Anda di halaman 1dari 2

IKATAN REMAJA KARANGGENENG

(IRK)
PRANOTO ADICORO HALAL BIHALAL
Dusun Krajan Karanggeneng Kec. Godong Kab. Grobogan 58162

Wonten Ngarsanipun poro Alim,poro kiyai,poro sepuh pinisepuh


Wabil khusus dumateng panjenenganipun romo kiyai Shofwan Habib Aminangkani Sesepuh Dusun
Krajan Karanggeneng ingkang tansah kulo lan Panjenengan sedoyo dereaken punopo ingkang dados
Fatwa Soho Pangendikanipun.
Dumateng Panjenenganipun Al-Mukarrom romo Kiyai Haji Maemun saking curug Tegowanu
Ingkang Kulo Lan Panjenengan sami tenggo-tenggo punopo ingkang dados Mauidhoh Khasanahipun
Ugi berkah Do’anipun.
Dumateng Bapak Sutono Selaku Ketua Takmir Masjid Baitul Muhaimin ingkang tansah kulo
hormati
Dumateng Bapak Mulyadi Selaku Kepala Desa Karanggeneng ingkang tansah kulo hormati
Dumateng Bapak/Ibu, Muslimin Muslimat Ingkang sami rawuh ingkang tansah kulo hormati.
Dumateng sedoyo rencang-rencang seperjuaangan Wabil Khusus Para Pemuda Krajan
Karanggeneng yang tergabung dalam Ikatan Remaja Karanggeneng ( IRK )ingkang tansah kulo
banggaaken ,mboten kesupen malih poro adik-adik ingkang tansah kulo tresnani.

 Sepindah monggo kito sedoyo kulo dereaken sesarengan Muji Syukur wonten Ngarsanipun
Allah SWT,kanti Waosan Tahmid ‫ الحمد هلل رب لعالمين‬ingkang sampun paring kanugran rahmat
saha hidayah, dene kulo Lan Panjenengan sami saged makempal wonten ing Pengaosan Malam
acara Halal Bi halal sareng warga Krajan kaliyan Pemuda Ikatan Remaja Karanggeneng ,
saperlu ngraketaken pasederek’an para pemuda wonten ing tlatah krajan karanggeneng
meniko.
 Kaping Kaleh Sholawat dalah salam mugio Kaaturaken dumateng Kanjeng nabi muhammad
SAW. engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito
raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten yaumil Qiyamah Amin.
kanthi Waosan ‫اللهم صل علي سيد نا محمد‬

 Kaping tigonipun kulo teng mriki Aminangkani Pranoto Adicoro badhe waosaken
runtutanipun adicoro ing wekdal dalu meniko.
Adicoro Ingkang Ongko sepindah Inggih meniko :
 Pembukaan
Adicoro Ingkang Ongko kalih Inggih meniko :
 Waosan surat Ikhlas Ugi Tahlil
Adicoro Ingkang Ongko tigo Inggih meniko :
 Waosan Ayat-ayat Suci Al-Qur’an
Adicoro Ingkang Ongko sekawan Inggih meniko :
 Sambutan-sambutan
Dipun lajengaken Adicoro Ingkang Ongko gangsal Inggih meniko :
 Istirahat
Adicoro Penutup Utawi Adicoro ingkang Ongko enem Inggih meniko:
 Mauidhoh Khasanah soho Do’a
 Bapak Ibu ingkang tansah kulo hormati .
Menikolah runtutanipun Adicoro ing wekdal dalu meniko.
Monggo Sesarengan Adicoro Ingkang Ongko setunggal Kito Bika kanti Waosan Ummul kitab :
…………………………………………………………………( alfatihah)
Matur suwun.mugi-mugi kanthi berkahipun surotul Fatikhah meniko,saged dadosaken
kelancaran Adicoro ing wekdal dalu meniko. ( Amiiin-Amiin Yarobbal A’lamin ).
 Bapak Ibu ingkang tansah kulo hormati .
Dipun lajengaken Adicoro ingkang Ongko kalih inggih meniko :
Waosan surat ikhlas ugi Tahlil ingkang badhe dipun pimpin Panjenenganipun Bapak Imam Khusaini
lan Do’anipun Kawulo Aturaken dumateng Panjeneganipun romo Kyai Shofwan Habib ( Dumateng
Panjenenganipun Kawulo Aturaken Sumonggo).
………………………………………………………………………………………………………………………………………..
( Dumateng Panjenenganipun Kawulo Aturaken Matur Suwun ).Mugi-mugi kanthi berkahipun waosan
Surat Ikhlas ugi Tahlil meniko saget paring Manfaat dumateng Ahli Kubur kulo lan panjenengan
sami .Mugio sedoyo amal kesaenan dipun tampi wonten ngarsanipun Allah SWT, lan Amal ingkang
Awon angsal Maghfiroh Saking Gusti Allah Swt. ( Amiiin-Amiin Yarobbal A’lamin ).

