Anda di halaman 1dari 2

DheG

Cerita ini bermula


essah ketika Dhe dan Lang ada disebuah pos
rondo tempat bekerja mereka setiap malam:
Adhe : Cuk
Lang : Opo ?
Adhe : Cuk
Lang : Opo (dengan nada keras)
Adhe : Haha, aku enek cerito. Aku mari diteror.
Lang : Maksute ? demit ? bengi-bengi ojo gawe-gawe cerito wee
Adhe : Oraa ngapusi aku, tenan.
Lang : Emang enek opo ?
Adhe : Dadi aku ditelfon nomer sing gak dikenal mambengi tapi suarane gur kemresek.
Lang : Kok aneh ngono ?
Adhe : Mangkane kui cuk, aneh e iku terus terusan nelupune. Akhire tak pateni wes hpku.
Lang : Terus wes ngono tok ? teror e siseh endi ?
Adhe : Sek uroong, sabar to. Maringono, aku turu kan yo terus ngimpi tapi pueteng terus enek
uakeh nomer-nomer ngono. Spontan aku tangi tapi gak iso ogreh, yo gak iso melek.
Lang : Waduh, kelindien iku.
Adhe : Sek, tapi gak sebatas iku. Aku krungu uwong mlaku ngono paling enggak enek wong 3
lang, termasuk mbahku. Aku hafal suarane soale. Terus aku krungu enek sepedah motor teko,
enek suarane wong lanang, terus ngomong “eh piye mbah putumu disiarne saiki yo ning masjid”.
Teko kono sumpah aku kringet adem, sing tak pikir ndek kono aku bakale mati.
Lang : Cuk, merinding aku.
Adhe : Maringono sepi lang, akhire aku iso melek iso ogreh. Terus tak cek ning jobo,
selambune tak bukak ternyata gak enek sopo-sopo. Dan sesuke aku ngecek latar gak enek jejak
ban sepeda motor, terus mbahku tak tekoki mambengi ya jarene turu. Tekan kono aku
meringding rasane padahal wes isuk.
Lang : Terus piye saiki wes aman ?
Adhe : Aku gak ngerti yo tapi kartuku tak ceklek terus aku tuku maneh anyar iki.
Telephone galang berdering… … … ….
Lang : Loh nomere gak enek jenenge cuk
Adhe : Cuk ati-ati, ojo ojo koyok aku engkoo.
Lang : Piyee iki terusan
Adhe : Jajal angkatan, banterno suarane
Lang : Yawes-yawes, bismillah. Hallo…
Telepohone asing : Selamat anda mendapatkan hadiah uang senilai Rp.50.000.
Adhe & Galang : Wahahahaha, KOCLOK.

Anda mungkin juga menyukai