Anda di halaman 1dari 2

MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA

KELAS : X (IPA, IPS, BHS)


PENGAJAR : NURWULA KUSMIATI (BU WULA)

MATERI SEMESTER GANJIL


BAB I ARTIKEL
BAB II CRITA WAYANG
BAB III DRAMA
BAB IV AKSARA JAWA

MATERI SEMESTER GENAP


BAB V BASA RINENGGA
BAB VI AKSARA JAWA (MURDA, SWARA, REKAN)
BAB VII TEMBANG MACAPAT

BAB I
ARTIKEL

A. Teges Artikel
Artikel yaiku wujud karya tulis kang isine ngrembug prekara kasunyatan (fakta) sing ana ing
sakiwa tengen manungsa kang bener-bener kedaden sing bisa dadi tambahan warta
(berita, informasi) marang masyarakat.
Media sing bisa kanggo ngemot (memuat) artikel kayata koran, kalawarti (majalah),
internet.
Tujuwan panulis nulis artikel yaiku kanggo maringi informasi marang masyarakat, bisa
kanggo sarana panggulawentah (pendidikan), bisa kanggo sarana hiburan kanggo
masyarakat sing seneng maca.
Isine artikel kang kerep diwaca lumrahe ngenani sejarah, prastawa utawa kedadean,
argumentasi (panemu, pamawas), petualangan, hasil panliten, lan bimbingan.

B. Jinis-jinis Artikel
Jinis-jinis artikel adhedhasar wacan (teks utawa isi) :
a. Narasi
Yaiku wujud artikel sing isine ngandharake kedadean kanthi urut adhedhasar wektu lan
papan sarta lumrahe ana paraga (tokoh) sing dicritakake dening panulis.
b. Deskripsi
Artikel kang isine nggambarake sawijine kahanan bisa uga objek saengga nggawa
pawongan kang maca kaya-kaya ndeleng, ngrungokake, ngerteni langsung apa sing
ditulis sajrone artikel.
c. Argumentasi
Jinis artikel kang isine mbuktekake sawijine panemu (pendapat) kanthi data utawa bukti
saengga nduweni pangarep bisa ngowahi pola piker pamaos (pembaca).
d. Eksposisi
Isine artikel nduweni tujuwan maringi informasi tambahan kanggo pamaos (pembaca)
kanthi paparan proses utawa langkah-langkah kang cetha lan runtut.
e. Persuasi
Artikel kang ngandharake ajakan (imbauan) marang pamaos supaya nindakake kaya apa
kang katulis sajrone artikel kanthi alesan-alesan lan pangajab kang kuwat lan bisa
ditrima ing nalar.

C. Struktur artikel
a. Tema
b. Irah-irahan (judhul)
c. Pambuka
d. Isi
e. Panutup

D. Tata Cara Nganalisis Artikel Kanthi Urutan Kaya Ngisor Iki :


a. Irah-irahan
b. Jenenge panulis
c. Media sing digunakake
d. Foto lan sumber
e. Papan panggonan dumadine
f. Ukara aktual, kasunyatan lan wis kedaden.
g. Akibat sawise kedadean
h. Dina lan tanggal kedadean
i. Narasumber
j. Jenenge narasumber
k. Wujud pitakon sing gegayutan karo prastawa
l. Pawangsulane narasumber ngenani pitakon kang gegayutan karo prastawa.
m. Panemune narasumber kanggo ngudhari masalah (dudutan).
n. Jinis artikel

Anda mungkin juga menyukai