Anda di halaman 1dari 110

i|Anestukara

KACA PANGESAHAN

Antologi Guritan dening :


Kelas : XI 1
Jurusan : MIPA
Judhul : Anestukara

Buku Antologi Guritan iki wis disarujuki kanggo tugas Mata


Pelajaran Basa Jawa lan di-ingventarisake ing Perpustakaan
SMA Negeri 2 Madiun nalika sasi September 2022.

Madiun, 28 Agustus 2022


Ketua Kelas XI MIPA 1,

Rofizha Yudha Pradiska


NIS. 21524

Pangukuh, Panguji,
Kepala SMA Negeri 2 Madiun Guru Mata Pelajaran

Pramujo Budiarto, S.Pd., M.Or. Dita Candra Astari, S.Pd.


NIP. 196706011994031011

i|Anestukara
ATUR PANGIRING

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang murbeng dumadi


ingkang sampun pareng kalancaran kagem ngrampungaken buku
kanthi judhul “Anestukara” anggitanipun kelas XI MIPA 1 SMA
Negeri 2 Madiun.

Tujuwanipun ngrakit buku inggih punika kagem


ngrampungaken tugas mata pelajaran Bahasa Jawa kelas XI MIPA 1
semester ganjil 2022/2023.

Anggitanipun nyusun buku mboten saget uwal saking


panyekuyung ingkang disebutaken wonten ngriki, inggih
punika :
1. Bapak Pramujo Budiarto, S.Pd., M.Or., minagka Kepala SMA
Negeri 2 Madiun;
2. Ibu Yunita Wahyuningsih, S.Pd., minangka wali kelas XI
MIPA 1;
3. Ibu Dita Candra Astari, S.Pd., minangka guru mata pelajaran
Bahasa Jawa;
4. Sedaya Bapak/Ibu Guru ingkang ngulang wonten kelas XI
MIPA 1;
5. Bapak/Ibu Wali Murid ingkang tansah maringaken
pangestunipun dhumateng putra-putrinipun kagem ngundi
kawruh;
6. Para mitra kelas XI MIPA 1 ingkang sampun sesarengan
ngrembug kahyan nyusun buku punika.

ii | A n e s t u k a r a
Anggenipun panulis ngrakit buku punika taksih kathah
kirang kaliyan lepatinipun. Mila pangripta nyuwun agunging
pangaksama dhumateng para pamaos. Wontenipun panyaru kaliyan
pamrayoga sageda dipunparingaken kagem langkung saenipun buku
ing tembe. Matur nuwun.

Madiun, 7 September 2022

Panulis

iii | A n e s t u k a r a
DHAFTAR ISI

SAMPUL

KACA PANGESAHAN .................................................................. i

ATUR PANGIRING ....................................................................... ii

DHAFTAR ISI ................................................................................ iv

KULINER KHAS KUTHA MADIUN

MAK NYES RASANE ................................................................... 1

SEGA PECEL .................................................................................. 5

GETHUK LINDRI .......................................................................... 7

SEPINCUK SEGA PECEL .............................................................10

SERABI ...........................................................................................13

SEGA LEGENDARIS ....................................................................16

SEGA PECEL .................................................................................19

GETHUK LINDRI .........................................................................21

SEGA JAGUNG .............................................................................24

SEGANE WONG MADIUN .........................................................29

MADUMONGSO MADIUN ........................................................32

SEGA PECEL .................................................................................35

SEGA KULUP SAMBEL KACANG .............................................38

GETHUK LINDRI .........................................................................41

SEGANE KUTHAKU ....................................................................44

iv | A n e s t u k a r a
SOTO MADIUN KEBAK MAKNA .............................................48

Sukmane Madiun Kutha ...............................................................50

SEGA ANDALAN .........................................................................53

SOTO KUTILANG ........................................................................56

PECEL GODHONG ......................................................................59

KULINER SEGA PECEL ...............................................................62

SEPINCUK PECEL ........................................................................64

SEGA PECEL CAH AYU ..............................................................67

SING TAK TRESNANI .................................................................70

PANGANAN NYENENGAKE ATI ............................................72

AKU, KOWE, LAN BLUDER COKRO ........................................75

SEGA PECEL .................................................................................78

KRUPUK PULI ..............................................................................81

COKLAT WARNANE, ENAK RASANE ....................................85

Sega Sayur Sambel Kacang ...........................................................88

PECEL .............................................................................................91

PECEL PINCUK ............................................................................94

SEGA ANDALAN MADIUN .......................................................98

MADUMONGSO ........................................................................ 100

REDHAKSI..................................................................................... vi

v|Anestukara
MAK NYES RASANE

Ailsa Awwalu Vania Rashida (XI MIPA 1/01)

Purwakaning chandra ing wanci wengi


Endah sumorot mandhengi jagad
Rasane adem sumlenget
Semilir angin hawa iki
Ngeneni ati ing wanci wengi

Lungguh ing telatar omahku


Akasa isuk agawe kelingan warnamu
Legine gendis agawe kelingan manismu
Tape ketan iku asalmu
Bakal gampang diilengakeku

Semribit angin ngalus langit sore


Manuk sriti bali ing pucuking cemara
Nganti tekaning wengi nyenyet

1|Anestukara
Nalika hawa adem pengen mangan brem
Mak nyes rasane ilat iki
Gawe semriwing ing atiku

Kemepyur grimis ngruwis


Ngadhemi bumi sing ngrantu
Ademe hawa pengen mangan legi
Mangan brem iku andalane

Sapa sing ora weruh brem


Panganan saking kutha madiun
Panganan kang akeh khasiate
Adoh tekan omah nggawe kelingan
Kepingin mangan brem

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “MAK NYES RASANE”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR

1. Tipografi :
• Ditulis kawitan aksara gedhe
• Ora dipungkasi taanda titik
• Ditulis nganggo rata kiwo
2. Diksi
• Purwakaning chandra ing wanci wengi =
dasanamane rembulan
• Endah sumorot mandhengi jagad = dasaname
bumi
• Aksara isuk agawe kelingan warnamu =
dasaname awing-awang/dirgantara

2|Anestukara
3. Imaji
• Endah sumorot mandhengi jagad
• Semilir angin hawa iki = imaji paningal
• Rasane adem sumlenget = imaji raba
• Aksara isuk agawe kelingan warnamu = imaji
paningal
• Legine gendis agawe kelingan manismu = imaji
rasa
• Semribit angin ngalus langit sore = imaji raba
• Mak nyes rasane ilat iki
Gawe semriwing ing atiku = imaji rasa
• Kemepyur grimis ngruwis
Ngadhemi bumi sing ngrantu = imaji raba

4. Tembung konkret
• Akasa = langit/awang-awang/dirgantara
5. Lelewaning basa
• Purwakanti ing rembulan ing wanci wengi
• Nganti tekaning wengi nyenyet
6. Wirama
• Lungguh ing telatar omahku Awang-awang
isuk agawe kelingan warnamu
Legine gendis agawe kelingan manismu
Tape ketan iku asalmu
Bakal gampang diilengakeku

3|Anestukara
B. ANALISIS STRUKTUR BATIN

1. Tema
• Kuliner panganan kutha madiun
2. Rasa
• Pelajar sing ngenalake lan ngelestariaken
kuliner khas saking kutha madiun
3. Nada
• Ngaturake lan ngajak marang pamos
ngelestariaken kuliner khas kutha madiun
4. Amanat
• Pesen kang kinandhut ing geguritan iki yaiku
ngilengake karo panganan khas kutha madiun

4|Anestukara
SEGA PECEL

Adika Yulian Saputra (XI MIPA 1/02)

Sayuran seger dicampur karo sambel kacang


Kombinasi sing enak siap disajikan
Peyek dele lan peyek urang
Siap nambah enake sega pecel

Sega pecel…
Paling apik dipangan nalikan sarapan
Lawuh apa wae ora dadi beban
Sega panas dadi andalan

Pungkasane…
Rina lan wengi diganti karo sayuran seger
Sega pecel…
Enak dipangan karo sega liwet
Ora peduli esuk, awan, wengi
Wong Madiun ngomong
Pancen kula kaliyan panjenengan sedaya ora tau waleh
Kapan sega disuguhake

5|Anestukara
Sega pecel…
Jarene simbah panganan sing paling becik
Ora becik yen ora doyan sega pecel
Amarga sega pecel cocog karo ilate wong jawa

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “SEGA PECEL”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi: Rata kiri
2. Diksi: Rina lan wengi (esuk lan wengi)
3. Imaji: Imaji paningal
4. Tembung konkret: “Sayuran seger dicampur karo sambel
kacang”
5. Gaya Bahasa: Anafora
6. Purwakanthi: Sega pecel …

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema: Kuliner
2. Rasa: Seneng
3. Nada: Memuji
4. Amanat: Sega pecel paling cocog kanggo sarapane wong
jawa

6|Anestukara
GETHUK LINDRI

Anggi Purnama Sari (XI MIPA 1/03)

Punika tedha ingkang kadamel


Saking singkong. Punika tedha
Ingkang mirah, Praktis, lan
higenis.

Sanadyan namung kadamel saking


Singkong,
Punika mboten kawon kalih tedha modern
Punika tedha asli saking nagari tercinta

Punika cita rasanipun, punika


ingkas asli Indonesia. lan cocok
kalih ilat tiyang Jawi, Bali,
Sumatera, lan Kalimantan.
Luwih-luwih dumugi Papua sapisan.

7|Anestukara
Gethuk lindri kang nduweni rasa, Manis,
lan gurih.
Gethuk lindri kadamel saka kelapa Parut
sapisan.

Gethuk lindri kang nduweni, Warna


khas.
Cokelat, ijo, lan abang nom.

Gethuk lindri bisa ditemukake Ing


pasar-pasar tradisional.
Gethuk lindri asale saka daerah, Desa
Karet, Magelang Jawa Timur.

Gethuk lindri panduweni kasiat sing katah, Kangge


kasehatan.
Teksture gethuk lindri cukup alus, Lan
atraktif.

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “GETHUK LINDRI”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi :
• Ditulis kawitan aksara gedhe
• Ora dipungkasi taanda titik
• Ditulis nganggo rata kiwo
2. Diksi :
• Sanadyan namung kadamel saking Singkong,
Punika mboten kawon kalih tedha modern.
Punika cita rasanipun,
• Punika ingkas asli Indonesia.

8|Anestukara
3. Imaji :
• Gethuk lindri kang nduweni, Warna
khas.Cokelat, ijo, lan abang nom= imaji
paningal
• Teksture gethuk lindri cukup alus,Lan atraktif=
imaji raba
• Gethuk lindri kang nduweni rasa,Manis, lan
gurih= imaji rasa

4. Tembung konkret :
• -
5. Lelewaning basa :
• -
6. Wirama :
• -

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN

1. Tema
• Panganan Kuliner
2. Rasa
• Pelajar sing ngenalake lan ngelestariaken
panganan kuliner.
3. Nada
• Ngaturake lan ngajak marang pamos
ngelestariaken panganan kuliner.
4. Amanat
• Ngelengne pamaos kanggo tetep mangan
panganan kulineran.