( Pranoto Adicoro Halal Bi Halal” Created by IRK“ ) 24 Juni 2018 M


13 Syawal 1439 H
 Bapak Ibu ingkang tansah kulo hormati
Dipun lajengaken Adicoro ingkang Ongko tigo inggih meniko :
Waosan Ayat-ayat Suci Al-Qur’an ingkang badhe dipun kumandangaken Panjenenganipun Ustadz
Qomaruddin saking Demak ( Dumateng Panjenenganipun Kawulo Aturaken Sumonggo).
………………………………………………………………………………………………………………………………………..
( Dumateng Panjenenganipun Kawulo Aturaken Matur Suwun ).Mugi-mugi kanthi berkahipun waosan
Ayat-ayat Suci Al-Qur’an meniko saget Anambahi roso keimanan soho ketaqwaan kito dumateng
Allah SWT, ( Amiiin-Amiin Yarobbal A’lamin ).

 Bapak Ibu ingkang tansah kulo hormati .


Dipun lajengaken Adicoro ingkang Ongko sekawan inggih meniko :
Sambutan-sambutan .
- Sambutan Ingkang Ongko setunggal Inggih meniko saking Prakata Panitia
saking Ketua Panitia inggih meniko sederek M.Faizin,ananging badhe dipun Wakili dening Wakil
Ketua Panitia Inggih meniko sederek Muslimin

( Dumateng Panjenenganipun Kawulo Aturaken Sumonggo).


………………………………………………………………………………………………………………………………………..
( Dumateng Panjenenganipun Kawulo Aturaken Matur Suwun ).

- Sambutan Ingkang Ongko kalih Inggih meniko Wakil Atur saking Seksi Peringatan hari besar
islam ( PHBI ) ingkang badhe dipun Aturaken dening Panjenenganipun Bapak Karyadi
( Dumateng Panjenenganipun Kawulo Aturaken Sumonggo).
………………………………………………………………………………………………………………………………………..
( Dumateng Panjenenganipun Kawulo Aturaken Matur Suwun ).

- Sambutan Ingkang Ongko Tigo Inggih meniko Wakil Atur saking Takmir Masjid Baitul
Muhaimin
ingkang badhe dipun aturaken dening Panjenenganipun Bapak Kyai Muhtar Ghozali
( Dumateng Panjenenganipun Kawulo Aturaken Sumonggo).
………………………………………………………………………………………………………………………………………..
( Dumateng Panjenenganipun Kawulo Aturaken Matur Suwun ).

- Sambutan Ingkang Ongko sekawan Inggih meniko saking Kepala Desa Karanggeneng
ingkang badhe dipun Aturaken dening Panjenenganipun Bapak Mulyadi.
( Dumateng Panjenenganipun Kawulo Aturaken Sumonggo).
………………………………………………………………………………………………………………………………………..
( Dumateng Panjenenganipun Kawulo Aturaken Matur Suwun ).

 Bapak Ibu ingkang tansah kulo hormati .


Adicoro ingkang Ongko gangsal inggih meniko :
Istirahat. adicoro istirahat badhe dipun isi Lantunan Sholawat Group Rebana Nurul Jadid saking
balerejo Demak (dumateng sedoyo rencang pemuda yang tergabung dalam Ikatan Remaja
Karanggeneng kulo aturi ngelampahi tugas-tugasipun ).
………………………………………………………………………………………………………………………………………..
( Adicoro Istirahat kulo cekapi semanten ).

 Bapak Ibu ingkang tansah kulo hormati .


Kito Lajengaken Adicoro Ingkang Ongko enem inggih meniko :
Mauidhotul Khasanah soho Do’a Penutup Ingkang Badhe dipun aturaken Panjenenganipun
Al –Mukarrom romo K.H Maemun saking Curug Tegowanu .Ananging sak derengipun Adicoro dipun
Lajengaken, Saking kulo pribadi mbok bilih wonten kalepatanipun anggen kulo matur milai Awal
ngantos Akhir,kulo nyuwun Agunging Samudro Pangarsami.Saking kulo ngaturaken :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
. ( dumateng Panjenenganipun Al –Mukarrom romo K.H Maemun kawulo aturaken Sumonggo).
……………………………………………………………………………………………………………………………………….
Tamat.

( Pranoto Adicoro Halal Bi Halal” Created by IRK“ ) 24 Juni 2018 M


13 Syawal 1439 H

Anda mungkin juga menyukai