Anda di halaman 1dari 2

Fadhil Rahman

X.E-7 / 13
Tugas Bahasa Jawa : Wacana Nonsastra
SEPUR

Sepur utawa kereta api (bahasa Inggris : Train) yaiku awujud transportasi rel ingkang disusun saka serangkaian
kendaraan sing ditarik nang jalur rel kanggo ngangkut penumpang utawa barang. Sepur biasane ditarik lokomotif.
Jinising lokomotif sing populer yaiku lokomotif diesel lan listrik. Lokomotif listrik oleh sumber tenaga saka kabel
sing digantung nang dhuwur rel (Catenary). Tembung “train” asale saka Bahasa Prancis Kuno trahiner, lan bahasa
Latin trahere (narik, menarik).

Ana macem-macem jenis sepur sing dirancang kanggo tujuan tertentu. Sepur bisa disusun saka kombinasi siji
utawa luwih lokomotif lan gerbong sing dipasang, utawa sawijining unit sing bisa gerak dhewe. Sepur sing pertama
digawe ditarik nganggo tali utawa ditarik jaran. Saka awal abad ke-19 sebagian besar didukung nang lokomotif
uap. Saka taun 1910-an lan sateruse lokomotif uap mulai digantikake nang lokomotif diesel lan lokomotif listrik.

Sejarah persepuran padha kaya sejarah alat transportasi liyane sing diawali karo penemuan roda. Awale dikenal
kereta jaran kang mung dumadi saka siji kereta (rangkaian), sawise digawe kereta jaran sing bisa narik luwih saka
siji rangkaian lan jalan neng jalure dhewe sing digawe saka wesi (rel) lan dijenengi sepur. Biasane digunakake nang
daerah pertambangan kanggo ngangkut hasil tambang.

Sawise James Watt nemokake mesin uap, Nicolas Cugnot nggawe kendaraan roda telu bahan bakar uap. Wong
padha ngarani kendaraan kui jaran wesi. Banjur, Richard Trevithick nggawe mesin lokomotif sing dirangkaiake
bareng sepur lan dimanfaatake kanggo pertunjukan nang ngarep masyarakat umum. George Stephenson
nyempurnakake lokomotif sing menang perlombaan balap lokomotif lan digunakake nang jalur Liverpool-
Manchester. Waktu iku lokomotif uap sing digunakake mirip kaya walang. Penyempurnaan dilakokake supaya bisa
luwih efektif, tenaga gedhe, lan bisa narik rangkaian luwih akeh.

Panemuan listrik dening Michael Faraday nggawe sawijining panemuan peralatan listrik sing diiringi panemuan
motor listrik. Motor listrik banjur kanggo nggawe trem listrik sing dadi cikal bakal sepur listrik. Banjur kui, Rudolf
Diesel nggawe sepur bermesin diesel sing luwih bertenaga lan luwih efisien daripada lokomotif uap. Bebarengan
karo perkembangan teknologi listrik sing luwih maju, Jepang ing waktu 1960-an nggawe sepur super ekspress
Shinkansen kanthi rute Tokyo-Osaka sing dikembangake dadi tekan meh seluruh Jepang. Banjur, Prancis nggawe
sepur sing padha kaya Shinkansen lan dijenengi TGV.

Anda mungkin juga menyukai