Anda di halaman 1dari 1

ASAL USULE BANYUWANGI

Kedadean Banyuwangi Ing jaman riyen wonten tlatah Jawa Timur gesang Raja lan Permaisuri
ingkang sami-sami tresna. Kados pundikemawon permaisuri menika ugi anggadahi paras
engkang ayu lan gemati dening keluargi. Gejaba menika piyambake ugi setiya sanget dening
garwanipun. Wonten sawijining dinten, Raja nduwe pangangkah kesah datheng ngalas konjuk
berburu menjangan utawi sangsam. Raja  banjur bidhal kanti rencangi para pengawale. 
Saksampune dangu wonten ngalas, Raja banjur kondur datheng kraton. Permaisuri bungah
sanget nalika ningali Raja  kondur. 

Permaisuri caos pirsa dateng Raja menawi sakjroning Raja kesah wonten tami saking keraton
sanes. Nanging nalikaning Raja badhe memoni tamu punika, dumadakan Raja mireng menawi
tamu kesebat akrab sanget dening Permaisuri. Kedadean menika anggawe Raja duka uga
cemburu lan nuduh Permaisuri sampun selingkuh kaliyan tamu punika. Permaisuri mitadosaken
Raja menawi punika mboten leres.  Nanging Raja tetap mboten percaya marang Permaisuri.
Sinambi nangis banjir eluh Permaisuri criyos: “Rama, kula kersa mbuktikaken menawi kula
mboten salah, Kula badhe nyemplung wonten kali wingking keraton, menawi mangke toya kali
punika mambu busuk, nandake tuduhan Rama dateng kula menika leres. Nanging, menawi toya
kali punika wangi, nandake tuduhan dening kula mboten leres, “wilujeng tilar Rama”. Sakwise
kedadean kesebat, kali panggen tilaripun Permaisuri punika dipunsukani nami
“BANYUWANGI”.

Anda mungkin juga menyukai