Anda di halaman 1dari 6

Wacana Eksposisi

Menawa kepengen dadi wong pinter syarate kudu asring


maca.
Maca bisa nambah kawruhan akeh bangat ilmu kang ana ing
buku, mulane ana unen unen sing unine yen buku minangka
jendelane donya.
Kaperangan dadi papat yaiku karangan
deskripsi,argumentasi,eksposisi,narasi
1. Argumentasi yaiku karangan kang mbudidaya ngowahi
panemune wong liya supaya percaya lan akhire tumindak
jumbuh karo apa kang dikarepake penulis.
2. Deskripsi yaiku wujud karangann kang isine
nggambarake bab kang wis dideleng utowo dirungokake.
3. Eksposisi yaiku karangan kang njlentrehake sawijining
proses.
4. Narasi yaiku wacana kang nyritakake prastawa kanthi
cetha rerangkening tumindak ing kedadeyan iku
Titikan lan struktur teks eksposisi

1. Titikan teks eksposisi:


Asipat informatif: isine ide kang ditemokake saka
informasi kang wus ana banjur diolah utawa ditambahi
gagasanpenulis kanggo nambah wawasan.
Asipat netral: panemu kang kawedhar dening penulis ora
entuk meksa kanggo nuruti pesen kang diwedharake.
2. Struktur teks eksposisi
- Tesis (pembuka) : ngenalake isu masalah utawa
pandangan penulis bab topik kang arep dibahas
- Rangkaian argumen (isi) : panemu utawa argumen
penulis kanggo njelaske tesis
- Penegasan ulang (penutup) : dudutan
3. Unsur kebahasaan teks eksposisi
a. Tembung teknis: migunakake tembung teknis utawa
peristilahan kang jumbuh karo topik kang dibahas
b. Konjungsi kasualitas: migunakake tembung kang
nuduhake hubungan argumentasi
c. Uga ngigunakake tembung tembung kang ngandharake
hubungan kronologis
d. Tembung persuasif: migunakake tembung kang sipate
mbujuk supaya para maos percaya apa kang diwedharake
bener
Cak Cakan nulis teks eksposisi

1. Nentohake tema
2. Milih data pendukung kang jumbuh karo tema
3. Nggawe cengkorongane teks eksposisi
4. Ngrembakake cengkorongan teks iku dadi teks eksposisi
wutuh

Anda mungkin juga menyukai