Final Draft - pdf-1 PDF
Final Draft - pdf-1 PDF
Written by
Naufal Chayruriza
Directed by
BLACKSCREEN.
PRODUCTION TITLE.
FADE IN:
RUDI
Sssssttt ..
RIDHO
Ono opo e lang??
RUDI
Ono Tai.
AJI
Asem tak kiro opo Rud
GILANG
Ayo lanjut .. Lanjut ..
RUDI
Koe wae Lang.
GILANG
Yahh rud, mosok aku terus ..
RUDI
Gek uwes to aku ro Ridho jaga kene.
GILANG
Ji, itungan ke 3 koe lompat yo
AJI
Oke
3.
GILANG
(Pucuk jari tengah Gilang
masih menyentuh-nyentuh
ujung buah mangga)
Siji .. Loro ..
WARGA
(Nada sedikit berteriak
sambil berjalan sedikit
cepat mendekati Gilang)
Ngopo ya kui?
GILANG
Mudun .. Mudun Cepetan ..
RUDI (O.S.)
Nggolek sarang manuk pak!
AJI (O.S.)
(Semua tertawa)
Manuk e Gilang pak! Hahaha
RUDI
(Sambil kabur)
Bu .. Gilang Njupuk i Sate ki lhoo
Buu ..
Aji dan Ridho kaget, Gilang apalagi, dia bingung antara akan
mengembalikan sate atau kabur. Lalu Gilang kabur bersama Aji
dan Ridho yang sebelum kabur saling bertatap bingung.
BU LENJAR
Heehh mbayar disik! Iki es e sopo
le!
4.
RUDI
Lang! Hahaha
GILANG
Ji, njaluk ji.
GILANG (CONT’D)
Asemik pelit tenan ming siji tok.
AJI
Kih nggo koe kabeh.
GILANG
(wajah kaget dan senang
bersatu)
Tenan kih, ji? Tengkiu yo ji hehe
GILANG (CONT’D)
Bajigurik entek
RUDI
Eh cah teplokan meneh yok neng
nggonku.
GILANG
Wah, ha kartuku wingi kan entek
rud.
RUDI
Welah wani ora?
RIDHO
Halah tuku neng warung e mbah Noto
kae lho lang. Paling rongewu wis
oleh 10. Nek ora tuku neng aku
rongewu oleh 20.
GILANG
Lha aku wingi diseneni e njaluk
duit terus neng ibuku.
RUDI
Wis gari wani po ora, nek wani teko
wae, nek ora yo turu neng kasur
kipasan trus kemulan kelon ro
ibumu.
AJI
Ha cen Gilang kih.
FADE TO:
FADE IN:
WARGA
(berteriak menyapa pak
sentot)
Monggo Pak sentot ..
6.
BAPAK
Monggo pak .. Ealah wis bali le,
hakok tumben men awakmu sangar
ngono kui gembrobyos keringet e.
GILANG
Bar ngoyak kirik.
BAPAK
(berbicara kepada ayam
sambil mengelus ayamnya)
Wee hakok sangar men, biasane kirik
sek ngoyak wong, iki mah wong e sek
ngoyak kirik .. yo ngger ..
GILANG
(sembari menuju rak
sepatu)
Ra kuliah po mbak?
KAKAK GILANG
Wis bali ..
GILANG
(berjalan ke kamar)
Ketok e urung mangkat andang bali.
GILANG
Pak, njaluk duit yo pak.
BAPAK
(Nada lembut, sambil
mengancingi benik)
Ha kok njaluk e neng Bapak, Nyuwun
neng ibu ngko lho nek wis bali.
GILANG
Lha isih sui e pak aku butuh e
saiki.
BAPAK
Halah butuh saiki mbarang, malah
koyo rentenir le .. Le .. Ha mbok
ditunggu wae ibu dilit meneh yo
bali.
GILANG
Ha ngko aku njaluk ibu njut ibu
ngakon njaluk neng bapak.
BAPAK
Yo njaluk mbak kui lho bar oleh
thran seko yang e. Bapak tak
mangkat sek yo.
GILANG
Mbak ..
KAKAK GILANG
(Sembari memegang gadget
dan mendengarkan TV)
Hmm ..
GILANG
Mbak, njaluk duit yo ..
KAKAK GILANG
Heleh paling ming nggo tuku kartu
to koe? Kui ki podo wae judi ngerti
ra koe
8.
GILANG
Ora wes ..
KAKAK GILANG
(memandangi gadget)
Njaluk Ibu wae ngko.
GILANG
Golek cotton but mbak nggo resiki
kuping.
GILANG
Mbak, Wes sore ra arep adus adus o?
KAKAK GILANG
Yoo ngko dilit. Koyo koe wes adus
wae
GILANG
(sambil sedikit berteriak)
Welah adus yo ngopo lho mbak ndadak
nggowo hp mbarang!
GILANG (O.S.)
Iki mbak hpne
10.
BAPAK (O.S.)
Gilang.
GILANG
Prei po pak?
BAPAK
Ora le, iki penthungan e bapak keri
hehe.
BAPAK (CONT’D)
Lho ibu malah wis bali kui lho le
.. Bapak tak mangkat sek yo ..
IBU
Kenopo?
GILANG
Bu .. Njaluk duit yoo ..
