Anda di halaman 1dari 8

NASKAH DRAMA “MERDEKA ATAU MATI”

Pimpinan tentara indo: Firman : Cak Tomo


Perwakilan rakyat 1: Hani : Minah
Anak buah firman: Rina : Parni
Rakyat: Dimas : Robet
Wali kota: Ade : Ibu Susi
Perwakilan rakyat 2: Yunike : Saroh
Perwakilan rakyat 3: Citra : Karti
Inggris: Hermawan Bhisma Emir

Adegan 1
Firman : Wes wes wes, jangkep kabeh ta iki?
Semua Pribumi : Wes cak jangkep cak
Firman : Iki tentara inggris wis teko, sing kurang ajar maneh Inggris wis semena- mena karo
rakyat Surabaya
Semua Pribumi : Iyo cak bener
Rina : Saiki tentara Inggris wis nyebar nak nggon-nggon seng strategis, opo maneh nang tengan
tengah e kutha Surabaya. Terus awakdewe iki kudu yaopo cak
Firman : Ngene rek, saiki tanggal 28 Oktober Hari Sumpah Pemuda, Sumpah e arek arek
Surabaya. Ayo, tugas e awak dewe saiki mbuktikno neng Inggris nek arek-arek Surabaya yo
pengen merdeka.
Semua Pribumi : Yo bener, setuju cak
Firman : Saiki rek, nyok nyedek o. (ngenteni nggerumbul). Saiki sasaran e ning jedeke prapatan
Mblauran. Paham kabeh yo ?
Semua Pribumi : Paham cak
Firman : Wes ojo sampek lali, dijogo dewe-dewe awake. MERDEKA!!! MERDEKA!!!
Semua Pribumi : MERDEKA!! ALLAHUAKBAR
Adegan 2
Adegan rakyat yang setelah dijajah
Firman : He, AYO. Iki wes podo moleh dewed ewe. Sementara iki awake dewe Istirahat disik,
tapi tetep waspada lo yo.
Hani : Yo cak
Firman : aku tak balik sek, ketemu ngko sore yo
Hani : Yo cak
Firman : Merdeka!!!
Hani : Mbakku kok ga mapak aku yo. Kabeh podo dipapak e, aku tok gak. Aku plonga plongo
dewe.
Dimas : Sakno Haaan. Arek cilik iki mang pas bom-boman kleleran nang nggone pinggir dalan.
Langsung tak saut. Deloken ta
Hani : UUUU Arek ayu koyok ngene e. Anake sopo nak?
Boneka (Dimas) : Aksara
Hani : OOOO Aksara
Dimas: Se ndelok ( mbukak geger) . O batrene sek anyar
Hani : oala sakno e
Dimas: won tuone kebacut. Wong arek cilik, wayae perang kaya ngene. Tentara Inggris nangdi-
nangdi
Hani : Wong tuo ne kenek bom paleng beb
Dimas: He, kenek bom a wong tuomu, apa nganu kelindes tank?
Hani : la lapo ko kelindes tank
Dimas: Sopo ero beb. Yo lek mbahku
Hani : Opo o mbahmu
Dimas: Gugur sebagai pejuang
Hani : Ah mosok
Dimas: Kandani kok
Hani : mergo opo? Kenek tembak ?
Dimas: Ora
Hani : Kesawat bom jelas
Dimas: Oraaa, kurang sangar
Hani : Ooo pasti keleleken Tank?
Dimas: Kencing manis
Hani : Halah-halah. Tak kiro kiro pejuang nglawan Inggris lakok nglawan Penyakit
Nerina : Loh, Dek. Yaopo seh? Kabeh wes moleh kok awakmu jek nang kene ikulo. Loh anake
sopo iki? Lo ngunu awamu pamitan budal perang lakok tibane awamu perang karo sopo sampek
dadi arek iki.
Hani : He! Iki ngunu duduk anakku
Nerina : Yo gaiso ta dek wong mbok gendong kok duduk anakmu ikulo
Hani : Ojo emosi sek ta mbak. Iki ngunu Robet mau nemu
Nerina : Yo gak ngunu, gaono critane arek nemu iku
Hani : Iku mau kleleran mbak. Takokno Robet konolo
Nerina : Iki anakmu tak bet?
Dimas : Gak
Nerina : Lo gak ngunu lo dek. Aku gaseneng lo nek awakmu koyok ngene dek. Awm budal
perang ngunu aku ndungakno ben slamet lakok awm koyok ngene
Dimas : wingi iku ono arek PMI ganteng-ganteng. Hani apen apen loro cek isok nyedeki
Hani : Ojo koyok ngunu bet
Nerina : Awakmu saiki kudu ngaku, iki ngunu anake sopo?
Hani : Takonono lo
Nerina : Sampean anake sopo? Ha?
Boneka (Dimas) : Aksara
Nerina: owalah dek sepurane seng akeh wes mikir gak gak. awamu nek ancen temen" budal
perang tak dungakno dadi pejuang nang ngarep dewe tak dungakno awm digruduk londo yo cak .
iyo seneng kan yo
Dimas : wes ayo moleh iki sek onok perang maneh . Inggris iki ga ngaleh" teko surabaya. kudu
perang maneh.

