Anda di halaman 1dari 1

BABAD TANAH TEGAL

Alkisah, jaman gemiyen neng Tegal ana Adipati, arane Gendowor. Tapi dipecat dumanè ora
nurut karo Landa. Watan njaluk rembugan karo Bagus Suandra, jebule ora gelem. Bagus milih
nurut karo Landa, bakal urip kepenak.

Siji dina Gendowor pan teka ning umahe Bagus, pan dijak duel, sing menang kudu manut.
Diparani Bagusé laka, anane Bapane. Kadung wis sewot watan Bapane Bagus dihajar daning
Gendowor, kosih séngléh. Bagus balik ngumah dugal tiada tara, lagsung metu maning mleter
Gendowor.

Gendowor ngerti lg digoleti Bagus, watan wit dukuh ditegori, dipalangna ning dalan endah ora
bisa ngejar, neng kono watan dadi desa arane Dukuh Malang. Bagus ngejar maning, Gendowor
umpetan neng wit Gayam pinggir kali, dadi desané Kaligayam.
Wong loro pada saktine watan ketemu gelut, Gendowor pan kalah watan njukut pacul, dibalangna
karo mlayu, dadine desa Pacul neng kono saiki. Tangané Gendowor kalah dawa karo tangane
Bagus, memang luih sakti Bagus, watan tempat neng kono diarani desa Kaladawa.

Bagus terus mleter, ketemu Gendowor lagi umpetan neng wit cangkring, tempat kuwe dadi desa
Cangkring.
Gendowor ucul mlayu maning wong wis luka kena ajiane Bagus, mlaku sadawane uwangan, dadi
desa Wangan Dawa.
Anjog neng gubuk tengah sawah Gendowor istirahat, tapi weruh Bagus marani sing kadowan,
watan gagiyan mingser lunga, tempat kuwe saiki diarani desa Sumingkir.

Akhire Bagus Suandra ketemu Gendowor lagi pan nginung neng Legokan banyu tuk karo
mbasuh lukanè, gagian dibokong sing mburi mumpung ndlèngèr, Gendowor ora bisa mlayu
maning, watan tarung sakuasané.

Gendowor kalah, dadane ditunjleb keris pusakane Bagus, mati. Naah tempat kuwe saiki diarani
desa Kedokan Sayang. Kedokan kuwe blumbang mata air, Sayangé wong Gendowor akhirè mati,
seorang Adipati Tegal yg melawan penjajah, merga kalah sakti...

Saksi sejarahe neng kono masih ana, diantaranè kuburan Kadipati (jaran kesayangané
Gendowor), lokasi neng jaratan kasir utawa kuburan Séng. Yen makame Gendowor ta sampé
sapréné misterius laka sing ngarti, nean dibuang neng Kaligung...

Desa sejarah kuwe ana neng Kec Talang lan Kec Tarub, lokasine sing pasar Pagongan
mengètan...

Monggo diparani mana kanggo member KWT, etung etung Wisata Sejarah...

:-|

WALUH DOKUMEN

Anda mungkin juga menyukai