9|Anestukara
SEPINCUK SEGA PECEL
Ardelia Maura Salsabila (XI MIPA 1/04)

Gemricik banyu kang merdhu ing kupingku


Semilir angina kang ngenani ragaku
Tansah ngelingake aku kriyuke peyek dele
Tansah ngelingake aku segere kulupan pecel

Sugeng rawuh ing kutha kula


Kutha ayu kang kebak kenangan
Tlatah Jawa klairane sega pecel
Dhaharan khas wong Madiun

Bocah cilik iku mung manthuk


Wong tuwane kerja adus kringet
Aweh sasmita tanpa swara Apa
dheweke wanuh?

Yen ing tlatah iki nduweni tembang macapat

10 | A n e s t u k a r a
Kang mbabar tuntunan
Kaya isine sega pecel
Bocah cilik iku anteng mirengake
Bocah cilik iku mung manthuk
Nalika tiba ing titi wanci ketiga ngerak iki
Wong tuwane aweh sasmita
Ing salumahe bawana

Bocah cilik iku anteng mirengake


Sinambi ngaba marang wong tuwane
Yen wetenge kluruk njaluk diisi
Sepincuk sega pecel sing dadi kunci
Sing rasane raiso dilalekake ati

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “SEPINCUK SEGA PECEL”
A. ANALISIS STRUKTUR LAIR
1. Tipografi
• Bentuk panulisan guritan
“SEPINCUK SEGA PECEL”
ditulis kanthi rata kiwa. Wonten 6
pada, saben sapada wonten 4-5
larik.

2. Diksi
• Ketiga ngerak : kemarau
• Bawana : bumi
3. Imaji
• Imaji paningal : bocah cilik iku
mung manthuk

11 | A n e s t u k a r a
• Imaji swara :
- gemricik banyu kang merdu
ing kupingku
- ngelingake aku kriyuke peyek
dele

• Imaji raba : semilir angina ngenani


ragaku

2. Tembung Konkret
• Kutha ayu kang kebak kenangan

3. Lelewaning Basa
• Adus kringet: nyambut gawe abot

4. Purwakanthi
• Runtuting swara ing guritan
“SEPINCUK SEGA PECEL” ana ing
pada ke-1

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema/makna :kuliner maknan
2. Rasa : rasa kang diandharake
pangripta yaiku ngenani bab kauripan sing
maneka warna kaya isine sega pecel
3. Nada : guritan kasebut ngandhani
pamaos supaya tansah ngati-ngati ing kauripan
4. Amanat : saking guritan “SEPINCUK
SEGA PECEL” pangripta pengin ngandharake
yen kauripan iku maneka warna kaya isine sega
pecel, nanging kabeh iku gumantung awake
dhewe.

12 | A n e s t u k a r a
SERABI
Aurel Shahwa Pradigta (XI MIPA 1/05)

Sapa sing nduweni rasa dhuwur


Panganan asli saka negaraku
Tanah Air Indonesia

Delengen kene, ambune tekan ati


Serabi iku apik lan unik
Ambune nyenengke ati
Bentuk e ngawe ngawe wong

Akeh sing disenengi ing saben pojok negara


Wong tuwo lan enom sak nduwur lan ngisor
Saben wong seneng serabi

Saiki wis akeh rasa lan variasi


Karya anak kampung
Kanthi kreatifitas dhuwur
Kabeh wong sneng serabi

13 | A n e s t u k a r a
Putih resik nyeneng ke ati
Rasa kang bentuke menarik
Yen mangan serabi
Pikiran susah dadi sumringah
Ati langsung bungah yeh ndeleng serabi

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “SERABI”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi :
 Ditulis kawitan aksara gedhe
 Ora dipungkasi taanda titik
 Ditulis nganggo rata kiwo
2. Diksi
 Kanthi kkreativitas dhuwur
 Saiki wis akeh rasa lan variasi
3. Imaji

 Bentuke ngawe ngawe wong= imaji paningal


 Rasane adem sumlenget = imaji raba
 Delengen kene ambune tekan ati = imaji paningal
 Ambune nyenengke ati = imaji rasa
 Yen mangan serabi ati susah dadi su
semriwing ing atiku = imaji rasa
4. Tembung konkret
 -
5. Lelewaning basa
 Akeh sing disenengi ing saben pojok
6. Wirama
 Pikiran susah dadi sumringah
 Ati langsung bungah yeh ndeleng serabi

14 | A n e s t u k a r a
B. ANALISIS STRUKTUR BATIN
1. Tema
 Kuliner panganan kutha madiun
2. Rasa
 Pelajar sing ngenalake lan ngelestariaken kuliner khas
saking kutha madiun
3. Nada
 Ngaturake lan ngajak marang pamos ngelestariaken
kuliner khas kutha madiun
4. Amanat
 Ngelengne pamaos kanggo tetep mangan panganan
khas madiun

15 | A n e s t u k a r a
SEGA LEGENDARIS
Berliana Maula Putri (XI MIPA 1/ 06)

Madiun
Kutha lairku
Gonku digedekne
Lan golek perupa jiwa kanggo sangu tuaku

Madiun
Kutha sing akeh jajanan kulinere
Salah sijine sega pecel
Ora usah wedi melilit lan senep

Amargi saben isuk mangan sega pecel


Regane murah nanging gawene adus eluh
Lawuhe tetek bengek
Ditambahi sambel kacang
Sing ndadekake sega pecel nendang banget Ilat
Nek wis kadung ngerasakne ora bakal ngaleh gon
Kagem wong sing teka ing Madiun
Aja lali jajal panganan khas Madiun sega pecel

16 | A n e s t u k a r a
ANALISIS STRUKUR LAIR LAN BATIN TEKS
GEGURTAN “SEGA LEGENDARIS”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi
Tipografi saka guritan “Sega Legendaris” iku rata
kiwa, ora dipungkasi tandha titik lan jumlahe 16
pada
2. Diksi (pilihane tembung)
- “Lan golek perupa jiwa kanggo sangu tuaku” :
golek sandang pangan
- “Ora usah wedi melilit lan senep” : telat mangan -
“Ora usah wedi melilit lan senep” : lara kaya
weteng ketusuk
- “Lawuhe tetek bengek” : rena - rena - “Sing
ndadekake sega pecel nendang banget” : enak
banget
3. Imaji
- “ilat nek wis kadung ngerasakne ora bakal ngaleh
gon” (imaji raba/sentuh)
4. Tembung konkret
- sega legendaris = sega pecel
- perupa jiwa = golek sandang pangan
- melilit = telat mangan
- senep = lara kaya weteng ketusuk
- tetek bengek = rena - rena
- nendang banget = enak banget
5. Lelewange basa (gaya bahasa)
- regane murah nanging gawene adus eluh
(tembung entar)

17 | A n e s t u k a r a
6. Wirama (rima)
- purwakanthi guru basa : -
- purwakanthi guru sastra : gonku di gedekne
- purwakanthi guru swara : lawuhe tetek bengek
ditambahi sambel kacang

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema : Tema saka guritan “Sega Legendaris” yaiku
kuliner khas Madiun
2. Rasa (feeling) : Regane murah nanging gawene
adus eluh
3. Nada : nguri - nguri Sega Pecel marang wong liya
4. Amanat : pangripta nguri-nguri marang pamaos
kagem nyicipi kuliner khas Madiun Sega Pecel

18 | A n e s t u k a r a
SEGA PECEL
Bima Arsa Athalla (XI MIPA 1/07)

Saka esuk nganti padhang


Hawane ngelingake aku
Panganan khas kuthaku
Yaiku sega pecel

Sega pecel
Panganan berkhasiat lan bergizi
Arume nggawe selera
Saget dipangan kabeh kalangan

Sega pecel
Sing nduwe rasa dhuwur
Panganane sing ngelikake aku
Karo awakmu

19 | A n e s t u k a r a
Kabeh seneng sega pecel
Becike rasane enak
Panganan asli lemah banyuku
Lemah banyu madiun

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “SEGA PECEL”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


a. Tipografi: Nduweni 12 larik
b. Diksi: Sing nduwe rasa dhuwur
c. Imaji: Imaji ngambu
d. Tembung konkret: Saka esuk nganti padhang
e. Lelawane basa: -
f. Purwakanthi: a-u-u-e

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


a. Tema: Kuliner panganan khas Madiun
b. Rasa: Minangka wong sing seneng karo rasane sega
pecel Madiun
c. Nada: Penyair nuturi wong kutha asli Madiun kudu
kenal karo sega pecel
d. Amanat: Wong Madiun kudu ngerti karo panganan
khas kuthane yaiku sega pecel Madiun

20 | A n e s t u k a r a
Gethuk Lindri
Chrisna Mukti Wijaya (XI MIPA 1/8)

Panganan kang digawe saka tela


Regamu murah, praktis, lan higienis
Senajan mung digae saka tela
Nanging ora kalah karo panganan liya

Gethuk Lindri…
Wujudmu kang endah pindha widodari
Awakmu werna-werni kaya pelangi
Dihiasi parutan kang putih suci

Gethuk Lindri…
Amargi wujudmu kang endah kuwi
Marai rame ing Pasar legi
Pasar legi desa Sukowidi

Gethuk Lindri…
Teksturmu kang alus lan lembat
Lan rasamu kang manis legit
Yen dicakot marai ngelingno
Kelingan janjimu jaman semono

21 | A n e s t u k a r a
Gethuk Lindri…
Panganan kang murah lan enak iki
Khas lan asli saking tanah Jawi
Mula iku…
Kita kang dadi “Tiyang Jawi”
Kudu saget nguri-nguri “Gethuk Lindi”
Dening anak putu
Lan sukur-sukur nganti luar negeri

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “GETHUK LINDRI”
A. ANALISIS STRUKTUR LAIR
1. Tipografi
 Bentuk panulisan guritan “Gethuk Lindri”
ditulis kanthi rata kiwa, madeg saking 4-8
larik saben Sapada, lan madeg saking 4 pada
2. Diksi
 Wujudmu kang endah pindha widadari
 Awakmu werna werni kaya pelangi
 Dihiasi parutan kang putih suci (parutan
kelapa)
3. Imaji
 Awakmu werna werni kaya pelangi ( imaji
paningal)
 Tekstur mu kang alus lan lembat (Imaji raba)
 Marai rame ing pasar legi (Imaji paningal lan
swara)
 Lan rasamu kang manis legit (Imaji rasa)

