Anda di halaman 1dari 6

Assalamugalaikum warohmatullohiwabarokatuh

Alhamdulillahil qo il laqod kana lakum fii rosulillahi uswatun


khasanah. Allihuma sholi ngala sayidina muhammmad. Amma ba’du

Dumateng poro bapak lan ibu guru ingkang minulyo,


ingkang saestu kulo cadong arahan lan bimbinganipun ingkang saestu
kulo bekteni lan kulo hormati

Dumateng segenap panita penyelanggara lomba, Nggih


dumateng sedoyo dewan juri ingkang kinurmatan, Dumateng rencang
rencang siswa siswi ingkang kawulo trensnani.

Alhadulillah puji syukur dateng gusti alloh tangala, ing pundi


kesempatan meniko kito tesih pinaringan sehat kasarasan.

Mugi saestu kito saget manfaataken, anugrah saking gusti kang


moho ngatur ing dumadi, Hinggo saged bekti lan sanestu saged tansah
nyaket wonten ngarsanipun gusti Alloh tangala amin allohuma Amin.

Allohuma sholingala sayidina Muhammmad, mugi tansah


kunjug wonten ngarsanipun baginda Nabi Agung Muhammad
sholalohu ngalaihi wasalam. Ingkang saestu kito ajeng ajeng syafaat
ipun.

Mugike mawon kanti mahabah kito dumateng kanjeng nabi,


saesetu kito sedoyo pikantuk syafaat ipun kanjeng nabi agung
Muhammad Sholalohu ngalaihi wasalam.

Hadirin hadirot rohimakumullo

Atur ngadek jumantoko kawulo wonten ing ngarso panjenengan


wekdal meniko saestu. Kawulo nderek mengikuti lomba, ingkang
dipun wontenaken meniko, mugi-mugi saestu saged Nambahi manfaat
nambahi pengalaman nambahi pengetahuan lan ugi sekaligus kagem
ndidik mental kulo lan panjenengan sodoyo,

Kanti penganjeng saestu dados acara ingkang dipun berkahi


deneng Gusti Alloh tangala.

Selajengipun kawulo perlu mengenalaken awak kulo piyambak,


Bilih kulo saking MII kalisalam kalibagor kebumen kanti julukan
jejeneng JIDDAN nujba insan Kamil.

Hadirin hadirot ingkang kawulo mulyaanken. kawulo mendet


judul wongten ing mriki, nderek lampah lakunipun Rosul utowo
keteladananipun Rosululloh Sholalohu angalaihi walsalam.

Rosulluloh meniko setunggalipun piantun ingkang agung,


piantung ingkang utami, piantung ingkang luar biasa, Sebagai panutan
dateng sintenke mawon, wonten bab nopo mawon, Rosululloh
panutan ingkang mboten wonten bandingane.

Sinten sing kedah manut dateng Rosul, niru prilakunipun Rosul,


mboten lintu kang wajib puninggih, kulo lan pajenengan sedoyo
sebab rosulluloh meniko saestu pinyantun ingkang lenggah teng sisi
pundi mawon.

Mulo mboten enten setunggalipun profesi, mboten enten


piyantun kecuali saged niru dateng prilaku lan situasinipun Rosulloh
Sholalohu alaihi walalam.

Pejabat saged nderek keteladanipun saking kanjeng nabi, para


guru saged nderek keteladanipun kanjeng nabi, Para suami saged
nderek keteladanipun kanjeng nabi, para istri lan ugi para anak anak
saged nderek keteladanipun kanjeng Nabi.
Sebab Rosulloh Sholalohu alaihi walalam meniko saestu
panutan ingkang saestu sae ingkang kagem dipun diteladani.

Sebagai Pejabat

Rosululloh puninggih dipun wasatani kholifah wekdal mekaten,


presiden dalam bahasa kulo panjenengan sedoyo.

Meniko rosululloh mimpin rakyate mboten mentingaken


kepentingan pribadi, ananging saestu mengutamakan kepentingan
rakyat, kesejahteraan rakyat lan ketentremen rakyat ipun, meniko
Rosulloh Sholalohu alaihi walalam

Milo rosul dalam fatwa lan pangendikane mboten enten sing


suwahi, mboten enten ingkang mboten nyocogi, kang sleto, antawis
pengendikane lan tindakane kecuali dalam satu hal. Puninggih dalam
babagan pembangunan nggriyo, maksude kadospundi. ?

Rosul niku, ngendikan nopo mawon, niku sesuai kalih


tindakane, kecuali ing bab niki setunggal..ing nopo ?

