani sangkan paraning dumadi, manungso
ingkang kawiwitan ora ono dadi ono. Sangkan paraning soko
Dzat kang murbo jagad dumadining manungso lumantar bopo
biyung………
Mulo kaki…..wong urip kuwi urub
Kudu bisa migunani marang agama, bangsa lan negoro………

TANCEP KAYON

Anda mungkin juga menyukai