BAHASA JAWA
Kelas XI
Semester Gasal
Dening Malekhah
Mahasiswa PPG Daljab UNY
Tahun 2022
Lembar Kerja Peserta Didik
(LKPD)
Identitas
KD
Indikator
Tujuan Pembelajaran
TEKS EKSPOSISI
STRUKTUR TEKS
EKSPOSISI
TITIKAN TEKS
EKSPOSISI
Sumber informasi
https://microbenotes.com/photosynthesis/
Menapa para siswa mangertos urutan
prosesi adat mantu Jawa?
Kados pundi prosesi adat mantu
ingkang wonten ing panggenanmu?
Ing pepanggihan menika para siswa
badhe nyinaoni teks eksposisi prosesi
adat mantu.
Pitedah
MEMBIMBING PENYELIDIKAN
PEPANGGIHAN 1
Saksampunipun para siswa nyinaoni prosesi
adat mantu, pangerten teks eksposisi,
struktur teks eksposisi, titikan teks eksposisi
saha carane nulis teks eksposisi sumangga
para siswa saged nglajengaken pasinaon
kanthi maos teks eksposisi adat nontoni ing
ngandhap menika. Lajeng mangke maos teks
eksposisi mantu kangge gladgen sepisanan.
Tuladha
Mantu
Mantu kuwi tegese duwe gawe ngomah-ngomahke
putra-putrine kang wis diwasa. Diarani ngomah-
ngomahke amarga minangka cara nyawijiakake
putrine karo kakunge kang banjur manggon saomah
lan urip bebarengan ing madyaning bebrayan agung.
Manunggaling putri lan kakung ana ing bebrayan
bias nuwuhake kabagyan lan kamulyan. Kajaba kuwi
uga kaajab supaya mengkone kagungan putra kang
bias nerusake keturunanae.
Manut tata cara Jawa, sadurunge mantu kuwi ana
rerangken tata carane yaiku lamaran lan paningset.
Sawise kuwi banjur dianakake upacara mantu kang
uga nduweni rerangkening adicara, kayata pasang
tarub, buwangan, pasang tuwuhan, siraman,
midodareni, lan pawiwahan utawa pahargyan.
Lamaran iku rerangkening tata cara nalika wong
tuwa utawa walinepihak kakung nekani wong tuwa
utawa waline pihak putri saperlu nglamar. Kang arep
padha bebesanan kuwi banjur rembugan bab
sesambungan tresnane para putrane sinesenan
kulwarga lan sanak sadulur. Bab lamaran kanthi adat
Jawa iki rada beda ing antarane jaman saiki karo
jaman biyen. Menawa jaman biyen, lamaran kuwi
durung mesthi ketrima. Nanging, ing jaman saiki
lamaran kuwi bisa dikandhakake ketrima kabeh,
jalaran pihak kakarone wis rembugan luwih dhisik
sakdurunge. Dene adicara lamaran kang dilakoni iku
minangka geneping tata krama wae.
Paningset adate kanthi adicara lambing kalpika
utawi tukar cincin. Weku kanggo paningset iki
katemtokake menawa lamaran wis ditampa. Ing
adicara paningset iki, kajaba kalpika , lumrahe uga
dikantheni uba rampe liyane, kayata dhuwit,
sandhangan (jarik/rok, klambi), mas-masan (gelang,
kalung, suweng lan sapanunggalane), jajanan (jadah,
jenang, wajik, roti), who-wohan (gedang, jeruk, nanas,
apel lan sapanunggalane). Uba rampe lan tata cara
ngono mau minangka lambing lan wujud tanggung
jawab kang bakal ditindakake calon penganten
kakung marang calon garwane lan kulawargane.
Sawise paningset, banjur diteruske upacara mantu.
Kaya kang wis diandharake ing dhuwur,
rerangkening upacara mantu ing antarane pasang
tarub, buwangan, pasang tuwuhan, siraman,
midodareni, lan pawiwahan utawi pahargyan.
Tarub iku kerata basane ditata supaya katon murub.
Kanthi pangajab, menawa arep nampa tamu, lumrah
menawa nata panggonan supaya katon becik.
Panggonan diwenehi rerenggan supaya endah,
lumrahe direnggani janur kuning.
Buwangan iku mujudake adicara mbuwang
saperangan ubarambe sesaji ing antarane awujud
takir isi kacang-kacangan, bumbon (bumbu pawon),
rajangan daging, lan dhuwit receh. Kabeh mau
minangka lambing mbuwang sakabehing sukerta lan
pepalang supaya pakaryan sing ditindakake ora ana
alangan.
Adicara pasang tuwuhan iku katindakake kanthi
masang mawarna-warna woh, gegodhongan, lan
tanduran liyane. Tuwuhan tegese maneka warna
tanduran kang dipasang ing tarub, wujude gedhang
suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, godhong
(kluwih, alang-alang, ringin), pari sawuli lan
sapanunggalane. Supaya penganten bisa nuwuhake
urip mulya lan dadi tuladhaning kulawarga.
