Anda di halaman 1dari 3

RIWAYAT RINGKES

HADEGING KABUPATEN KEBUMEN

Pranyata bilih katetepan Hadeging Kabupaten Kebumen saestu sampun

trep sanget kaliyan bukti sejarah. Pramila kanthi lalandhesan panaliten saha

panulusuran saged dados momentum saha dados mustikaning sejarah

Panjang Kebumen. Katetapan Hadeging Kabupaten Kebumen minangka

sarana mekar ngrembakaken raos manunggaling tekad saeka praja, saeyeg

saiyek saeka kapti, kanthi golong giliging papanggih saged nuwuhaken

greget Amangun Negari.

Mongkoging manah kalawan kadayan saking Bukti Sejarah wohing

pakaryanipun para Winasis Ahli Sejarah.

Benten kaliyan katetepan sakderengipun ingkang namung manut

Penjajah Walandi, bilih Ambal Warsa Kebumen dipun pengeti saben Surya

kaping 1 Januari. Ingkang leres lahiripun Kabupaten Kebumen menika 21

Agustus 1629.

Saya inggil malih momentum menika saya ngindhakaken Raos

Nasionalis, Patriotik, ngugemi jati dhiri bangsa. Menapa malih minangka

inspirasi nggigah semangat amangun praja ing tlatah Kebumen. Saestu

saged minangka sarana piguna murih saged andhudhuk potensi enggal,

handayani tumrap saya sengkud anggenipun makarya. Ing pangangkah

enggala murakabi dhateng warga Kebumen, waradin ing sedaya

papan,satema enggal ginayuh ing sedaya panjangka.


Rumiyin ngugemi lairipun Kebumen surya kaping 1 Januari 1936 kang

adhedhasar serat kekancingan Gubernur Jendral Walandi warsa 1935 nomer

619 ingkang dipun tetepaken surya kaping 31 Desember 1935 lan lumampah

wiwit sampun 391 warsa kepengker surya kaping 21 Agustus 1629.

Sesampunipun dipun tlusur kanthi panaliten para wasis, nyatanipun

Kebumen sampun wonten tebih sakderenge warsa 1936.

CARIOS cariyos SIFAT KEPAHLAWANAN KI BODRONOLO

Adhedhasar carios cariyos sinerat saha kawekdal, kraton Mataram

ingkang jumeneng nata Sultan Agung Hanyakra Kusuma, taksih kepengin

ngusir ngurak penjajah Walandi ngantos kaping kalih nggebag perang

dhateng Batavia. Ing Kebumen sampun wonten piyantun jumeneng Ki Ageng

asmanipun Bodronolo ingkang tansah mbiyantu prajurit Mataram ngantos

ambal kaping kalih warsa 1627 saha 1629.

Duk nalika warsa 1942, Ki Bodronolo mapan ing tlatah Kebumen amargi

tansah mbiyantu Prajurit Mataram lumawan Walandi. Dening Sultan Agung

kaparingan gelar Ki Ageng Kapurih mapan ing Panjer Roma, pramila lajeng

katelah asma Ki Ageng Panjer Roma ugi Ki Ageng Bodronolo.

Minangka pangarsa Panjer Roma Ki Ageng Bodronolo tansah mbiyantu

wulu wekdal wedal utaminipun awujud pantun utawi wos kagem logistik

paprangan. Saklajengipun Ki Bodronolo dipun angkat dados Senopati.

Wekdal kala semanten Panjer dipun dadosaken lumbung pangan tumrap

prajurit Mataram. Ki Bodronolo peputra Ki Bagus Hasto Sutro kaparingan


gelar Ki Gede Panjer Roma II. Saklajengipun Ki Gede Panjer Roma II

gandheng tansah setya tuhu dating Mataram kaparingan gelar KRAT

Kolopaking. Saklajengipun nurunaken para pengageng Kolopaking.

Anda mungkin juga menyukai