Adegan 3
Hani : ngenteni aba " yo.
Hani : tembak
Hani : pindah pindah
Ade: hop hop stop rek. stop hop ojok ditembak. tahan tahan. ojok nembak meneh. tahan rek.
Hani: lapo cak
Ade: wes tah percoyo mbek aku. eh kon ga ngerti aku tah.
Yunike: sopo koen
Ade : aku dul arnowo biro kota seng dipercoyo masalah perang. iki wes onok kesepakatan teko
pemimpin" jakarta nek mene isuk tentara Inggris wes dievakuasi nang tanjung perak. tenang ojok
nembak
Hani: temen a isok dipercoyo
Ade : wes percoyo O mbe aku
Yunike: iki ngunu Inggris loh
Ade: dari pada akeh korban maneh wes tah ojok nembak sek. wes tah percoyo O karo aku
Hani sampean temen lek ngomong iku Inggris bakal di
Ade: wes iki kesepakatan pemimpin" jakarta wes tah tenang
arek surabaya : nek aku seh yo ga percoyo karo pemerintahan inggris
Yunike: bener iku wes ayo serbu ae
Ade : he he he sopo kon
(firman teko)
Firman : aku arek suroboyo
Ade: heh kon ojok nggarai kesroh yo
Firman : Inggris iku wes kurang ajar mbek arek" SBY
lain" pasukan : bener iku bener
Ade: he sek sek sabar. iki wes kesepakatan pemimpin" jakarta. wes ta percoyo ditunggu ae di
enteni ae hasile
Firman: lah pemimpin " nang jakarta iku ga percoyo karo kekuatane arek SBY
lain" pasukan: iyo bener iku cak bener
Ade: ojok nembak rek wes ojok nembak
pasukan : wes ayo serbu ae serbu
Ade: waduhh, arek" iki yoopo seh wes di kndni ojok nembak ko tetep nembak jek ga percoyo ae.
pasukan: mundur"
Firman: cak cak cak wes beres cak
Ade: opone seng wes beres?
Firman: ga kesuen tak tembak ae mau
Ade: waduh jangkrek kon iku. nggarai perkoro ae kon iku
Firman : loh opo cak
Ade : he iku ngunu perwira perang. yoopo ngeneki nggarai nasalah kabeh. wes yo tenang seng
ngerti kejadian iki meneng ae. iki isok dadi sejarah peristiwa iki. kejahatan perang seng ngerti
meneng ae. ayo balek kabeh
pasukan: mundur" ayo mundur
Firman: man rinio
Rina : loh onok opo cak
Firman : kon wes roh nek seng nang njero mobil iku mati dibedel aji
Rina: loh gakroh cak
Firman : iki kesempatane gawe nggowo mobil iku mlayu.
Rina: loh loh sak jane awak dewe iki pejuang opo begal.
Firman: awak dewe iki termasuk perjuangan. begal penjajah iku gapopo. kon lak ero dewe mobil
iku isok digawe biaya perang e dewe. wes kon gausa kakean omong. melok aku ae ngguak mayit
teko njero mobil iku.
Rina: yowes ayo ayo ayo
Rina: waduh drong mati iku cak
Firman: iki mau jelas aji mau luput nek bedel. wes kon saiki balik o.aku tak ndolek i biro kontak.
Rina: wes tak tinggal yo cak ati".
Firman: kon ojok ngomong sopo" loh yo.
Firman: nandi biro kontak iki. iki wes surup. tak paranane maneh. (metu)

Firman mlayu menggos"


Firman: blai Slamet mobil e jendral mallaby mbeldos kok untung ajudan e mau nguncal granat
ga metu teko mobil. wes mumpung drong tak ngaleh ae aku. (metu)