Adicara siraman ditindakake sedina sadurunge
upacara dhaup (nikah), utawa pahargyan. Adicara iki
wujude nyirami utawa ngedusi calon penganten putri.
Dene kang nyirami iku para sesepuhing temanten.
Ancase, penganten resik lair lan batine.
Midodareni iku saka tembung widodari. Maknane
supaya calon penganten sulistya ing warna kaya
widodari. Adicara iki ditindakake ing wayah wengi
sadurunge pahargyan temanten.
Sawise tata cara midodareni kasebut, esuke banjur
ditindakake upacara dhaup (ijab utawa nikah) kang
dibacutake upacara pawiwahan utawa pahargyan
temanten. Upacara dhaup ditindakake miturut
agama utawa kepercayaan kang dianut. Bisa
ditindakake ing masjid, gereja, utawa papan liyane,
utawa ing panggonan pawiwahan dilaksanakake.
Sing cetha, upacara dhaup iku kudu didhisikake,
tinimbang upacara adat pahargyan temanten. Dadi,
nalika nindakake reroncening adicara pahargyan
temanten, kekarone wis resmi anggone jejodhoan.
Ing jaman saiki, upacara mantu kuwi katone wis
arang kang ditindakake kanthi wutuh. Kajaba pancen
angel lan ewuh anggone nyawisake, adicara kang
mangkono iku kepara ora sitik wragade. Kajaba saka
kuwi, para kanoman nom saiki luwih seneng karo
bab-bab sing luwih diringkes. Mula ora gumun yen
mung para pamengku budaya kayadene kraton lan
priyayi kang isih nuhoni tata cara upacara adat
mantu kejawen kuwi kan
Wangsulan
Nama : ......................................................
Kelas : ......................................................
Wangsulan
Pandom Pambiji Kelompok Diskusi
22 Peserta didik dapat menulis kesimpulan isi teks eksposisi prosesi adat 4
nontoni dengan sangat baik.
Peserta didik dapat menulis kesimpulan isi teks eksposisi prosesi adat 3
nontoni dengan baik.
Peserta didik dapat menulis kesimpulan isi teks eksposisi prosesi adat 2
nontoni dengan kurang baik baik.
Peserta didik dapat menulis kesimpulan isi teks eksposisi prosesi adat 1
nontoni dengan tidak baik.
Rubrik Penilaian
Nama Nama Siswa Hasil diskusi Skor
Kelompok Struktur teks Kesimpulan isi
Kelompok 1 1.
2.
3.
4.
Kelompok 2 1.
2.
3.
4.
Kelompok 3 1.
2.
3.
4.
Kelompok 4 1.
2.
3.
4.
Skor yang dicapai maksimal adalah 12. Dengan predikat penialaian sebagai berikut :
Skor = (Jumlah skor dari semua komponen) 4
3.25– 4.00 = sangat baik (A)
2.50 – 3.24 = Baik (B)
1.75 - 2.49 = cukup (C)
1.00 - 1.74 = kurang (D)
Rubrik penilaian
No Nama Siswa Predikat
1
2
3
4
5
Menganalisis dan Mengevaluasi
Masalah
Dumugi perangan menika sumangga sami
ngonjukaen raos syukur dhateng Gusti amargi
para siswa sampun saged nganalisis struktur teks
eksposisi adat mantu, saged ngandharaken isi
teks eksposisi adat mantu saha saged damel teks
eksposisi adat mantu. Mugi-mugi kanthi nyinaoni
babagan upacara adat mantu menika para siswa
saged ningkataken kawruh babagan budaya
ingkang wonten ing tlatah Jawa Tengah
mliginipun babagan upacara adat mantu.
Refleksi
Saksampunipun para siswa nyinoni babgan teks
eksposisi adat mantu sumangga para lare saged
mangsuli pitakenan wonten ing ngandhap menika
kangge pasinaon ingkang badhe dipunlampahi.
1. Menapa kemawon ingkang sampun dipunsinaoni
wonten ing piwucalan menika?
2. Menapa para siswa sampun saged ndamel teks
eksposisi jumbuh kaliyan strukturipun?
3. Bab menapa kewamon ingkang taksih kangelan
dipunsinaoni wonten ing piwucalan menika?
4. Bab menapa kewamon ingkang gampil
dipunsinaoni wonten ing piwucalan menika?
5. Perangan menapa ingkang dereng saged
dipunsinaoni wonten ing piwucalan menika?
Umpan Balik
Ketemtuan
a. Remidial : Menawi peserta didiik
bijinipun ing ngandhaping KKM (70)
b. Pengayaan : Menawi peserta didik
bijinipun sami utami langkung saking
KKM (70)
Remidial
1. Wacanen teks eksposisi rasulan
wonten ing link menika
2. Tulisen struktur teks eksposisi saking
teks eksposisi rasulan ing ngandhap!
3. Tulisen dudutan isi saking teks
eksposisi ing ngandhap!
Pengayaan
1. Padosna tata-upacara adat mitoni
wonten ing internet!
2. Tulisen teks eksposisi upacara adat
mitoni adhedhasar kawruh bab
saking internet!
KAPUSTAKAN