Anda di halaman 1dari 2

Tembalang

Konon, pas Raden Pandan Arang nganakno pertemuan karo para santri lan abdi dalem, Raden
Pandan Arang inggil saranipun para pengikute, kepingin nganakno perjalanan neng wilayah
kidul Semarang. Karo sangu sacukupe, Raden Pandan Arang mlaku neng arah kidul kurang luwih
karo seket wong santri lan abdi dalem. Amargi dalan seng ditempuh munggah medun gunung
utawi perbukitan, perjalanan Raden Pandan Arang ora lancar koyok pas nganakno perjalanan
neng arah kulon. Nanging,wong-wong iku mau seneng lan koyok ora kesel. Wong-wong iku mau
kehibur karo apike panorama alam seng didelok. Saking salah siji bukit seng dilewati, ketok saka
adohan Laut Jawa seng biru. Pemandangan koyok iku durung tau ndeke delok neng perjalanane
ndeke sakdurunge.Ndenger kegembiraan saka para pengikute, Raden Pandan Arang ngomong,
“Bener. Aku lah ngrasakno koyok ngono. Jebule, luwih apik wilayah kita. Amergi iku, jagalah
kabeh iku mau. Ojo sederek-sederek rusohi karo kelakuan-kelakuan seng ora apik. Contohe,
negori wit. Laut seng membiru koyok kuwi ojo dirusohi sampah-sampah neng pinggire utawa
kali seng marak neng kono.”

Ora adoh saka nggon Raden Pandan Arang lan para pengikute leren, ono perkampungan seng
wes cukup akeh penduduke. Warga kono uripe rukun. Saking sisi ekonomi, iso disebutke nak
warga neng kono mau ora pernah kekurangan. Lemah ing daerah iku subur sanget. Kabeh jenis
wit-witan iso urip. Warga iku mau akeh-akehe urip saking tani. Ing wilayah iku ono sanga
sumber banyu,seng penduduke nyebut karo istilah “tuk sanga”. Tuk yaiku bahasa jawa seng
artine “sumber banyu”; lan sanga artine “sanga”. Awale nggon sumber banyu sanga mau ora
dadi masalah. Bahkan sanget nguntungake penduduk neng kono, opomeneh banyu seng metu
saking sanga sumber banyu mau bening sanget. Olehe penduduk, banyu iku ora mek
dimanfaatke kanggo adus, nyuci lan adang, nanging dienggo kangge ngaliri taneman-taneman
warga. Nanging kalih tigo wulan terakhir, keberadaan tuk sanga kuwi nimbulake masalah
kangge penduduk. Masalahe, banyu seng metu saking sumber banyu sanga mau akeh banget.
Akibate banyu ngebanjiri tempate penduduk. Bahkan kemudian kebentuk danau seng makin
suwi makin gede. Penduduk karo gotong royong ape nutupi lubang-lubang sumber banyu kuwi.,
nanging gagal terus. Lemah, bahkan watu-watu seng gede seng dienggo nutupi sumber-sumber
banyu kuwi tenggelem terus. Masyarakat dadi panik amargi kuwi.

Pas masyarakat setempat ape putus asa, Raden Pandan Arang metu karo rombongane. Raden
Pandan Arang ape mundhut banyu kanggo wudhu. Sakwise niku beliau nggelar sajadah lan
sholat. Sakwise sholat beliau maca do’a suwe banget.

sakwise maca do’a beliau ngomong :

“Sederek-sederek,sepeninggal kula saking desa iki, insya allah sumber toya-sumber toya niku
mboten bakal medalaken toya meneh. Nangi setunggal seng katah. Niku tesih sederek-sederek
gunakake kangge kelangsungan urip sedinten-dinten. Amanat kula,lestarike kebersihan sumber
toya niku,kaleh,paringono asma desa iki Tembalang”…

“Titah Raden bakal kula laksanakake. Nanging, yen kula entuk ngertos, opo arti Tambalang iku
paduka?” takok salah siji penduduk.

“Tambalang iku saking kata tambal lan hilang. Bukankah sederek-sederek terus-terusan nembel
lubang-lubang sumber toya awit ndek mau, nanging gagal terus kan ?”..

Raden Pandan Arang karo rombongane cepet-cepet ninggalke nggon iku. Keajaibanapun terus
kedadean. Bebarengan karo tumindak beliau saking tempat iku, sekedik-sekedik banyu seng
metu saking sumber banyu-sumber banyu iku selot suwe selot entek. Akhire mandek kabeh,
bebarengan karo ilange Raden Pandan Arang karo rombongane saking pandangane
penduduk.Karek siji sumber banyu sing ijeh ngetokno banyu koyok sing dikandakno Raden
Pandan Arang. Ikunipun karo aliran seng ora gede. Saka iku, daerah utawa desa iku dikenal
wong karo jeneng Tambalang. Selot suwe wong nyebute Tembalang nganti sakiki.

Sak iki, daerah iki sanget terkenal amargi neng konolah nggon kampus anyar Universitas
Diponegoro.

Anda mungkin juga menyukai