4. Tembung Konkret
 Wujudmu kang endah pindha widadari
 Awakmu werna werni kaya pelangi
5. Lelewaning Basa

22 | A n e s t u k a r a
 Wujudmu kang endah pindha widadari

 Awakmu werna werni kaya pelangi

6. Purwakanthi
 Pada 1 : a-b-a-a
 Pada 2 : a-a-a-a
 Pada 3 : a-a-a-a
 Pada 4 : a-b-b-c-c
 Pada 5 : a-a-a-b-a-a-b-a

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema : Kuliner khas Madiun
2. Rasa : Minangka bocah sekolah bangku SMA kang
badhe ngenalake lan nguri nguri "Gethuk Lindri" khas
Madiun dening anak putu
3. Nada : Nyeritaake ngenani Gethuk Lindri, kang
tujuan e nguri nguri Gethuk Lindri kang dadi salah siji ciri
khas kutha Madiun
4. Amanat : Dadi warga Madiun kudu bersukur
anduweni panganan khas yaiku Gethuk Lindri lan kudu iso
nguri nguri Gethuk Lindri nganti anak putu mbesuk

23 | A n e s t u k a r a
SEGA JAGUNG
Delvia Hanan Revania (XI MIPA 1/09)

Sega jagung…
Panganan tradisional khas Madiun
Didol ing pinggir dalan pasar kawak
Sega lan lawuh sing dadi tujuan
Marai sing tuku tresna sega jagung

Iki dudu sajak ngenai kesedihan


Ananging ngenai siji kangen ati
Kang pucukan ing siji tresna sega jagung

Mbukak bungkus cilik iku karo nepsu


Ora tahan kreteg ambung wangi sega jagung
Campuran godhokan godhong adas kang wangi
Kunikmati karo sambel lan iwak teri

Sakbungkus cilik sega jagung krasa agung


Sejumput godhong adas gawe urip waras
Sathithik sambel terasi dadekake dina berseri
Siji iwak teri elengake urip berarti

24 | A n e s t u k a r a
Suwasana desa eksotis rawuh jero tresno
Prasaja nanging waras rogone
Kesahajaan kang nekakake kerinduan
Mbusek gawean kemewahan sing semu

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “SEGA JAGUNG”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi
• Geguritan “Sega jagung” kalebu geguritan gagrag
anyar kang katon luwih mardika
• Wis ora kaiket paugeran
• Ana 5 padha
• Padha 1 cacahe ana 5 larik
• Padha 2 cacahe ana 3 larik
• Padha 3 cacahe ana 4 larik
• Padha 4 cacahe ana 4 larik
• Padha 5 cacahe ana 4 larik
• Ing wiwitane larik nganggo aksara gedhe
• Saben larik ora diwenehi titik
• Saben larik ditulis rata saka kiwa

2. Diksi
• Sakbungkus cilik sega jagung krasa agung: ( rasa
sega jagung sing enak lan nduweni khas sing
agung )
• Mbukak bungkus cilik iku karo nepsu : ( nabsu )
• Sejumput godhong adas gawe urip waras: ( sehat
ora loro loroen )

25 | A n e s t u k a r a
• Kesahajaan kang nekakake kerinduan: ( nduweni
arti liya )
• Prasaja nanging waras rogone: ( ora podo koyo
segane sing murah ora larang-larang )
• Suwasana desa eksotis rawuh jero tresno: (
gambarake desa mangn sega jagung )

3. Imaji
Imaji paningal (imaji visual)
• Panganan tradisional khas Madiun
• Sega lan lawuh sing dadi tujuan
• Didol ing pinggir dalan pasar kawak

Imaji raba/sentuh (imaji taktil)


• Ananging ngenai siji kangen ati
• Iki dudu sajak ngenai kesedihan
• Marai sing tuku tresna sega jagung
• Kang pucukan ing siji tresna sega jagung
• Mbukak bungkus cilik iku karo nepsu
• Sakbungkus cilik sega jagung krasa agung
• Sejumput godhong adas gawe urip waras
• Sathithik sambel terasi dadekake dina berseri
• Siji iwak teri elengake urip berarti

Imaji raba/sentuh (imaji taktil)


• Ora tahan kreteg ambung wangi sega jagung

4. Tembung konkret
Tembung khas kuliner unik tradisi Jawa, dadi kuliner
ing kutha Madiun, kebak wong anetepi wajib tegese
Sega Jagung.

26 | A n e s t u k a r a
• Sakbungkus cilik sega jagung krasa agung:
( rasa sega jagung sing enak lan nduweni khas
sing agung )
• Mbukak bungkus cilik iku karo nepsu : (nabsu)
• Sejumput godhong adas gawe urip waras:
( sehat ora loro loroen )
• Kesahajaan kang nekakake kerinduan:
( nduweni arti liya )
• Prasaja nanging waras rogone: ( ora podo koyo
segane sing murah ora larang-larang )
• Suwasana desa eksotis rawuh jero tresno:
( gambarake desa mangn sega jagung )

5. Lelewaning Basa
• Prasaja nanging waras rogone

6. Purwakanthi
• Purwakanthi guru swara Siji iwak teri
elengake urip berarti Sathithik sambel terasi
dadekake dina berseri
• Purwakanthi guru sastra Prasaja nanging
waras rogone

A. ANALISIS STRUKTUR BATIN

1. Tema
Kuliner Makanan sing ana ing kutha Madiun
2. Rasa
Tresna marang Sega jagung
3. Nada
Nadane cerita, bangga, lan ngajak

27 | A n e s t u k a r a
4. Amanat
• Ojo nganti pudar kuliner iki
• Panulis ngajak pemaos supaya tresno ing sega
jagung
• Sega jagung sing enak sampek rame para wong
sing tuku lan seneng marang sega jagung

28 | A n e s t u k a r a
SEGANE WONG MADIUN
Dennis Mitchel (XI MIPA 1/10)

Deleng o rene, ambune wis nganti tekan ati


Ambu enak e sega pecel
Wangine sing marai seleraku tangi
Ngongkon aku ndang cepet nyicipi
Nikmat e dunya bareng sega pecel

Pecel

Enake biso dirasakne kabeh


Ora mandang umur utawa derajat
Panganan khas e kutha ku
Kutha Madiun

Pecel

29 | A n e s t u k a r a
Pecel iku panjebar semangat
Pecel iku sumber tenaga
Panganan sing murah, praktis lan higenis
Ndadikake weteng lan ati mesem manis Dibungkus godong
gedang
Dilumuri sambel kacang
Ing kemul rasa sayang
Sayang e Indonesia

Pecel

Pecel iku harga dirine Madiun


Atine Madiun Ana
gula ana semut
panganan marai tenang lan ati ora kemawut yaiku
pecel.

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS GURITAN


“SEGANE WONG MADIUN”
A. ANALISIS STRUKTUR BATIN
1. Tipografi : Penulisan Guritan iku Rata kiri
2. Diksi : Mesem Manis = bahagia/seneng
3. Imaji : imaji ambu
4. Tembung
5. Konkret : “ndadikake wetemg lan ati mesem manis”
6. Lelewaning Basa : Basa rinengga, Paribahasan “ana gula
ana semut”
7. Purwokanti : a-a-b-b

30 | A n e s t u k a r a
B. ANALISIS STRUKTUR BATIN

1. Tema : Panganan tradisional Madiun


2. Rasa : bangga lan seneng marang panganan pecel
3. Nada : nritakake rasa lan ngajak pamoco ngerasakne
pecel
4. Amanat : Pecel iku panganan khas Madiun seng wajib
di coba

31 | A n e s t u k a r a
MADUMONGSO MADIUN
Fadhilah Nur Aini (XI MIPA 1/11)

Madumongso
Panganan khas Madiun
Kebanggaane wong tuwo lan mudha Nggawe
atiku seneng.

Madumongso
Panganan favorite wong Madiun
Sing turun temurun tekan leluhur Tambah
dina tambah marem atiku.

Madumongso
Panganan sing asale tekan ketan Yen
dipangan marai kelingan Kelingan
esemu dek wingi (manis).

Madumongso

32 | A n e s t u k a r a
Panganan kang kalebu tradisional
Sing ana ning pasar
Bisa ora kowe nglaleake rasane.

Madumongso
Panganan khas madiun
Sing dibungkus gae warna Pelangi
Kanggo oleh – oleh sodara sing dolan ning omah.

Bentukmu sing sahaja


Cocok nggawe segala usia
Arumimu gae uwong dewana
Manismu senadyan gawe uwong seneng.

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN


GURITAN “MADUMONGSO MADIUN”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi :
• Bentuk panulisan tipografi rata kiwa
• Wonten 6 pada
• 4 larik saben sapada

2. Diksi :
• Sahaja : ukara “Sahaja” ngganti ukara
“Biasa/Sederhana”
• Arumi : ukara “Arumi” nggati ukara
“Wangi”
• Dewana : ukara “Dewana” ngganti ukara
“Tergila – gila”

33 | A n e s t u k a r a
3. Imaji
• Imaji paningal (visual) :
- Sing dibungkus gae warna Pelangi
• Imaji taktil
- Nggawe atiku seneng
- Arumimu gae uwong dewana

4. Tembung konkret
• -

5. Lelewaning basa
• Kelingan esemu dek wingi (manis)
6. Wirama / Purwakhanti :
• Panganan khas Madiun
• Panganan favorite wong Madiun

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema / makna : Kuliner Makanan

2. Rasa (feeling) : Rasa remen marang panganan


tradisional Madiun sing asale saka ketan.

3. Nada : Nada ngajak ngelestariake panganan


tradisional turun temurun tekan leluhur.

4. Amanat : Lumantar geguritan kasebut, pangripta


kepengin ngenalake lan ngelestarekake panganan
khas Madiun sing rasane legi saka ketan sing
disenengi golongan tuwa lan mudha.

