Anda di halaman 1dari 2

Ing sawijing dina nang teras omah sing asri mburi SMP Tunas Klapa sepasang garwa lagi

padha jejagongan ngrasakake hawane angin kang semilir. Pak Amar lan garwane sinambi
ngunjuk es jeruk sing wis dituku saka warung sebelah.
Pak Amar : “Semribit banget ya bu angine”. (sinambi kipasan)
Bu Amar : “ Semribit akeh bleduge nggih pak, merga mangsa ketiga ora ana udan.
Lemah pada garing angine gedhe”.
Pak Amar : “Walah bu gari disiram to bu, kana jupukana selang!”
Bu Amar : “Nggih pak”. (sinambi mlaku jupuk selang )

Nalika Bu amar lagi nyirami latar ngrep omah , Bu Amar mriksani ana segrombolan bocah
sing lagi pada udud.

Bu Amar : “Pak, Pak e rene pak! Kae pak priksani cah cilik kok yo wis padha udud loh
pak! Pas jam sekolah maning, apa padha mbolos?”
Pak Amar : “Endi bu?” (Clingak-clinguk sinambi ngadeg goleti bocah-bocah sing
dimaksud bu Amar).
Bu Amar : “Niku pak , teng jejer bakul somay”
Pak Amar : “Owalah iyo, ning ben wae bu. Wong lanang yo udud”
Bu Amar : “Bapak kadospudi to, wong lanang pancen senenge udud tapi kuwi kan
bocah SMP Pak. Ora apik disawang tur yo mbahayani” (karo muring-
muring)
Pak Amar : Jorna wae lah bu, nek ana apa-apa kan ditanggung bocah-bocah dhewe,
paling ya wong tuane sing isin bu.

Ing sawijining awan sing panas, nang mburi SMP Tunas Klapa. Segrombolan siswa lagi
jagongan nyante nang dhuwur motor sinambi padha udud. Nang sebelahe uga ana bakul
bakso lan bakul somay sing lagi padha kandhahan.

Paijo : (Jagong nang dhuwur motor sinambi udud) “ pufttt” (dolanan kukus rokok)
“ Geh lur kowe padha arep lanjut maring ngendi lur?”
Udin : (Tongkrong nang sebelahe motore Paijo) “ urung kepikiran arep maring
ngendi, duit langka koh”
Paijo : “Duit langka ning bisa tuku rokok ya?”
Udin : “Nek kuwe tah mesthi ana, kecut koh”
Jarwo : “Apa maring omahku wae yuk, lumayan kan bisa nyuwun kopi maring
biyungku” (ujug-ujug Jarwo nyelani omongane Paijo karo Udin)
Paijo : “Mengko dhisik ya, tunggu widadariku metu kelas dhisik.
Arep nyawang widadariku sedela.” (karo mesem-mesem)
Jarwo : Wadonan sapa kuwe? Sinta sing kelase sebelahku ya?
Paijo : “Badalah”

Tukang bakso : “Bakso.....bakso.....panas-panas mangan bakso seger!” (sinambi mbengok


nengen lan kiwe)
Udin : “Nah dari pada bingung mbakso bae yuh, ditraktir BOS Paijo yo,
haaaa...(sinambi guyu nggleweh)
Paijo : “Gundulmu, duit gari imam bonjol selembar tok koh. Nyeh kana nggo tuku
somay bae nggo wong telu! Mesthi cukupe. ”
Udin : “Bose Pelit! Ning rak papa somay bisa lah nggo ganjel weteng, panganan
gratisan maning.”
Jarwo : “Udin mah biasa senengane gratisan! Yuh sisan tek tambaih 5 ewu
Udin : “Cocok maseh!”

Sinambi tumuju marang gerobag somay, Udin lan Jarwo mlaku bareng kro udud.

Udin : “Bang , somay 3 Pedes!”


Jarwo : “Sing kilat ya bang!”

Tukang somay : “Ya mas, sedela ya!”

Tukang somay nggawekake pesenan. Sinambi nunggu pesenanane dadi. Paijo lan Udin jupuk
motor terus diparkiraken cepak grobag tukang somay.

Greeeng ....grengggg...taktaktak ............(suara motor bocah-bocah)

Tukang Somay: “Kadingaren bali gasik apa mas, biasane yah wene urung padha keton!”
Udin : “JAMKOS bang, Gurune rapat bae!

(Paijo, Udin lan Jarwo glewehan sinambi ngentongaken udud)

Sawise pesenan somay teka, dheweke langsung padha mangan bareng-bareng. Kurang lewih
1 jaman nang kana , akhire sing ditunggu-tunggu teka. 3 grombolan siswi SMP yaiku Sri,
Sari lan Surti sing terkenal merga ayu rupane metu saka gerbang sekolah. Merga ayune kuwe
Paijo, Udin lan Jarwo tresna marang widadari nang sekolah kuwi.

Sri : “Awake dhewe

Anda mungkin juga menyukai