Anda di halaman 1dari 4

Judul 

          :  CITA – CITA KU
Tema          :  Pendidikan
Pemeran     :  8 Orang

Penokohan drama                   :

1.     Bangkit        :  Pemberani
2.     Bambang     : Tegas
3.     Umar            : Pemalu
4.     Boy             : baik
5.    Faza         : Penegak atau guru
6.     Bahrul         : Baik hati
7.     Bintang r     : baik
8.     Anom           : Cuek
9. Bintang W : narator

Judul           : cita-cita ku

                                     Dialog/ percakapan
Teks naskah Drama    :
Kring…! Kring…! Kring…!
Bel mlebu wis muni. Wis wayahe murid-murid SMK mlebu kelas lan nampa pelajaran saka wali kelase.
Adegan ing kelas 1 isih rame. Ana sing gelut.

Bangkit : “Kowe arep dadi pahlawan ning kelas iki?”


Boy : “Bel mlebu wis muni.”
Bangkit : “Kabeh mlebu…… !”
Bambang : “Nggih pak ketua kelas…!!!!” (Kandhane Bambang karo njepret).
Bangkit : “ gelut gara gara nyuek buku koyo ra enek gaean liyo.

Sedhela kelas dadi rame lan rame malah ana salah sijine murid sing nyuwek-nyuwek
bukune kancane, lakune Pak Faza langsung nggawe kelas sepi lan meneng.
Pak Faza  :  “Selamat pagi anak-anak. Saurunge pelajaran donga disik. Berdoa
mulai

Para siswa tertunduk berdoa

Pak faza      : “Mau koyo enek sing nggae keributan ning njobo sekolahan. ”
Bangkit         :    “Iya to pak faza nesu ” (bisik Wanda kepada Wira).
Boy             :     “Kayak e ora nesu to, muk ngingetne ae”.          
Bangkit            :    “wau enten sing ribut pak ”.
Pak Faza     :    “ yo mbesuk ojo dibaleni maneh, ngisin ngisini. Kowe kabeh
wes podo gedhe.
Kanthi meneng-meneng murid-murid padha nyalahake liwat basa isyarat
mripat lan nuding driji, sawetara wektu banjur murid-murid didhawuhi mbukak
basa jawa dening Pak Faza

Pak faza       :   “Bukak bukune  basa Jawa ngenani impian lan cita-cita. Sopo sing
ngerti definisi impian lan cita-cita? “
Umar           :  “ Impian yaiku kepinginan wong kanggo nggayuh sesuatu
cita-cita yaiku pangarep-arep lan perjuangan sing diiringi kemampuan
kanggo nggayuh.
Pak Faza        :  “ bener jawabanmu Umar. Terus bedane antara kelorone apa
mar?
Umar           : “ Eeeeeeeehmmmmmmmm…………”( Pikirane Umar mbungkuk
sinambi nyekeli bathuk nyoba mikir keras).
Bambang       :  “ Mboten enten bedane pak…… !!!”
Pak Faza :  “ Ya mesti enek. Piye menurutmu rul???”
Bahrul            :  “ Perbedaan e tipis Pak. Yen ngimpi wis dirancang wiwit lair.
Menawi gegayuhanipun tiyang kathah ugi gadhah pepinginan saking kita
piyambak supados saged kasembadan, Pak.”
Pak Faza      :  “  Bener. Yen kita ngomong babagan impen akeh siswa ing kene,
apa impian mu Boy?
Boy          :  “ Kulo pak? Impianku pengen dadi reporter sing bisa ngliput berita
lan iso dolan.”
Bangkit          :  “Demenane dolan-dolan wae.”
Pak Faza        :  “. Sampeyan ? Coba Bangkit apa impian mu?”.
Bangkit : “ Impian kulo pengen lunga menyang bulan kaya minnion pak?”.
Pak Faza        :  “Minniooon …………??????”
Bintang R       :  “ Niku film kartun Pak. Bangkit demenane ndilok film kartun
dadine demen ngayal.”
Bareng-bareng murid-murid kelas padha ngguyu lan kelase dadi rame

Pak Faza     :  “ Wes! Wes! Kowe iki iso wae Wanda. Bagus juga ide mu. Dio?
“ 
Anom            :  “ Kulo pengen dadi pramugara Pak… “,
Bangkit           :  “Kowe arep dadi pramugara? Ra pantes blass wong awak mu
ireng. “
Maneh kabeh murid ngguyu karo omongane Bangkit.

Pak Faza        :     “ Lek impian mu opo rul?


Bahrul            :     “ Impian kulo pengen kados njenengan pak , kulo pengen dadi
guru .”
Bangkit         : “Tampang koyo awakmu ra pantes dadi guru pantese dadi tukang
pijet. “ hahahahahaaaa….( ejek Wanda ning Indra)

.”Kabeh para siswa padha ngguyu karo omongane Wanda

Pak Faza     :   “ kit……Bangkit demenane njarak kancane. ……..


Pak Faza    : “ lek sampeyan Umar , Bambang”.
Umar lan Bambang    :  “ Pengen dadi jurnalis lan penulis  pak……… “,(kompak
Umar lan Bambang njawab).
Pak Faza       : “ Alhamdulillah kabeh impiane podo apik, nanging kabeh kui ora
gampang. Butuh pengorbanan lan donga.
Bangkit         : “ Donga lan restu wong tuwo nggeh pak. ”
Pak Faza      : “ Iku sing paling penting.”

Anda mungkin juga menyukai