Anda di halaman 1dari 3

SUSUNAN ADICORO PENGAOSAN LAN HALAL BIL HALAL

MUSLIMAT NU DESA CEPOGO


Jum’at Pahing, 21 Juli 2017

Bismillahirohmanirrohim
Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Alhamdulillah, alhamdulillahirobbil ‘alamin


Wabihi nasta’in, ‘ala umuridun ya waddiin.
Asyhadu allailaaha illalloh, wa asy hadu anna Muhammadarrosululloh.
Allohmua sholi wa salim ala sayyidina Muhammad wa ala ali Muhammad.
Amma ba’du.

Wonten ngarsanipun Ibu Ustadzah Muniyah, S.Ag saking Manggis, Winong, Boyolali
ingkang dipun mulyaaken Alloh, lan ingkang tansah kulo dherekaken menggah fatwah
lan pitedahipun ingkang haq.

Wonten ngarsanipun Ibu-Ibu Pengurus Muslimat Nahdzatul Ulama’ Ds. Cepogo, ingkang
kulo bektosi

Wonten ngarsanipun Ibu-Ibu Jama’ah Pengaosan Muslimat ingkang kulo hormati,

Hadirin, hadirat rahimakumulloh,

Kulo ing mriki ingkang kapatah ngaturaken menggah lampahing adicoro Pengaosan Rutin
Muslimat NU lan Halal Bil Halal Tahun 148 H, ing titi kaludhangan puniko, dinten Jum’at
pahing 21 Juli 2017, utawi 27 Syawal 1438 H wonten ing dukuh Wonosari.
Bilih lampahipun Adicoro Pengaosan ing samangkeh :
Adicoro ingkang sepisan Pambuko,
Adicoro ingkang kaping kalih Waosan Ayat-ayat suci Al Qur,an kalajengaken Sholawat
Badar, ingkang samangkeh badhe dipun waos soho dipun pimpin
Panjenganipun Ibu Sutarmi.
Adicoro ingkang kaping tigo samangkeh Mu;amalah Dzikir Tahlil, ingkang ing samangkeh
badhe dipun pimpin panjenenganipun Ibu Markini
Dene Adicoro kalajenganipun ing samangkeh Menyanyikan Mars Muslimat NU saking
regu Koor ingkang dipun pimpin Ibu Sri Rahayu,
Minongko adicoro candhakipun ing samangkeh Sambutan-sambutan.
Sambutan Ingkang Sepisan Minongko Atur Pambagyo Wilujeng, saking Panitia ingkang
ing samangkeh badhe dipun salirani Panjenenganipun Ibu Giyarti,
Sambutan Ingkang ongko kalih saking Ketua Muslimat NU Desa Cepogo, ingkang ing
samangkeh badhe kulo aturaken Ibu ……………………………………………….
Dene samangkeh Adicoro ingkang kaping gangsal Pengaosan inti kalajengaken do’a
penutup ingkang samangkeh kasuwunaken barokah Panjenenganipun
Ibu Ustadzah Munjiyah, S.Ag.

Bapak Ibu, hadirin hadirat ingkang kinurmatan, makaten menggah rancangan adicoro
ingkang badhe lumampah mugi andandosaken kawuningan.
*********************
Kagem anggemeni wekdal ingkang sampun ndungkap sonten, sumonggo kulo
dherekaken lumebet adicoro setunggal mboko setunggal.
Minongko purtwakaning adicoro sumonggo kulo dherekaken maos ummul kitab sepisan,
mugi-mugi lampahing adicoro wiwit purwo, madyo lan wusono pikantuk ridho saking
Gusti ingkang Moho Kuwoso.
Bi ridho Illah wa bi syafa’ati Rosulillah Al Faa tikhah..........
--------------------------------------------------------------------------------------
Mekaten menggah adicoro pambuko sampun paripurno, lumebet adicoro ingkang ongko
kalih, nuwun inggih Waosan Ayat-ayat suci Al Qur,an kalajengaken sholawat Badar,
ingkang badhe kawaos soho kapimpin Ibu Sutarmi,
Awit makaten Konjuk Panjenengani[un, wekdal sak wetahipun kulo aturaken.
----------------------------------------------------------------------------------
sampun paripurno menggah waosan ayat-ayat suci Al Qur’an soho sholawat badar.
kalajengaken mu’amalah dzikir Tahlil kanti berjamaah ingkang badhe dipun imami
Penjenganipun Ibu Markini
Awit makaten, wekdal kulo aturaken.

-------------------------------------------------------------------------------
Makaten menggah waosan dzikir tahlil ingkang sampun kito waos sarengan, mugi mugi
saestu wonten hikmahipun mnongko kagem wasilah kentun do’a soho nyuwunaken
pangapunten duhumateng ahli kubur kulo Panjenengan sedoyo.
Ngancik Adicoro Candhakipun inggih meniko Mars Muslimat Nahdlotul Ulama’ ingkang
dipun pimpin Ibu Datik, Kunjuk Ibu-Ibu Anggota Koor kulo suwun samekto ing gati,
Hadirin, kulo suwun jumeneng sedoyo
-------------------------------------------------------------
Sakderengipun lumebet adicoro candhakipun, saking keparengipun Panitia
Penyelenggara, wekdal kasigeg sakwentais mbok bilih wonten unjukan kagem jampi salit
sawetawislan snack kasuwun angresepi, sawetawis lelagon Islami saking Rebana Sari
Nada badhe atur panglipur kagem jama’ah
Sumonggo nuwun
-------------------------------------------------------
Hadirin hadirat rahimakumulloh, wekdal sekors kulo suwun wangsul, ingkang saperlu
kagem anglajengaken lampahing adicoro ing wekdal meniko.
Ndungkap adicoro candhakipun inggih puniko sambutan-sambutan.

Sambutan ingkang sepisan saking Panitia Penyelenggara. Kunjuk Panjenenganipun


Ibu Giyarti, wekdal kulo aturaken.
------------------------------------------------------
Sampun paripurno sambutan saking Panitia Penyelenggara, ngancik sambutan ingkang
ongko kalih inggih puniko saking Pembina Forum Pengaosan Muslimat NU Desa Cepogo,
Konjuk Panjenenganipun Ibu ………………………………. wekdal kulo aturaken.
-----------------------------------------------------
Hadirin, hadirat rokhimakumulloh, kulo dheekaken lumebet adicoro candhakipun inggih
puniko Pengaosan inti soho do’a penutup, ingkang sa mangkeh kasuwunaken barokah
Panjenenganipun Ibu Ustadzah Munjiyah, S.Ag. namung sakderengipun wekdal kulo
aturaken, ing mbok bilih anggen kulo ndherekaken lampahing adicoro khatah cecer-
cewetipun anggen kulo matur wiwit lekas ngantos pungkas nyuwun sih pangapapunten.
Cekap semanten atur kulo wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Sasono wedal kulo aturaken dhumateng ……………………………………………, sumonggo
nuwun.

----------------------------------------------------

Anda mungkin juga menyukai