34 | A n e s t u k a r a
SEGA PECEL

Fayyaza Aqqila (XI MIPA 1 / 12)

Kulup seger dicampur sambel kacang


Dicampur dadi siji dadi sega pecel
Peyek dhele lan peyek urang
Nambah sedepe sega pecel

Paling enak dipangan pas sarapan


Apa wae lawuhe ora dadi masalah
Sega anget dadi andalan
Ora marai bosen masio dipangan saben dino
Sega pecel
Regamu kang murah nanging bergizi
Senajan mung sega sambel lawuh peyek
Nanging rasamu ora bisa dinyek

35 | A n e s t u k a r a
Sega pecel
Panganan khas Madiun
Nduweni rasa kang ngangeni
Agawe kangen yen lagi ngumbara

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN GURITAN


“SEPINCUK PECEL”

A. ANALISIS STRUKTUR FISIK


1. Tipografi :
• Bentuk panulisan tipografi rata kiwa
• Wonten 4 pada
• 4 larik saben sapada

2. Diksi :
• Rasane pedes kaya omongane tangga (pedes)

3. Imaji :
• Imaji paningal (visual) :
Kulup seger dicampur sambel kacang

4. Tembung konkret :
• Rasane pedes kaya omongane tangga

5. Lelewaning basa :
• Gedhe cilik Hawa
• Lanang wadon
• Eno

36 | A n e s t u k a r a
6. Wirama / Purwakhanti :
• Sega pecel
• Sega pecel panganan khas Madiun

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema / makna : Kuliner Makanan

2. Rasa (feeling) : Minangka bocah SMA kang badhe


ngenalake „‟Sega Pecel‟‟ khas Madiun dening
pamaos
3. Nada : Nyeritaake ngenani Sega Pecel,
kang tujuane ngelestariake Sega Pecel dadi ciri
khas Madiun

4. Amanat : Lumantar geguritan kasebut,


pangripta kepengin ngandharake yen sega pecel
panganan khas Madiun sing nduweni rasa khas
seger e kulup dicampur sambel kacang sing
agawe kangen yen lagi ngumbara

37 | A n e s t u k a r a
SEKUL KULUP SAMBEL KACANG

Florecita Zulfa Nasifa (XI MIPA 1/13)

Sinar surya madhangi jagad


Jago kluruk nggigah soca
Nggigah sengkuyung ing sukma
Setunggal ingkang kirang
Kruyukk...
Wetheng luwe
Nyuwun isinipun

Perihipun padharan ngemutaken


Saderengipun kesah nilaraken griya
Ayem tentrem sila ing latar natap angkasa
Namung saged ngemut-emut
Kula kangen
Latar, ibuk, sekul, kulup, sambel kacang

Ing jaman prawan alit


Bungkusipun ron gedhang utawi jati
Wonten lipat supados midah dipunbekta
Sunduk ugi gadhah ayahan

38 | A n e s t u k a r a
Ayahan ngganjel ron ron

Kula kangen
Tedha nyarasaken asal madiun
Saking kangkung utawi tauge
Dipuntambah gurihipun sambel kacang
Njangkepi kecanan masakan ibu

Kangen raosipun
Kangen masakanipun
Kula kangen, pecel lan Madiun
Kula kajeng wangsul
Kangge nedha pecel Madiun

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS GURITAN


”SEKUL KULUP SAMBEL KACANG”

A. ANALISIS STUKTUR FISIK


1. Tipografi:
• Ditulis kawitan aksara gedhe
• Ora dipungkasi tanda titik
• Ditulis rata kiwa

2. Diksi:
• Sinar surya madhangi jagad
Dasanamane matahari
• Nggigah sengkuyung ing sukma
Dasanamane jiwa

39 | A n e s t u k a r a
3. Imaji:
• Kruyukk... Wetheng luwe
Imaji rasa
• dipuntambah gurihipun sambel kacang imaji rasa
• Jago kluruk nggigah soca
Imaji swara

4. Tembung konkret:
• Akasa = langit/awang-awang/dirgantara

5. Lelawaning basa
• Ayem tentrem sila ing latar natap angkasa

6. Wirama Kangen raosipun


Kangen masakanipun
Kula kangen, pecel lan Madiun
Kula kajeng wangsul
Kangge nedha pecel Madiun

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema
Kuliner panganan kutha Madiun
2. Rasa
Bocah kang emut lan kangen kuliner khas saking Kutha
Madiun dumugi kajeng wangsul ing Kutha Madiun
3. Nada
Ngajak nikmati lan nglestariaken pecel khas Kutha Madiun
4. Pesen kang kinandhut ing geguritan iki yaiku ngelingake
karo pecel khas Kutha Madiun

40 | A n e s t u k a r a
GETHUK LINDRI

GALUH MAHESWARI (XI MIPA 1 / 14)

Hawa esuk kang adhem


Arumi kembang nggawe dewana
Monggo ngaturaken pinarak
Ngerasaken gethuk khas kutha Madiun

Ati sing lara dadi waras


Yen mangan gethuk lindri
Pikiran sing lesu dadi tuntas
Yen mangan gethuk lindri

Gethuk lindri
Gethuk lindri panganan asli Jawa
Cita rasamu kang khas asli Indonesia
Tanah air Indonesia

41 | A n e s t u k a r a
Singkong seger dicampur parutan kelapa
Wangine kaya godhong pandan
Nimbali kanggo age age nyicipi
Nikmati dina bareng gethuk lindri

Gedhe cilik
Enom tuwa
Lanang wadon
Kabeh padha seneng gethuk lindrin

Singkong seger karo parutan kelapa


Rasane nggawe selera
Monggo kula aturi pinarak kutha Madiun
Ngerasaken kuliner kutha Madiun

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “SEPINCUK PECEL”

A. ANALISIS STRUKTUR FISIK


1. Tipografi :
▪ Bentuk panulisan tipografi rata kiwa
▪ Wonten 6 pada
▪ 4 larik saben sapada

2. Diksi : Arumi kembang nggawe dewana

3. Imaji :
▪ Imaji paningal (visual) :
- Hawa esuk kang adhem
▪ Imaji olfaktori :

42 | A n e s t u k a r a
- Wangine kaya godhong pandan
▪ Imaji taktil
- Ati sing lara dadi waras
- Pikiran sing lesu dadi tuntas

4. Tembung konkret :
- Hawa esuk kang adhem
- Wangine kaya godhong pandan

5. Lelewaning basa : ▪ Gedhe cilik


▪ Lanang wadon
▪ Enom tuwa

6. Wirama / Purwakhanti :
▪ Gethuk lindri
Gethuk lindri panganan asli Jawa

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema : Kuliner Makanan
2. Rasa : Raos ingkang dipundhaharake
dening pangripta yaiku raos tansah nglestarekake
gethuk lindri kang dadi panganan khas kutha
Madiun
3. Nada : Kaaturaken kanthi nada ngajak,
ngajak para pamaos supados tansah ngerasaken
kuliner Madiun
4. Amanat : Lumantar geguritan kasebut,
pangripta kepengin ngandharake yen gethuk lindri
panganan khas Kutha Madiun sing nduweni rasa
khas singkong seger karo parutan kelapa sing bisa
narik kawigatene kabeh wiwit enom nganti tuwa.

43 | A n e s t u k a r a
SEGANE KUTHAKU
Giezsa Arsitha Puspitaningrum (XI MIPA 1/ 15)

Semilir angin ngenani ati


Rasa ingkang sumubyar ing ati
Ngelingake marang pincuk godhong jati
Kan rasa sing wis kapatri

Segera embun kan gemrisik e pari


Suara mabuk ing Kono lan kene
Ngelingake marang segere kulupan
Lan raose sambel pecel

Hawa adem lan sumilir angin


Ngademake ati lan pikir
Rasa sing wis nyawiji
Kaya pecel pincuk godhong jati

Pecel pincuk godhong jati


Yen kelingan sliramu

44 | A n e s t u k a r a
Bungah Raos ing ati
Bungahe kaya ketiban daru

Senajan maneka warna rasamu


Kahanan apa wae uga nyawiji ing sliramu
Kaya dene manungsa ing donya
Sing bisa ngadepi

Wis wancine kita nguri nguri


Wujud bukti ing nagari
Minangka Urip ing Donya Iki
Ora bakal suwe suwe

Matur nuwun Gusti


Ngenani endahing rasa Iki
Matur nuwun Gusti
Marang sadaya niki

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIK GURITAN


“SEGANE KUTHAKU”
A. ANALISIS STRUKTUR LAIR
1. Tipografi
• Bentuk panulisan guritan “Segane Kuthaku”
ditulis kanthi rata kiwa. Ana 7 bait, 28 baris,
lan saben lari migunani hurup kapital
2. Diksi
• Kahanan apa wae uga nyawiji ing sliramu
• Kahanan apa wae uga nyawiji ing sliramu
sliramu: awakmu
• Lan rasa sing wis kapatri

45 | A n e s t u k a r a
3. Imaji
• Suara manuk ing Kana lan kene
(imaji auditif)
• Segera embun lan gemrisik e pari
(imaji swara)
• Hawa adem lan sumilir angina
(imaji raba)
4. Tembung konkret
• Segere embun lan gemrisik e pari
• Ten kepingan sliramu
• Wis wancine nguri-nguri
5. Llewaning Basa
• Bungah e kaya ketiban daru
6. Wirama
• Matur nuwun Gusti
Ngenani endahing rasa Iki
Matur nuwun Gusti
Marang sadaya niki
• Pecel pincuk godhong jati
Yen kelingan sliramu
Bungah rasa ing ati
Bungahe kaya ketiban daru

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


a. Tema
• Pecel: kahanan ngenani kelingan Sega Pecel.
b. Rasa
• Kekarepan sing pengen ngenalake Sega Pecel
marang nagari. Endahing rasa Sega Pecel khas
Madiun.

46 | A n e s t u k a r a
c. Nada
• Ngajak parang pamos nguri-nguri dhaharan
khas Madiun.
d. Amanat
• Kita kudu bisa ngenalake dhaharan Khas
Madiun sing rasane bisa gawe ati bungah

47 | A n e s t u k a r a
SOTO MADIUN KEBAK MAKNA
Huda Alghiffari (XI MIPA 1/16)

Wis udan deres


Menehi kesan adem lan tentrem
Teles kabeh panggonan lan metu saka lagu
Soto Madiun minangka salah sawijining panganan sing pas
nalika udan

Angetipun ndadosaken badan kita anget


Duduh kaldu kuning padhang
Rasane gurih lan enak dirasakake
Endhong sing wis digodhog ditata kanthi rapi ing nduwur
minangka nambah protein

Ayo padha ndherek lakon soto Madiun


Kanthi anget saben liyane lan nyedhiyakake harmoni
Ora ana perang maneh antarane kita
Ben nyiptakake rukun lan tentrem ing antarane kita

48 | A n e s t u k a r a
Ayo padha ngrangkul lan nguatake saben liyane
Nggawe tentrem kanggo kita kabeh
Nggawe eseman gedhe
Banjur ngilangi nesu lan jengkel

ANALISIS ATRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “SOTO MADIUN KEBAK MAKNA”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi: duweni 16 larik, rata kiwa
2. Diksi: eseman gedhe
3. Imaji: imaji swara
4. Konkret: nggawe eseman gedhe
5. Lelewaning basa: basa rinengga "eseman gedhe"
6. Purwokanthi: a-a-a-a

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema: Makanan khas Madiun
2. Rasa: "Rasane gurih lan enak dirasakake"
3. Nada: ndhikte
4. Amanat: Ayo padha ndherek lakon soto Madiun

49 | A n e s t u k a r a
Sukmane Madiun Kutha
Husna Hamidah (XI MIPA 1 / 17)

Nalika buwana isih sunya


Kabut durung suwe wis sirna
Bagaspati ngancik saka wetan
Kang wiwit gumregah ngupa jiwa

Cahyane ngangeti ragaku


Seanget sega pecel ing sikaraku
Kulup e kang seger-seger
Lan sambel e kang mantep nemen
Nggawe raga wredu dadi marem