IBU
Gusti Allah .. Ibu lagi wae tekan
kesel-kesel mbok iki kresek e
digawakne nek ora mbok andang wes
disiapne banyu anget dinggo adus
malah ibune lagi tekan dijaluk i
duit jaan anakku gustii ..
IBU (CONT’D)
(sambil memberikan
kreseknya kepada Gilang)
(MORE)
11.
IBU (CONT’D)
Mesti duite arep dinggo tuku kartu
to? Dikandani bola-bali kui ki podo
wae judi ngerti ra?
GILANG
Lha bu .. Ming 500 yo bu ..
IBU
Halah 500 nek njaluk e ben dino
podo wae.
IBU
(sambil mengambil bungkus)
Iki yo opo meneeh ..
(MORE)
12.
IBU (CONT'D)
Sampah yo diguang neng njero tas
jaann anaku lanaang ..
IBU (O.S.)
Ealaahh .. Bapak ki yo podo wae
mbok yo sakdurunge mangkat kumbahan
di entasi sek nek udan ki piye
haduuhh yuungg ..
RUDI
Eh, Gilang kok urung rene ya,
parani omah e yok.
AJI
Gek kemulan paling sambi nyusu.
RIDHO
Nek ora sui neng warung e mbah noto
paling ..
RUDI
(sambil membereskan kartu)
Yo adewe liwat gone warung e mbah
noto wae nek ranono langsung omah e
Gilang.
RUDI (CONT’D)
(berteriak kedalam rumah)
Tak dolan sek yo mak!
13.
INTERCUT :
UJANG
Siluman Sapi, tolong aku ..
SILUMAN SAPI
Moo .. Ada apa Ujang? Moo ..
UJANG
Ayo kita ambil uang recehan itu
untuk Gilang.
SILUMAN SAPI
Moo .. Baik Ujang akan ku ambilkan
untuk Gilang .. Moo ..
GILANG
(Dengan wajah kagum)
Terima kasih Siluman Sapi.
IBU (V.O)
Gilaangg .. Jangan kau ambil receh
itu Gilang ..
Gilang menengok atas, kanan dan kiri mencari suara Ibu yang
menggema.
14.
IBU (V.O.)
Gilaaanggg!!
INTERCUT :
IBU
(Melambaikan tangan dimuka
Gilang)
Gilang .. Heh ..
IBU (CONT’D)
Ealah malah ngelamun iki bocah ..
Mbok adus kono lho lang, kathok ket
bali sekolah yo urung diganti
haduuhh jaan anaku lanang gustii ..
GILANG
Yo aku adus tapi bar kui njaluk
duit ya bu ..
IBU
(marah sambil membalikan
pakaian yang selesai
dijemur)
Jaan njaluk duit meneeh .. Hess
mbuh Lang mbuh ..
GILANG
Kamar e embak enak dinggo teturon
e.
KAKAK GILANG
(sambil mengambil gelas di
atas meja belajarnya)
Mulakno ndue kamar kih dirapihne!
GILANG
(dahinya mengkerut)
Halah .. Kamare embak sek ngrapihne
we ibu terus ..
KAKAK GILANG
Minggir nggo turu embak, Bu, Gilang
ki lhoo buu malah turu neng kamarku
..
GILANG
Wadulan ..
IBU (O.S.)
(berteriak)
Uwes nduk! Adine ojo diledek i!
16.
BAPAK
Gilang .. Le ..
BAPAK (CONT’D)
Kenopo lang? TVne rusak po?
GILANG
(sambil berjalan menuju
sofa)
Rapopo pak. Welah bapak prei po
pak?
BAPAK
Iki hpne bapak ki malah lali
ketinggalan le, pas lagi neng pos
golek i hp kok ranono .. Jebul ki
ketinggalan haha lha ngko bapak ra
iso smsan karo ibu.
IBU (O.S.)
(bersamaan suara panci-
panci yang jatuh)
Hiyuuuungggalaahhh!! Tikuuusss!!!
Jaaaaannn!!!!
17.
BAPAK
(sambil mencabut charger
hp)
Kon gelut ro jagoku wae bu tikuse.
IBU
(sambil berjalan dari
dapur ke ruang keluarga
membawa gelas yang
digigit tikus)
Heh, pak kui lho bolongan-bolongan
neng dapur mbok podo ditutupi ..
ket wingi wis dikon nutupi tekan
saiki urung ditutup-tutup wae ..
tikus e podo mlebu terus kae lho
paak .. Ki gelasku podo di krikitii
.. Ngurusi jagoo wae .. anak bojo
ra diurusi ..
IBU (O.S.)
Duiitt meneehh!! Iki njaluk
bapakmu!!
BAPAK
(sedikit berteriak)
Iki lho nduk, neng nduwur meja TV
ono recehan okeh ..
GILANG
(berbicara pelan dengan
wajahnya yang panik)
Welah ..
GILANG (CONT’D)
Welah mbak duit e meh mbok ngopo?
KAKAK GILANG
(berlari keluar rumah)
Hayo tak nggo tuku siomay laah ..
18.
GILANG
Wehh dinggo aku kui mbaaakkk
GILANG
Weeehh ..
FADE TO BLACK.
FADE IN:
GILANG (O.S.)
(berteriak)
Gilang e gek nyusu!! Ra oleh judi!!
nambah i duso!!
IBU (O.S.)
Adus Lang!!
FADE TO BLACK.
CREDITS.