Anda di halaman 1dari 2

SEJARAH KUBURAN AULIA AGENG : SYECH ABDULLAH MUHAMMAD

ARRASY

Wonten dhusun Cluwuk, Tulis, Batang gada kuburan aulia ageng naminipun : Syech
Abdullah Muhammad Arrasy bin Syech Abdullah Muhammad Arrasyid. Piyambakipun wafat
dinten Selasa Pon 17 Ramadhan 632 H / 1222 M. Piyambakipun nyebaraken agami islam
langkung awal saking walisongo inggih punika sunan gresik.

Enggal criyos, ing wanci perang salib kathah pedagang/ulami timur-tengah ingkang nyade
lan berdakwah dhateng Gujarat saha dhateng Nusantara inggih punika Aceh. Syech Abdullah
nyebaraken agami islam saking jawi wetan dumugi dhateng Banten, saweg wonten Cluwuk
naming papan mampir ingkang kala puniku taksih wana belantara. Wanci punika, penduduk
siti jawi mayoritas beragama Hindu lan Budha. disaat Syech Abdullah sareng pengikutipun
kajeng ndamel langgar, dugia tiyang-tiyang Hindu Budha (garong) ingkang mboten remen.

“Hei ajeng punapa sampeyan-sampeyan?” teriak salah satunggaling tiyang garong.


“Sebelumipun nedha pangapunten saudaranipun kula, kita wonten ngriki kajeng ndamel
langar kangge papan ibadah kita. Kita namung mampir disini” ucap Syech Abdullah kalih
tenang.

Piyambakipun sedaya mboten ngremeni Syech Abdullah lan pengikutipun, lan kedados lah
pertarungan. Amargi kawon jumlah mila Syech Abdullah kadhesek lan pengikutipun
mlajengaken dhiri. Papan pertarungan puniku kedados wonten tepining lepen, papan punika
dipunwastani kedung rembes ingkang artosipun nangis.

“Menyerah mawon sampeyan Syech, para pengikutipun sampeyan plajeng terbirit-birit


kajrihan hahaha” tembung para garong.

“Anipun kula mboten ajeng nyerah kalih nyerah asal sampeyan-sampeyan tahu”

Kalih tekad ingkang ageng. Syech Abdullah nglawan para garong kasebat. Punapa daya
amargi nglawan piyambak, Syech Abdullah diseret kalih kapal dening para garong dhateng
wetaning dhusun cluwuk ingkang ing wanci puniku naminipun Taklun Winong. Lajeng Syech
Abdullah dibunuh kalih cara disembelih. Lajeng jasad piyambakipun dipunkubur wonten
Taklun Winong. Midherek para ahli sufi, sasampunipun kedadosan puniku 50 meter saking
kuburan muncullah mripat toya. Amargi mripat toyanipun alit mila tiyang nyebatipun
secluwek/sakedhik. Lami-lami papan puniku dipunwastani Cluwuk.

Anda mungkin juga menyukai