Sega pecel datan mung panganan


Nagging nindya penting saka panganan
Sega pecel iku sukma
Sukma saka Madiun kutha
Kang datan lena

50 | A n e s t u k a r a
Matur nuwun marang Gusti
Kang wis nyiptaake buwana iki
Matur nuwun marang Madiun
Sega pecelmu gawe wulangun

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN ”SUKMANE MADIUN KUTHA”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi
• Bentuk tipografi saka guritan “Sukmane
Madiun Kutha” iku rata kiwa lan ora
dipungkasi tandha titik, ana 4 pada.
2. Diksi
• Buwana : bumi
• Ngupa jiwa : nyambut gawe
3. Imaji
• Imaji paningal : Kabut durung suwe wis sirna
• Imaji raba : Seanget sega pecel ing sikaraku
4. Tembung konkret
• Nalika buwana isih sunya : wayah isuk, isih
durung ana kagiyatan manungsa
5. Lelewaning basa
• Sega pecel iku sukma : ciri khas, pagawean
6. Wirama / purwakanthi
• Runtuting swara ing guritan “Sukmane
Madiun Kutha” ana ing pada ke-1

51 | A n e s t u k a r a
B. ANALISIS STRUKTUR BATIN
1. Tema
Tema saka guritan “Sukmane Madiun Kutha” yaiku
kuliner khas Madiun
2. Rasa
Pelajar kang nguri-nguri kuliner khas Madiun
3. Nada
Nggawe wong liyan kenal marang kuliner khas
Madiun, supaya bias melu ngrasakake lan weruh
maknane saka sega pecel.
4. Amanat
Sega pecel iku ora mung panganan kang enak,
nanging uga dadi sukmane kutha Madiun kang
penting lan ora bakal lena.

52 | A n e s t u k a r a
SEGA ANDALAN

Indyah Asmarani (XI MIPA 1/18)

Semilir angin ing wayah isuk


Paling mantep gawe sarapan
Sega pecel karo krupuk
Mampir lesehan ning angkringan

Sega andalan…
Akeh kasebar ning pinggir ratan
Panganan sedep saben wayah
Isuk, awan, bengi
Wayah panas, wayah udan
Rasane tetep enak dipangan

Sega pecel…
Panganan khas Madiun
Sega anget sambel kacang
Bungkusane godong gedhang
Arum wangi godhong, godhong ijo royo-royo

53 | A n e s t u k a r a
Sega pecel…
Sayur seger dadi lalapan
Diwenehi sambel, sambel kacang
Yen nyekel peyeke krenyes-krenyes
Ning ilat rasane maknyes

Sega andalan…
Nggarai weteng dadi krucukan
Lanang wadon, tuwa enom bisa mangan
Maknyus rasane, sega idaman

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “SEGA ANDALAN”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR

1. Tipografi : 24 pada
2. Diksi :
• Sega andalan : sega pecel
• Sega idaman : sega pecel
• Maknyes : nagih
3. Imaji
• Arum wangi godhong, godhong ijo royoroyo
(imaji visual)
• Yen nyekel peyeke krenyes-krenyes (imaji raba)
4. Tembung Kongkret
• Maknyus = lembut
• Krucukan = luwe
• Sedep = enak banget 5. Lelewaning basa
• Arum wangi (saroja)
• Ijo royo-royo (saroja)

54 | A n e s t u k a r a
• Lanang wadon, tuwa enom bisa mangan
(majas antitese)
• Wayah panas, wayah udan (a,a) (purwakanthi
swara)
• Arum wangi godhong, godhong ijo royoroyo
(purwakanthi basa)
• Diwenehi sambel, sambel kacang
(purwakanthi basa)
6. Purwakanthi
• Guru lagu
a. Semilir angin ing wayah isuk
Paling mantep gawe sarapan
Sega pecel karo krupuk
Mampir lesehan ning angkringan
(u,a,u,a)
b. Sega andalan…
Nggarai weteng dadi krucukan
Lanang wadon, tuwa enom bisa
mangan
Maknyus rasane, sega idaman
(a,a,a,a)
B. ANALISIS STRUKTUR BATIN

1. Tema : panganan khas Madiun


2. Rasa : sega pecel sing dadi andalan
3. Nada : ngguroni utawa nguri-nguri
4. Amanat : nguri-nguri panganan khas Madiun sega
pecel

55 | A n e s t u k a r a
SOTO KUTILANG

Kafka Salsa Nabila (XI 1/19)

Sugeng rawuh ing kutha iki


Kutha Pendekar
Ninggalna sewu kenangan
Lembat ing kang narik kawigaten
Dasanan warsa kala wingi
Topo sing duweni awakmu
Kedamel hawa
Hawa remen kangge tiyang sanes

Pindha duweni kanca ingkang kathah


Watak ingkang benten
Raos ingkang khas
Njangkepi inggih utami
Bun sing kathah
Tiyang sanes ora bakal lali
Ing jaman saiki

56 | A n e s t u k a r a
Kutilang ngajari
Ngajari sengkuyungan
Ingkang kiyat tur ati ati
Kejaga nganti saiki
Kutilang margamu
Cita rasa sing legendaris
Wus tumempel ing ilat tiyang Jawi
Awak iku
Endah kang di deleng
Eca kang dinikmati

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “SOTO KUTILANG”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi : saben bait ana 8 lan 9 pada, rata kiwa.
2. Diksi :
- Pindha duweni kanca ingkang kathah : Isi
utawa bahane soto saling njangkepi.
- Topo sing duweni awakmu : Bu Topo sing
duweni panggonan Soto Kutilang.
3. Imaji (rasa) :
- Hawa remen kangge tiyang sanes :
Nggawe seneng atine wong liya.
4. Tembung Konkret :
- Bun sing kathah : Duduh soto sing akeh.
5. Lelewaning Basa :
- Pindha duweni kanca ingkang kathah
6. Purwakanthi (swara) :
- Njangkepi inggih utami

57 | A n e s t u k a r a
B. ANALISIS STRUKTUR BATIN
1. Tema/makna : “Kuliner panganan khas Madiun”

2. Rasa : Bocah sekolah sing nguri-nguri utawa


ngenalake panganan khas Madiun.

3. Nada : Ngenalake Soto Kutilang marang wong liya


supaya weruh rasane

4. Amanat : Ngajari sengkuyungan ingkang kiyat lan


ati-ati, supaya pamaos ora nglalekake kuliner
Madiun lan ngenalake marang anak putu.

58 | A n e s t u k a r a
PECEL GODHONG JATI

Kinan Naura Arsweta (XI MIPA 1/20)

Godhong jati pindha kahuripan


Rumit nanging istimewa
Duweni ciri khas ingkang pasti
Aanggawe kita sami njangkepi
Ajeng dados nikmat kasilipun
Sesambetan kalih alam
Mbukak gerbang kecaketan

Mekaten kahuripan manungsa


Tansah tuwuh aneka rasa
Pait lan manis
Urip ora endah yen mung sak rasa
Nanging kedah maneka corak lan warna
Pecel godhong jati ngajari kahuripan ingkang prasaja
Tansah eco sanadyan naming dibuntel godhong jati
Kados dene filosofi tiyang jawi

Gesang manungsa kedah andhap asor


Kemaki lan angkara ojo dituladha

59 | A n e s t u k a r a
Kayata ijo jati kang prasaja
Ijo royo-royo simbol sesandhingan
Antawis alam saha manungsa ing bebrayan
Tansah anjagi lestari mula jati ora musna
Manunggal mring sapada kados dene pecel jati

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “PECEL GODHONG JATI”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi : 1 bait ana 7 larik, rata kiwa
2. Diksi :
• “Kemaki lan angkara ojo dituladha”
 Kemaki tegese keminter
 Angkara tegese murka
• “Gesang manungsa kedah andhap
asor”
 Andhap asor tegese ora
gumedhe
3. Imaji
Imaji paningal
• “Kayata ijo jati kang prasaja”
• “Ijo royo-royo simbol sesandhingan”
Imaji pangecap
• “Pait lan manis”
• “Tansah eco sanadyan
naming dibuntel godhong jati”

60 | A n e s t u k a r a
4. Tembung Konkret
• “Ajeng dados nikmat kasilipun”
• “Pait lan manis e”
• “Kayata ijo jati kang prasaja”
5. Lelewaning Basa
• “Gesang manungsa kedah andhap
asor”
6. Wirama
• “Duweni ciri khas ingkang pasti”

B. Struktur Batin
1. Tema : kuliner khas Madiun
2. Rasa : nguri-nguri kuliner khas daerah
supaya tetep lestari
3. Nada : nuturi pamaca ngenani filosofi
kahuripan liwat kuliner khas Madiun
4. Amanat
• Awake dhewe kudu njaga kuliner khas
daerah supaya ora musna
• Urip apa anane, ora usah keminter lan
aja gampang murka

61 | A n e s t u k a r a
KULINER SEGA PECEL
Muhmmad Gamal Qudhori (XI MIPA 1 / 21)

Ndedonga ing ngisor rembulan


Dibarengi sayuran seger lan sambel kacang
Dibungkus karo godong gedang
Ngendi sampeyan
Rungokna pandongaku

Raos kasebut saka kula


Cukup bukti karo rasa
Ora perlu uyah
Sing uga murah lan sopan
Nutupi patiku

Nanging regane ora akeh


Kanggo sing kerja ikhlas
Gawe lawuh anak bangsa
Sing ing pinggiran lan ing kutha
Iso ngrasakake nikmate kuliner iki

62 | A n e s t u k a r a
ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS GURITAN
“KULINAER SEGA PECEL”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi : Penulisan Guritan iku Rata kiri
2. Diksi : Nutupi patiku = seneng
3. Imaji : Imaji Visual : “Dibarengi sayuran seger lan
sambel kacang”
4. Tembung Konkret : “Dibarengi sayuran seger lan
sambel kacang“
5. Lelewane Basa : -
6. Purwakanthi : a-a-a-a

B. Struktur Batin
1. Tema : Makanan Tradisional Madiun
2. Rasa : Seneng
3. Nada : Datar
4. Amanat : Sega Pecel iku panganan khas Madiun seng
wajib di coba lan dilestarikne

63 | A n e s t u k a r a
SEPINCUK PECEL
Naila Lestariyanti (XI MIPA 1 / 22)

Sugeng rawuh ing kutha kula


Kutha sewu makna
Peparinge Gusti Kang Maha Kuwasa
Kagem kita sedaya

Sugeng rawuh ig kutha kula


Kutha Mediun
Kutha Sekul Pecel
Kutha ayu kebak kenangan karo pecel

Delok kene wangi tekan ati


Ndadekake kita ora bisa nolak
Kagem enggal nicipi sekul pecel
Panganan khas kutha Mediun