Rosul ngendikan

Yen gawe umah dikepak dienggoni kue, umahe jembar amba tur
duwur, kurang lewih duwure sekitar pitung dhoro, kirang langkung
sekitar tigang meter setengah ukuran tinggi. Niki umah sing jembar
sing kepenak dienggoni.

Ning rosul ndamel dalem piyambek meniko, Umahe endep ciut,


niki keranten nopo ? mboten mentingno awake dewe, lha umpamane
rosul ngge panutan kok mentingake awake dewe, terus ajeng kados
pundi sing bade manut.
Mulo saestu keteladanan kanti pejabat dalam adilnya memimpin
bangsa dan negara, bahkan masyarakat meniko saestu Keteladanan
ingkang luar biasa.

Rosululloh sebagai guru, Rosulluloh sabaaaaaaaar banget,


anggenipun mucal dateng poro murid poro sahabat. Sabar alus ati-ati,
mboten namung mucal lewat pengendika nipun. Ananging ingkang
palingkatah lewat sikap lan tindak lakunipun.

Milo mekaten, ajaran kang dipun wulangaken deneng Rosul,


Mboten dibumboni kalih hal sing mboten sae, mulo seminim mungkin
meniko Rosul mengajari, Mboten kelebeten hal hal ingkanng negatif.

Mulo saking meniko kadang kadang kulo sebagai anak, kulo


nggeranu nggih melu sedih, nggih sinaoso ajaraniku mung berbetuk
nyanyian tembangan kagem bocah-bocah cilik.

Ning kolo kolo Kulo niki kerasa.. kerasa mboten maen,


dospundi Cobi kito bayangaken.. lare alit dipun warahi nyanyi

Burung kakak tua, hinggap dijendela,

Nenek sudah tua, giginya tinggal dua

Wuoooh cobi..

Niki wujudipun nyanyian..

Ananging saestu, meniko ngandung pelajaran sing awon,


puninggih bocah ciliki mpun diwarahi madani ninine,

Leres nopo mboten ? madani ninine.

Mungkin kito nganggep yen madanani niku perbuatan sing


sepele sedengan, Niki niki dosane langkung gede..
Sebab ngino ino dateng kawulane gusti Alloh, makhluke gusti
Alloh, wujude.... meniko saestu podo karo Ngino ngino dateng sing
gawe menungso. Niki rosul.

Mulo mboten nate dilebetaken sing neko-neko sing mboten sae,


nah Keteladaan seorang guru, pendidik dateng rosul, meniko insya
Alloh ndadosaken berkah dateng muride, ilmu ingkang sampun dipun
paringaken dateng muride, insyaAlloh ilmu ingkang manfaati.

Rosulluloh sebagai Ayah, dospundi santunipun cara mendidik


dateng anak-anak, Rosul Mboten nate ndidik dengan sistem
kekerasan, tapi sistem belaskasiihan, nggih, disayang, dimanja.

Sebab wonten saate bocah niku mulai di didik dengan rade


kasar, dospundi, supados mari, ning angger tesih allit Masya Alloh..

Mboten kenging dicegah, mboten kenging disentak, mboten


kenging diomehi, sebab dalam pembentukan proses penataan sel otak
meniko, bener-bener murni mboten dicemari kalih hal-hal ingkang
membebani dateng pikiranipun.

mulo keteladananipun Rosul saestu ayok bareng bareng kito


teladani, dalam setiap gerak laku kito, 24 jam kito, sing kito lakoni,
usahakaken nderek dateng lampah lakunipun Rosul, awit mlampah,
dahar, ngunjuk, bergaul kalih rencang, tata cara ngomong kito
sesuaiaken,

supados kito niku saesstuu.. dados piyantun sak mboten


mbotene biso mengikuti dateng sunah Nabi MUhammad Sholalohu
alaihi walalam, kanti mekaten insyaAlloh sebagai modal mbenjang
wonten ing akhirat, kito sadeg sareng sareng kepanggih dateng Nabi
kito Muhammad Sholalohu alaihi walalam
mugi mugi kulo rencang kulo lan panjenengan sedoyo, saestu
tansa pinaringan hidayah saking Gusti Alloh, sehinggo saget
mengikuti sunnah Rosul, hinggo pinaringan wilujeng, bejo bahagio
dunyo awit dumuginipun akhirat, mekaten ingkang saged kawulo
aturaken, sedoyo kelepatan nyuwun pangapunten

wangafu minkum summasalamu ngalaikum warohmatulloh


wabarokatuh

Anda mungkin juga menyukai