Adegan 4

Ade : gawat ngeneki, ngeneki nek ngerti kejadian perang wes" isok dadi gede masalah e.
Yunike: wessss ajorrrr ajorrrr ajorrrr, sek sek(karo njagang sepeda) dadakno wingi sing nang
njero montor iku jendral inggris,
firman:(ngadek) jendral inggrisssss, jendral malaby taa?!
Yunike: iyo, malaby
firman:Mallaby matii
Yunike: iyo mati
Ade: heh heh hehh, cangkemu iku nek gak ngerti menengo ae.
Yunike: loh mati jendral malaby
Ade: iyo tapi menengo ae, gak ngerti ae kok nyocot ae, teko teko gakro opo opo, gakro masalah
gede ae
Rina: uwess kene ae
Firman:ngene cak, iki jelas dadi perkoro gede, tentara Inggris jelas gak trimo nek onok jendral e
sing mati, tapi gausah wedi cak, ibarat e kriwik an dadi grojogan masalah cilik iso dadi gede
koyok ngene, gausah wedi, kon kon kabeh gausah wedi, sing penting awak dewe tetep berjuang
paham a kon! (pribumi lain e ngadek karo setuju setuju)
Firman:arek arek iki tetep pengen berjuang cakk
Ade: yowes nek ngnu niatmu, aku nang mburimu. budalll!
Firman:loh cak,(nuding mendukur onk pesawat liat, pribumi laine rodok panik)
benerkan omongku, jelas Inggris iki ga trimo nek onok jendral e mati, wes kabeh gausah wedi,
dino iki awak e dewe yo ngekek i perlawanan. ayooo
(pribumi putih ngekek i surat)
Citra: cak cak ikiloo
Ade: opo ikiii
Firman:wocoen sing banter(ngekekno ng pribumi ireng)
Yunike: diskon bulan Oktober
Rakyat: loh Loalah
Firman:krilu koenn
Yunike:yaopo koen iki, koen mang njupuk sing ndi
Firman:koen njupuk sing sebelah paling
Yunike: mbalik O kono lo
Rakyat: wah wah ngawor
Citra: ikilo cak
Ade: wocoen sng temen
Firman: sing banter.
Ade: sng jelas genah genah
Yunike: (nangis)
Ade: Loh opo o
Firman: lapo
Yunike: aku gaisok moco
Prib liane: Oalahh
Ade: wocoen man, cek krungu kabeh
Firman: ngene rek, dadi intine awak dewe kudu nyerah karo inggris,awak dewe di kongkon
ngetor senjata
Pribumi liyane: gaisok cak
Firman: loh sek taa, awak dewe dikei batas waktu sampek jam 6 esuk.nek gak gelem suroboyo
bakal di bumi hangusno
Prib liyane: gaisok cak(bengok bengok)
Citra: (melbu panggung) woi cak
Yunike: iki opo maneh, koen iki lapo Kate perang kok atek dodol radio barang
Citra: dodol jare, wong arep tak gadekno kok
Yunike: nggwo bember barang, gak oleh nggowo bember ngnu iku
Citra: bedo, ikilo cak onok berita orasine bung Tomo ikilo
Firman: heh opo, onk orasine bung Tomo
Citra: onok cak
Firman: dekek en ayo dirungokno bareng bareng
Citra: ikilo rungokno rungokno(pribumi kbeh ndodok mbek nyidek i)
(radio)
merdeka!!!! merdeka!!!
Firman: wis saiki, ungsino penduduk, sebagian ngungsino penduduk, sing liyane awak dewe
ngekek i perlawanan nang Inggris(grussak grusuk ngongkon ngungsino penduduk) …

Adegan 5

Yunike: ngungsino penduduk mumpung durung onok kejadian nang suroboyo


Firman gendut: ayo ayooo, sing cilik cilik sing tuek tuek, ayo direwangi direwangi
Yunike: wis mari kabeh
Firman: wis kabeh ta iki
Prib liyane: wis cak
Firman:wis saiki ngene, lebih baik, awak dewe ngekei perlawanan nang Inggris, merdeka atau
mati.merdeks
kabeh:merdeka3×
(persiapan perang)
(Inggris teko)
(pribumi sebagian mati,sebagian mundur, Inggris mati loro)
Firman: perjuangane kene ga sampek tutuk kene. Semboyan e awak dewe tetep. MERDEKA
ATAU MATI!!!!!. Awak dewe kudu tetep berjuang. luwih apik awak dewe ajor ketimbang
dijajah inggris. MERDEKAA!!!!!!!

Anda mungkin juga menyukai