64 | A n e s t u k a r a
Kathah banget ingkang remen sekul pecel
Tiyang sepuh, bocah enom
Wong sugih, wong susah
Kabeh remen remen pecel

Kulupan seger dicampur sambel kacang


Ampun kesupen kemangi lan lamtoro
Bongko geganep saking saking tolo lan parutan klopo
Campuran kang sedhep saged dicawisake

Sedhep ingkang kagem sarapan


Sekul pecel pincuk godhong jati
Wetan lapangan gulun
Tansah dadi agul-agul

Atmaja anindita
Pasemon ayu ingkang pecel
Direwangi adus kringet
Gawe sekul pecel enak banget

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “SEPINCUK SEGA PECEL”
A. ANALISIS STRUKTUR FISIK
1. Tipografi :
• Bentuk panulisan tipografi rata kiwa
• Wonten 7 pada
• 4 larik saben sapada
2. Diksi
• Atma : ukara “Atma” tegese “jiwa”

65 | A n e s t u k a r a
• Anindita : ukara “Anindita” tegese
“sempurna”
3. Imaji :
• Imaji paningal (visual) :
- Delok kene wetan lapangan gulun
• Imaji taktil :
- Wangi tekan ati
4. Tembung konkret :-
5. Lelewaning basa :
• Adus kringet
6. Purwakhanti :
• Kutha Mediun
Kutha Sekul Pecel

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema : Kuliner Makanan
2. Rasa : Raos ingkang dipundharake dening
pangripta yaiku raos tansah nglestarekake sekul
pecel kang dadi panganan khas kutha Mediun
3. Nada : kaaturaken kanthi nada ngajak,
ngajak para maos supados tansah nglestarekake
sekul pecel
4. Amanat : Lumantar geguritan kasebut,
pangripta kepengin ngandharake yen Sekul Pecel
minangka panganan khas Kutha Mediun sing
nduweni rasa khas sing bisa narik kawigatene
kabeh wiwit enom nganti tuwa.

66 | A n e s t u k a r a
SEGA PECEL CAH AYU

Nauroh Novitasari (XI MIPA 1/23)

Mlaku-mlaku ing alun-alun Kutha Madiun Kiwa


tengen akeh bakul panganan
Agawe weteng luwe, luwe pengin mangan
Salah sijine yaiku sega pecel cah ayu

Sega pecel cah ayu


Sing bakul ayune kaya dewi Ratih
Sumanak lan manis eseme
Agawe sing tuku bungah atine

Sega pecel cah ayu


Rupamu ngedab-ngedabi
Kulupan sing ijo royo-royo
Disiram bumbu sambel kacang
nambahi ayu rupa

67 | A n e s t u k a r a
Sega pecel cah ayu
Dipangan karo peyek lan sundukan Agawe
sirah manthuk-manthuk
lan agawe ngunyah terus

Sega pecel cah ayu


Rina wengi ora ana waleh
Maneh lan maneh kepengin mangan
Panganan khas Khuta Madiun
Warisan para leluhur
Kang kudu dijaga lan dilestariake

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “SEGA PECEL CAH AYU”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi
Bentuk tipografi teks guritan kasebut yaiku ana 1 gatra
lan saben larik ana sing jumlahe 4,5,6 lan bentuke rata
kiwa
2. Diksi (Pilihane tembung)
- Sumanak : tegese ramah karo kabeh wong
- “Agawe sing tuku bungah atine”: tegese agawe
sing tuku seneng
- “Agawe sirah manthuk-manthuk”: tegese rasane
sega pecel enak banget
3. Imaji (Gegembaran)
- “Kulupan sing ijo royo-royo” (Imaji paningal)
4. Tembung Konkret
- “Sing bakul ayune kaya dewi Ratih” : tegese wajahe
ayu banget

68 | A n e s t u k a r a
5. Lelewaning basa (Basa Rinengga)
- “Sumanak lan manis eseme”
- “Kulupan sing ijo royo-royo”
- “Rina wengi ora ana waleh”
6. Purwakanthi
- “Agawe weteng luwe, luwe pengin mangan”
(Purwakanthi basa)

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema/makna : Kuliner khas Kutha Madiun
2. Rasa : Pelajar sing nguri-nguri kuliner khas Kutha
Madiun
3. Nada : Nggawe wong liya weruh kuliner khas Kutha
Madiun yaiku sega pecel lan supaya wong liya bisa
njajal sega pecel
4. Amanat : Supaya para pamaos weruh kuliner khas
Kutha Madiun lan supaya panganan khas Kutha
Madiun yaiku sega pecel dijaga lan dilestariake anak
putu

69 | A n e s t u k a r a
SING TAK TRESNANI

Putri Ferlita M (XI MIPA 1/24)

Pecel tresnaku dak pasrahke marang kowe


Asta paduka tampa
Tresnoku ing piring pecel
Kanggo semangat srengenge esuk

Kula aturaken dhumateng panjenengan tresna pecel


Kawengku siji ing beras kemurnian Kanthi
lawuh sing enak, sayur seger lan Renyah
peyek kacang, atine.. padha jiwa..

Iki tresnaku ing piring pecel


Kuwat jiwa raga kanggo
Urip sing luweh endah
Kaya srengenge kang njaga rina
Kaya rembulan kang njaga wengi

70 | A n e s t u k a r a
ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS
GURITAN “SING TAK TRESNANI”
A. ANALISIS STRUKTUR LAIR
1. Tipografi
- Rata kiwa, ora dipunkasi tandha titik
2. Diksi
- Asta: tangan
3. Imaji
- Imaji rasa: renyah peyek kacang
4. Tembung konkret
- Kaya rembulan kang njaga wengi
5. Lelewaning basa
- Tresnoku ing piring pecel
6. Wirama
- Kaya srengenge kang njaga rina

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema
- Sing Tak Tresnani
2. Rasa
- Pangripta sing tresno karo sega pecel khas
kutha Madiun
3. Nada
- Nresnani lan ngelestarikake kuliner khas
kutha Madiun
4. Amanat
- Ayo miwiti nresnani kuliner lan
ngelestarikake

71 | A n e s t u k a r a
PANGANAN NYENENGAKE ATI
Queenta Nabilla Putrianva (XI MIPA 1/25)

Madiun, kutha lahirku


Kuthaku saka mijil
Kutha ngendi aku gedhe
Kutha kang kebak marang kaendahan
Aku tansah syukur
Bisa urip ning kutha iki

Ing kutha Madiun akeh panganan


Salah sawijine Brem
Brem nduweni ke khas an dewe
Panganan iki
Amarga dicokot bisa nuwuhake rasa adem
Rasane sing legi bisa nyenengake ati
Marang sapa wae sing mangan

72 | A n e s t u k a r a
Brem nduweni awujud
Wangu dawa bentuke
Marai gampang dicekel
Nalika dicekel
Bisa ninggalake rasa kelet ing driji
Nduweni aneka werna
Sing bisa narik kawigaten manungsa Nalika

preian bakal rampung


Para turis bakal budhal tuku Brem
Kanggo digawa balik marang kuthane
Bocah cilik bakal bungah
Wong tuwa bakal kesengsem

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “PANGANAN NYENENGAKE ATI”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi
Pada: 25
2. Diksi
kesengsem: seneng
3. imaji
- Amarga dicokot bisa nuwuhake rasa adem (imaji raba
atau sentuh)
- Wangu dawa bentuke (imaji penglihatan)
- Nalika dicekel bisa ninggalake rasa kelet ing driji (imaji
raba atau sentuh)

73 | A n e s t u k a r a
4. Tembung Konkret
• panganan
• driji
• bocah cilik
• wong tuwa
• kutha

2. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema : Pangana khas Madiun
2. Rasa :Amarga dicokot bisa nuwuhake rasa adem
3. Nada : nguri-nguri
4. Amanat : ngaturake marang sing maca babagan
panganan khas Madiun, Brem

74 | A n e s t u k a r a
AKU, KOWE, LAN BLUDER COKRO
Raaghid Syaakir (XI MIPA 1/26)

Bluder Cokro…
Yen mandeng Bluder Cokro
Endahing wujude agawe ayem tentrem
Ing ati tansah katon ayem
Arum ambune bisa nggawe mendem
Kekagumanipun kula sisah tak pendem

Bluder Cokro…
Mripat sing merem dadi giras
Ati sing lara dadi waras
Pikiran sing lesu dadi tuntas
Nikmat ing donya ora ngalahne Bluder Cokro

Bluder Cokro…
Panganan khas Bantala Jawi
Kathah dipun nikmati saben penjuru nagari
Dening tiyang sepuh lan para pemudha-pemudhi
Raosipun dikenang wonten sanubari

75 | A n e s t u k a r a
Mbesuk yen aku gedhe bakal tak uri-uri
Bluder Cokro kang enak sing tak senengi
Kabeh sing gelem mangga mriki
Tak suguhi salah siji nikmate gusti
Gusti pangeran kang Maha Suci
Lebet petengipun dalu kula ndonga
Ngucap tembung syukur marang Maha Kuasa
Panjenengan sampun nyukani kula nyawa
Namung jenengan kang saget nentukake nasib manungsa

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS GURITAN


“AKU, KOWE, LAN BLUDER COKRO”
A. ANALSIS STRUKTUR LAIR
1.Tipografi
• Bentuk panulisan guritan Guritan kasebut
nganggo tipografi rata kiwa, madeg
saking 4 – 6 larik saben sapada, lan cacahe
wonten 5 pada.

2. Diksi
• Arum ambune bisa nggawe mendem
(Ngibarataken ambune Bluder Cokro
saged ndamel mendem saking ecanipun)

3. Imaji
• Endahing wujude agawe ayem tentrem
(Imaji Paningal)
• Arum ambune bisa nggawe mendem
(Imaji Ambu)
• Raosipun dikenang wonten sanubari
(Imaji Rasa)

76 | A n e s t u k a r a
4. Tembung Konkret
• Endahing wujude agawe ayem tentrem
• Arum ambune bisa nggawe mendem
5. Lelewaning Basa
• Endahing wujude agawe ayem tentrem
(Tembung Saroja)
• Panganan khas Bantala Jawi
(Dasanama)
• Dening tiyang sepuh lan para
pemudha-pemudhi (Tembung
Yogaswara)
6. Purwakanthi
• Pada 1 : A-A-B-B-B-B
• Pada 2 : A-B-B-B-A
• Pada 3 : A-B-B-B-B
• Pada 4 : A-A-A-A-A
• Pada 5 : A-A-A-A

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema : Kuliner khas Kutha Madiun
2. Rasa : Minangka bocah sekolah bangku SMA
kang badhe ngenalake lan nguri-nguri “Bluder
Cokro” kang panganan khas saking Kutha Madiun
dening anak putu.
3. Nada : Nyeritakake ngenani “Bluder Cokro”, kang
tujuan e ngelestarikake “Bluder Cokro” kang dadi
salah siji ciri khas Kutha Madiun.
4. Amanat : Ngajari manungsa kangge bersukur inggil
nikmat Tuhan kang Maha Kuasa. Lan dadi warga
Kutha Madiun kudu bangga anduweni panganan
khas yaiku “Bluder Cokro” lan kudu iso nguri-nguri
“Bluder Cokro” nganti anak putu mbesuk

77 | A n e s t u k a r a
SEGA PECEL

Ratna Cindy Aulya (XI MIPA 1/28)

Tangine srengenge ing wayah esuk


Suara manuk sing kepenak ing karna
Mekare kusuma sing penak disawang aksa
Angin semilir kang ngrajut awak
Pedhes sambel kacang tambane raga kang lagi gumreges
Kemangi seger salera karumat

Sugeng enjing kutha Madiun


Kutha kang ngangenake
Kutha kang kebak kenangan
Kutha sing ndueni rasa pecel sing khas

Panganan sing sedep


Ndueni khas rasa kang ngangeni
Kriyuke peyek dele, angete sega, lan segere sayur
Gorengan anget nambahi sedepe pecel
Paling enak dipangan nalika sarapan

78 | A n e s t u k a r a
Bocah cilik iku mung manthuk
Aweh sasmita, tanpa swara
Apa dheweke wanuh?

Kang mbabar sakehing tuntunan


Bocah cilik iku anteng sangarep buku parikan
Sinambi ngaba marang biyung e
Yen wetenge kluruk njaluk diisi

Dene urip kaya pecel


Maneka rasa iku dadi siji
Dadi pralambang urip iku ora mung sawarna

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “SEGA PECEL”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi
• Bentuk panulisan guritan “SEGA PECEL”
ditulis kanthi rata kiwa. Wonten 6 pada,
saben sapada wonten 3-6 larik.
2. Diksi
• Kusuma : bunga
• Aksa : mata
3. Imaji
• Imaji paningal : Mekare kusuma sing penak
disawang aksa.
• Imaji swara : Suara manuk sing kepenak ing
karna
• Imaji raba : Angin semilir kang ngrajut
awak

79 | A n e s t u k a r a
4. Tembung Konkret : Kutha kang kebak kenangan
5. Lelewaning Basa : -
6. Purwakanthi : -

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN

1. Tema : Kuliner makanan


2. Rasa : rasa kang diandharake pangripta yaiku
ngenani kauripan sing maneka warna kaya sega
pecel.
3. Nada : saking guritan kasebut ngandhani para
pamaos supaya ngati-ati jalani kauripan
4. Amanat : amanat saking guritan kasebut, pangripta
pengin ngandharake pamaos yen kauripan iku ora
mung sawarna, kabeh gumantung awake dewe-
dewe, makmur lan sensaraning urip wis diatur
dening sing kuwasa, sing bisa ditikdakake yaiku
tetep nyoba lan terus nyoba.

80 | A n e s t u k a r a
KRUPUK PULI

Richo Dewarani M (XI MIPA 1/ 30)

Sega turahan wingi


Sedhep tak gawe krupuk puli
Sing rasane enak ing jihwa lan oleh ati
Gawene taberi nastiti lan ngati ngati, mesti bakal dadi

Krupuk puli boja asling tlatah Jawi


Krupuk mirah ing praja iki
Krupuk kasil kreatifitas janma pratiwi
Kang tasih diproduksi nganti saiki

Madiun, Magetan, Pacitan, lan Ngawi


Salah sawijine tlatah sing gawe krupuk puli
Krupuk kang kriuk lan gurih
Eco didhahar ing saben wanci

81 | A n e s t u k a r a
Krupuk puli tetep eksis nganti saiki
Ora kalah karo panganan saiki
Basreng, Krupuk iwak, lan tahu isi
Tetep kalah karo krupuk puli
Kang wis ana awit jaman nguni
Jaman wiwite kreativitas para estri

Krupuk puli kudu tetep lestari


Krupuk werna kuning sasi
Pangan kasil kreatifitas nara Jawi
Kanggo atmaja wayah negeri iki
Kanggo sejarah irite wong Jawi
Nganti ngasilake krupuk puli
Saking sega turahan wingi
ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS GURITAN
“KRUPUK PULI”
A. STRUKTUR FISIK

1. Tipografi
• Pada pertama cacahe ana papat (4) larik.
• Pada kepindo cacahe ana papat (4) larik.
• Pada ketelu cacahe ana papat (4) larik.
• Pada kepapat cacahe ana enem (6) larik. 5) Pada kelimo
cacahe ana pitung (7) larik.
• Pada kapisan njelasake asale krupuk puli
• Pada kapindo njelasake rasa enake krupuk puli
panganan masarakat jawi.
• Pada katelu njelasake tlatah produksi krupuk puli.
• Pada kapapat njelasake krupuk puli tetep eksis ing
jaman saiki.

82 | A n e s t u k a r a
• Pada kelima njelasake krupuk puli panganan sejarah
kang kudu tetep lestari
• Saben larik ora diwenehi tanda titik
• Pada 1-5 sajake i-i-i-i

2. Diksi
• Sedhep = Enak (dasanama)
• Jihwa = Ilat (dasanama)
• Endah = Apik/becik ( dasanama )
• Tlatah = Panggonan/wilayah (dasanama)
• Praja = Negeri
• Wanci = Wayah (dasanama)
• Nguni = Biyen (dasanama)
• Janma = Manungsa/masarakat (dasanama lan basa
kawi)
• Pratiwi = Bumi (dasanama)
• Nara = Manunga/masarakat (dasanama)
• Atmaja = Anak (dasanama)
• Wayah = Putu (dasanama)
• Eco = Enak (dasanama)
• Sasi = Rembulan (dasanama)
• Asling = Asli + Saking

3. Imaji
• Sing rasane enak ing jihwa lan ati
• Krupuk kang enak lan gurih
4. Tembung Konkret
• Krupuk kang kriuk lan gurih. Kriuk ngambarake
tekstur krupuk puli kang gurih lan kriuk pas dicakot.

83 | A n e s t u k a r a
5. Lelewaning Basa
• Oleh ati : disenengi (tembung entar)

6. Purwakanthi
• Taberi nastiti lan ngati ngatu, mesti bakal dadi.
(Purwakhanti guru sastra)

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN

1. Tema
• Panganan Asli saking Tanah Jawi
2. Rasa
• Pangrasane seneng utamane pas jelaske enak mbek
kriuke krupuk puli, lan njelaske yen krupuk puli
tasih ngikuti perkembangan jaman ngalahakae
panganan modern saiki, pangrasane rada sedih pas
eling eling jaman ora enake para estri jaman biyen
kanggo nyiptaake krupuk puli.
3. Nada
• Nada geguritane rada datar lan duwur amarga seneng
sedihe.
4. Amanat
• Awakdewe minangka generasi enom kudu nglestarikake
krupuk puli, amarga krupuk puli salah sawijining panganan asli tlatah
jawi, panganan tradisional paninggalane leluhur kang kebak karo
sejarah kreativitas para estri ing jaman biyenbiyen supaya ora ngguak
ngguak sega sisa wingi.

84 | A n e s t u k a r a
COKLAT WARANE ENAK RASANE
Rofizha Yudha Pradiska (XI MIPA 1 / 31)

Madumongso
Panganan khas teka madiun
Rasane garai wong sampe pikun
Apa maneh gaweane pak wahyu tumurun

Madumongso
Ambune wangi, sampe nembus tekan ati
Amergo dikancani karo kopi
Ya ngeneki sing dijenengi nikmate gusti

Madumongso
Panganan enak dhewe sadonya
Ditambah kopi sing bisa ngilangke rasa gela
Nikmat donya ora ngalahke enake madumongso

85 | A n e s t u k a r a
Madumongso, rasane legi amarga gula
Apa maneh sing digawe gula jawa
Gula sing asale teka jogja
Lan nomer siji ing rasa

Madumongso, di gawe teka ketan ireng


Saben wong mangan sampe merem-merem
Bisa gawe wong ngerasa ayem tentrem
Lan rasane ora kalah karo brem

Madumongso
Panganan sing ana saben riyaya
Panganan sing disenengi para keluarga
Supaya arek cilik ngerti
Iki salah siji nikmate gusti

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “MADUMONGSO”
A. ANALISIS STRUKTUR LAIR
1. Tipografi
• Duweni 12 larik lan duweni 4 larik saben
sapada, nduweni tipografi rata kiri
2. Diksi
• Rasane garai wong sampe pikun
(ngibarat ke enak e rasa madumongso saget
ndamel lali saking econipun)
3. Imaji
• Ambune wangi, sampe nembus tekan ati
(imaji ngambu)

86 | A n e s t u k a r a
4. Tembung Konkret
• Ambune wangi ,sampe nembus
tekan ati
• Rasane garai wong sampe pikun

5. Lelewaning Basa
• Lan gawe wong ngerasa ayem tentrem

6. Purwakanthi
• Pada 1 : A-B-B-B

• Pada 2 : B-A-A-A

• Pada 3 : A-A-A-A

• Pada 4 : A-A-A-A

• Pada 5 : A-B-B-B

• Pada 6 : A-A-B-B

B. ANALSIS STRUKTUR BATIN


1. Tema : Kuliner panganan khas madiun
2. Rasa : Minangka bocah sma badhe
ngenalke utawa ngelestarike kuliner teko Kutha
Madiun
3. Nada : Nyritakake ngenani madumongso
kang duweni tujuan nguri" panganan khas
Kutha Madiun
4. Amanat : Ngajari para manungso supaya
bersyukur atas nikmate gusti,lan supaya mboten
ngelaleke kuliner Kutha Madiun.

87 | A n e s t u k a r a
Sega Sayur Sambel Kacang
Sandra Eka Marayawanti (XI MIPA 1/31)

Sega pecel.....
Wewangimu kang semerbak
Ing salir penjuru kutha
Sapa kang prasaja
Nanging ripah kang tibo demen

Atmaja mudha, wong tuwa mesti dhemen


Sira dadi primadona kutha Madiun
Sega pecel sira dadi pengganjal wetengku

Sayur kalawan sayur berpadu


Ditambah sega anget kang menggugah selera
Kalawan rasa pedas ditambah nggawe enake racikan
Paling enak disantap pas sarapan
Jeleh yen tembung janma Madiun
Esuk pecel, awan pecel, bengi uga madhang pecel

88 | A n e s t u k a r a
Sega pecel datan mung nggunakake sayuran wae
Mbasi ngono sira tetep juwara hati
Sega pecel...
Warisane leluhur kang kudu dijogo
Sego anget, sayur lan sambel kacang
Pedhes... dadi tambane raga kang lagi gumreges

Gesang iku kaya dene sega pecel


Maneka rasa dadi siji
Pralambang yen urip iku ora mung sewarna Kabeh
kedah disyukuri.

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN GURITAN


“SEGA SAYUR SAMBEL KACANG”
A. ANALISIS STRUKTUR LAIR
1. Tipografi
• Bentuk tipografi saka geguritan “SEGA SAYUR
SAMBEL KACANG” iku rata kiwa lan ora
dipungkasi tanda titik.
2. Diksi
• “Wewangimu kang semerbak”: jenengmu
• “Nanging ripah tibo kang tibo demen”:akeh
3. Imaji
• “Wewangimu kang semerbak” :
imaji paninggal
• “Ragamu kang prasaja” : imaji paninggal
4. Tembung Konkret
• “Wewangimu kang semerbak”=jeneng.
• Jeneng : bisikaan, parab, juluk, sebut, wewangi,
asma, sambat, tengeran.

89 | A n e s t u k a r a
5. Lelewaning Basa
• “Wewangimu kang semerbak”
• “Pralambang yen urip iku ora
mung sewarna”
6. Wirama
• Atmaja mudha, wong tuwa mesti dhemen
Sira dadi primadona kutha Madiun
• Maneka rasa dadi siji
....................................
Kabeh kedah disyukuri.

B. ANALSIS STRUKTUR BATIN


1. Tema
• Tema saka guritan “Sega Sayur Sambel
Kacang” yaiku kuliner khas Madiun
2. Rasa
• Pelajar kang badhe ngenalake lan nguri-nguri
khas Madiun
3. Nada
• Nggawe wong liyan kenal kuliner khas
Madiun, supaya kenal lan melu ngrasakake
sega pecel.
4. Amanat
• Pangripta kepengin ngandharake yen Sekul
Pecel minangka panganan khas Kutha mediun
sing nduweni raos khas warisan para leluhur
ingkang kudu dijogo.

90 | A n e s t u k a r a
PECEL
Sarah Arifya F (XI MIPA 1/32)

Pecel..
Lahir ing kutha Pesilat
Babadan tanah Jawi
Kakawin Ramayana abad ke-9
Saking mbah moyang
Sampean kondang

Pecel sayur, sayur kang kemepyur


Kacang ulek nggenepi ing dhuwur
Anggawe kangen kepingin nyicip
Kahanan kabeh ilat padha seneng
Macem macem ana ing pecel
Uga andhuweni gizi kang becik

91 | A n e s t u k a r a
Pecel…
Warna warni endah parasmu
Arum semerbak bangkitke sengkuyung
Mboten saged nahan gelora ing awak
Wiwit mudha uga sing tua
Pecel anggawa endah rasa
Dumunung ing kabeh panggon
Uga saget digawe ing griya

Sega pecel saget ajeg ing tlatah niki


Ing jaman nedha kang wis owah
Kecampur budaya pakanan luar
Matur nuwun Pamanahan
Mugi sega pecel mboten owa
Uga ditresnani kabeh kawula

ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS


GURITAN “PECEL”
A. ANALISIS STRUKTUR LAIR
1. Tipografi:
Sak bait ana 6 lan 7 pada, rata kiwa
2. Diksi:
“Kakawin Ramayana abad ke-9”: Pecel wis ana
wiwit abad ke-9
“Warna warni endah parasmu”: Pecel nduweni
lawuh lan sayuran sing maneka warna
“Matur nuwun Pamanahan”: Matur nuwun
dhumateng Ki Gede Pamanahan sampun
ngenalaken pecel dhateng masyarakat

92 | A n e s t u k a r a
3. Imaji:
“Arum semerbak bangkitke sengkuyung”: Imaji
rasa
4. Tembung Kongkret:
-
5. Lelewaning Basa:
“Lahir ing kutha Pesilat”
6. Wirama:
“Pecel sayur, sayur kang kemepyur”:
Purwakanthi guru basa

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema:
Kuliner Makanan Khas Madiun
2. Rasa:
Bocah sekolah sing lagi nguli-nguli
panganan khas Madiun, khusus e Pecel
3. Nada:
Ngenalne Pecel marang wong liya supaya
ruh rasa lan ciri khas e kutha Madiun
4. Amanat:
Minangka masyarakat asli Madiun kedah
saged ngenalaken lan ngelestantunaken
Pecel dhateng masyarakat luar

93 | A n e s t u k a r a
PECEL PINCUK

Sharon Agnesia Wilhelmina (XI MIPA 1 / 33)

Rina esuk dheweke muncul


Banjur digoleki kaliyan para manungsa
Dibungkus godhong sing dadi ciri khase
Nikmat lan sedep rasane
Gawe kangen marang Kutha Madiun

Sega pecel
Sega anget dadi andalan
Sayur seger kaliyan sambel kacang
Peyek kacang lan peyek udang
Lawuh opo wae ora dadi masalah
Pedhes tambane raga kang lagi gumbreges

Sempena buana anindhita ingkang Gusti


Wujudmu sederhana tapi akeh seng tresna
Cocok kanggo ngisi weteng seng kluruk

94 | A n e s t u k a r a
Digawe kanggo tresno sakjroning dodo

Urip iku kaya sega pecel


Maneka rasa dadi siji
Pralambang yen urip iku ora mung sewerna
Kabeh kedah dinikmati lan disyukuri

Warisan leluhur kang kudu dijaga


Minangka budaya kang adi luhung
Kang ana nang endi wae
Banjur saka kota sampe desa negeri iki

Regane sing murah


Bisa gawe jiwa iki tenang
Yen wis ketemu
Ati iki bakal bungah

Sega pecel
Esuk awan lan bengi ora pernah sepi
Senajan disenengi kabeh kalangan
Mbiyen saiki lan sampe mbesok
Sega pecel tansah ditresnani

95 | A n e s t u k a r a
ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS
GURITAN “PECEL PINCUK”

A. ANALISIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi :
• Panulisan tipografi rata kiwa
• Wonten 7 pada
• Saben sapada wonten 4-6 larik

2. Diksi :
• Sempena buana anindhita ingkang Gusti
• Sempena ganti ukara berkah
• Buana ganti ukara bumi
• Anindhita ganti ukara sempurna

3. Imaji :
• Imaji paningal :
Sayur seger kaliyan sambel kacang

4. Tembung konkret :
• Rina isuk dheweke muncul

5. Lelewaning basa :
• Minangka budaya kang adi luhung

6. Wirama / purwakanthi :
• Sega pecel
• Sega anget dadi andalan

96 | A n e s t u k a r a
B. STRUKTUR BATIN
1. Tema : Kuliner Panganan

2. Rasa : Rasa ingkang dipundharake panggurit marang


pamaos yaiku njelasne yen sega pecel iku warisan budaya
sing kudu dilestarikake, uga jelasne kaluwihan-
kaluwihane sega pecel.

3. Amanat: Panggurit kepengin pamaos bisa ngerti yen sega


pecel iku warisan leluhur kang kudu dijogo. Lan uga
wong awam sing durung weruh utawa njajal sega pecel
bisa ngerti lan kepengin jajal panganan khas Kutha
Madiun iku.

97 | A n e s t u k a r a
SEGA ANDALAN MADIUN
Surya Candra Hokky S (XI MIPA 1/34)

Sega pecel...
Enak dipangan bareng sega liwet
Gorengan anget nambah rasa sedep
Ga peduli esuk, awan, bengi
Jarene wong madiun-an
Pancen kami ora tau waleh

Kuluban seger dicampur sambel kacang


Ramuan nikmat siap disuguhake
Peyek lele peyek urang
Siyap nambah enake racikan

98 | A n e s t u k a r a
ANALISIS STRUKTUR LAIR LAN BATIN TEKS
GURITAN “SEGA ANDALAN MADIUN”

A. ANALSIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi: duweni 10 larik,rata kiri
2. Diksi: ramuan
3. Imaji: imaji swara
4. Konkret: nambah rasa sedep
5. Purwokanthi: a-a-a-a

B. ANALISIS STRUKTUR BATIN


1. Tema: Makanan khas Madiun
2. Rasa: "Rasane seger pedes"
3. Nada: ndhikte
4. Amanat: Ayo padha ngrasakne sega pecel

99 | A n e s t u k a r a
MADUMONGSO
Zulfan Afif Nayaka Hermawan (XI MIPA 1/35)

Madumangsa
Jajanan tradisional tekan kuto Mediun
Roso legine marai ati seneng
Naliko yen dipangan karo kanca kanca

Madumangsa
Digawe saka beras ketan
Enake roso legimu rosone koyo ono ning suwargo
Rasa khas sing di nduweni marai wong pingin weruh

Madumangsa
Bungkusmu werna werni koyo pelangi
Utowo jajanan kanggo acara adat jawa
Harum wangine marai uwong kepincut seneng

100 | A n e s t u k a r a
ANALISIS STRUKTUR LAIN LAN BATIN TEKS
GURITAN “MADUMONGSO”

A. ANALSIS STRUKTUR LAIR


1. Tipografi
 Bentuk panulisan guritan “ MADUMANGSA
” ditulis kanthi rata kiwa. Wonten 3 pada,
saben sapada wonten 4 gatra.

2. Diksi
 Enake rasa legimu rosone koyo ono ning
suwargo : seperti di surga
 Bungkusmu werna werni koyo pelangi :
warna warni seperti pelangi

3. Imaji
 Imaji paningal : werna werni koyo pelangi
 Imaji rasa : Enake roso legimu koyo ono
ning suwargo

4. Tembung Konkret
 Enake roso legimu koyo ono ning suwargo

5. Lelewaning Basa
 Bungkusmu werna werni koyo pelangi

6. Purwakanthi
 Runtuting swara ing guritan “
MADUMANGSA ” ana ing pada ke-1

101 | A n e s t u k a r a
B. ANALSIS STRUKTUR BATIN

1. Tema/makna : kuliner makanan


2. Rasa : rasa kang diandharake pangripta
yaiku ngenani bab kauripan sing maneka werna kaya isine
“ MADUMANGSA “
3. Nada : guritan kasebut ngandhani pamaos
supaya tansah ngati-ati ing kauripan
4. Amanat : saking guritan “ MADUMANGSA ”
pangripta pengin ngandharake yen kauripan iku maneka
werna kaya isine madumangsa, nanging kabeh iku
gumantung awake dhewe.

102 | A n e s t u k a r a
REDHAKSI

Ketuwa Redhaksi
Rofiza Yudha Pradhiska
Desain Sampul
Fadhilah Nur Aini
Raaghid Syaakir
Bima Arsa Athalla
Sinopsis
Kafka Salsa Nabila
Sarah Arifya Faza
Editor
Raaghid Syaakir
Sandra Eka Marayawanti
Ardelia Maura Salsabila
Giezsa Arshita Puspitaningrum
Ilustrator
Muhammad Gamal Qudhori
Kinan Naura Arsweta

vi | A n e s t u k a r a
vii | A n e s t u k a r a

Anda mungkin juga menyukai